You are on page 1of 12

GEDHE ENDI DOSANE

Mas Barjiman kuwi kit biyen pancen terkenal mbeling. Jaman isih mondhok senengane ngeyel karo Pak Kyai.
Nalika lagi nyante sore2 lungguhan bakda ashar Barjiman takon karo Pak Kyai.
Barjiman: Pak Kyai, nek miturut pendapate njenengan PSK kaliyan koruptor niku dosane gedhe sing pundi?
Pak Kyai: ngene yo le, loro karone kuwi ora ono sing apik miturut agama utawa hubungan kamanungsan. Karo
maneh, bab dosaning manungsa kuwi kersane Gusti Allah, awake dhewe ora kepareng ndakwa.
Barjiman: nek leh kula ngarani kok gedhe koruptor.
Pak Kyai: lha kok iso?
Barjiman: nek PSK niku le golek dhuwit rak kanthi nyenengke tiyang sanes to Pak Kyai, lha nek koruptor golek
dhuwite gawe sengsara uwong akeh...
Pak Kyai: [brukkk!!! Semaput]

ORA NGANGGO SERAGAM


Iki ceritane pas Mas Barjiman nalika dadi satpam neng salah sawijining kantor pemda.
Isuk2 dheweke ngonangi pasangan pegawai sing lagi padha ngono neng kantor. Durung sempat klamben, Mas
Barjiman muntab karo pegawai loro mau.
Barjiman: kowe wong loro tak cekel mergo wis nyalahi peraturan!!!
Pegawai: mangkih rumiyin, nyalahi peraturan sing pundi mas?!
Barjiman: ora nganggo seragam!!!
LAGI NGOMONG
Mas Barjiman jaman enom ugal2an. Senengane klayapan gawa mobil njur nyangking temon sak kecekele.
Sawijining wengi, dheweke entuk temon neng Malioboro njur diajak lunga metu kutha, antarane nganti sak kulone
Minggir Sleman. Neng tengah mbulak, Barjiman sajak ora kuat ngampet njur ngajak temone ngono neng njero mobil.
Temon: sorry yo mas aku lagi ngomong, aku iki sakjane seko Sarkem. Dadi nek sampeyan ngajak main tarife 200
ewu sakmetune.
Barjiman: yo wis rapopo nyoh...
Tenan, Barjiman karo temone mau njur uleng2an neng jero mobil. Sakwetara wis puas, Barjiman banjur leyeh2 neng
mburi setir.
Temon: lho mas, kok malah leyeh2 apa ora njur jalan2 iki?
Barjiman: sorry yo mbak, aku lagi ngomong nek aku iki sakjane sopir taksi. Nek arep balik nyang Malioboro tarife
300ewu...
NDELOK PAMERAN
Mbah Darmo wonge sok nyeniman tur senenge nek ndelok pameran lukisan komentar-komentar sero ben diarani
ngerti seni.

Durung suwe iki Mbah Darmo ndelok pameran lukisan ngajak Wagiman mergane jan-jane dheweke kuwi wis lamur
matane.
Mbah Darmo: "Wah gambar Kuda Nil iki wangun ya Man" karo sirahe menglang mengleng.
Wagiman: "Mbah kuwi gambar Gajah je"
Mbah Darmo: "Wah nek sing iki pancen apike pol gambar macane"
Wagiman: "Mbah genah kuwi gambar Celeng je"
Mbah Darmo: "Seka kabeh mau Man... Ketoke sing paling apik iki... Gorilane kaya urip"
Wagiman: "Sssstttt... Aja sero-sero mbah kuwi udu lukisan, kuwi pengilon"
LUGU
Si Tino (bukan nama sebenarnya) ponakane Bayan Semun termasuk bocah lugu nanging bocah manis gak tau
mbantah apa perintahe wong tuwo, tapi rada kuper, sing jeneng pacaran ae durung tau.. lha wong lagi nyedhak cah
wedok ae wis ndredheg gemeteran ngewel jeee..
Mula termasuk genre stmj alias setengah tuwo masih jomblo
angger ditakoni kapan rabi?jawabe mung, may... maksude may be yes may be no..
Masiyo telat rabi tapi sebagai cowok sing gak neko-neko, dijamin nek segel abang sing ana tulisane do not accept if
the seal is broken isik utuh tanpa cacat utawa baret..
Kocap kacarito, sambel kecap ditambah merico bener apa jare unen-unen jodo, rejeki lan mati iku pesthi, ujug-ujug si
tino rabi karo si Tini (bukan nama sebenarnya).
Merga dianggep bocah kolokan, anak mami, mula ing titi wanci menjelang dadi manten ibune sibuk, kepingin banget
ngajari Tino piye carane memperlakukan isteri ing malem pengantin mengko.
ibune kuwatir nek tino gak ngerti apa sing diarani ngadu saliro tanpa busono iku mula dijelasne apa sing kudu
ditindakne karo bojone .(ibune lali nek wedhus kae gak nate ana sing ngajari ya bisa dhewe..he,he,he)
Le... kowe engko turu sak amben bareng bojomu, aja nganggo pakean, terus kowe rangkulan.. bagian awakmu sing
atos kuwi lebokna nang nggone bojomu pipis, terus mlebu-metu bolak-balik bareng karo aba-aba kenthongan sing tak
tabuh saka njaba, ngono dhawuhe ibune, si Tino manggut ngerti.
Singkat crita, pas malem ngantenan ibune lungguh nang ngarep lawang pengantin nggawa kenthongan rondha.
sakwise ana aba-aba siap ibune tino nuthuk kenthongan.. thok.. thok.. tok.. wiwitane alon-alon saben limang ketukan
mandeg dhisik.terus tambah suwe tambah cepet.. thok,thok,thok.thok,.thok,terothok,terothok, terothok. .. akhire kaya
titir banjir..>>
sakwise sekitar limalas menit saka njero kamar si tino karo bojone jerit-jerit njaluk tulung.
wong-wong kaget lawang didobrak alon-alon ditiliki mbokmenawa ana masalah.
tenan, nang njero kamar si tino gudras getih bathuke babak bundhas....
lho iki piye.. ana apa nduk.???. ..
ngng.ng anu mbok mas tino nggejlug-nggejlukne bathuke nang njero kloset
Ealah.. dasar.
ANAKE PO YA?
Sore2 neng parkiran Abu Bakar Ali ono bocah punk sing rambute dicet warna-warni lungguhan neng dingklik dawa.
Neng sandhinge ono simbah2 sing kawit bocah mau lungguh nyawang terus karo sajak gumun.
Krasa jengkel amarga simbah2 mau nyawang terus, bocah punk kuwi sajake nesu karo ngomong sinis marang si
simbah "ngopo mbah kawit mau nyawang aku terus? Durung tau ngedan jaman enom biyen po?!!!
Si simbah semaur "wis tau le... Biyen aku nate mabuk neng Gembira Loka banjur 'ngono' karo manuk merak sing
neng kono. Lha aku iki lagi mikir apa kowe anakku po ya?!!"
TUTUP RAPAT
Dina iki Warno njaluk tulung kakange kon ngundangke RT, RW lan tangga2 ne.
Kakange : "Perlune apa to awakmu, kok ndadak nganggo ngundang Pak RT, RW karo poro tangga teparo ? "
Warno : "Tak jaluki tulung kon rapat neng kene"
Kakange : "Lho .. arep rapat apa?

Warno : "Nganu Kang, aku ki arep nutup botol obat .. jebul ana tulisane TUTUPLAH BOTOL INI DENGAN RAPAT".
ki ..
OOM TULUNG DELOKKE WEDHUSKU SISAN!
Santoso kerjone angon wedhus, lek mangkat esuk mulih sore. Sore wingi pas nggiring wedhuse mlebu kandang,
wedhuse dietung kok kurang siji. Santoso nggoleki muter-muter gak ketemu-ketemu.
Akhire Santoso menek wit pelem, mbokmenowo wedhuse ketok teko ndhuwur,
tapi gak ketok juga.
Pas arep mudhun Santoso kaget, gak sido mudhun soale nang ngisor uwit, ono Slamet karo Sarijem lagi pacaran.
Dik, bukaken rokmu cepet, aku mung arep ndelok ae kok.jare Slamet.
Ojo ah mas, aku wedi mengko ono setan liwat. jare Sarijem.
Sumpah dik, aku mung pengin weruh ae kok, ayo ta bukaken... sumpah tenan dik, wis ta percoyo-o. Si Slamet wis
ra sabar.
Krungu sumpahe Slamet, Sarijem langsung ngangkat rok-e (jebule ra nganggo kathok).
Wuih.. apike caah.. sak ndonya ketok kabeh. jare Slamet.
Santoso krungu ngono langsung mbengok,Mas..mas,,,, tulung delokke wedhusku ndhelik nang kono ra??!!
HAKIM DIPROTES Wagiman lan wagimin lagi ngadepi sidang neng pengadilan negeri Mbrosot ing kasus pidono
kang bedo. Ming kebeneran wae ndilalahe vonise diwacakke barengan. Pak Hakim nuthuk palu kanggo tondho vonis
ukuman disahke. Wagiman divonis 2 wulan kunjoro mergo kebukti nyolong playu bocah wedok anak'e tonggone sing
umure isih durung ono 17 tahun. Wagimin divonis 2 tahun kunjoro mergo kebukti kecekel nyolong wedhus. Wagimin :
" Kulo Protes Pak Hakim, mosok Wagiman sing kasuse podho podho nyolonge, koq mung divonis 2 wulan, lha aku
koq malah divonis 2 tahun ?. Ora trimo aku pokoke, ora adil tenan .. !!! " Hakim : Ngene lho Min .... Wagiman kae ki
tak vonis 2 wulan mergo dheweke wani tanggung jawab ngrabeni barang sing dicolong. Lha kowe gelem tanggung
jawab ngrabeni wedhus sing koq colong kae, opo ora je ? Nek kowe gelem, kene vonismu tak rubahe dadi rong dino
wae. Piye Min .. ???
PENJUMLAHAN Sakwise diskusi lan debat rame pelajaran matematika bab perkoro perkalian 4 x 6 sing bedo hasile
karo perkalian 6 x 4, saiki malah ono meneh debat rame ugo babagan pelajaran matematika, utamane bab
penjumlahan. Ngene critane .... Pakne Thole nyeluk anake si Gembul, umure 7 tahun lan wis sekolah kelas 2 SD.
" .... Mbul, kono nyang warung. Bapak tukokno Cocacola yho. Dinggo bapakmu siji, makmu siji, kangmasmu siji terus
kowe yho siji. Dadi kabehe tuku Cocacola piro Mbul .. ?? " Gembul : " Telu .. pak .. " "lha piye to kowe ki le, mbok
coba di itung sing bener. Bapakmu siji, emakmu siji, kangmasmu siji lan kowe yho siji. Coba piro dadine kuwi .. ?? "
Gembul : " Telu ...pak .. " Bapakne mulai nesu. " Bocah iki koq bodho men to yho. Opo neng sekolah ki ora tau diajari
itung itungan. Ojo ojo nek pas pelajaran matematika, bocah iki malah ming gojeg terus karo koncone yho. ..... Coba,
mok itung sing tenanan .... Sepisan ENGKAS .... !!! ... Bapakmu siji, makmu siji, kangmasmu siji terus kowe yho siji ...
!!!! DADI PIRO KABEHE LEHMU TUKU COCACOLANE ???? ... " Gembul mulai nangis : " Teluuuuuuu .... pak. .....
Aku kan kepingin tuku Sepriiiiit ..... "
KOYO OPO ?
Sore iku Sardot nembe mulih seko golek tegesan botol aqua. Tekan omah,jebul enek Sodron morotuwone Sardot
sing nembe lungguh ning korsi goyang
Sardot : eh bapak...(salim ngambung tangane Sodron)
Pas leyeh leyeh ngilangke kesel,Sardot jaluk kopi marang Juminten bojone. Ora suwi Juminten metu nggowo kopi
karo nggendhong Mukri anake sing nembe umur 3 taon lan lagi ngedot
Sardot : eh eh eh...anak e bapak sing bagus dhewe sak asia tenggara lagi ngopo kowe le....xixixixi (karo njabut dot
sing lagi diemut Mukri)
Mukri njur nangis gero-gero...
Juminten : sampeyan ki ngopo toh pakne, gawe anak nangis...
Sodron : yo ngono iku klakuane bojomu Jum...dot gawean pabrik ae ijeh diroyok,padahal dot sing alami wes digagahi
kabeh
Sardot : hahaay...bapak niku ngendikan nopo toh..kulo malah isin kalih tonggo2...wes ojo nangis le...yen iseh nangis

tak dongakne rupamu suk gedhe koyok bapak lho


Sak naliko Mukri langsung meneng cep !!!
Sardot : Mukri ganteng opo elek ??
Mukri : lekk...
Sardot : wkwkwkwk...mbah Sodron ganteng opo elek ??
Mukri : lekk...
Sardot : wkwkwkwk...mbok mu juminten ayu opo elek ??
Mukri : lekk...
Sardot : wkwkwkwk...bapak mu iki elek opo ganteng ??
Mukri : teng...
Sardot : wkwkwkwk...anak pinter...(karo ngelungke dwit satusewu)
Juminten : ngono ki kenopo toh pakmu !! (Karo lambene mencap-mencep)
Sodron : wong nek sunat'e ora ngepasi dinone pancen dadi'ne koyok bojo mu kuwi Jum...
Sardot cuek wae lan nglanjutke ngudhang Mukri
Sardot : mbah Sodron koyok primus opo kyok wedhus ??
Mukri : yok dhuss...
Sardot : wkwkwk...mbok mu Juminten koyok Aura Kasih opo koyok mpok nori ??
Mukri : pok li...
Sardot : wkwkwkwk...bapak mu iki koyok betrand opo koyok teuku wisnu ???
Mukri meneng wae...
Sardot : heh le, bapak koyok opo lho ...???
Mukri : ..........................................................................................."APAK YOK ACU !!"
Wkwkwkwkwk...Sodron guyu ngakak nganti tibo seko kursi goyang. Juminten guyu langsung update status. Sardot
langsung golek koco kanggo ngoco
GORO2 DOLAN NENG KAFE
Juminten nek urusan lifestyle ora ketinggalan, salah siji hobine dolan neng kafe. Koyo wengi iku dheweke sengaja
dewe nyang kafe milih lungguh sisih pojok.
Bakda lungguh pesen camilan kok krasa pengin ngentut. Gandeng krungu suara musike banter banget, deweke
sengaja le ngentut ki dibanter2ke. Pikire wong2 meja sebelah ora padha krungu. Malah dipaske karo ritme musike
barang.. dhuk... cedhuk... cedhuk ... cedhuk ... thooot... Bar deweke ngentut ngono wong2 meja sebelah padha
mlengo marang Juminten karo mesem. Juminten malah gumun, pikire "Wong2 kene kok padha ramah2 yo".
Gandheng isih krasa pengin ngentut, Juminten ora ragu2 ngentut kanthi banter maneh. Saiki pas lagune refrain, yo
dipaske maneh karo ritme musike dhuk... cedhuk... cedhuk ... cedhuk ... thooot... Wong2 meja sebelah padha mesem
maneh karo Juminten. Dheweke lagi mikir "Apa wong2 iki krungu olehku ngentut yo? Tapi mokal ah, wong musike
banter banget kok. Mbok menawa wong2 iki pancen ramah2" Batine Juminten karo mbales mesem.
Bareng musike wis tekan rampung tur yo apal lagune, Juminten mbaleni maneh ngepaske ending lagune thot... thot...
thoooot. Wong2 padha mesem2 maneh.. Juminten yo mbales mesem... "wah jiaaann nyenengke tenan wong kene iki
ramah2".
Nalika camilan wis cemepak neng meja, Juminten banjur ngadeg seka kursi perlune cuci tangan nyang wastafel.
Mbasan ngadeg ngono kok rasane ana sing njiret kaya digendholi mejane... "Gandrik!!! Jebul aku mau ngrungokke
lagu neng MP3 player to?!!!"
Raine Juminten abang ireng amarga isin. Ora mikir maneh neruske le neng kafe, banjur mlayu nyang pintu keluar.
Nalika meh tekan pintu keluar kok yo ndadak ana sing aruh2 barang "Wah mbak, apik banget. Kudune njenengan
dadi vokalis".

SING PALING GEDE


Sawijining dina neng apotek cedhak tugu ono tante2 sing ketoke girang mlebu nembung arep tuku karo apotekere,
ning sajak karo isin2.
Tante: mas, sade kondom mmm... sing ukuran paling gede?
Apoteker: ooo... sade mbak, kathah. Lha ngersakne pinten bungkus?
Tante: mboten, kula angsal nunggu mriki? Mangkih nek wonten sing tumbas kula dikandhani nggih...
KLINIK
Barjiman maca iklan pengobatan alternatif klinik Tongseng nang koran sing duwe slogan: tidak sembuh uang kembali
5x lipat. Maca ngono banjur timbul niat culikane Barjiman sing rencana berobat ning ngakune ora mari2.
Tabib: sampeyan asmane sinten lan keluhane apa?
Barjiman: kula Jiman Bib, iki lho ilatku kok sajak mati rasa ora iso ngrasakke panganan apa2..
Tabib: gampang kuwi... tak jamin langsung mari. Mei Lin, tulung jupukna obat nomer 7 yo..
Mei Lin, asistene tabib banjur wenehke obat sing dimaksud.
Tabib: iki Mas Jiman, didhahar obate mengko rak njur beres..
Barjiman: blaik... ambune kok kaya telek pitik ngene to Bib?
Tabib: wis to.. ndang didhahar wae, jenenge obat ngendi ana sing enak..
Barjiman: hueeekkkk edian tenan ki... telek pitik tenan to iki Bib!
Tabib: haaaa... berarti ilatmu ra masalah kuwi iso ngrasakke telek pitik..
Barjiman ora isa selak nalika tabib ngomong koyo mangkono. Dheweke banjur bayar biaya langsung mulih. Ora
gelem kalah, seminggu candhake banjur mara maneh menyang klinik.
Tabib: ngapa maneh Mas Jiman?
Barjiman: iki lho Bib, saiki aku kok duwe penyakit lalen. Malah lagi ngomong wae aku ki wis lali apa sing tak omongke
mau...
Tabib: halah sipil kuwi. Mei Lin.. tulung jupukna obat nomer 7!
Barjiman: weee lha... kok nomer pitu to Bib? Edyan tenan ki...
Tabib: lha piye to?
Barjiman: ha mosok aku mbok kon nguntal telek pitik maneh!
Tabib: lha kuwi wis mari... wis kelingan sing seminggu kepungkur to...
ROBOT JEPANG
Seminggu ning Jepang Pakdhe karo Budhe akhire nemu restoran masakan Indonesia. Pelayane Robot. Robot teko
nyedaki Pakdhe, trus ngomong:
"What is your nationality?", robot takon.
"Indonesia" jare Pakdhe.
"Selamat datang", jare robot nganggo bahasa Indonesia.
"Apa bahasa suku Anda?", robot takon meneh.
"Jawa", jare Pakdhe
"Sugeng siang. Badh pesen nopo?" Jare robot nganggo boso jowo.
"Canggih yo bu?", Pakdhe ngomong karo Budhe.

Budhe : "Ono lotek?", ibune takon karo robot.


Robot : "Ono."
Budhe : "Pesen rong porsi."
Robot: "Porsi gedhe opo cilik?"
Budhe : "Porsi gedhe."
Robot : "Lomboke piro?"
Budhe : "Sing siji loro, sing siji sepuluh."
Robot : "Nganggo kangkung?"
Budhe : "Yo."
Robot : "Nganggo timun?"
Budhe : "Yo."
Robot : "Nganggo kubis ?"
Budhe : "Yo."
Robot : "Nganggo kubis jowo opo kubis asli Jepang?"
Pakdhe : "Sing endi wae lah manut!", Pakdhe wiwit rodo nesu.
Robot : "Kacange diuleg opo diblender?"
Pakdhe : "Kuarepmu!"
Robot : "Kacange setengah mateng opo mateng?"
Pakdhe : "Gorng sing gariiiiiiing..!!"
Robot : "Nganggo bawang goreng rak?"
Pakdhe : "Nganggo..., asu! ... !! " Pakdhe misuh banter banget.
Robot : "Dipiring opo dipincuk?"
Pakdhe : "Dipiring !"
Robot : "Lengone nganggo margarin opo minyak kelapa?"
Pakdhe : "Jelantah... wedhus ... !!! " Nesu banget soale wis sepuluh menit dhewe.
Robot meneng, lampune byar pet kelap kelip kayane lagi diproses. Kiro-kiro telung menitan robot' ngomong meneh:
Robot : "Maturnuwun. Pesenan tak tompo. Mung rak iso di suguhake..."
Pakdhe : "Nopo? Aku wis ngenteni suwe banget, tanya-jawab karo kowe, kok rak iso nopo to ndes?", jare Pakdhe
emosi.
Robot : "Soale durung ono asune karo wedhuse..."

Pakdhe : " Wooo lha biyangane ... Iso edan aku ! Ayo bu lungo, rasah nguntal neng kene !!!", Pakdhe nggondhok.
KOPI TELEK
Isuk-isuk mau, Giman mertamu ning ngomahe
Paijo. Dheweke banjur disuguhi kopi karo Paijo.
Sajake kopine uenak tenan, jih kemephul neng
cangkir'e... Giman banjur nyeruput kopi, amarga
seko omah mau, rung ngombe opo-opo...
Giman: "Iki kopi apa tho Jo, kok rasane rada kecut,
enek sepet'e... Neng yo enak kok... rasane bedho
karo kopi biasa'ne jeee...?!"
Paijo: "Kuwi kopi istimewa Man, meh padha karo
kopi luwak sing larang kae lho...!!!"
Giman: "Wooo ngono tho... kopi apa jeneng'e..?!"
Paijo: "Kopi kucing, aku nyobo nggawe dhewe...!"
Giman: "Uelok... ! Bul gaweanmu dhewe tho...!
Apa sebab'e di arani Kopi Kucing Jooo... ?!"
Paijo: "Sebab'pe diolah lewat kucing...! Yen kopi
luwak kopine dipangan luwak ndisik sak durungne
diolah to Man... terus, Aku dhadi terinspirasi, aku
nyobo praktek, nek nganggo kucing kepiye yo...?!"
Giman: "Lha terus kopine piye kui... ! Opo ono,
kucing mangan kopi, Jooo ..?"
Paijo: "Ya ora ono tooo...! Mangka'ne tak akali...
kopine tak gerus sik ben rada kasar, terus tak campur
karo ghereh, bar kuwi lagi tak pakak'ke kucing'e...!"
Giman (wetenge mulai mules...): "Teyus...?!!!"
Paijo: "Mengko yen wis metu bareng telek'e kucing,
di pe'pe sik nganti gharing, bar kui dighiling meneh
nganti alus Man, terus dijharang'i nembe disaring...
Lha iki, malah kowe sing pisanan nyoba kopi kucingku
lho... Aku dhewe arep ngrasakke, kok kaya'ne ora
thegel jeee... Piye Man,
PENGIN PIT
Jalidun cilik mung urip karo mbokne amarga wis setaun iki pegatan karo bapakne. Merga wis suwe ora dicekel priyayi
kakung, mbokne mau kala-kala neng kamar dhewekan nguja hasrat sing wis angel dipenggak.
Sawijining dina, Jalidun liwat ngarep kamare mbokne ana suarane sing ora tau dheweke krungu. Penasaran, Jalidun
banjur ngindhik liwat lawang kamar sing ora ketutup rapet. Jebule mbokne lagi nguja hasrat kanthi mblejit, karo
tangane sajak ngelus2 sak ngisore padharan. Ngono mau karo menggah-menggeh nyuara "ohh... aku pengin wong
lanang, aku pengin wong lanang"
Dina candhake, Jalidun weruh mbokne kondur ngomah karo nggandheng priyayi kakung sing sajake kenalan anyar.
Dumadakan, Jalidun banjur mlayu nggenjrit menyang kamare, munggah dipan, ucul2 klambi. Mlumah neng dipan
nyekeli thithite karo muni "ohh... aku pengin pit bmx, aku pengin pit bmx"
PENYEBAB PEGATAN
Mbok menawa iki sing dadi penyebab mbokne Jalidun pegatan karo bapakne.
Jalidun: mbok, aku mau bengi kok weruh simbok numpaki bapak ki ngopo to?
Mbokne: ooo aku ki nyilikke wetenge bapakmu le, rak mblendhuk ngono to yo
Jalidun: wah mesthi ra bakal iso mbok
Mbokne: lha piye to?
Jalidun: ha wong nek pendak isuk simbok tindak pasar kae, Mbak Juminten sing bakule janganan mampir omah njur
nyebuli mlembungke wetenge bapak kok mbok...

PAIJO
Seminggu neh liburan, Paijo sing saiki kerja neng Jakarta nelpon omah arep takon dha pengin oleh-oleh apa, sing
nampa si Thole anake lanang.
Paijo: "Halo Assalamualaikum"
Thole: "Walaikumsalam"
Paijo: "Sapa iki?"
Thole: "Niki Thole pak'e"
Paijo: "Owalah, kowe to le, seminggu neh liburan bapakmu iki arep mulih, kowe arep njaluk oleh-oleh apa?"
Thole: "Thole pengin Blekberi pak'e, men saget pamer teng ngajenge dik Tutik nika"
Paijo: "Owalah gampang kuwi le, apa meneh?"
Thole: "Kalih Hendikem men saged ngrekam video pas dolan kalih dik Tutik"
Paijo: "Gampang-gampang nek njalukmu mung kwui, jajal mbokmu takoni arep njaluk oleh-oleh apa?"
Thole: "Mungele simbok nyuwun oleh-oleh kotang wong pun molor kabeh"
Paijo: "Wah ora isa le nek sing kaya ngono, jajal liyane"
Thole: "Nek mboten kotang mungele cawet mawon wong pun dha suwek"
Paijo: "Ora isa le nek njaluke kuwi, mbok ganti liyane kaya henpon, jam tangan, kalung, cincin ngono lho"
Thole: "Lha pripun ta pak'e kok mboten saged?"
Paijo: "Angel nyopete!"
MANUK BEO
Nalika iseng mlaku-mlaku nyang Pasar Ngasem, Yu Juminten kepincut karo manuk beo sing rupa wulune apik. Ing
sak ngisore manuk kuwi ditempleki tulisan rega "100ribu pas". Yu Juminten banjur takon karo sing dodol "Mas, niki
ndak tenan satus ewu kok le murah?". Sing dodol semaur "saestu Bu, kula jujur mawon nek manuk niki pun dangu
diingu wonten kawasan Sarkem, dados kala-kala seneng ngoceh sing saru. Lha niku sebabe regane murah".
Gandheng wis kepincut karo rupa wulune, Yu Juminten ora peduli tetep dituku, pikire ora masalah malah kena
kanggo guyon2.
Tekan ngomah manuk mau karo Yu Juminten digawekna panggon neng teras. Sakwetara si manuk nyawang Yu
Juminten banjur ngoceh "mami anyar, mami anyar". Yu Juminten ngguyu dhewe kemekelen ngerti manuke iso
ngoceh ngono.
Ora suwe, anake wedok bali sekolah. Nalika mlebu teras, manuke weruh banjur ngoceh maneh "cewek anyar, cewek
anyar". Yu Juminten karo anake tambah ngguyu cekakan ngerti kelakuane manuk kuwi.
Lagi padha asyik dolanan karo manuk, bojone Yu Juminten, Mas Barjiman bali seka nyambut gawe. Si manuk beo
nyawang dheweke sing lagi mlebu teras, banjur ngoceh "Halo Mas Barjiman!!!"
MUNDHAK GOBLOK
Yu Juminten nggaya tenan, liburan nyang mBali karo bojone lan anake lanang sing isih cilik. Nalika nyante neng
Pantai Kuta, yo ndadak melu2 koyo turis padha nganggo bikini lan sempakan thok. Yu Juminten gayane berjemur,
anake dolanan banyu, lha bojone klinteran ndelok cewek2 sing sandhangane minim.

Anake lanang ki sak jege ra tau weruh wong rame2 padha mung cawetan ngono dadi yo sajak gumun banget.
Dumadakan dheweke mlayu nyang nggone mbokne wadul "mbok... akeh wong wedok ki teteke gedhi2...simbok kalah
wis". Diwaduli ngono karo bocah sing isih cilik Yu Juminten bingung le semaur. Njur mung waton wangsulan "nek
ngono kuwi tambah gedhe tambah goblok kok Le". Anake lanang mung manggut2 njur mlayu glayaran maneh.
Ora suwe, bocah mau bali maneh neng mbokne saiki wadul, "mbok... aku mau weruh wong2 lanang ki thitite gedhi2,
nek bapak wae kalah mbok". Yu Juminten bingung maneh njur mung waton wangsulan padha "kuwi yo padha wae
Le, nek tambah gedhe tambah goblok". Maneh, anake mung manggut2 njur mlayu2.
Sak untara glayaran, anake lanang banjur mara maneh neng mbokne sajake ngelak arep njaluk wedang. Yu
Juminten ngaruhke bojone marang anake mau "lha bapakmu ki neng endi to Le?". Anake wangsulan "ooo... aku mau
weruh bapak lagi ngobrol karo wong wedok sing paling goblok neng kene. Ning kok aneh yo mbok, tambah suwe le
ngobrol ki ketoke kok bapak mundhak goblok"
DONGANE DIKABULAKE
Paimin lan Ngatijan bocahe rada keset, seka cilik wis seneng ndedonga supaya nek gedhe rejekine lancar lan ora
perlu kerja abot lan rekasa.
Paimin: "Gusti, kawula nyuwun supados rejeki kawula gampil, paribasanipun namung goyang-goyang sikil arta
sampun dhateng piyambak.
Ngatijan: "Gusti, kawula nyuwun gampil pados rejeki, namung kipas-kipas rejekinipun kathah.
Donga mau dimirengke Gusti, bareng gedhe gawean bocah loro mau yaiku:
Paimin dadi tukang permak jins keliling, dene Ngatijan melu ider dadi tukang tepase wong dodol sate.
ALIH PROFESI
Mulih seka perjalanan dinas, mudhun bandara Mas Barjiman milih numpak taksi. Sak wetara taksi mlaku Mas
Barjiman karo supire taksi ora guneman, nganti cedhak ring road dheweke njawil supire karo kandha,
"Pak, medal ring road mawon nggih"
Supire taksi kaget nyemplak setir ngiwa nengen karo misuh2,
"Weee lhaa... jinguk... asu...modiar... iki"
Mak seeettt supire ngerem taksine nganti mandheg pinggir dalan. Supir taksi mau menggeh2 unjal ambegan karo
kemringet.
"Mas, sesuk malih nek ngajak guneman ampun gawe kaget nggih" kandhane supir.
"Lha pripun to pak?"
"Soale niki lagi hari pertama kula nyupir taksi"
"Njur le nyetir lagi ajaran ngaten napa pak?"
"Mboten ngaten... sakderenge niki kula rak sopir mobil jenazah neng Sardjito"
UDU JURAGAN ROTI
Paidin wonge rada kemaki, apa meneh nek urusan gawean rumah tangga kabeh dibrukke Wagiyem bojone. Paidin
ora tau gelem ngrewangi, malah wangsulane nyelelek nek dijaluki tulung Wagiyem.
Wagiyem: "Kang kae lampu njaba mati mbok diganti sing anyar"
Paidin: "Apa... Masang lampu? Rumangsamu aku PLN"
Wagiyem: "Ya wis nek sampeyan ra gelem, njaluk tulung keran kamar mandi kae, banyune nganti luber"

Paidin: "Ndandani keran? Aku udu PAM"


Wagiyem: "Ya wis mengko nek sampeyan tuku rokok neng warung aku titip lenga"
Paidin: "Apa aku Pertamina?" karo tetep teturon ndelok bal-balan neng TV.
Rumangsa diganggu Wagiyem terus le ndelok bal-balan, Paidin trima lunga ndelok neng kelurahan.
Kira-kira jam 2 esuk Paidin bali dheweke rada kaget merga weruh omahe kok wis padhang njingglang, banyu kolah
wis ora luber, jerigen lenga ya wis kebak.
Esuke Paidin takon: "Kae kok kabeh wis beres, kowe njaluk tulung sapa Yem?"
Wagiyem: "Pas sampeyan minggat mau bengi aku nangis neng teras, terus ana cah nggantheng takon, aku cerita
apa anane. Dheweke gelem nulungi kabeh ning ana syarate"
Paidin: "Gek syarate apa Yem?" Karo rada curiga.
Wagiyem: "Aku dikon milih nggawekke roti, utawa kelonan karo dheweke"
Paidin: "Kowe mesti milih nggawekke roti ta Yem" Paidin ndhedhes.
Wagiyem: "Nggawekke rotiiiiii?, ya aku milih kelonan karo dheweke. Rumangsa sampeyan aku iki Holland Bakery!"
NGIMPI
Ing ulang taun pernikahane, Yu Juminten matur karo bojone, Mas Barjiman.
Yu Jum: mas, mau bengi aku ngimpi lho sampeyan wenehi aku kalung berlian kanggo kado ultah nikahan. Apa yo
artine?
Mas Bar: mengko bali aku nyambut gawe kowe bakal ngerti Dik, tenang wae.
Yu Jum bungahe ora karuan dijanjeni kaya mangkono.
Tenan, sore mulih nyambut gawe Mas Bar maringi bojone hadiah. Ora sabar Yu Jum mbukak kadone mau, lan neng
jero kothak ana buku sing judule "1000 Ramalan Jitu Mimpi".
BERTANGGUNG JAWAB
Mas Barjiman lagi nglamar gawean anyar. Entuk gilirane wawancara karo bagian SDM.
SDM: untuk pekerjaan ini, kami mencari orang yang bertanggung jawab
Mas Bar: wooo kalau bab itu ndak perlu kuatir pak. Di tempat kerja saya sebelumnya kalau ada kesalahan, banyak
yang bilang sayalah yang bertanggung jawab...
PUTUSAN PENGADILAN
Wagimin karo Wagimun disidang pengadilan Cilacap, vonis Hakim:
Wagimin diukum 2 wulan penjara merga nggawa mlayu wong wadon.
Wagimun 2 tahun penjara, merga nyolong wedus.
Wagimun: "Pak Hakim, inyong ora trima putusan, masa si Wagimin nggawa mlayu wong wadon mung diukum 2
wulan, tapi inyong nggawa mlayu wedus masa diukum 2 tahun, aku protes... ora terima!!!"

Hakim: "Gyeh... kaya kiye... si Wagimin divonis 2 wulan sebabe wani tanggung jawab, terus kawin, rika gelem kawin
karo wedus ora? Nek gelem vonise dirubah dadi rong dina!!!"
Sardot perlu GPS.
Sore iku Sardot lagi numpak motor nggoleki omahe juminten, kenalan anyar oleh seko pesbuk.. Rumongso kesasar,
sardot langsung mbukak pesbuk... trus inbox-an neng Akune fb juminten..
Sardot "halo ayang jum..aku wes tekan daerahmu ki.. Trus mlebu gang sing endi ki?"
Juminten : "sing ono gapurane trus pean lurus kiro-kiro 25 meter ono omah gedong tingkat apik, wernane biru, mobile
akeh....."
Sardot : "siap..aku wes tkan kono ki.. omahmu iki po jum?"
Juminten : "Uduk mas..pean menggok nengen kiro-kiro 10 meter ono lapangan badminton... Lha sebelahe lapangan
kuwi ........"
Sardot : "omahmu jum?"
Juminten : "Kuwi omahe tukang jahit mas..xixixi.. Lurus wae mengko bar jembatan ketemu omah ono tulisane ISI
ULANG PULSA lha kuwi....."
Sardot : "mesti kuwi omahmu khan?" Juminten : "kuwi jenenge konter mas..xixixi..pean menggok nengen wae trus
ketemu kuburan..lha ngarepane kuburan kuwi......"
Sardot(mulai nesu) : "omahmu jum?" Juminten : "kuwi gerbang kuburan mas..pean ojo mlebu..pean menggok kiri wae
mengko weruh peternakan pitik gede kuwi....,"
Sardot(nesu tenan) : "aaaarggh!..kuwi omahmu?"
Juminten : "aku uduk pitik mas.. Kuwi isih lurus terus..mengko ketemu ALAS.. kuwi...... "
Sardot(muntab): "KUWI OMAHMU JUM??"
Juminten : "Aku uduk munyuk mas.,pean lewat alas lurus terus mengko ketemu masjid..lha jejere masjid kuwi....."
Sardot(emosi pol) : "NEK PISAN IKI NGOMONG UDUK OMAHMU..TAK SANTET TENAN KOWE JUM!!" Juminten :
"xixixi..dadi wong kok nesuan.. Iyo kuwi omahku..wes ketemu rung mas? "
Sardot(lego): "iyo.. aku wes neng ngarep omahmu ki..asem yo ayang jum,..nggawe kesel awakku..Awas bariki ketemu
tak jiwiti..hehehe" Juminten : "yo wes,.mlebu wae.. Ono simbok kok.."
Sardot : "lho kok malah simbokmu sing kon nemoni? Lha kowe nangdi jum?"
Juminten : "aku..... .....wes suwi neng HONGKONG dadi tkw mas....xixixi ".
MULTI TASKING
Lik Jalidun tukang becak, lagi ngeterke turis amerika karo korea muter2 Jogja. Mergo wis suwe neng Jogja, kaloron
turis mau wis lanyah ngobrol nganggo basa Jawa. Karo umuk, turis amerika wiwit cerita.
Turis amerika: nggonku lho, iso gawe komputer tablet sing iso ngrampungke gawean dalam satu waktu... kuwi sing
jenenge multi tasking
Turis korea: kowe yo iso kok nulis email, nonton video karo fesbukan nganggo smartphone produksi korea..
Lik Jalidun (ra gelem kalah): aku yo duwe mister.... presidenku ki iso dadi ketua partai barang dalam satu waktu....
ampuh to
Turis amerika karo korea: ning produke nggonku iso menjalankan pekerjaan dengan cepat lho Dun...
Lik Jalidun: ooo... ngono...
MAKAN MALAM
Tukino karo Tutik manten anyar lagi mesra-mesrane. Esuk-esuk Tukino arep mangkat nyambut gawe pamit karo
bojone:
Tukino: "Bune aku mangkat ya"
Tutik: "Ora sarapan dhisit kang?"
Tukino: "Durung ngelih je, iki sarapanku" karo nyipok lambene bojone.
Tutik seneng karo kemayu nguntapke Tukino mangkat nyambut gawe.
Pas rolasan Tukino bali merga ana barang sing ketinggalan.
Tutik: "Kang ora madhang dhisit?"
Tukino: "Durung ngelih je, iki mangan awanku" muni ngono karo ngambung teteke bojone.
Tutik atine marem merga Tukino wonge pangerten lan mesra banget.

Bengine Tukino mulih seka nyambut kaget lan gumun merga weruh bojone njenggunuk lungguh ngangkang neng
dhuwure rice cooker panas.
Tukino: "Bune ngapa ta kok lungguh neng kono?"
Tutik: "Iki lho kang, aku lagi ngenget dinggo mangan bengi"
April 15, 2013 at 9:07pm Like 7

You might also like