You are on page 1of 7

TUGAS KELAS XII SEMESTER GENAP

JIWA KAPRAWIRAN MRING NAGARA

Purwaka pasinaon
Jiwa kaprawiran mring Negara ateges duweni rasa tresna marang Negara. Wujude menawa tanah aire kajajah
dening mungsuh kanga arep ngrebut Negara saka panguwasane pangarsane, minangka warga Negara kudu duwe
semangat kanggo mbela kanthi wani ngorbanake jiwa, raga lan bandhane kanggo kamuktene Negara. Kabeh kudu
gelem njaga katentreman, kaslametan lan karaharjaning Negara.
Jiwa kaprawiran iku kayadene unen-unen ‘sadumuk bathuk sanyari bumi, ditohi pati’ . Kademok sethithik
bathuk didumuk (dilecehke), utawa lemah sakgegem menawa diganggu, mula kudu dibela kanthi toh nyawa, menawa
diganggu utawa dijajah wong liya. Mula saka kui Negara kudu dibelani kanthi tumetesing getih kang pungkasan. Sebab
kuwi minangka wales budi marang Negara amarga saka rasa tresna marang tanah aire.
Negara kang ora dibela dening rakyate bebasan kapal tanpa anak buah lan nahkoda. Tansah mobat mabit
kagepyok dening ganase ombaking samodra perang. Wales budi mring Negara uga bisa kanthi nuwuhake rasa ayem
tentrem mring Negara, ndadekake Negara duwe martabat kang dhuwur. Ngudi pamarentahan kanga aman lan
tentrem. Minangka warga Negara kudu ‘memayu hayuning bawana’ ngupadi katentremanan lan kaendahaning ndonya
(Negara) supaya Negara tansah ‘tata, titi, tentrem, kerta raharja nindakake ukum kanti becik, wilujeng, ayem lan
tentrem. Saka ing kono bisa kacipta Negara kang ‘panjang punjung, pasir wukir loh jinawi’ Negara kang amba lan subur
makmur.
Mring Negara kudu tansah negengenake marang ‘laku utama’ tumindak kang adhedhasar budi pekerti kang
luhur. Duwe jiwa satriya lan mbela pemimpine sajroning mbentengi Negara saka ancamaning mungsuh nganti
tumetesing getih kang pungkasan. Marang pemimpin ‘laku utama’ kuwi sesambungan karo rasa urmat, patuh lan
njunjung dhuwur pakurmataning pangarsa. Sawijining pemimpin kang duwe jiwa kaprawiran kudu tansah nenimbang
tumindak kang becik lan ala. Sebab kaprawiran iku minangka sifat utawa bebuden kang kudu diduweni dening para
manggalaning jurit. Sifat perwira iku sifat ‘tatag tanggon’ ora ngucireng yuda. Perwira iku ora wedi kangelan lan tansah
mungkasi karya, disiplin lan ngugemi bebener. Perwira iku duweni rasa tanggung jawab kang gedhe, tansah njaga
martabate utawa harga dhirine lan adoh saka tumindak kang nistha. Upama nganti tumindak kang luput, wong sing
perwira mau wani ndhadha kaluputane lan siyaga nampa pidana kang bakal dipatrapake.
Bebuden kang kaya mangkono mau kudu diduweni dening para manggalaning jurit lan uga kudu diduweni
dening para menteri, kepala dhaerah para wakiling rakyat. Para pemimpin kudu nduweni jiwa kaprawiran. Saya dhuwur
kalungguhane, kudu saya kendel watak kaprawirane. Ing masyarakat kang sifate paternalistis iki pemimpin perlu
nyadhari menawa tindak tanduke tansah tinulad dening anak buah lan rakyate. Mula para pemimpin kudu bisa dadi
patuladhan kang becik marang rakyate. Tumrap putra siswa prayogane kudu bisa duwe jiwa kaprawiran ing antarane
kanthi nindakake paugeran utawa aturan kang ana ing sekolah. Ngajeni lan urmat marang para guru minangka laku
utama kang kudu tansah diutamakake.

Pakaryan 1
Sadurunge ngancik ing tembang kang ngemot ngudi kawruh, kanggo ngawiti pasinaon kang ancase supaya
nuwuhake pamawas lan presepsi, para siswa dijaluk mangsuli pitakon iki.
1. Apa tegese kaprawiran iku?
2. Miturut panemumu, pemimpin diarani perwira iku kang kepiye?
3. Miturut panemumu apa kang bakal dumadi yen warga Negara lan pemimpine ora duwe jiwa kaprawiran?
4. Tuduhna tuladha kang dumadi ing sakiwa tengenmu ngenani kaprawiran!
5. Sawijining ngelmu ing basa Jawa iku nyinau babagan tembang Dhandhanggula. Apa kang kokngerteni babagan
tembang Dhandhanggula?
6. Saka pangertenmu iku mbok menawa ana kang bisa nembang Dhandhanggula. Sokur bage nembangake karyane
dhewe kang wis tau dianggit!

Pakaryan 2
Ing trap iki para siswa dijaluk nyinau lan mahami perangan-perangan kang ana sesambungane karo tembang
Gambuh. Ing antarane yaiku pathokan tembang lan watak tembang.

1
mohon gambuh diganti dhandhanggula
1. Pangertene tembang dhandhanggula
Dhandanggula saka tembung dhandhang sayektine jenising kewan manuk kang saben menclok nyuwara nggaok
gaok, umume diarani manuk gagak. Saka tembung kuwi ndhandhang ateges cewer utawa seneng omong ing ngendi
paran. Gula ateges samubarang kang legi. Adhedhasar saka pangerten kasebut, dhandhanggula ngemu surasa
pitutur kang becik. Mula tembang dhandhanggula pantese kanggo aweh pitutur bab kabecikan. Tuladhane serat
Tripama kang ngandharake Dhandhanggula.
2. Pathokan tembang Dhandhanggula
Dhandhangula
Guru wilangan Guru lagu Guru gatra
10 i
10 a
8 e
7 u
9 i
10
7 a
6 u
8 a
12 i
7 a
3. Watak tembang Dhandhanggula
Watake tembang Dhandhanggula iku luwes, seneng lan gumbira. Trep kanggo ngambarake maneka warna swasana

4. Wos kang kamot ing tembang Dhandhanggula (Tripama)


 Serat Tripama ngandharake babagan patuladhan, tokoh kepahlawan saka crita Ramayana ing perangan lakon
“Sumantri ngeger”,”Kumbakarna Gugur”, lan crita Mahabharata lakon “Adipati Karna gugur”.
 Serat Tripama ngajarake wong kang ngabdi kudu duwe syarat sarana guna, kaya, lan purun. Dadi abdi iku kudu
pinter, bisa gawe sugih negarane, lan nurut marang Negara sarta rajane. Iku ginambarake dening tokoh patih
Suwanda kang bekti lan setya marang negarane. Kayadene tokoh Sumantri kang ngenger marang prabu Arjuna
Sasrabahu setya lan miturut kabeh dhawuh pangandikaning gustine.
 Serat Tripama uga ngajarake supaya dadi warga Negara kudu duwe sikep Nasionalisme kang wani ngetohke
jiwa lan ragane kanggo mbelani negarane. Sikep iki kayadene Kumbakarna kang mbelani Negara Ngalengka
saka pangamuke wadyabala Ramawijaya. Iki minangka wujud sikep nasionalisme.
 Patuladhan sabacute ing Serat Tripama, yaiku tokoh Adipati Karna. Tokoh iki minangka dadi sawijining punjer
crita Mahabharata ing perang Bharatayuda. Sanajan wis ngerti yen dheweke iku sedulur tuwane para
Pandhawa, nanging nalika perang Bharatayuda ora mbelani sedulure nanging mbelani Negara Ngastina kang
wis nggedhekake lan kang disuwitani.

Pakaryan 3
Ing ngisor iki bakal kababar tembang Dhandhanggula. Coba salah siji siswa macakake kanthi seru tembang iki,
sokur bage anggone macakake kanthi tetembangan, dene kanca liyane nyemak.
Tuladha tembang Dhandhanggula
2 5 6 6 6 1 1 1 1 1
Yog- ya- ni- ra Kang Pa- ra Pra- ju- rit
1 1 6 6 6 6 6 6 6 6
La- mun bi- sa si- ra a- nu- la- da
5 6 6 6 6 6 6 5 5
Duk- Ing ngu- ni Ca- ri- ta- ne
5 6 6 6 6 1 6
An- de- li- ra Sang Pra- bu
5 5 2 2 2 2 2 2 1 6

2
Sa- sra- ba- u ing Ma- es- pa- ti

1 2 2 2 2 2 2
A- ran Pa- tih Su- wan- da

1 1 y y 1 y t

Le- la- bu- ha- ni- pun

1 2 2 2 2 2 2 2
Kang gi- ne- lung tri pra- ka- ra

2 2 1 y y y y y y y 1 2 2

Gu- na ka- ya pu- ru- ne kang den an- te- pi

t y 1 y 2 1 y 1

Nu- ho- ni trah u- ta- ma

Gladhen
Sawise putra siswa nyinau lan mahami perangan babagan tembang Dhandhanggula, ing trap iki kanggo ngukur
sepira pangertenmu garapen gladhen ing ngisor iki!
Garapen miturut piterang iki! Garapen kanthi klompok!
1. Coba wacanen ukara-ukara ing perangan pratelan, banjur sebutna guru wilangan lan guru lagune!
No Pratelan Guru wilangan lan lagu
1 mring kang raka sira tan lenggana ……………………………………….
ing tekad datan purun ……………………………………….
Kumbakarna kinon mangsah jurit ……………………………………….
myang leluhuripun ……………………………………….
lan nolih yayah rena ……………………………………….
wus mukti aneng Ngalengka ……………………………………….
punagi mati ngrana ……………………………………….
mangke arsa rinusak ing bala kapi ……………………………………….
ing tekad datan purun ……………………………………….
nglungguhi kasatriyane ……………………………………….
2 Suryaputra Narpati Ngawôngga ……………………………………….
len yayah tunggil ibu ……………………………………….
aneng nagri Ngastina ……………………………………….
manggala golonganing prang ……………………………………….
ngalaga ing Korawa ……………………………………….
wontên malih kinarya palupi ……………………………………….
lan Pandhawa tur kadange ……………………………………….
suwita mring Sri Kurupati ……………………………………….
kinarya gul-agu ……………………………………….
Bratayuda ingadegken senapati ……………………………………….

3
Pakaryan 4
 Ing trap-trapan iki putra siswa bakal diukur sepira pangertene babagan amanat utawa pitutur kang kamot sajroning
tembang. Mula kanggo ancas kasebut wangsulana pitakon ing ngisor iki! Bisa digarap kanthi klompok! Yen wis
rampung bisa andharna kanthi lesan ing sangarepe kancamu!
 Nanging sadurunge ngancik merdekake surasane tembang, coba tulisen tembung-tembung kang kokanggep angel.
Golekana tegese luwih dhisik ing bausastra (kamus)!
Tuladhane:
yuda : perang
aji : utama
sira : kowe

Tembang Pratelan Werdine


Sepisan den mungsuhken kadange pribadi …………………………………………………………………………
aprang tandhing lan Sang Dananjaya …………………………………………………………………………
Sri Karna suka manahe …………………………………………………………………………
de gonira pikantuk …………………………………………………………………………
marga dennya arsa malês sih- …………………………………………………………………………
ira Sang Duryudana …………………………………………………………………………
marmanta kalangkung …………………………………………………………………………
dennya ngetog kasudiran …………………………………………………………………………
aprang rame Karna mati jinemparing …………………………………………………………………………
sumbaga wirotama …………………………………………………………………………

Amanat/pitutur kang kamot


…………………………………………………………………………………………………………………………..
…………………………………………………………………………………………………………………………..
…………………………………………………………………………………………………………………………..

Kapindho katri mangka sudarsaneng Jawi …………………………………………………………………………


pantes sagung kang para prawira …………………………………………………………………………
amirita sakadare …………………………………………………………………………
ing lelabuhanipun …………………………………………………………………………
aywa kongsi buwang palupi …………………………………………………………………………
menawa tibeng nistha …………………………………………………………………………
ina esthinipun …………………………………………………………………………
sanadyan tekading buta …………………………………………………………………………
tan prabeda budi panduming dumadi …………………………………………………………………………
marsudi ing kotaman …………………………………………………………………………

Amanat/pitutur kang kamot


…………………………………………………………………………………………………………………………..
…………………………………………………………………………………………………………………………..
…………………………………………………………………………………………………………………………..

 Sawise bisa ngandharake werdine tembang, gaweya pitakon kang sesambungan karo wos surasane tembang!

Pakaryan 5
Ing ngisor iki kababarake saperangan tembang Dhandhanggula kang ana ing Serat Tripama, setitekna banjur
gancarna tembang iki nganggo basamu/basa padinanmu! Supaya luwih cetha andharna kanthi lesan! Bisa dirembug
kanthi klompok!
a. lire lelabuhan tri prakawis

4
guna bisa saniskareng karya
binudi dadya unggule
kaya sayektinipun
duk bantu prang Manggada nagri
amboyong putri dhomas
katur ratunipun
purune sampun tetela
aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji
Suwanda mati ngrana
Gancaran : …………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………….
b. wonten malih tuladan prayogi
satriya gung nagri ing Ngalengka
Sang Kumbakarna arane
tur iku warna diyu
suprandene gayuh utami
duk wiwit prang Ngalengka
dennya darbe atur
mring raka amrih raharja
Dasamuka tan keguh ing atur yekti
dene mungsuh wanara
Gancaran : …………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………….

2. Saka tembang-tembang kang wis kokgancarake iku, wenehana tuladha kahanan ing sakiwa tengenmu kang
jumbuh/cocok karo surasane tembang! Bisa pakarti ing kluwargamu utawa tangga teparomu!

Pakaryan 6
Sawise nggarap saperangan gladhen kang cumawis, ing pakaryan 6 siswa kaanggep ngerteni babagan tembang
Dhandhanggula. Mula saka iku, kanthi mandhiri kadhawuhan :
1. Gawe tembang Dhandhanggula kanthi tema “kaprawiran” nggunakake basamu dhewe!

Pakaryan 7
1. Andharna kanthi lesan tembang kang wis digawe!
2. Aweha panyaruwe utawa panemu marang tembang kang digawe dening kancamu!

Wimbuh Kawruh
Ndhidhik bocah yektine ndhidhik supaya nduweni karakter sing becik carane maneka warna. Lumantar
kluwarga lan ing sekolah. Ing jaman kuna carane ndhidhik bocah umume sarana crita lan tembang. Dadi tembang
macapat kuwi yektine mung sarana kanggo ngajarake utawa ndhidhik karakter marang para mudha. Saktemene
kanthi nyinau serat Tripama nduweni ancas murih para mudha mangerteni marang piwulang-piwulang luhur kang
jumbuh karo karakter bangsa, sakabehing piwulang tundhone ndadekake karakter kang becik.

Pikolehing pasinaon
1. Siswa bisa ngerti tembang Dhandhanggula.
2. Siswa bisa ngerti pathokane tembang Dhandhanggula.
3. Siswa bisa gawe tembang Dhandhanggula kanthi tema tinamtu.
4. Siswa bisa ngerti pitutur kang kamot sajroning Tripama pupuh Dhandhanggula.

5
5. Ngadeg jejeging Negara iku gumantung saka setya lan puguhe warga negarane.
6. Minangka siswa duwe tanggung jawab nerusake perjuwangane para pahlawan kang gugur ing madyalaga.
7. Nduweni jiwa kaprawiran mring nagara.

Pakaryan 8
Gladhen kompetensi
I. Ing ngsior iki ana wangsulan sing bener, pilihen!
1. Tembung dhandhang ateges ….
a. manuk puter d. manuk jalak
b. manuk gagak e. manuk kenari
c. manuk prenjak
2. Tokoh kang gugur mbelani negarane saka pangamuke wadyabala Prabu Ramawijaya, yaiku….
a. Arjuna Sasrabahu
b. Adipati Karna
c. Patih Suwanda
d. Kumbakarna
e. Sumantri
3. Tuladha tokoh kang mbelani Negara tinimbang sedulure ing perang Bharatayuda, yaiku….
a. Arjuna Sasrabahu
b. Adipati Karna
c. Patih Suwanda
d. Kumbakarna
e. Sumantri
4. Pathokan tembang Dhandhanggula, yaiku….
a. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
b. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
c. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
d. 8a, 11i, 8i, 7u, 12a, 8u, 8a
e. 12i, 6a, 8i, 8a

yogyanira kang para prajurit


lamun bisa sira anulada
duk ing nguni caritane
andelira Sang Prabu
Sasrabau ing Maespati
aran Patih Suwanda
lelabuhanipun
kang ginelung tri prakara
guna kaya purune kang den antepi
nuhoni trah utama
5. yogyanira kang para prajurit ateges ….
a. becike kang ditindake para prajurit
b. Prabu sasrabahu ing Maespati
c. lelabuhan kaperang telung prakara
d. guna, kaya, purun kang diantepi
e. setya marang rajane
6. kang ginelung tri prakara ateges ….
a. becike kang ditindake para prajurit
b. Prabu sasrabahu ing Maespati
c. lelabuhan kaperang telung prakara
d. guna, kaya, purun kang diantepi
e. setya marang rajane
7. nuhoni trah utama ateges ….
a. becike kang ditindake para prajurit
b. Prabu sasrabahu ing Maespati

6
c. lelabuhan kaperang telung prakara
d. guna, kaya, purun kang diantepi
e. setya marang rajane

lire lelabuhan tri prakawis


guna bisa saniskareng karya
binudi dadya unggule
kaya sayêktinipun
duk bantu prang Manggada nagri
amboyong putri dhomas
katur ratunipun
purune sampun têtela
aprang tandhing lan ditya Ngalêngka aji
Suwanda mati ngrana
8. guna bisa saniskareng karya ateges ….
a. guna bisa ngrampungi gawe
b. dipersudi bisa dadi unggul
c. nalika biyantu prang ing negara Manggada
d. mboyong putri cacah wolung atus
e. perang tandhing klawan buta saka Ngalengka
9. duk bantu prang Manggada nagri ateges ….
a. guna bisa ngrampungi gawe
b. dipersudi bisa dadi unggul
c. nalika biyantu prang ing negara Manggada
d. mboyong putri cacah wolung atus
e. perang tandhing klawan buta saka Ngalengka
10. aprang tandhing lan ditya Ngalêngka aji ateges ….
a. guna bisa ngrampungi gawe
b. dipersudi bisa dadi unggul
c. nalika biyantu prang ing negara Manggada
d. mboyong putri cacah wolung atus
e. perang tandhing klawan buta saka Ngalengka

II. Wangsulana kang premati!


1. Apa kang dikarepake guna, kaya, purun iku?
2. Jlentrehna pathokane tembang dhandhanggula!
3. Gawea tuladhane tembang dhandhangula kang surasane “kaprawiran”!
4. Andharna sipat tokoh Kumbakarna, Adipati Karna, lan Sumantri!
5. Andharna wos surasane tembang iki nganggo basamu dhewe!
wontên malih tuladan prayogi
satriya gung nagri ing Ngalêngka
Sang Kumbakarna arane
tur iku warna diyu
suprandene gayuh utami
duk wiwit prang Ngalêngka
dènnya darbe atur
mring raka amrih raharja
Dasamuka tan keguh ing atur yêkti
dene mungsuh wanara

You might also like