You are on page 1of 2

LAHIRE ARJUNA

Ana ing sawijining dina Begawan Abyasa,


Madrim,Puntadewa,Yamawidura,Kunti, lan Bima kumpul ing kraton nunggu
baline Prabu Pandhu. Ora suwe dumadakan teka salah siji utusan saka Pandu
kang anggawa warta yen Prabu Pandu nembe wonten tugas ndereke
Basudewa tindak ana ing tlatah Mandura.

Dewi Kunthi kang nembe mbobot tuwa banjur nglahirake jabang


bayine.Saka kelahiran iku bayi kang lagi wae mbrojol saka njero weteng Dewi
Kunthi banjur digendong dening Bima sing ora liya yaiku kakak kandung jabang
bayi kui mau Bima nggendong adhine menyang tlatah Mandura kanthi kawalan
saka begawan Abyasa.
Ana tlatah Mandura,ugrasena sowan wonten Dewi Mahendra lan Dewi
Bandraini.Piyambake sedaya pada nunggu kerawuhan Basudewa.Ora suee
banjur Raja Basudewa dumugi kanti diderekake dening Padu lan Arya
Prabu.Dewi Badraini kang ugo nembe mbobot tuwa banjur nglairake jabang
bayi kang ayu lan diparingi asma Sumbadra.

Ora sue Bima teka ana ing Mandura kaliyan nggendong bayi lanang yaiku
adhine dewe kanti kawalan Begawan Abyasa.Banjur bayi iku dicaosake dening
Prabu Pandu kang ora liya yaiku bapakne.Banjur Pandu paweh asma dening
bayi iku kanti jeneng Parmadi,semono uga Begawan Abyasa paweh jeneng
Palguna dening anak Dewi Kunthi ,sawetara Bima dados kakange paweh
jeneng Jlamprong dening bocah kui.Bocah iku sakmangkih dadi ksatria kang
bagus lan kuat,kalebu ana ing bagian Pandawa Lima kanti julukan terkenal
yaiku Arjuna.

Ono ing papan kui sakmenika awonten bayi loro kang gadah asma
Parmadi lanSumbadra,banjur Basudewa mangku keloro bocah kui,Parmadi ana
ing pupu tengen lan Sumbadra ana ing pupu kiwane Basudewa. Saka kunu
keloro bocah kui dijodohake kawit bayi cenger lan Basudewa sabda yen saka
keloro bocah iki sesok bakal anurunane keturunan kang dadi raja.

Nama : Ocha Distia .S.

Kelas :7A

No.Absen :25

You might also like