You are on page 1of 2

,

,
,










.


Wonten ngarsanipun Poro alim, asatidz lan sesepuh pinisepuh ingkang
kawulo mulya-aken lan kawulo dereaken sedoyo nasihatipun
sedoyo pengurus AMRI ranting Dadirejo ingkang kawulo hormati
Poro bapak lan poro sederek AMRI ranting dadirejo ingkang kawulo
hormati
Ugi shohibil bait bapak/sederek.. ingkang berbahagia.
Langkung rumiyin monggolah kito ngedhohiraken raos suko lan syukuring
manah dateng ngarso dalem Allah Subhanahu Wa Ta'ala kanti ucapan
Alhamdulillaahi robbil alamiin, keranten ngantos saat meniko kito taksih
tansah angsal keni'matan sehinggo saged kekempalan wonten ing majlis
meniko.
Sholawat soho salam mugi ka-atur dateng ngarso Nabi Muhammad S.A.W,
keluarganipun, poro shohabat lan pengikut setianipun. mugio kito angsal
syafa'atipun benjang wonten yaumil qiyamah. Amin Allahumma amin.
Poro rawuh ingkang kawulo hormati,
Adicoro wonten ing ndalu puniko badhe dipun milai kanti tertib adicoro
inggih puniko:
Pembikaan kanti waosan surotil fatihah minangkani adicoro kaping
sepindah.
Adicoro kaping kalih inggih meniko waosan wasilatul fatihah, ingkang
mangke badhe dipun waos dening sederek..
Dipun lajengaken adicoro kaping tigo inggih puniko waosan tahlil.
Ingkang mangke badhe dipun pimpin dening panjenenganipun Bpk.
Ustadz.
Adicoro ongko sekawan inggih puniko pengaosan (kitab Riayatul
Himmah), ingkang badhe dipun waos dumateng panjenenganipun
Bpk. Ustadz
Do'a minangkani acoro ingkang terakhir. Lan kangge pimpinan do'a
kawulo suwunaken dumateng panjenenganipun Bpk. Ustadz
Poro rawuh ingkang kawulo hormati,
Menikolah susunan adicoro ingkang badhe kelampah ing ndalu puniko.
Monggo kito bika adicoro meniko kanti waosan surotil fatihah, kanti
harapan mugi-mugi kekempalan kito saget mbekto manfaat lan angsal
karidloan saking allah taala

(Matur nuwun)

............


Lan kangge acoro saklajengipun kawulo suwun berjalan kanthi otomatis.


Saking kawulo, mbok bilih anggenipun kawulo matur kathah kekirangan
soho kekhilafanipun, kawulo nyuwun agunging pangapunten. Akhirul
kalam

You might also like