You are on page 1of 2

Ir.

Soekarno

Ir Soekarno yaiku pahlawan proklamator kang nduweni jeneng cilik yaiku


Koesno Sosrodihardjo lair ing Surabaya, 6 Juni 1901-seda ing Jakarta, 21 Juni
1970 nalika umur 69 taun. Panjenengane minangka presiden wiwitan ing
Indonesia kang njabat nalika periode 1945-1966. Nduweni peran wigati bangsa
Indonesia saka panjajahan Belanda. Panjenengane minangka proklamator
kamardikan Indonesia bareng-bareng karo wakil presidhen wiwitan yaiku Drs.
Mohammad Hatta nalika tanggal 17 agustus 1945. Ir. Soekarno kang wiwitan
nyetusake konsep ngenani Pancasila minangka dasar Negara Indonesia lan
panjenengane uga kang njenengi.

Nalika jamane Presiden Soekarno, Panjenengane tapak asta Surat prentah


11 Maret 1966 utawa kang diarani Supersemar kang kontroversial, kang isine
adhedhasar versi kang ditokake markas Angkatan Darat kang isine nugasake
Letnan Jendral Soeharto kanggo ngamanake lan njaga kaamanan lan institusi
kepresidenan. Supersemar minangka pathokan Letnan Jendral Soeharto kanggo
mbubarake Partai Komunis Indonesia (PKI) lan ngganti anggota-anggotane
lungguh ing parlemen. Sawise tanggeljawabe ora ditrima dening Majelis
Permusyawaratan Rakyat Sementara (MPRS) nalika taun 1967, Soekarno
dilengserake nalika sidhang istimewa MPRS lan presidene banjur digantekake
dening Soeharto ing taun kang padha.

Presiden Soekarno minangka tokoh proklamator Indonesia kang nduweni


jasa kang gedhe, wis samesthine kudu dikormati lan dikenang. Panjenengane
minangka tuladha kang becik tumrap para pemudha bangsa Indonesia.
Panjenengane uga ngugemi tradhisi, minangka wong Jawa. Minangka rakyat
kang wicaksana, kudune rakyat nyonto tuladha sing becik lan ninggal sing ala.

Struktur Teks Profil Tokoh

Orientasi = Pengenalan, gambaran tokoh

Kadadeyan lan perkara = Kadadeyaan kang sedih, seneng, ngelingake


banget marang tokoh kasebut.

Reorientasi = pamanggihe panulis


Isine = Presiden Soekarno minangka pahlawan kang bisa
ditulad dening Bangsa Indonesia. Perjuwangane, kapamimpinane
agawe bangsa Indonesia urip, senajan lagi wae mentas dijajah.
Kadadeyan mbaka kadadeyan ora ndadekake Presiden Soekarno
wedi mbabat alas.

You might also like