Professional Documents
Culture Documents
Imbanging gunung Candramuka, wonten guwa katingal samun kinayoman wreksa geng kang bebanjengan, jajar-jajar rone manglung ngrembuyung hangayomi wiwaraning guwa. Tepining guwa tinon sela gilang sinela lemah miring peperengan, pinapar dadya ngegla padhas curi minangka kekancing. Anenggih punika ingkang awasta Guwa Mintaraga.
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo
Wiwaraning guwa ginapit wreksa mandhira, lamun wayah surup kasaput mega, pletheking surya sesingep ampak-ampak pedhut pethak temah hanglimputi lawanging guwa. Naratas hanglangkungi wiwaraning guwa, katingal sela kresna tinata tinundha kadya cinandhi, wangune talundhagan manghayat tumurun, kanan kering tinebeng tebing, dadya trowongan remengremeng. Dupi magut madyaning guwa, katingal sumunar cahya hambabar pajar, labet wus kapanduk gebyaring sela kaca ingkang
mantulaken soroting damar lan obor hing telenging guwa Mintaraga. Wewangunan telenging guwa sarwi endah, sasana jembar sinebaran pasir nila pakoja. Saben tebing pinajaran blencong gagang tembaga isi lisah jarak lan gala-gala, siang ratri datan kendhat
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo
manghalad-halad pindhane surya kembar sewu. Ganda arum saking lisah jebat kesturi hangambar ngebeki jroning sasana pindha rumabasing
durgandana. Sinawung peksi walet rebut ngarsa klayan lawa kalong kang gumandhul ing
plangitan,
sangsaya
hanengsemi
swasana
telenging guwa Mintaraga. Dupi wus manjing sasana ingkang kaentha pendhapi, katingal wonten palenggahan sela gilang pinatik akik, tinatah tinatu rengga
hangemba dhampar, ukirane cakrik puspita, saben sacengkang ginambaran kukila kang andon memangsan. Sinten ta ingkang mahas ing asamun samadi maladi hening aneng telenging guwa Mintaraga, nenggih punika sesotya kang coplok saking embanan, pamadyaning Pandhawa Raden Arjuna
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo
ingkang
rucat
busana
kasatriyan,
gentya
mangagem busana kabrahmanan. Sang wiku peparab Begawan Ciptaning. Denira mangasrama wonten telenging guwa wus watara meh catur candra, pramila guwayanira katingal payus kadya kunarpa, nggagang aking saliranira, rikma gimbal datan ginelung temah dadya susuhing peksi sriti. Parandene sang Ciptaning datan hamudhari semedinira, siang ratri muhung sedhakep saluku juga, ngeningaken pancadriya, netra mandeng pucuking grana sarwi nutupi babahan hawa sanga. Sedyaning kayun datan arsa jugar lamun dereng kasembadan sedyanira dadya ratuning widodari sekethi kurang sawiji. Nalika semana wancine bedhug tengange, langite kaworan mendhung, temah pudhar
klayan himanda kang samya nggegana. Ingkang wonten sanjawining guwa, samya ngeyup aneng sangandhaping wreksa mandira, anenggih punika wulucumbu Madukara panakawan catur.
Munggwing ngarsa katingal mbegogok kaya tomblok, lenggah longok-longok kajibah rumeksa raharjaning bendara, nama Kyai Lurah Semar, Bojagati, Dhudha Manang Munung, Dyah Juru Punta Prasanta, Janggan Smarasanta, Ismaya inggih Badranaya, Nayantaka, ugi sesebatan wong Bogasampir. yekti jawata Aja punika dupeh talining sipating jagad
panakawan, panusmaning
linangkung,
kawentare
sinebat sang pamong agung inggih Dhanyang Tanah Jawa. Pramila gedhe pangaribawane, ngreksaka gigire, mencorong mbun-mbunane turta tan kena pinidak wewayangane.
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo
Kasambet Cakrawangsa,
Ki
Lurah
Nala
Gareng,
Wiryatmeja,
Ranggahamijaya,
Braja Lintang, Pancal Pamor, Kuda Parewana. Sarwa cacat saranduning angga, nanging darbe watak jujur, nora candhala turta narima ing pandum. Datan kantun Ki Lurah Petruk,
Kanthongbolong, Jengglongjaya, Suragendhela, Tong-tongsot, Ronggungjiwan ya sang Dawala. Pidegsa ageng inggil, nanging datan ngungkulungkuli. Ing wuntat tinon Ki Lurah Bagong, Bawor ya sang Kacepot. Denira hanggung rumeksa mring kayuwananing bendara, sarwi nengga taneman imbanging harga sinambi guyon sendhon sukaparikena.