You are on page 1of 2

EDI RINININGTYAS, S.

Pd
NIP. 19610425 198012 2 004

PANAKAWAN , SANG PAMOMONG

Rikala semana ing kayangan Alang-alang Kumitir madeg dadi raja Sang Hyang
Tunggal dene
Permaisurine kang asma Dewi Rekathawati. Ing sawijining dina Dewi
Rekathawati ngandhut,
Banjur nglairake awujud endhog. Sang Hyang Tunggal meruhi kedadian iku
rumangsa isin,
Mula endhoge banjur dibuwang sakadoh-adohe. Akhire endhog tiba ing bumi,
terus pecah. Pecahan endhog iku njilma dadi satriya kembar telu kang bagus
rupane. Kulit endhog njilma satriya kang paling tuwa, diwenehi jeneng Bam-
bang Tejamaya. Kulit endhog iku perangan sing ora ana manfaate. Kulit endhog
tugase njaga utawa ngladeni isi endhog.Putih endhok njelma dadi satriya kang
nomer loro, diwenehi jeneng Bambang Ismaya. Putih endhog luwih aji
mujueke lambang kesucian, mula Bambang Ismaya sifate suci. Kuninge endhog
njilma dadi satriya sing paling enom, lan diwenehi aran Bambang Manikmaya.
Kuning endhog mujudake bagian kang paling penting. Kuning endhog ngandut
zat uriplan dadi lambang panguripan. Sang Hyang Tunggal ngendika yen salah
sawijining saka satriya telu besok bakal nguwasani jagad saisine. Saengga
sabdane Sang Hyang Tunggal nyebabake padudon antarane Bambang Tejamaya
karo Bambang Ismaya. Wong loro padha-padha sektine, mula ora ana sing
kalah. Kanggo ngrampungi perkara iku lelorone sepakat nganakake sayembara,
sapa sing isa nguntal gunung, iku sing duwe hak nguwasani jagad saisine.
Bambang Tejamaya nyoba nguntal gunung, cangkeme dibukak sakamba-
ambane nganti suwek, nanging gunung tetep ora bisa diuntal. Rupane malih
dadi elek, cangkeme dadi amba lan ndower. Sakbanjure Bambang Ismaya uga
nyoba nguntal gunung. Nalika cangkeme dibuka sanalika gunung mlebu mak
bledheng nganti tekan weteng, nganti wetenge mlembung gedhi lan gununge
ora bisa metu maneh. Akibate awake Bambang Ismaya dadi benjol-benjol,
rupane dadi elek banget. Sauwise kedadian iku satriya tetelune ngadhep Sang
Hyang Tunggal , nyuwun supaya awake bisa pulih kaya maune dadi satriya
bagus maneh. Sang Hyang tunggal ngendika manawa kabeh mau wis ora bisa
bali meneh kaya maune maneh. Banjur Sang Hyang Tunggal netepake : 1.
Bambang Tejamaya jenenge diganti dadi Togog, tegese keluwihen. Kabeh kuwi
yen keluwihen dadi ora becik. Tugase Togog ing ndonya dadi pelayane
manungsa kang watake jahat lan mungsuhi wong kang apik bebudene. 2.
Bambang Ismaya jenenge diganti dadi Semar, tegese aja samar. Tugase ngabdi
marang manungsa kng apik bebudene. Semar tansah menehi pituduh kang apik
lan luhur. 3. Bambang Manikmaya jenenge diganti Batara Guru, tugase njaga
jagad saisine, amarga Bambang Manikmaya sekti lan bagus.Sakuwise Bambang
Manikmaya mireng pangandikane Sang Hyang Tunggal, dheweke mongkog lan
rumangsa tanpa cacat mula banjur sombong. Sifat kang kaya ngono kuwi
dipirsani dening Sang Hyang Tunggal, mula banjur ngendika yen kowe uga
duwe cacat, tanganmu dadi papat. Sikilmu dadi cilik lan lemes, siyungen, lan
gulumu belang. Putrane tetelune akhire padha nyadhari kabeh menawa ing
ndonya iki ora ana manungsa kang sampurna , mesti ana kekurangane, senajan
mung sithik mesti ana cacate.

PANAKAWAN

Tembung Panakawan saka pana tegese wicaksana kawan tegese kanca.
Dadi Panakawan tegese kanca kang tansah wicaksana, becik, lan ditresnani sapa
wae. Panakawan tansah ngabdi marang satriya kang luhur bebudene, lan tansah
mbela bebener uga kamulyan. Panakawan cacahe ana papat yaiku Semar,
Gareng, Petruk, lan Bagong. Panakawan iku abdi setyane Raden Arjuna, kang
tansah paring pitutur lan pituduh kabecikan. Semar lan anak-anake iku rakyat
biasa, nanging panakawan duwe wewenang. Panakawan tansah dadi sumber
bebener, sumber panguwasa lan sumber kawicaksanan. Semar ngabdi marang
Raden Arjuna lan negara kanthi tulus iklas. Semar iku lambang budi yaiku
kawicaksanan, manunggale cipta + rasa +karsa. Semar tansah andhap asor
marang bendarane , micara kanthi sopan santun , lan tansah nuntun marang
satriya kang luhur bebudene kayata Raden Arjuna. Wujude wayang Semar iku
bunder nglambangake tekad kang kuwat kanggo ngabdi marang kabecikan lan
bebener. Drijine kiwa tansah nduding tegese tansah menehi pituduh sing becik
lan bener, tangane tengen nggegem tegese kabecikan iku ora ajeg. Matane
setengah merem lan madhep mendhuwur tegese tansah ngugemi marang
kabecikan. Gareng jenenge komplit Nala Gareng, nala tegese ati, gareng tegese
ora emosinan utawa sabar. Samubarang tansah dipikir luwih dhisik, ora grusa-
grusu. Nala Gareng lambang pikir. Driji panuduh sing tengen tansah nduding,
tegese nuduhake marang bebener lan kanyatan. Dene driji tangan kiwa megar
amba tegese pikir iku tinarbuka. Matane kera tegese nduduhake cirine wong
kang sregep mikir. Petruk iku lambang rasa, ora seneng kakehan mikir , seneng
nglucu lan tansah gembira, ramah, sumeh. Tugase nglipur uwong kang lagi
susah. Awake sarwa dawa. Awak, sikil, tangan, lan irunge kabeh dawa , bab iki
mratandhani manawa Petruk iku watake sabar lan seneng guyonan. Bagong iku
anake Semar kang wuragil. Bagong lambang karsa utawa kekarepan. Dheweke
duwe kekarepan kang kuwat. Yen duwe kekarepan kudu bisa kasembadan
utawa ngeyel, suarane serak lan matane amba. Semar, Gareng, Petruk lan
Bagong yen dideleng wujude kabeh elek, nanging durung mesti yen rupane elek
iku kelakuane ya elek. Panakawan kang elek rupane iku ing njerone justru
ngandhut nilai-nilai kang becik lan luhur. Kandhane wong Jawa Giri lusi
janma tan kena ing ina tegese senajan rupane ala, nanging aja dianggep asor.

You might also like