You are on page 1of 8

TATA PANGIBADAH MINGGU BIASA XXXI

10 November 2019
Tema
MEKARAKEN SEMANGATING GESANG
&
Khotbah
NDADOSAKEN GESANG LANGKUNG GESANG
Ayub 19:23-27a, Mazmur 17:1-9, 2 Tesalonika 2:1-5, 13 -17,Lukas 20:27-38

P = Pandhita/Pangkotbah; Ltg = Liturgos; Pr 1,2 = Pradata


Lk1,2= Lektor; Ps = Pasamuwan

PURWANING PANGIBADAH
a. Gladhen/Latihan Lagu-lagu Enggal
(15-20 menit saderengipun pangibadah kawiwitan)
b. Pariwara Trumrap Lampahing Pangibadah (menawi wonten).
c. Pandonga Konsistorium
(5 menit sakderengipun pangibadah kawiwitan, Pradata saha paladosing pangibadah
sanesipun ngawontenaken pandonga konsistorium wonten ing konsistori.)
d. Pawartosing Pasamuan (Pasamuwan Lenggah)
Pr1: Ngaturaken pambyawara, nengenaken ingkang perlu lan
tambahing pawartos
I MANUNGGIL
a. Bel/LoncengTimbalan Pangibadah
 Bel Kapisan . . . . . . . kaungelaken sepisan . . . . . . . . . .
(Pasamuan wonten ing swasana ening, nindakaken pandonga pribadi.)
 Bel kaping kalih . . . . . . . kaungelaken kaping 2 . . . . . . . . . .
(Liturgos lumebet wonten ing sasana panembah nyumet lilin, atur pambagyo
kanthi ngajak pasamuan miwiti pangibadah.)

Ltg: Pasamuwan ingkang kinasih ing Gusti Yesus Kristus, sumangga


pangibadah menika kita wiwiti kanthi ngrepekaken kidung KPJ
31:1,3
b. Kidung Pambuka (Pasamuwan Jumeneng)

1
SWAWI PRA SUCI NYAWIJI
1. Swawi prasuci nyawiji tunggal ati,
sami ngabekti memuji mring Gusti.
Ajrih, sumelang, sedhih, lan kasangsaran
ginantos kabegjan sihing Pangeran

Instrumen KPJ 31
Pangrukti, pangkotbah, saha para Pradhata mlebet ruang ibadah.
Sasampunipun Pengkotbah wonten mimbar, pasamuwan nglajengaken
ngrepekaken KPJ 31 :3

3. Di tansah ndedonga pasrah mring Sang Rama,


miwah rumantya nglawan mring panggodha.
Amrih saliring tyang kang samya nyipati,
dadya kepranan sami ndherek Gusti.
c. Votum
P: Pasamuan ingkang kinasih ing Gusti Yesus Kristus, sumangga
pangibadah menika kita sengker kanthi pangaken bilih: “Sang
Yehuwah ingkang nitahaken langit kaliyan bumi punika tuking
pitulungan kita.”
Ps:

d. Salam
P: “Sih Rahmat lan tentrem rahayu saking Allah, Rama kita lan Gusti
Yesus Kristus, wonten ing panjenengan sadaya.“
Ps: Lan wonten ing panjenengan ugi!

e. Introitus (Pasamuwan Lenggah)


Ltg: Pasumuwan ingkang kinasih, Minggu punika lumebet Minggu biasa
kaping XXXI, kanthi irah-irahan "MEKARAKEN SEMANGATING
GESANG" ing pangajab mberek pasamuan tetep tegen ing semangat
ingkang dipun gadhahi sanadyan ngadhepi pacoben saha karibedan
gesang lan mboten nglokro nalika nglawan pamblithuking iblis
(Lumebet Kidung tanpa pangatag)
Pasamuwan ngrepekaken Kinanthi Gusti

2
KINANTHI GUSTI
(Sentuh Hatiku)
Tuhu Sanget hangabekti, Sadaya ingkang dumadi ‘Tan kasepen ing ati,
Jantraning gesang iki Gusti hanjangkung mesthi
Kula hangrasa sayekti, Salebeting gesang iki Gusti tansah maringi, Margi
kang pinilih Awit welas lan asih
Reff. Gusti nyasmita rasa, Mranata cara ‘mrih dadi janmi setyo,
Pindho kencana rukmi Nyampurnani tuwung kang suci iki
Gusti maringana margi, Winihing kasih Tansah maringi asih,
Kadya ilining tirta Mili mintir tan kendat sora

f. Pengakening Dosa
P: Angger-anggeripun Gusti kapendhet saking Mateus bab 22:37-40
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira tresnaa marang Pangeran
Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging
nyawanira, sarta gumolonging budinira. Yaiku angger-angger kang
gedhe lan luhur dhewe. Dene angger-angger kang kapindho kang
padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya
marang awakira dhewe. Kabeh isining Toret lan kitabe para nabi
iku gumantung karo angger-angger loro mau
(Pengkotbah njumbuhkaken kesekengan pribadi anggenipun ngetrapkaken angger-
anggeripun Gusti punika wonten ing salebeting pepadhanging tema ibadah minggu
punika, kalajengaken Pangkotbah ngatak pasamuwan ndedonga sacara pribadi,
lajeng mungkasi pandonga pangaken dosa)
(Lumebet Kidung tanpa pangatag)
Pasamuwan ngrepekaken Kidung Panalangsa KPJ 51:1,2

GUSTI MUGI MIRSANI


1. Gusti mugi mirsani nggen kula kesrakatan.
Kula mlajeng mring pundi, namung dhateng Pangeran.
Nyuwun tulung, dhuh Allah mugi nglanting kawula
sing sagung karibedan, dimenpulih lejara.
2. Tan wonten pangauban, seè stu namung Paduka,
etuking pitulungan tumrap tyang kang nalangsa.
Yeè n kegunturan sedhih miwah nandhang sangsara.

3
sinten kang nglipur malih, inggih namung Paduka.

g. Pawartosing Sih Rahmat (Pasamuwan Jumeneng)


P: Pawartosing sih rahmat, saking Kitab Yokanan bab 3:16
"Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti
masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang
pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging
nduwenana urip langgeng."
Makaten pawartosing sih rahmatipun Gusti!
Ps: Syukur dhumateng Gusti!

Pandhita ngatak Pasamuwan samidéné sesalaman lan pratela


“Tentrem Rahayu.”
(Lumebet Kidung tanpa pangatag)
Pasamuwan ngrepekaken kidung pamuji KPJ 96:1,2

TYAS KITA DIMÈN SLAMANYA BUNGAH


1. Tyas kita dimeè n slamanya bungah lan sukarena,
deé neé Sang Rama ing swarga nganggep putra mring kita.
Reff:
Mara tansah abebungah saben dina antuk trang
Dalaning urip eé ndah apadhang, mara tansah deè n girang
2. Hyang Agung kang njangkung kita, rineksa ing panggoda.
Sih-rahmatnya kang anglipur, paring kuwat-santosa.
Reff:
(Pasamuwan lenggah)
II PAMEDHARING SABDA
a. Pandonga Kolekta/Presidium Pambuka
P: Ngaturi Lektor mapan wonten panggenan ingkang sampun kacawisaken.
Ngunjukaken pandonga pambuka kanthi ngunjukaken panuwun syukur awit
timbalanipun Gusti ingkang kepareng ngempalaken umatipun, ugi dados
pandonga ingkang nglantaraken paladosing pangandika/Sabda.
b. Waosan 1(Sejarah)
4
Lk1: Pasamuan ingkang kinasih ing Gusti Yesus, jumbuh kaliyan
waosan leksionari ingkang kita ginakaken, dhasaring kotbah
dinten punika kapendhet saking 4 waosan. Waosan Kitab Suci
ingkang sepisan kapendhet saking Kitab Ayub bab 19:23-27a
Makaten Sabdanipun Gusti!”
Ps : Syukur dhumateng Gusti!
c. Waosan Tanggapan
Lk2: Waosan tanggapan kapendhet saking Kitab Jabur bab 17:1-9

d. Waosan 2(Serat-serat Rasuli/Epistel)


Lk2: Waosan kaping kalih kapendhet saking Kitab 2 Tesalonika bab
2:1-5, 13 -17
“Makaten Sabdanipun Gusti!”
Ps: Syukur dhumateng Gusti!
e. Waosan Injil
P: Waosan Injil kapendhet saking Injil Lukas bab 20:27-38
Makaten Injilipun Gusti Yesus Kristus, “Ingkang rahayu inggih
punika tiyang ingkang sami mirengaken pangandikanipun Allah
lan dipun gatosaken. Haleluya!”
Ps :

f. Khotbah/Homili
“NDADOSAKEN GESANG LANGKUNG GESANG”
g. Wekdal Ening
h. Pangaken Iman Rasuli (Pasamuwan Jumeneng)

Ltg: Sumangga sesarengan kaliyan pasamuwanipun Gusti ing


sadhengahpapan lan sadhengah jaman, kita hayati tetunggilan
kita kaliyan para umatipun Gusti minangka peranganing
Grejanipun Allah ingkang Suci saha Tunggal, kanthi ngucapaken
Pangaken Iman Rasuli.
Ps: Ngikraraken Pengaken Iman Rasuli.
i. Pandonga Syafaat lan Pandonga Rama Kawula (Pasamuwan Lenggah)
5
P: Mimpin pandonga syafaat lan dipun pungkasi kanthi sesarengan
ngucapaken pandonga Rama Kawula

III PISUNGSUNG
a. Pecawisan
Pr2: Minangka dhasaring pisungsung kapendhet saking kitab
Rum bab 12:1-2 "Kang iku para sadulur, marga saka sih-
kamirahane Gusti Allah, aku pitutur marang kowe, padha
nyaosna badanmu minangka kurban kang urip lan suci, sarta
kang dadi keparenge Gusti Allah: yaiku pangibadahmu kang
sajati. Lan kowe aja madha rupa kaya jagad iki, nanging padha
salina marga saka budimu kaanyarake, satemah kowe bisa
niteni apa kang dadi karsane Gusti Allah, apa kang becik, kang
ndadekake keparenge Gusti Allah lan kang sampurna."
b. Pandonga Pisungsung (Pasamuwan Jumeneng)
Pr2: Ndedonga kagem pisungsung ingkang badhe kakempalaken
c. Ngempalaken Pisungsung (Pasamuwan Lenggah)
Pr2: Ngatak pasamuwan ngrepekaken Kidung KPJ 167:1-

KULA TANSAH NGRAOSKEN BINGAH


1. Kula tansah ngraosken bingah, wit sih kamirahaning
Allah ngganjar wilujeng dhateng kula lantaran kurbaning sang Putra.
Mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung,
wit yektine gesang kula namung krana lubering sihrahmatnya.
2. Kula tansah manggih kabegjan wit karoban ing kamirahan,
saliring kabetahan kula kacekapan ing wancinira.
Mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung,
wit yektine gesang kula namung krana lubering sih-rahmatnya.
3. Kula sinungan kasarasan krana sih-mirmaming Pangeran
temahan saged nambut kardi margining pikantuk rejeki.
Mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung,
wit yektine gesang kula namung krana lubering sih-rahmatnya.

6
d. Pisungsung Pepujen (Pasamuwan Lenggah)
Koor, Vocal Group lan warga ingkang badhe misungsungaken pepujenipun saged
kapapanaken ing bagian punika.

IV PANGUTUSAN LAN BERKAH


a. Pangutusan (Pasamuwan Jumeneng)
Ltg: Ngatak pasamuan nyawisaken manah lumebet dhateng pangutusan
kanthi ngrepekaken kidung pepujen KPJ 428:1

BINGAHA, SISAHA, GUSTI KULA PUJI


1. Bingaha, Sisaha, Gusti kula puji,
kang mranata gesang kula
Kula rinimatan klayan katresnan,
mila kula pasrah pangre'hnya
Reff:
Pasraha! Pasraha
ing sapangre'h e'
Kang Makwasa.

P: Pasamuan ingkang kinasih ing Gusti Yesus,kanthi pangibadah


punika,kita sami kabereg samia tetep semangat ingkang kita
gadhahi sanadyan ngadhepi pacobening gesang sarta mboten
nglokro semangatipun nglawan pamblithuking iblis.
Sapunika sumangga sami ngeneraken manah panjenengan
dhumateng Gusti!
Ps: Kawula ngeneraken manah dhumateng Gusti.
P: Dadosa seksinipun Sang Kristus!
Ps: Puji syukur konjuk Gusti!
P: Pinujia Gusti,
Ps: Sapunika lan salami-laminipun!
b. Berkah
P : Sapunika sami nampenana berkahipun Allah:
”Pangeran Yehuwah maringi berkah dhateng panjenengan lan
ngayomi panjenengan;
7
Pangeran Yehuwah nyunaraken cahyaning wedanananipun
dhateng panjenengan lan maringi sih rahmat;
Pangeran Yehuwah nungkulaken wedananipun dhateng
panjenengan lan maringi tentrem rahayu!”
P+Ps: Amin
V PURNANING PANGIBADAH
a. Kidung Panutup (Pasamuwan Jumeneng)
Tanpa pangatag pasamuwan mungkasi pangibadah
srana ngrepekaken kidung pepujen KPJ 428:2

BINGAHA,SISAHA,GUSTI KULA PUJI


2. Sapinten awrating momotan kawula
godha-rencana myang sisah,
ye'n kawula enggal mulat Sang Putra,
manah kula e'nthe'ng lan bingah.
Reff:
Pasrah a! Pasrah a
ing sapangre'h e'
Kang Ma kwasa.

b. Pandonga Pribadi (Pasamuwan Lenggah)


Pasamuwan lumebet ing wekdal ening, ndedonga saderengipun wangsul.

8
10

You might also like