You are on page 1of 2

Asal usule reog ponorogo

Rikala jaman samana ing klanah ponorogo ana pawongn


loro padha sektine. Wong loro iku sak peguron ora tahu rukun
ing babakan apa wae, arane singo barong lan kalana
sewandono.
Singo barong lan kelana sewandana iku wong loro sak
piguron nanging dadi mungsuh bebuyutan. Memungsuhane
kalorone saya nemen prikolo kalorone bebarengan ngleboni
sayemboro sing sarate ono telu sapa sing menang sayemboro
iku bisa nikah karo putri ayu saka Kediri yaiku dewi
sanggalangit.Dene sarate yaiku :
1.      Jaran satus patang puluh papat kembar lan sing
nunggangi pisan
2.      Janmo aneh sing endase loro
3.      Lan tontonan anyar sing durung nate ono.
Sengite singo barong soyo dadi banget bareng weroh
mungsue bisa oleh jaran satus patang puluh papat ora mung
kembar nanging duwe buntut warno emas. Kanthi licik singo
barong kongkonan uwong kepercayaane supoyo ngrebut
syarat sing nomer siji wau marang kelana siwandono.
Akhire dadi perang rame banget sing gowo korban akeh ing
kaloro – lorone mbanjur singo barong lan kalana sewandana
adep – adepan perang. Singo barong meh wae menang
ananging wis para isuk srengenge wis metu iku njalari singa
barong kekuatane entek.

Wektu sing kaya ngono iku di werui dene kelono sewandono


mulo terus singo barong di sabdho dadi makhluk aneh sing
endhase loro endhas sing nomer siji singo sing nomer loro
merak, kewan sing dadi ingon – ingone singo barong sak
lawase manggon ing endhase singo barong mangani tumo.

Sapa nyana, singo barong sing uwes awujud singo lan merak
dadekake kelono sewandono kasil ing syarat kaloro. Syaray
katelune kelono sewandono ngarak singo barong sing wis
rubah wujud dadi singo karo diiringi gamelan aneh sing
digawe saka kayu lan pring iku dadi tontonan sing aneh.

Wusanane ing carito kelano kelandono dadi pemenange terus


nikah karo dewi songgolangit lan dadi panguasa kediri,
deweke uga marisi kesenian arak – arakan singo lan gamelan
sing tumekan saiiki di jenengi reong ponorogo.

You might also like