You are on page 1of 2

SOAL DARING

SOAL BAHASA JAWA hari Kamis 16 Mei 2024

Bapak : Le, mengko bengi tak jak nonton wayang, yo?


Satria : Nggih, Pak. Wonten pundi?
Bapak : Neng Balaikota, Le. Enek festival wayang patang dina.
Satria : Mangkih ceritanipun tentang menopo, Pak?
Bapak : Tentang kisah Mahabharata.
Satria : Kisah nopo niku, Pak?
Bapak : Kisah rebutan tahta antarane Pandawa Lima karo Kurawa. Koe apa mudeng
Pandawa Lima?
Satria : Ngertos, Pak. Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa.
Bapak : Ya, pinter. Kabeh tokoh kui mengko bakal muncul.
Satria : Pripun perane Pandawa, Pak?
Bapak : Pandawa dadi pihak sing nduwe sifat becik, nanging diapusi lan diadu domba karo
Kurawa terus. Kurawa kui pingin ndue tahta seng dudu hake.
Satria : Menapa Pandawa kalah, Pak?
Bapak : Pandawa tetep menang. Pandawa lan Kurawa bakale perang Baratayudha. Masio
kalah pasukan, naging iso tetep menang amarga sifat becike.
Satria : Wah, bakal seru niku, Pak. Kula mboten sabar.
Bapak : Iyo, akeh pelajaran sing iso dijipuk saka kisah kui.
Satria : Bapak, badhe nyuwun priksa!
Bapak : Arep takon apa to, Le?
Satria : Ringgit, Bapak!
Bapak : Apa ana sekolahan kowe diwulang wayang?"
Satria : Inggih, Bapak. Kula remen sanget cariyos ringgit,kok.
Bapak : Apa arep kepengin dadi dhalang to, le?
Satria : Pangestunipun, Bapak. Kula gadhah gegayuhan kados Gathot putranipun guru kula.
Saweg kelas sekawan sampun pinter ndhalang.
Bapak : Sing arep kotakokake njur apa to, le?"
Satria : Punika , Bapak. Pandhawa punika rak gangsal. Cariyosipun, Raden Janaka punika
ampuh piyambak. Punapa leres, Bapak?
Bapak : Ora ngono, Le. Pandhawa kuwi ampuh kabeh. Mula nalika perang Baratayuda,
Pandhawa menang.
Satria : Nalika Baratayuda, raden Janaka punapa inggih perang, Bapak?
Bapak : Iya.

NO ABSEN GANJIL MENGHAFAL PERAN TOKOH BAPAK


NO ABSEN GENAP MENGHAFAL PERAN TOKOH SATRIA
Selamat Pagi Ayah Bunda Menginformasikan bahwa besok ananda kelas V masuk tatap muka
berseragam Pramuka.
Adapun Agenda Tatap Muka besok adalah Bahasa Jawa materi paragan dengan kemampuan
diharapkan adalah:
1. Penguasaan Karakter atau siswa lebih Percaya Diri
2. Penguasaan panggung
3. Property (disediakan sekolah) dan kostum Pramuka
4. Vokal/intonasi siswa lebih lantang
5. Mimik / Ekspresi

You might also like