You are on page 1of 3

TATA PANGABEKTI MINGGU PASKA

GKJ SUMBERAGUNG
“Nanggapi Wungunipun Gusti,
Ndhatangaken Kekiyataning Gesang”
21 April 2019
(Pmp = Pemimpin; Psw = Pasamuwan; P+P = Pmp+Psw)

1. Votum lan Salam (Pasamuwan jumeneng)


Pmp : Sumangga pangabekti Minggu punika sami kita sengker
kanthi pangaken :
P+P : Sang Yéhuwah ingkang nitahaken langit kaliyan bumi, punika tuking
pitulungan kita.
Pmp : Sih rahmat lan tentrem rahayu saking Allah, Rama kita, lan Gusti
Yésus Kristus, wonten ing para sadhérék (kula) sadaya.
P+P : (ngidungaken Amin, Amin, Amin)
4/4 do = C
. .
5 7 1 . │ 5 7 1 . │ 5 4 3 ││
A - min A - min A- min
2. Kidung Pamuji KPK 267 : 1,2,3
3. Angger – Angger Katresnan (kapimpin déning satunggaling pradata)
Prdt : Sumangga kita nelangsani dosa ingkang tinalesan angger-anggering
katresnan kapetik saking : Injil Matius 22 : 37 – 40

Paring wangsulane Gusti Yésus: “Sira tresnaa marang Allahira


klawan gumolonging atinira, gumolonging nyawanira lan
gumolonging budinira. Yaiku angger-angger kangng gedhé lan
luhur dhéwé! Déné angger-angger kang kapindho, kang padha
karo iku, yaiku: Sira tresnaa marang sapepadhanira, dikaya
marang awakira dhéwé. Kabèh isining Torèt lan kitabé para nabi,
iku gumantung karo angger-angger loro mau.”

Sumangga kita nyuwun pangapunten saking Gusti lumantar pandonga


Sesarengan ngrepekaken kidung panelangsa angka KPK 266 : 1
4. Pawartos Sih Rahmat
Pmp : Sumangga sesarengan nampeni Pawartos Sih ingkang kapetik saking :
Kolose 1 : 18
Panjenengane iku jumeneng dadi sesirahing sarira, yaiku pasamuwan.
Panjenengane dadi pambayun, kang ndhisiki wungu ing antarane
wong mati, mulane kasebut pinunjul piyambak ing antarane
samubarang kabeh.
Makaten sabdanipun Gusti.
Psw : Puji Sokur konjuk Gusti
5. Kidung Kasanggeman KPK 269 : 1,4
6. Pandonga (Pasamuwan lenggah)
7. Pisungsung
a. Pangatag (déning satunggaling pradata)
1 Korinta 15 : 55 – 57
Heh pati, ana ing ngendi kaunggulanmu? Heh pati, ana ing
ngendi entupmu? Mungguh entupe pati yaiku dosa, ing
pikuwate dosa iku angger-anggering toret. Nanging puji sokur
konjuk ing ngarsane Gusti Allah, kang paring kaunggulan
marang kita marga saka Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.
KPK 276 : 1-
8. Paladosing Pangandika (Pasamuwan lenggah)
1. Pamaosing Kitab Suci.
Lukas 24 : 1 – 12
Kapungkasan srana pratela : ingkang rahayu inggih punika ingkang sami
mirengaken pangandikanipun Allah lan ngéstokaken. Hosiana.
(Pasamuwan ngidungaken Hosiana, Amin)
4/4 do = C
. . .
1 . 2 3 5 │ 6 . 7 1 7 │ 1 . 7 6 5
Ho – si–a–na Ho – si–a–na Ho – si–a–na
. .
5 . 1 2 3 4 │ 3 . 5 1 5 │ 6 . 5 . ││
Ho– si– a–na Ho – si–a–na A – min
4 . 3 . │ 2 . 1 . │ 1 . . 0 ││
A – min A - min
2. Khotbah
3. Wekdal Ening
9. Pandonga
10. Kidung Panutup KPK 273 : 1,2,3
11. Pengaken Pitados Rasuli (Pasamuwan jumeneng)
12. Berkah
Pmp : Pangéran Yéhuwah maringi berkah dhateng panjenengan
Lan ngayomi panjenengan.
Pangéran Yéhuwah Nyunaraken cahyaning wedananipun
dhateng panjenengan lan maringi Sih rahmat.
Pangéran Yéhuwah nungkulaken wedananipun dhateng panjenengan
lan maringi tentrem rahayu. Amin.

P+P : (ngidungaken Amin, Amin, Amin)

You might also like