You are on page 1of 3

Assalaamu’alaikum Wr. Wb.

Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah;


Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming
kawula ingkang pantes sinudarsana
Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening
para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom
(nama tokoh yang akan memberikan pengajian/tausyiyah) ingkang tansah ka antu-antu
wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah
Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat
rakhimakumullah.
Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji.
Ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah Swt ingkang dumugi ing titiwanci
menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya
dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda
lillaah.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung
Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga
benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.
Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga langkung
rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing
adicara Pengaosan (....) nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya
amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika.
Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara
Pengaosan (diisi acara pengajian apa) ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha
rinantam kirang langkung mekaten :
Adicara angka sepisan hastungkara Purwa, utawi donga pembuka
Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing
Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe kasarirani dening sedherek (......)
Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang
badhe kasarirani sedherek/bapak (ketua panitia atau yang ditunjuk)
Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun
Bapa/Ibu/Kyai (....)
Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing pepanggihan dalu punika,
nun inggih Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening
almukarrom (sebut nama beserta gelar dan status keagamaannya, misalnya kyai haji atau apa)
Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut
reroncening titi laksana adicara pengaosan ing dalu punika.
Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta lumampah kanti rancag winantu
barakahipun Gusti Allah SWT.
Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng
ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dalu punika tumunten
kawiwitan.
Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga sesarengan ngunjukkaen donga
kanti waosan (basmalah atau bacaan ummul kitab atau dengan do’a lainnya).
Matur nuwun.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe
kasarirani dening sedherek (....)
Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken
saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT.
Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng
sedherek (....)wekdal kasumanggaaken.
Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi
waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi
sak lami-laminipun.
Ugi dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran
saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.
Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja. Dhumateng sederek/Bapak (....)
wekdal kasumanggaaken.
Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang salajengipun tumapak
ing titi laksana ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun
bapak/ibu (....)
Anamung sakderengipun, midherek atur saking panitia, titi laksitaning adicara badhe kasigeg
sawetawis kinarya paring wekdal dhateng para kanca ingkang badhe angaturaken pasugatan
prasaja.
Dhumateng para rawuh ingkang sampun kaladosan, mugi kepareng tumunten anyekecaaken
ngunjuk sarta dhahar kanthi merdikaning penggalih. Salajengipun adicara kasumeneaken
sawetawis.
Para rawuh, ing pangajab wekdal sumene menika ketingal regeng, ing ngarsa panjenengan
sedaya badhe kaaturaken pasugatan saking Paguyuban Seni Rebana (....).
Ingkang menika, wekdal sumene kaaturaken dhumateng panjenganipun Bapak Ahmad saha
Bapak Pangestu minangka pengesuhing paguyuban. Dhumateng para rawuh, sugeng
midhangetaken kanthi merdikaning penggalih. Sumangga.
Jamaah pengaosan rakhimakumullah, kanthi niat nggemeni wekdal, wekdal sumene kula
suwun kinarya anglajengaken adicara candhakipun.
Adicara ingkang angka sekawan wedharing pangandika saking panjenenganipun
Bapak/Ibu…………… Dhumateng bapak/ibu………. wekdal sacekapipun kaaturaken.
Sumangga.
Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu……ingkang sampun
kepareng paring pangandika.
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, purwa lan madyaning
pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda.
Tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari
lan wigatosing pepanggihan menika.
Ingkang menika, dhumateng almukarron bapa kyai (....) kasuwun paring pengaosan saha
wedharing tausiyah ing pepanggihan pengaosan (……) dalu punika.
Dhumateng almukarrom kyai (....) wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.
Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun almukarrom kyai
ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing dalu menika.
Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kita
ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing pengaosan.
Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya rakhimakumullah, purnaning wedharing
pengaosan menika, mracihnani bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika
sampun paripurna.
Anamung saderengipun pepanggihan menika kapungkasi, kula ingkang piniji ndherekaken
lampahing adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk
ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra
pangaksami.
Muslimin lan muslimat, ingkang kinurmatan, minangka pratandha panutuping adicara dalu
punika, sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti
Allah SWT karana maos lafal Hamdalah, kula dherekaken. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin.
Wusana, ngaturaken sugeng kundur mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.

You might also like