You are on page 1of 11

TEMBANG PANGKUR

 Si pengung nora nglegewa


 Si bodo ora nglegewa

 sangsayarda denira cacariwis


 Sangsaya ndadi anggone ngapusi

 ngandhar-andhar angendukur
 Saya dhuwur micarane

 kandhane nora kaprah


 Omongane ora karuan

 saya elok alangka longkangipun


 Saya dhuwur sombonge

 si wasis waskitha ngalah


 Si wasis ngalah

 ngalingi marang sipingging


 Nutupi tingkah si bodo
Kabecikan bisa nutupi sifat
kaelekan utawa kebodonan
TEMBANG PANGKUR
 Mangkono ilmu kang nyata
 Mangkono ilmu kang bener

 sanyatane mung we reseping ati


 Senyatane mung nentremke ati

 bungah ingaran cubluk


 Seneng dianggep bodo

 sukeng tyas yen den ina


 Seneng yen di dakwa

 nora kaya si punggung anggung gumunggung


 Ora kaya si bodo sing seneng di puji

 ugungan sadina dina


 Pingin di sanjung sabendina

 aja mangkono wong urip


 Ojo mangkono wong urip
Dadi wong ojo seneng luru pujian,
amarga kuwi watak wong bodo
TEMBANG PANGKUR
 Kekerane ngelmu karang
 Ana ing ilmu kang dikarang-karang (sihir)

 Kekarangan saking bangsaning gaib


 Kekarangan saka bangsa gaib

 Iku boreh paminipun


 Iku umpama wedak

 Tan rumasuk ing jasad


 Ora ngresep ana ing jasad

 Amung aneng sajabaning daging kulup


 Ana ing kulit wae

 Yen kapengok pancabaya


 Yen kepengok bahaya

 Ubayane mbalenjani
 Bisaa ngindari
Ilmu gaib kuwi gaweane manungsa
kang ora bisa ngresep ana ing
jasad, kuwi kanggo ngindari
bahaya
TEMBANG PANGKUR
 Nggugu karsane priyangga
 Nggugu kepingine dewe

 nora nganggo peparah lamun angling


 Yen ngomong ora dipikir

 lumuh ingaran balilu


 Nanging ora gelem dianggep bodo

 uger guru aleman


 Ngarep dipuji-puji

 nanging janma ingkang wus waspadeng semu


 Nanging ciri wong kang wis paham (ilmu sejati)

 sinamun samudana
 Wateke rendah hati

 sesadoning adu manis


 Gawene prasangka apik
Dadiya wong kang berilmu
TEMBANG PANGKUR
 Sapantuk wahyuning Allah
 Sapa sing narima wahyu Allah

 gya dumilah mangulah ngelmu bangkit


 Kanthi cermat lngulah ilmu kang duwur

 bangkit mikat reh mangukut


 Mampu nguasani ilmu kang sempurna

 kukutaning Jiwangga
 Sempurnaning jiwa

 Yen mangkono kena sinebut wong sepuh


 Yen mangkono kena sinebut wong sepuh

 liring sepuh sepi hawa


 Wong tuo kuwi ora di kuwasani hawa nepsu

 awas roroning ngatunggil


 Nyampure sukma karo gusti Allah
Dadiya wong tuwa kang sareh
TEMBANG PANGKUR
 Sifat/karakter tembang pangkur

Watak tembang pangkur nggambarake karakter


ingkang gagah, kuwat, perkasa, lan jejeg
atine. Tembang pangkur cocok digunakake
kangge nyeritakake cerita bab kaprawiran,
Parjuangan, lan ugi bab Paperangan

You might also like