You are on page 1of 10

PASEMON TUWUHING PIKIR

TEBU WULUNG
Manunggaling jalu estri satuhu linambaran
antebing manah, kapangeston para pinisepuh,
sesepuh, kadang miwah sentana.
Pisang raja sesuluhan
Mugi saged hanggadhahi wataking raja, ingkang
tansah tanggel jawab, berbudi bawa leksana,
tresna asih marang kawula, suka dana hanetebi
pangandika
Godhong Wringin
Mugi-mugi penganten kekalih saged dados
pengayoman tumrap tiyang sanes, langkung-
langkung para kadang mitra.
Janur
Cahya ingkang sayektosipun / cahya sejati
ingkang mijil saking Gusti Ingkang Maha Agung
Janur kuning
Ing pangajab mugi pengantin sarimbit tansah
pikantuk saha nuhoni cahyaning Gusti, ingkang
awujud parentah utawi wewarah, nebihi
wewalering agami, temah dados kulawarga
ingkang sakinah mawaddah warohmah
KEMBAR MAYANG
1. Kembar mayang, minangka pralambang donga panyuwunan amrih
lampahipun pawiwahan utawi pahargyan saged rahayu, slamet kalis ing
sambekala.
2. Kembar mayang wujudipun rerenggan saking
janur kuning Ingkang setunggal pralambang
ing penganten kakung, ingkang setunggal
pralambang ing penganten putri. Mengku
suraos
Ingkang sinandi kembaring penganten kekalih,
kembar sih tresnanipun, kembar cipta rasa lan
karsanipun.

Keratabasane :
Ing saklebeting cengkir gadhing isi toya wening.
Mugi tresnanipun penganten kekalih linambaran
weninging cipta rasa miwah karsa
Cengkir gadhing
Sucining katresnan minangka talining palakrama,
satemah gesangipun runtut atut rerentengan,
golong giliging budi, saeka praya ing pakaryan,
saeka kapti ing pakarti

You might also like