Professional Documents
Culture Documents
Jaka Tole
Midodari Abang :
Midodari Jambon:
Midodari Kuning
Midodari Ijo
Midodari Biru
Midodari Putih
Midodari ireng
Sawijining dina, udan sing maune deres banget saiki wis mandheg. Suasana sore wis katon cerah. Ana
kluwung (pelangi) njedhul neng sisih kulon. Jarene wong-wong ndhisik, yen ana pelangi berarti arep
ana midodari sing arep adus neng bumi. Nanging bener orane ya mbuh ora ngerti. Selot suwe, bit
semribit ana ganda wangi banget. Ana apa ya? Suara kemrincing saka kulon.
ADEGAN I
ByurByurByur
Midodari Abang : Cihuy asik bisa adus maneh. Jan banyune seger tenan. Wis seminggu ora adus,
awake padha pliket kabeh. Jansegerepol tenan.
Midodari Jambon : Lak iya ta, segere poll.
Midodari Putih :Tapi aku ya ora kaya kowe. Mosok dadi midodari ora tau adus. Ngerti ra,saiki neng
kayangan wis ana pemandian umum. Ora ngerti sihkatrok banget.
Midodari Kuning : Ihya ampyunsapa kui sing jarang adus.
Midodari ireng :Ngisin-ngisini banget dadi midodari. Mosok midodari jarang adus. Ki contoh akyu
yasaben dina ora tau lowong Manycure Pedycure. Jan ambune wangi banget.
Midodari Ijo : Lahya wis. Kaya ngono we dibahas. Aku sing ora beda kaya abang jarang adus we
meneng bae kok.
Midodari Abang : Duh Ijo, dadi aku ana tunggale? Hahahaa Tos disik yo
Midodari Ijo : Tos..!
Midodari Kuning : Ya ampyunkaya ngono we kok dibanggakake. Nggilani..! Oh ya,n gomongngomong si Ungu karo Nila lagi neng ngendi ya? Kok awit mau ora ketok.
Midodari Biru : Ohduo Midodari kae ta? Si Ungu mau wis ijin arep konser disik. Si Jingga lagi
pilek. Trus si Nila lagi mojok karo pacare. Mau ki tak jak i malah ora gelem.
Midodari Abang : Yaiyalah. Mengko yen di jek ya dadi kesetrum.
Midodari Ijo : Woolha, kuping apa centhelan wajan ta? Dijak dudu dijek!!
Midodari Biru : Intine si Nila ora gelem melu. Jare wis ana sing ngajak shoping.
Midodari Kuning : Owngono ta
ADEGAN II
Ana ing teras ngomah, Jaka Tole lagi leyeh-leyeh. Ujug-ujug Jaka Tarub teko karo bengok-bengok.
Jaka Tarub : LeLeLe
Jaka Tole : Ngapa ta? Aku ora budheg, nyeluki bae. Aku wis krungu. Ana apa ta jane?
Jaka Tarub : Wetengku loro banget.
Jaka Tole : Lha terus?
Jaka Tarub : Tenanan ki, mules banget, kakehan mangan sambel. Tak jak neng kali yuh!
2
Midodari Jambon : Ngomong-ngomong, ana perlu apa ta, kok njanur gunung ?
Midodari Biru : Aku, Ijo, Abang, lan Kuning diutus dening Baginda Raja supaya njemput kowe bali
menyang khayangan.
Midodari Ijo : Nggo ngapa urip neng kene? Mendhing urip neng khayangan. Apa-apa ana.
Midodari Jambon : Tapi pangapura ya kanca-kanca. Aku ora bias melu kowe padha. Amarga aku wis
betah neng kene.
Midodari Ijo : Dadi aku lan kanca-kanca sia-sia teka kene ?
Midodari Kuning : Ya wis yen kuwi kekarepanmu. Nanging aku isih ngarep kowe bali menyang
khayangan maneh.
Midodari Abang : Aku ora arep meksa. Sing penting kowe senrng, aku ya melu seneng.
Midodari Jambon : Matur nuwun, wis padha pangerten karo aku.
Midodari Biru : Ya wis yuh, padha bali. Wis sore, mendung sisan. Mengko neng ndalan kudanan
kepriye?
Midodari Kuning : Mbon, aku bali ya. Dada.
Para Midodari akhire bali menyang khayangan. Nanging Midodari Jambon tetep ora gelem bali.
ADEGAN VII
. Jaka Tarub : Bu, tulung gawekna aku wedang kopi. Sore-sore ngene iki paling enak ngombe kopi
. Midodari Jambon : Ya, sabar sik, Pak.
Jaka Tarub : Pancen rejeki ora bakal neng ngendi-ngendi. Bisa oleh Midodari sing ayu. Manawa
slendhange kae ora dak jupuk, mesthi uripku ora bakal kepenak kaya saiki. Tapi aja nganti Si Nawang
Sasi ngerti. Yen nganti ngerti, bisa dadi duda aku.
Midodari Jambon : Jan, Bapake. Karepe saben sore medang kopi bae. Apa ora bosen ta, Pak ?
Jaka Tarub : Ya ora ta,. Wong sing nggawekne we bojone dhewe.
Midodari Jambon : Oh ya, Pak. Berase wis entek. Sesuk arep adang apa ?
Jaka Tarub : Masak wis entek ta, Bu?
Midodari Jambon : Nganti wis klimit malahan, Pak Pak.
Jaka Tarub : Neng lumbung beras isih ana kok, Bu. Dhek wingi dikirimi Jaka Tole sak ember.
Midodari Jambon : Jajal dak tilikane dhisik.
Jaka Tarub lali manawa dheweke ndhelikake slendhang colongane neng njero lumbung beras.
ADEGAN VIII
Nawang Sasi mlebu menyang njero lumbung beras mau. Dheweke kaget amarga nemokake slendhang
warna jambon persis kaya slendhange sing ilang. Nawang Sasi dadi curiga manawa Jaka Tarub sing
nyolong slendhange.
Midodari Jambon : Pak, aku arep takon. Kena ngapa kok slendhangku bisa ana neng lumbung beras ?
Aja-aja, Bapak sing njupuk slendhangku ya?
5
Jaka Tarub : Slendhang apa ta, Bu ? Aku ora ngerti apa sing kok omongake.
Midodari Jambon : Halah Ora usah mungkir. Ngaku bae, Pak. Wis dak bele-beleni ora bali
menyang khayangan, tibake sing njupuk slendhangku malah wong sing dak tresnani. Aku kuciwa kao
sampeyan.
Jaka Tarub : Aku njaluk ngapura, Bu. Aku bener-bener njaluk pangapura. Aku ora ngerti bakal kaya
ngene dadine.
Midodari Jambon : Aku ora bisa kaya ngene terus. Aku kudu lunga saka kene. Tulung jaga Jaka
Tajam. Aku arep bali menyang khayangan.
Nawang Sasi banjur mabur, bali menyang khayangan nganggo slendhange mau.
Jaka Tarub : Bu, aja lunga !!! Aku durung siap dadi duda.
Jaka Tarub amung bisa nangisi lungane Nawang Sasi, lan dadi duda salawase.