You are on page 1of 11

Assalamualaikum

Warrahmatullahi Wabarakatuh

Tugas Bahasa Jawa


LEGENDA

KELOMPOK 1
Aisyah Ummu Shabrina
( 03 )
Bagus Tri Atmaja
( 06 )
Latifa Nur Aini
( 08 )
Reni Nur Hidayati
( 14 )
Taufiqul Firdaus
( 22 )

Legenda Rawa Pening


Video Legenda Rawa Pening

Crito Legenda Rawa Pening

Unsur Intrinsik Legenda


Rawa Pening

Courtesy Youtube
http://www.youtube.com/watch?v=7Aash1j_dFs

Legenda Rawa Pening

Ing redi merbabu wonten wanita tapa gadhah anak salah


kedadosan, dados sawer, sawer wau saya dangu saya ageng. Nuju
satunggaling dinten sawer murugi pratapanipun Sang Pandhita
ngaken bilih piyambakipun putranipun Sang Pandhita, Sang Pandhita
kaget, wusananipun wicanten mekanten, Eh ula, teka elok temen
kowe ngaku anaking manungsa, ewosemonoaku gelem ngaku kowe
dadi anaku nanging kowe kudu gelem tapa nglungkeri gunung
Merbabu bisa temu gelang, yen kowe bisa nyakepi gunung iki, kowe
dakaku anak tenan.

Kacariyos sawer wau lajeng tapa nglungkeri gunung Merbabu,


saking dangunipun anggenipun tapa, badanipun ngantos dipun
rambati oyod-oyod, sareng pethithing badhe kacobi kagathukaken
kaliyan endase, taksih cupet, ilatipun lajeng dipuneletaken, supados
saged gathuk kaliyan buntut, wusana Sang Ajar sumerep, ilatipun
dipuntigas (dikethok), kethokanipun ilat wau dados tosan, nunten
kadamel waos Ki Ajar. Sawer wau boten pejah, badanipun saya dangu
boten ketawis saking kathahing rerungkudan.

Nuju satunggaling dinten tetiyang dudu


sami pados bebujengan wana, nalika sami
ngaso linggih ing wit ageng wonten
satunggaling tiyang ingkang bacok-bacok
kalandhesan ing wit-witan wau, ndadosaken
kagetipun dene wit-wit wau medal rahipun.
Kancanipun sedaya ingkang sami ningali,
serta gadhah panginten menawi ingkang
medal rahipun menika uling ingkang
sakalangkung ageng. Tinimbang boten
angsal bebujengan wana, uling-uling ingih
lumayan, nunten dipunpurak, ulamipun
kabekta mantuk dhateng dusun
kepasrahaken ing kelurahan.

Ejingipun ing kelurahan, kathah tiyang estri


ingkang smi olah-olah, sebab sontenipun
badhe wilujengan metri dusun. Sukmanipun
sawer wau mendha-mendha lare jaler
dumugi dhateng kelurahan nyuwun tedhan
sekul ulam, nanging boten wonten ingkang
maringi, wonten setunggal nini-nini ingkang
kagungan raos welas dhateng lare wau,
pramila lare lajeng dipunparingi tedhan,
sesampunipun nedha lare lajeng weling
marang nini-nini, welingipun mekanten,
Embah menawi mangke wonten banjir,
embah supados sedhiya lesung kaliyan
enthong, lesungipun dipunangge prau,
enthongipun dipunagge melahi.

Lare wau sareng nedhi tuwuk, lajeng


nancebaken sada ing latar, ing ngriku kathah
lare ingkang ningali, lare ingkang gadhah
sada wicanten mekanten, Ayo sapa bisa
mbedhol sadaku iki, kathah lare ingkang
nyobi mbedhol genthos-genthos, nanging
boten wonten ingkang kumawi mbedhol.
Tiyang-tiyang ing padhapi sareng mireng larelare gumujeng ger-geran lajeng sami medal,
wusana tiyang tiyang wau sami tumot nyobi
mbedhol, nanging inggih boten wonten
ingkang kumawi. Lare ingkang gadhah sada
lajeng majeng sarwi wicanten, Yen boten
wonten ingkang saged mbedhol sada, pundi
kula bedhole piyambak.

Sareng sada kabedhol, tebetipun medal toya.


Toya wau gumrojog, saya dangu saya kathah,
dangu-dangu lajeng banjir. Tiyang sedusun
pating jlerit boten kantenan solahipun,
wusana sami pejah kebanjiran, nanging
tiyang estri nini-nini wau wilujeng piyambak,
amargi numpak lesung. Sada wau nalika
dipunbedhol katutan siti, sitinipun
dipunlencungaken lajeng dhawah ing eliripun
gunung Telamaya, siti wau dados redi alit
nama Kandalisada. Panggenan ingkang
kebanjiran wau ngantos sapriki taksih dados
rawa ingkang nama Rawa Pening, inggih
menika tukipun lepen Tuntang.

Unsur Intrinsik Legenda


Rawa Pening
Tema : Legenda Rawa Pening
Tokoh : Baru Klinting , Nyai latung
Watak : Nyai latung : seneng
tetulung
Baru Klinting : sabar
Latar panggonan : Desa Ngebel
Alur : Alur maju
Amanat : Aja seneng dukani wong
amarga
ngko bakal entuk

Maturnuwun
Wassalamualaikum
Wrrahmatullahi
Wabarakatuh

You might also like