You are on page 1of 8

Tata Pangibadah

Minggu Transfigurasi & Rahayu Tiyang ingkang Nyumerepi


Sakramen Bujana Suci Kamulyaning Allah
GKJ Ngento-ento 
Minggu, 14 Februari 2021

Katerangan:
Prdt= Pradhata PS = Pamedhar Sabda Psw = Pasamuwan S = Sedaya

PACAWISAN
 Bel 1x, Pasamuwan ndedonga sacara pribadi, para palados pangibadah
ndedonga sesarengan wonten konsisturi kapimpin dening Imam.

 Bel 2x, Pradhata maos Pawartos Pasamuwan lajeng ngaturi


Pasamuwan jumeneng kanthi ngrepekaken KPJ 455: 1

KIDUNG PAMBUKA (Pasamuwan Jumeneng) --- KPJ 455: 1


(Para peladosing pangibadah lumebet ing dalem pamujan)
VOTUM LAN SALAM (dening PS) (Pasamuwan Jumeneng)
PS : Sumangga pangibadah Minggu Transfigurasi lan Paladosan
Sakramen Bujana Suci punika, sami kita sengker kanthi pengaken;
“Pitulungan kita punika pinangkanipun saking Gusti Allah
ingkang nitahaken langit kaliyan bumi.” Sih-rahmat lan tentrem-
rahayu nunggil kaliyan para sedhèrèk sedaya!
Psw : Lan nunggil kaliyan panjenengan ugi.
S : (ngrepekaken; Amin…amin…amin.)

KIDUNG PAMUJI (Pasamuwan Lenggah) --- KPJ 59: 1


PANGAKEN DOSA (dening Imam) (Pasamuwan Lenggah)
a. Pamaosing Angger-angger Katresnan (Mateus 22:37-40)
22:37 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira tresnaa marang Pangeran
Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta
gumolonging budinira.
22:38 Yaiku angger-angger kang gedhe lan luhur dhewe.
22:39 Dene angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku:
Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe.
22:40 Kabeh isining Toret lan kitabe para nabi iku gumantung karo
angger-angger loro mau.”

b. Pandonga Pangakening Dosa


(Pasamuwan kaaturan ndedonga sacara pribadi, katutup dening Imam)

c. Kidung Panelangsa KPJ 60: 1


PAWARTOS SIH RAHMAT LAN PITEDAH GESANG ENGGAL
(dening PS) (Pasamuwan Lenggah)
a. Pawartos Sih Rahmat (1 Korinta 1:30)
30 Nanging awit saka Panjenengane kowe wus padha ana ing Sang
Kristus kang marga saka Gusti Allah wus dadi kawasisan tumrap kita.
Panjenengane wus ngleresake, nucekake sarta nebus kita,

b. Pitedah Gesang Enggal (1 Tesalonika 5:18)


18 Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang tinemu, awit iku kang
dikarsakake dening Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus tumrap
kowe.

c. Kidung Kesanggeman (Pasamuwan Jumeneng) --- KPJ 96: 1


ATUR PISUNGSUNG (dening Pradhata) (Pasamuwan Lenggah)
a. Ayat Pangatag Pisungsung (Jabur 50:23)
23 Sapa kang ngaturake pamuji minangka kurban, iku ngluhurake
Ingsun; sapa kang jujur lakune, karahayon peparinge Gusti Allah bakal
Suntedahake.”

b. Kidung Pisungsung KPJ 165: 1

c. Pandonga Pisungsung lan Epiklese (Pasamuwan Jumeneng)


PALADOSAN SABDA (dening PS) (Pasamuwan Lenggah)
a. Waosan Injil
PS : Waosan Injil dinten punika kapethik saking Injil Markus 9:2-9…
Gusti kamulyakake ana ing gunung
2 Sawise nem dina Gusti Yesus dhawuh marang Petrus, Yakobus
lan Yokanan supaya ndherek bebarengan minggah ing gunung
kang dhuwur, prelu miyambak. Tumuli Gusti Yesus santun rupa
ana ing ngarepe para sakabat mau.
3 Pangagemane katon putih memplak sumorot. Ora ana wong ing
donya iki kang bisa mutihake sandhangan nganti kaya mangkono.
4 Para sakabat banjur padha dikatingali Nabi Elia karo Nabi Musa,
kang lagi padha imbal pangandika kalawan Gusti Yesus.
5 Petrus nuli matur marang Gusti Yesus: “Rabbi, iba saenipun,
bilih kawula sami wonten ing ngriki. Prayoginipun kawula sami
ngadegaken tarub tiga, satunggal kagem Paduka, satunggal
kagem Nabi Musa, satunggalipun malih kagem Nabi Elia.”
6 Angone matur mangkono iku, marga ora ngreti, apa kang kudu
diaturake, saka anggone padha banget wedine.
7 Banjur ana mega teka ngayomi, lan saka ing sajroning mega iku
ana suwara kang kaprungu: “Iki PutraningSun kang Sunkasihi,
padha estokna dhawuhe.”
8 Dumadakan nalika padha nyawang ing sakubenge kono, banjur
wis ora ana kang katingal maneh, kajaba mung Gusti Yesus
piyambak.
9 Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yesus paring
piweling, aja ana kang kandha-kandha marang sapa-sapaa bae
bab apa kang mentas padha dideleng mau, nganti tumeka
Putraning Manungsa wis wungu saka ing antarane wong mati.

Mekaten sabdanipun Gusti. Ingkang rahayu inggih punika tiyang
sami mirengaken pangandikanipun Allah saha dipun gatosaken
ugi dipun lampahi ing gesang sak padintenanipun. Haleluya!
Psw : (ngrepekaken; Haleluya {3x})

b. Wedharing Sabda
“Rahayu Tiyang ingkang Nyumerepi Kamulyaning Allah”
c. Wekdal Ening
d. Pandonga Sokur lan Safaat tuwin Donga Rama Kawula
PALADOSAN SAKRAMEN BUJANA SUCI (Pasamuwan Lenggah)
KIDUNG PAMUJI --- KPJ 314: 1

KIDUNG PAMUJI --- KPJ 278: 1


KIDUNG PANGUTUSAN (dening PS) (Pasamuwan Jumeneng) ---
KPJ 158: 1

PENGAKEN PITADOS RASULI (dening Imam)

BERKAH (Pasamuwan Jumeneng)


PS : Sumangga kita sami nampi berkahipun Gusti;
“Pangeran Yehuwah maringi berkah dhumateng kita lan ngayomi
kita; Pangeran Yehuwah nyunaraken cahyaning wedananipun
dhumateng kita lan maringi sih rahmat; Pangeran Yehuwah
nungkulaken wedananipun dhumateng kita lan maringi tentrem
rahayu; wiwit sakpunika dumugi ing saklami-laminipun. Amin.

KIDUNG PANUTUP --- KPJ 436: 1



You might also like