You are on page 1of 5

ANDE-ANDE LUMUT

PEMERAN:

1. Sutradara : Adib Jauhari, S. Pd.


2. Dalang : Mahsudi, S. Pd.
3. Assisten Dalang : Hindro Wahyudi, S. Pd.
4. Mbok Klenting : Dra. Endang Kusmayati
5. Klenting Abang : Aini Maria U
6. Klenting Coklat : Erica Bella Nagarani, S. Pd.
7. Klenting Kuning : Rini Umbarwati, S. Pd.
8. Yuyu Kangkang : Warno, S. Pd.
9. Mbok Ande : Sri Wahyuni, S. Pd.
10. Ande-ande Lumut : Supiyarto, S. Pd.
11. Abdi Dalem : Dalhar Mansur, S. Kom.
12. Pak Lurah : Deby Ardi Setyawan, S. Pd.

TAKE 1 (Pembukaan Oleh Sutradara)

TAKE 2 (Dalang dan Asisten masuk diiringi lagu tiktok melayang dilautan, lagu
berhenti asisten tetap joget di tembok) Debat antara dalang dengan Asisten Sutradara.

Sutradara : “Heheh Mas mas.. Lagune wis rampung. Ayo ndang dimainke dramane.
Mesakke ibu-ibu do ngenteni, selak do masak.

Ass Dal : “Lha piye meneh pak Sut. Lagune enak”

Sutradara : “Lho lha njaluk lagu sing kepriye..?”

Dalang : “Ngene lho Dar… Milih lagu sing sesuai dong. Ini kan opera jawa, ya
lagune jawa, malah lagu sing ora-ora”.

Sutradara : “Panggah oke boskyu, Losss. Santai wae. Aku yo wongmu kok boss. Wis leh,
manut aku, penak-penak”. (ambil remot) “Hmm tak setelke langgam jowo”

(Lagu jawa distel, Dalang dan Assisten joget, Sutradara disenggol sampai
jumpalitan).

Sutradara : “Astaghfirullohhaladziim… Lha kok do pencilak’an ki piye… Kok gettiiing


aku”

Dalang : “Lha sorry Pak Sut…. Mendalami acting jew. Lha salahe sopo awakmu ng
kene, kono lho. Sing adoh. Sebelahe ibu-ibu sing jilbab abang. Sopo reti
Nduwe anak ayu. Kowe dipek Mantu.”

Sutradara : “Ehhhh… Emange gue cowok apaan. Gue cowok setia tau..”

DRAMA SASUKE 1
(Sutradara duduk dikursi.)

Dalang : “Diceritakan disebuah desa yang bernamaaa……. (Lihat catatan) Opo ya.
Kok malah lali. Apa Jatisari ya…, Bukan… Sluke.. Apa Jurangjero ya”

Ass Dal : “Ya Allah.. Kok getting aku. Desa pangkalan, Kuwi lho, Omahe mas Imron
ngalor sitik”

Dalang : “Eh iyya. Disebuah desa yang bernama Pangkalan… (Musik jawa kenceng).
“Stop stop.. Aku durung ngomong.. Ojo diseteli musik banter-banter..”

Sutradara : “Eee.. Lha njaluke piye Lang”

Dalang : “Sing slow ngono lho.. Dirungokke kuping sing kepenak, mendayu-dayu
iringan lagune”

Sutradara : “Panggah oke masse….. Loss”

Dalang : “Disebuah desa yang bernama Pangkalan…. ada sebuah keluarga yang
terdiri dari (lagu Sway, Dalang dan Asisten Dalang malah joget)

Sutradara : “Aduh aduh… Kok getting aku.. Wis wis, jogetane, Mbok Rondo, Klenting
abang, Klenting Kuning lan Klenting Coklat, ndang metu”

Dalang : “Lha kok klenting coklat Pak Sut, Kudune kan klenting ijo”

Sutradara : (Sambil membisiki Dalang) “Ssssttt… Klenting ijone gak entuk silihan
klambi ijo, Onone coklat. Mangkane dadi klenting coklat. Wis ndang main,
ojo protes wae”

(Mbok Klenting, Klenting abang dan Klenting Coklat masuk)

Mbok Klenting: (sambil marah).. “Omah kok rusuh kabeh ya. Kumbahan numpuk, isah-
isahan ya akeh durung diresiki. Klenting kuning nang ngendi bocahe. Soyo
gede kok soyo males.

Klenting Abang: “Tau bunda, si klenting kuning pasti dech keluyuran. (Sambil main HP)”

Klenting Coklat: “Eh eh… So yun Follow akun gue.. Seneng banget bestie.”

Klenting Abang: “Caranya gimana sich, kok bintang korea bisa follow akun loe”

Klenting Coklat: “Eeee… Kan gue cantik…”

(Klenting Kuning masuk sambil bawa sulak ngelapi jendela/tembok.)

Klenting Abang: “Bundaa.. Lha itu si klenting kuning. Kerjanya lamaaa banget. Udah
kaya si dia bales chat WA saya.

Klenting Coklat: “Ngelap jendelanya cepetan dikit dong. Tuch cucian udah nungguin,
sarapan belum loe siapin. Males banget jadi anak”
DRAMA SASUKE 2
Klenting Kuning: “Sabar to mbak yu. Iki mau sekesok gak leren blas. Nguras jading,
ngresiki WC, nyapu ngarep omah, mbenerke genteng, kalian malah HP
Hpnan.”

Klenting Abang: “Bocah iki dikandani malah mbantah. Kamu disini kan numpang, nek
penggaweanmu nggk beres, nggk usah makan 2 hari”

Klenting Kuning: “Lha aku lak lemes bestie”

Klenting Abang & Klenting coklat : “Emang Gue pikiriiin”

(Pak Lurah masuk dan membacakan pengumuman) musik ting (tiktok)

Pak Lurah : “Pengumumaaan,…. Diberitahukan bahwasannya dan tak dinyana nyana


ada seekor.. eh.. seorang pangeran tampan, pemberani, gagah dan tidak
sombong dari desa Dadapan yang bernama Ande-Ande Lumut… Membuka
open recruitment wife atau pendamping hidup dengan syarat-syarat
dibawah ini”.

Mbok Klenting: “Lha pundi syarate. Kok mboten wonten”

Pak Lurah : “Niki acara disiarke langsung mlebet Youtube Tante. Dados mboten
ketingal saking mriki”

Mbok Klenting: “Ealah.. Ya nek ngono anakku klenting abang karo klenting coklat tak
daftarke wae. Sopo reti dadi jodone”

Pak Lurah : “Nggih daftarke mawon.. Tapi ngomong-ngomong… (Sambil mesam-


mesem)… “Dinda udah ada yang punya lagi belum? Mungkin Kanda bisa
mengisi satu ruang hampa dihati dinda”

(Dalang maju menengahi)

Dalang : “Pak lurah disuruh ngasih pengumuman malah genit. Sana mbalik lagi
didesamu”

Pak Lurah : “Nggih pak dalang. Kan usaha lech. Sopo reti iso dadi kasunyatan” (Pak
Lurah keluar)

Mbok Klenting: “Ayo Klenting Abang karo Klenting Coklat, Melu simbok nang desa
Dadapan, Kowe kabeh rep tak elokke sayembar.... sopo ngerti nyantol”

Klenting Abang: “Lha anakmu mbok anggep layangan pedot tah piye mbok. Atek nyantol
barang”

Klenting Kuning: “Mbook.. Kulo nderek nggih. Amergi niki kulo nggih ngempet lho”

Mbok Klenting: “Opooo. Pengen melu? Penggawean omah wae durung rampung, kok
sing ora-ora. Wis jogo omah wae… Ayo anak-anake simbok. OTW”

DRAMA SASUKE 3
Klenting Kuning: (Suara dalam hati) “Penonton.. ngopo dulur-dulurku podo kejem karo
aku. Opo salahku”. (Lagu rossa Hati yang tersakiti)

Dalang : “Singkat cerita, Mbok Klenting, Klenting Abang dan Klenting Coklat
menuju ke desa dadapan untuk melamar Ande-Ande Lumut. Namun
diperjalanan.. Mereka harus melewati danau yang luuuaass sekali. Disana
ada penunggunya yang saangat menyeramkan. Bernama Yuyu Kangkang”

TAKE 3: (Danau Angker)

(Musik seram, lolongan anjing, srigala dan kuntilanak)

Yuyu Kangkang: “Hahahahahahaaaaa….. Perkenalkan.. Nama saya Yuyu Kangkang..


Penguasa danau angker ini.. Siapa yang mau lewat.. Langkahi dulu mayat
dia (nunjuk ke Dalang).

Dalang : “Lhoo lhoo Lhooo Aku gak salah kok mbok elok-elokke. Lha kok getiing
aku”

Yuyu Kangkang: “Lha aku kan isih jomblo lang. Eman eman nek meninggoy”

(Mbok klenting dan anak-anaknya masuk, Dalang duduk)

Yuyu Kangkang: “Hahahahahaha…. Bocah kok ayu ayu ngene arep moro ngendi to
nduuk.. haaaaaa…”

Mbok Klenting: “MasyaAllah.. Lha makhluk opo iki.. Kok medeni banget”

Yuyu Kangkang: “Hush.. Nggantengku koyo artis Aliando jek diarani medeni ngene”.

Mbok Klenting: “Anu om.. Nyuwun tulung sabrangke kita, ke Desa Dadapan sana, tapi
gratis ya”

Yuyu Kangkang: “Enak saja. Hari gini gratis.. Kalau mau tak sabrangke… Ya ada
imbalannya dong”

Mbok Klenting: “Nggih sampun Om. Manut omnya saja. Yang penting kita bisa
nyabrang”

(Yuyu Kangkang menyabrangkan mbok Klenting dan Anak-anaknya melewati


danau) Musik

TAKE 4: (Rumah Ande-Ande Lumut)

Mbok Ande dan Abdi Dalem masuk.

Abdi Dalem : “Sujud sungkem ande-ande lumut kulo aturake marang ibunda, Mugi
njenengan tampi”

DRAMA SASUKE 4
Dalang : “Lho lho lho… Kowe nang kene meranke dadi Abdi Dalem, udu Ande-
Ande Lumut, piye sich. Mangkane nek latihan melu”

Abdi Dalem : “Lho piyye to.. Kok getiing aku, lha jarene Pak Sutradara aku dadi Ande-
Ande Lumut, Kan aku paling ganteng dewe sak tlatah Pangkalan kene”

Dalang : “Piyye lech, durung reti ya. Ki ono meneh wujud menungso sing luweh
ganteng, luweh gagah daripada awakmu. Wis ndang dilanjutke dramane”

Mbok Ande : “Di, Mukidi…”

Abdi Dalem : “Mbokke nggladrah, Jeneng kulo mboten mukidi, tepangaken. Stepan
William”

Mbok Ande : “Abdi Dalem jenenge kok ngalahke juragane. Ande-Ande Lumut nang
ngendi ya, Sedino iki kok durung ono ketok yo lee”

Abdi Dalem : “Anu Mbokke, Sedinten meniko Ande-Ande Lumut nembe Nebas Pelem
kalih golek rambanan sak kilene desa Manggar”.

Dalang : “Sik-sik… Tak rasak-rasakke kok malah nglatur ceritane. Ono Ande-Ande
Lumut kok Nebas Pelem, golek rambanan. Ande-Ande Lumut kuwi
pangeran.. Kudune minimal penggaweane anu.. Eeee.. Golek Rosok opo
tukang parkir nang pasar Sluke. Rusak-rusak lah ceritane. Ayo diteruske.
ojo guyon”

(Mbok Klenting, Klenting Abang dan Klenting Coklat masuk) lagu ……………..

DRAMA SASUKE 5

You might also like