You are on page 1of 4

SATRIYA TETEKI

Sasadara manjer kawuryan, katingal sumunu ginarebeg kartika panjrah, hima himanda datan sumewa dadya wening cahyane Hywang Candra, lamun tinonton sangsaya katon citrane sang sitaresmi, ngujiwat manising ulat yayah kenya remaja ingkang lagya andon asmara. Cahya sumunar hambabar warni jenar, hanelahi madyaning wana gung imbanging gunung, anenggih punika ingkang awasta wana Tikbrasara inggih sinebat wana Tunggul. Lemahe miring sinung jurang, tinebeng tebih hanjog lawanging guwa. Ri kemarung rerawadan, ri bebandhil bebondhetan, wreksa geng tinon

ngrembuyung, rowe-rowe rone kumlawe, sinaretan oyod gantung wreksa mandira, pating saluwir modhalmadhul, lamun dinulu yayah rikmane yaksa gora kang hanggegirisi. Rungkut ruwet rerawatan, wor klayan
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

glagah lan alang-alang. Saweneh ana barongan rebah manglung mring jurang, carange pating carongat, rine ngrangah katingal lancip kaya-kaya hangajap bilahi. Nalika semana hanyarengi ing mangsa ketiga, tan wonten toya anane hamung dahat sungkawa jroning wana. Bledug kemutug sinampar sinandhung barisaning gajah kang samya lumampah luru toya. Peksi-peksi lumayang tebih, ngungsi gesang mring pinggiring padesan. Singa barong pating galidrah, solahe

hangangah-angah, parandene tengahing wana tan wonten kidang, labet wus dangu atilar wana ngupadi gesang, manjing pasetran ngupaya rungkut. Kumleyang ron aking katrajang maruta, kumrosak katangsang ing carang. Playuning lutung menek hamucuk, thenguk-thenguk ndhuwuring prabatang, krana wus dangu tan mangsa woh-wohan. Gegremetan pating bilulung, kalajengking lumebu tela, klabang
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

kores umpetan ing sela, ula welang kekalang ing sela gilang, wekasan lumebeng ngeleng. Anenggih punika dununging wana gung liwangliwung sramaning bangsa nyeluman, jim setan

priprayangan. Gawat sinung wingit ing wana Tunggul, parandene ana sesotya kang coplok saking embanan, nenggih punika satriya mudha kang lagya yoga brata, kekasih Raden ....................... Sedhakep saluku tunggal, nutupi babahan hawa sanga, ngeningaken pancadriya, mangreh kridhaning durgama, ngulataken laksitaning huswa, ponang netra mandeng pucaking grana, ingkang kaesthi muhung sajuga anenggih hanggayuh

nugrahaning Hywang Widhi, anyenyadang tumuruning wahyu kanarendran/senopati. Sato wana tan wonten kumliwer, gegodhongan samya aber, woh-wohan dadya abor, labet kaprebawan dening wantering pangesthi risang ayogabrata. SekarSumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

sekar tan purun megar jrih lamun sinengguh ngembari katrimahing kang nedheng semedi. Ndungkap gagat enjang wancine tabuh tiga, kedadak ana jawah riris hangganda arum, pratandha wus tumenga wahyaning mangsakala dhuma-wahing nugraha, wahyuning

satriyatama. Katarimah bratane sang bagus, katingal cahya bramarkata sumunar dhawah saking nggegana, dupi prapteng luhuring sang yogabrata, ponang cahya dadya manther sak sada lanang. Icaling cahya ingkang sejatine pengawak wahyu .................... wus manjing mring anggane risang teteki. Kagyat Hywang Naradha sigra mrepeki sang tapa.

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

You might also like