You are on page 1of 4

SEMBAHYANG TESBEH

Kidung Pambuka
P : Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci. U : Amin. P : Gusti manunggala. U : Kaliyan kula sadaya. P : Supados kita sadaya pantes munjuk sembah nuwun dhateng Gusti wonten ing sembahyangan punika, mila mangga kita sami ngrumaosi lan ngakeni sadaya dosa kita wonten ngarsanipun Gusti, para suci tuwin para sadherek sadaya; P : Kula ngakeni . U : . ing ngarsaning Allah ingkang Mahakuwasa tuwin para sadherek sadaya, bilih kawula sampun nglampahi dosa, srana gagasan, tetembungan, tindak-tanduk, tuwin margi nglirwakaken kuwajiban, awit saking lepat kawula, saking lepat kawula, saking genging lepat kawula. Pramila kawula nyuwun ing ngarasanipun Ibu Kenya Maria, tuwin para malaekat, tuwin para suci, sarta para sadherek sadaya, kersaa nyenyuwunaken ing ngarsaning Allah, Pangeran kawula. P : Mugi Allah ingkang Mahakuwaos paring kawelasahan dhateng kita sadaya, paring pangapunten dhateng sadaya dosa kita, lan nuntun kita ngantos dumugi ing gesang langgeng. U : Amin.

Sembahyang Pambuka
P : Ibuning Allah, nyuwun pangestu dalem. U : Supados saged pantes nampi ganjaran kasagahan Dalem Sang Kristus. Suwawi sami munjuk (Dipun sembahyangaken sesarengan) Dhuh Gusti, abdi dalem sami nyenyuwun ing Sampeyan Dalem, mugi wonteno karso Dalem, maringi bagas kasarasaning sukma tuwin badan kawula, saha lantaranipun Sang Kenya Ibu Maria kawula mugi kaluwarna saking kasusahan ing donya punika, tuwin sageda ngraosaken kabingahan langgeng, lantaran Sang Kristus Gusti Kawula. Amin.

Waosan Kitab Suci


Waosan kapundhut saking .

Kidung cecala saksampunipun waosan Kitab Suci


Panglimbang-limbang singkat utawi renungan.

Kawula Pitados .
Kalajengaken sembahyangan tesbeh

Kawula Pitados ing Allah, Rama Sang Maha Kuwasa, ingkang nitahaken bumi langit, saha ing Gusti Yesus Kristus, Putra Dalem ontang-anting Pangeran kawula, ingkang miyos saking Ibu Kenya Maria, kagarbo dening kuwasa Dalem Hyang Roh Suci, ingkang nandang sangsara nalika jamanipun Pontius Pilatus, saha kapenthang seda sarta kasarekaken. Tedhak dhateng papan pangentosan, tigang dintenipun wungu saking seda, mekrad dhateng swarga pinarak ing satengen Dalem Allah Rama Sang Mahakuwasa. Saking ngriku badhe rawuh ngadili para tiyang gesang utawi pejah. Kawula pitados ing Hyang Roh Suci. Pasamuwan Katolik ingkang suci lan panunggiling para suci. Pangaputening dosa, tangining badan saha gesang langgeng. Amin.

Mugi linuhurna Allah Hyang Rama saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci, kados ing malabuka sapunika sarta ing saklami-laminipun. Amin.

Pinujiya Asma Dalem Sri Yesus, Dewi Maria tuwin Santo Yusup, Sapunika sarta langgeng, Amin.

Rama Kawula ing swargo, Asma Dalem kaluhurna. Kraton Dalem mugi rawuha. Karsa Dalem kalampahana, wonten ing donya kados ing swarga. Kawula nyuwun rejeki kangge sapunika. Sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem, kados dene kawula ugi ngapunten dhateng sesami. Kawula nyuwun tinebihna saking panggodha. Saha linuwarna saking piawon. Amin.
Sembah bekti katur ing Putra-Putri Dalem Sang Hyang Rama,

Sembah bekti kawula Dewi Maria, kekasihing Allah. Pangeran nunggil ing panjenengan dalem, samisami wanita Sang Dewi pinuji piyambak, saha pinuji ugi wohing Salira Dalem Sri Yesus. Dewi Maria ibuning Allah, kawula tiyang dosa, sami nyuwun pangestu dalem samangke tuwin mbenjing dumugining pejah. Amin. Sembah bekti katur ing Ibu Dalem Sang Hyang Putra, Sembah bekti . Sembah bekti katur ing Prameswari Dalem Sang Hyang Roh Suci, Sembah bekti .

Gusti Yesus ingkang Moho Sae .

Kabingahan Dalem
1. Malaekat Gabriel nglantaraken dhawuh marang Ibu Maria. Romo Kawulo.. 2. Ibu Maria tuwi Elisabeth. Romo Kawulo.. 3. Sang Kristus Miyos ing Betlehem. Romo Kawulo.. 4. Sang Kristus dicaosaken wonten ing padaleman suci. Romo Kawulo.. 5. Sang Kristus kepanggih wonten ing padaleman suci. Romo Kawulo..

Salam Kanjeng Ratu .


Salam, Kanjeng Ratu, Ibu ingkang ambeg welas asih, gesang, panglipuran, ugi pangajeng-ajeng kawula. Kawula sadaya ngunjukaken panyuwunan, kawula sadaya sami nandang sisah, sambat-sambat wonten lembahing kasisahan punika. Duh Ibu, pangayoman kawula, kersoa ngalimpahaken kawelasan dalem ingkang ageng dhateng kawula sadaya, lan ugi Gusti Yesus, putra panjenengan dalem ingkang linangkung punika, mugi panjenengan tedahaken dhateng kawula sadaya. O Ratu, O Ibu, O Maria, Ibuning Gusti. P : Kersoa nyenyuwunaken kawula sadaya, duh Ibu Dalem Gusti. U : Supados kawula saged ngraosaken kasagahan Dalem Gusti.

Sembahyang Panutup
Suwawi sami munjuk (Sesarengan) Dhuh Allah, Rama kawula, sumbering sadaya kasucian, estu agung pakaryan Dalem ingkang sami kawula pengeti wonten ing sembahyangan menika, Sang Kenya Dewi Maria sampun Sampeyan Dalem jagi wetah sampurna tanpa cacat, sarta Sampeyan Dalem jumenengaken wonten sak ngajeng kawula dados tuladhaning kasucian. Kersoa njagi kawula wonten ing kasucian, supados kawula saged gesang tanpa cacat wonten ngarsa Sampeyan Dalem sarta tampi kasagahan Dalem, lantaran Sang Kristus, Gusti kawula. Amin.

Berkah Panutup
P : Bapak, Ibu sembahyangan tesbeh kita sampun rampung. U : Sembah nuwun kunjuk ing Gusti. P : Sumangga kita sami ngarahaken manah dhateng ngarsanipun Gusti, lan sami nyuwun berkah.

(ngeningaken cipta sekedap) P : Allah Rama kawula, kersaa paring kekiatan ngamping-ampingi lan mberkahana sadaya sadherek kawula ingkang kawula tunggilaken wonten ing salebetipun sembahyangan punika, ugi kawula sadaya ingkang sami ngempal wonten ing papan ngriki Dhuh Allah ingkang maha kuwasa, konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci. U : Amin.

Kidung Panutup
Nderek Dewi Mariyah 1. Nderek Dewi Mariyah, temtu gengkang manah, mboten yen kuwatosa, Ibu njangkung tansah, Kanjeng Ratu ing swarga, Amba sumarah samya. Reff. Sang Dewi, Sang Dewi mangestonono Sang Dewi, Sang Dewi, mangestonono 2. Nadyan manah getera, dipun godha setan, Nanging batos engetnya, wonten pitulungan, Wit Sang Putri Mariyah, mangsa tega anilar. Reff. Sang Dewi Ratu Rosario Ratu Rosario, Ratu Sinuci, Dhuh Kenya Ibu Ratu ning pra Nabi pra putra ing donya sowan ing ngarsanto, sowan ngabekti mring Ibu. Sowan ngabekti mring Ibu.

You might also like