You are on page 1of 2

imtihanan

‫ﺍﻠﺴﻼﻡ ﻋﻟﻴﻛﻡ ﻭﺮﺤﻤﺔ ﺍﷲ ﻭﺑﺮ ﻛﺎﺘﮫ‬


‫ﺍﻋﻮﺫﺑﺎﺍﷲﻤﻦﺍﻠﺸﻴﻂﺎﻦﺍﻠﺮﺠﻴﻢ٭ﺒﺴﻢﺍﷲﺍﻠﺮﺤﻤﻦﺍﻠﺮﺤﻴﻢ‬
‫ﺍﻠﺤﻤﺪﻠﻠﻪ ﻨﺤﻤﺪﻩ ﻮﻨﺴﺘﻌﻴﻨﻪ ﻮﻨﺴﺘﻐﻔﺮﻩ ﻮﻨﻌﺬﻮﺒﺎﷲ ﻤﻦﺴﺮﻮﺮﺍﻨﻔﺴﻨﺎ ﻮﻤﻦﺴﻴﺄﺖ ﺍﻋﻤﺎﻠﻨﺎ ﻤﻦﻴﻬﺪﺍﷲ‬
‫ﻔﻼﻤﻀﻠﻰﻠﻪ ﻮﻤﻦﻴﻈﻞ ﻔﻼﻫﺎﺪﻯﻠﻪ ﻮﺼﻼﺓ ﻮﺍﻠﺴﻼﻢﻋﻠﻰﺮﺴﻮﻞﺍﷲﻮﻋﻠﻰﺍﻠﻪ ﻮﺍﺼﺤﺎﺒﻪ ﻮﻤﻦ ﻮﻠﻪ‬
‫ ﺍﻤﺎﺒﻌﺪ‬. ‫ﻮﻻﺤﻮﻻﻮﻻﻘﻮﺓ ﺍﻻﺒﺎﷲ‬
‫ ﺍﻻﻴﻪ‬. ‫ﻮﻘﺎﻞﺍﷲﺘﻌﻠﻰﻔﻰﻜﺘﺎﺒﻪﺍﻠﻜﺮﻴﻢ٭ﺒﺴﻢﺍﷲﺍﻠﺮﺤﻤﻦﺍﻠﺮﺤﻴﻢ ﺍﺘﺒﻊﻤﻦﻻﻴﺴﺋﻠﻜﻢﺍﺠﺮﺍﻮﻫﻢﻤﻬﺘﺪﻮﻦ‬
‫ﻮﻘﺎﻞﻨﺒﻰﺼﻠﻰﺍﷲﻋﻠﻴﻪﻮﺴﻠﻢﻮﺍﻋﻠﻤﻮﺍﻦﻂﻠﺐﺍﻠﻌﻠﻢﻴﺴﺘﻐﻔﺮﻠﻪﻤﻦﻔﻰﺍﻠﺴﻤﻮﺍﺖﻮﻤﻦﻔﻰﺍﻻﺮﺾﺤﺘﻰ‬
‫ﺍﻠﺤﻴﺘﺎﻦ׃ﺍﻤﺎﺒﻌﺪ‬

Hadrotal mukaromin wal muktaromin poro ngalim poro ngulama aladzinahum warosatul ambiya
ingkang tansah dipun mulyaaken dening Alloh SWT, wabil khusus dumateng panjenenganipun
alkarim romo Ky. ................................. saking........................ ingkang kito ajeng-ajeng maungidzoh
khasanahipun soho ingkang tansah kawulo ajeng-ajeng barokah pando’a ngilmu manfa’atipun,
dumateng panjenenganipun romo Ky. Habib Suhada minongko pengasuh Pondok Pesantren
Roudlotul ‘Ulum soho imam Masjid Baitussalam ingkang dahat kinurmatan soho ingkang tansah
kawulo ajeng-ajeng barokah pando’a ngilmu manfa’atipun, poro bapak Kyai sanesipun ingkang
mboten saged kawulo wiji naminipun ugi ingkang tansah kawulo ta’dimi, poro sesepuh pine sepuh
ingkang dahat kinabekten, dumateng Pengurus Muslimat NU Ranting Desa Bulusari ingkang kawulo
hormati, dumateng aparatur pemerintah sae sipil menopo dene ABRI ingkang kawulo hormati,
dumateng bapak kepala desa sa’perangkatipun ingkang Insya Alloh kawulo taati menggah peraturan-
peraturanipun, sumrambah dumateng poro bapak lan poro ibu hadirin wal hadirot tamu undangan
ingkang kawulo hormati, mboten kesupe dumateng poro remaja pemuda dan pemudi harapan bangsa
ingkang kawulo tresnani soho ingkang kawulo banggaaken..

Wonten ing kawitanipun atur kawulo ngajak dumateng poro rawuh sedoyo monggolah kito
sareng-sareng raos pujisyukur biqaulina Al hamdulillahirobil’alamin kehadirat Alloh SWT, ingkang
paring pinten-pinten rohmat, taufik, serta hidayahNya dumateng kito sedoyo, sehiggo kito saged
makempal wonten ing meniko majelis ingkan mulya dalam
rangka ................................................................., mugio-mugio perkempalan wonten ing .............
meniko sagedo andadosaken ‘amal silturrohim Allohuma..... amiin.

Sholawat soho salamipun Alloh mugio katur konjuk dumateng jujungan kito baginda nabi agung
Muhammad SAW, inggih meniko salah setunggalipun nabi ingkang sampun berhasil mbeto umatipun
awit saking jaman jahiliyah ngantos dumugi jaman islamiyah, lan mugi-mugio kito sedoyo tergolong
umatipun ingkang bade nampi syafa’at mbenjang wonten yaumil qiyamah Allohuma..... amiin

Hadirin wal hadirot rokhimakumulloh ..... monggo wonten akhir tahun meniko kito tingkataken
anggene bibinau ngilmu sebab sampun dipun sebataken wonten ing hadist :

‫ﻂﻠﺐﺍﻠﻌﻠﻢﻔﺮﻴﺿﺔ ﻋﻠﻰ ﻜﻞ ﻤﺴﻠﻢ ﻮﻤﺴﻠﻤﺔ‬


Murih ngilmu iku banget ferdune ingatase saben-saben tiang islam jaler lan tiang islam estri

Tegesipun kulo lan panjenengan sedoyo diwajibaken murih ngilmu sebab kitoniku gadah akal
ingkang sehat lan sampun baligh menawi mboten gadah akal sehat lan durung baligh dereng wajib
kanjeng nabi sampun dawuh :
‫ﺍﻂﻟﺑﻮﺍﻠﻌﻠﻢﻤﻦﺍﻠﻤﻬﺪﺍﻠﻰﺍﻠﻠﺤﺪ‬
Artosipun bibinahu siro kabeh ing ngilmu wiwit esih ono ing bandulan tumeko maring luang landa.

Poro rawuh ingkang kawulo hormati, ngilmu niku nur utowi pepadang utawi damar, sa’umpami
panjenengan mboten gadah ilmu utawi bodo berate panjenenangan mboten gadah nur utawi
pepadang sehinggo peteng. Dados menawi kito niku gadah ngilmu, gambaranipun kito mlampah ing
wekdal peteng (bengi) kanti kito sampun sedia pepadang utawi dammar insa alloh. Srono pepadang
meniko tindak lampaeh kulo lan panjenengan sedoyo saged wilujeng sangking samudayaning
beboyo.

Selebetipun hadirin wal hadirot rohima kumulloh……

Tiang ingkang bodo puniko dipun umpama aken kados tiang ingkang wuto (buta) samanten
ugi kalih tiang ingkang kagungan ilmu dipun umpama aken tiang ingkang aos. Gusti alloh sampun
dawuh:

‫ﻮﻤﻦﻜﺎﻦﻔﻰﻫﺪﻩﺍﻋﻤﻰﻔﻬﻮﻔﻰﺍﻻﺨﺮﺓﺍﻋﻤﻰ‬
Artosipun” sopo wonge wuto atawa buta ono ing dalem iki dunya momgko deweke ono ing
akherat dadi wongkang wuto. Lan nasib ipun wongkang wuto ono ing akherat bakal ciloko mongko
samio kerso bibinau ilmu(belajar ilmu) sebab sarono ilmu, gusti alloh bade minggahaken derajat ipun
lan mlebetaken kulo lan panjenengan sedoyo ing dalem suargo”.

Dawuhipun kanjeng Nabi Muhammad SAW:

‫ﻤﻦﺴﻠﻚﻂﺮﻴﻘﺎﻴﻠﻤﺲﻔﻴﻪﻋﻠﻤﺎﺴﻘﻞﺍﷲﻠﻪﻂﺮﻴﻘﺎﺍﻠﻰﺍﻠﺠﻨﻪ‬
Artosipun” sopo wonge ngambah dalan krono murih ngilmu mongko gusti alloh
nggampangaken marang wong mau ing dalane marang suargo, mulo penting sanget kangge tiang
islam jaleer lan estri bibinau ngilmu ningali marang agengipun manfa’atipun ngilmu sebab sopo wonge
ngamal mboten ngangge ngilmu mongko ngamal kulo wau mboten dipun tampi deneng alloh”.

Sebab kanjeng nabi sampun dawuh :

‫ﻫﻞﻴﻘﺒﻞﺍﷲﺍﻻﻴﻤﺎﻞﺍﻻﺒﺎﻠﻌﻠﻢ‬
Artosipun ”gusti alloh ora arep nrima ing ngamal ibadah kajawi kelawan ngilmu.

Cekap semanten ingkang saged kawulo aturaken dumateng panjenengan sedoyo, menawi anggene
kulo matur katah kelepatan ipun awit awal ngantos dumugi akhir kulo pribadi nyuwun agunging
pangapunten.

You might also like