You are on page 1of 3

NASKAH SANDIWARA

Nama Kelompok : 1. Ulfa Rufaida F (26)

2. Khoirul Anam (15)

3. Hanif Faza (16)

4. Azhar Jamali ()

Judul/irah-irahan : aja Buwang sampah sembarangan

Paraga : 1. Kiki

2. Ibas

3. Irul

4. Pak RT

BABAK 1

Narator : Ana desa kang Aran desa moawo. Wong-wong ing Kono sifate padha ramah ramah ,tapi durung mesti ramah lingkungan,

contohe salah sijine kui warga desa moawo kang sering padha Buwang sampah ing kali.

Narator : Ing wayah sore panas. Kiki,Ibas lan Irul mlaku-mlaku lan mandheng ing jembatan kali moawo.

Kiki : "Eh .... Bas njajal deloken kali Iki"

Ibas : "La ngapa ?"

Kiki : "Delakke , akeh sampah sing numpuk Ning kali Iki".

Irul : "La ya kok Isa ngono ya ?"

Kiki : "Kui mergo wong-wong ing sekitar kene mbuwang sampah ing kali Iki".

Ibas : "La ya .... Ngopo wong-wong kene ora ngerti karesikan lingkungan ya?"

Irul : "Kabeh kui perlu partisipasi saka Kabeh kalangan masyarakat supaya ngerti pentinge karesikan lingkungan".

Kiki : "Apa ora do Wedi yo, misale ngakinat ke dampak sing ora apik, contohe banjir".

Ibas : "Eh .... Ngomong - ngomong uwis pak peteng Bali yuk !!"

Kiki & Irul : Ayo...

BABAK 2

Narator : Kiki lan Ibas njegok berbarengan lan sejajar Karo kursi ngarep rental lan fotokopi ing Prapatan moawo.

Ibas : "Eh ..... Ki. Koe uwis Reti durung kabar Yen kali moawo Banjir?"

Kiki : "Durung. Aku ya tembe Reti dek koe".

Ibas : "Ialah. Ki koe gelem opo ora Melu kerja bakti ngersiki kali moawo, nanging Ning pinggirane Bae".

Kiki : "Ya ora popo si , aku ya ora Ono kerjaan".

Ibas : "Nanging kita izin ndisek Karo pak RT yek kita pak Melu kerja bakti, soale kan kita isek bocah SMP.

Moro - Moro pak RT rawuh dek arah ngarep LAN mandhek nyapa Kiki lan Ibas.

Pak RT : "Assalamualaikum".

Kiki&Ibas: "Waalaikumsalam pak RT"

Ibas : "Badhe tindak pundi pak RT?"

Pak RT : "Arep Nang fotokopi'an sekalian ing kali moawo, mbiyantu warga kerja bakti".

Kiki : "Inggih pak, wau Kulo mireng kabar Yen ing lepen moawo Banjir pak?"

Pak RT : "Ya, soale akeh tumpukan sampah ing kali moawo. Nganti disebabke banjir"

Ibas : "Sak umpamane Kula kalian Kiki Arep nderek pareng pora pak?"

Pak RT : "La pak opo?"


Ibas : "Kula kaliyan Kiki pak nderek kerja bakti pak RT, sekalian mbiyantu warga Ben cepet rampung. Nanging Kula kaliyan Kiki mbiyantu namung

wonten ing pinggir kali pak.

Pak RT : "Iya ora popo, malah aku seneng akeh sing do ngrewangi ngresiki kali moawo.

Ibas : "Inggih pak".

Sakwise tekan ing Kana Kiki lan Ibas mudhun saka Montor lan nyawang sekitar kali moawo.

Kiki : "Pak RT Kula kaliyan Ibas ngresiki ing sekitar Kana ya".

Pak RT : "Oh iya ngati - ngati ya . Pak RT uga mbiyantu warga ngresiki sampah ing kali Iki.

Kiki&Ibas: "Inggih pak".

Sakwise ngresiki Kiki lan Ibas njegok mendeng sui lan Kiki Karo Ibas Arep pamit bali Karo pak RT karena tugase kita sampun rampung.

Kiki : "Pak RT.... Apa Pak RT mboten paring sosialisasi mareng masyarakat sekitar supoyo ngerti Babagan karesikan lingkungan?"

Pak RT : "Oh iya, Pak RT Bade kepikiran. Matur nuwun ya Leh kanggo infone.

Kiki : "Inggih pak, sami - sami".

Ibas : "Pak RT Kula kaliyan Kiki nyuwun pamit milih amargi pangaweyane Kula kaliyan Kiki sampun rampung".

Pak RT : "Ya ngati - ngati Leh, matur nuwun ya. Pak RT ora bisa ngeterke soale uga mbiyantu warga beres - beres.

Ibas : "Iya boten Napa - Napa pak RT.

BABAK 3

Narator : "Ing wayah esuk ing wektu istirahat pisan, Kiki lan Irul lagi lungguh ing teras kelas, padha ngerteni Ibas. Irul mbuwang bungkus permen e kanthi sembarangan.

Kiki : "Aja mbuwang sampah ing Kono rul, mbuwang ing tong sampah".

Irul : "Owalah".

Kiki : "Kowe barang bas! Sampah mu kui yo di mbuwang ing tong sampah".

Ibas : "Sapa sing mbuwang sampah sembarangan. Aku ora mbuwang sampah , mung Kula selehke sampah ing kene apa salah?"

Irul : "Padha Bae. Mbuwang lan selehke iku padha. Sing penting kan Ora Ning tong sampah (nguyu cilik)".

Ibas : "Sampah kok di pikirke"

Kiki : "Aja salah paham bas. Sampah kui mesti di pikirke Kabeh masyarakat.

Ibas : "Ah masa..."

Kiki : "Iya bas, sampah dadi tanggung jawab kita berbarengan. Apa Kowe kilingan nalika Rembugan masalah selokan kang banjir amarga sampah sing numpuk Ning Prapatan?"

Ibas : iya ngapa...

Irul : "Iya wingi mung sempet ngomongke sampah sing numpuk ing kali moawo.

Ibas : "Bukane wingi uwis diadakke kerja bakti ing kali moawo, Yo berarti sampah sing numpuk ing kali moawo uwis resik".

Irul : "Tapi kenapa masyarakat ora sadar - sadar ya".

Kiki : "Nah kita dadi siswa sing duwe pendidikan kudu njupok sebagiane. Yaiku lewat sosialisasi Utawa bakti sosial".

Irul : "Iya bener kui. Ora usah ngenteni pemerintah. Bas, koe kan ketua Pramuka ing sekolah kita".

Ibas : "Iya ngapa...

Kiki : "Kok kie loh bas. Program bakti sosial lan sosialisasi karesikan lingkungan di laksanakake Pramuka?".

Ibas : "terus..."

Kiki : "Ngko bakti sosial bakal di ikuti seluruh siswa Ning kene.

Ibas : "Dadi maksute, kita Kabeh ngresiki lingkungan ing jobo sekolah termasuk selokan ing Prapatan?

Kiki : "Iyalah bas.."

Irul : "Mlebu kelas yuk, uwis bell".

Kiki&Ibas: ayokk..

Rung Minggu kemudian, pas Dino Jumat di laksanakake bakti sosial kanggo ngersiki lingkungan ing jobo sekolah termasuk selokan. Lan pirang siswa ngejak kerja sama Karo pak RT kanggo ngai sosialisasi

ngo masyarakat sekitar supaya sadar pentinge karesikan lingkungan. Muga - Muga sakwise di laksanakake program Iki, masyarakat dadi sadar akan karesikan lingkungan. Karena Ben tercipta lingkungan kang sehat.

You might also like