You are on page 1of 9

Mlayua

Mlayua yen kudu mlayu


Tanpa rasa susah ing atimu
Anggawa katresnan kang gedhe,
Marang Pangeranmu

Mlayua yen kudu mlayu


Nanging aja lali tanggung jawabmu
Katingal ing sajroning ati
Marang sesepuhmu

Mlayua yen kudu mlayu


Kalakon nggawa imanmu
Kependhem ing ati cilik
Marang penuntunmu

Mlayua apa anane


Anggawa kaparingane ing awakmu
Kang karo sih kacipta ing donya
Mresep lakuning uripmu

Afina Maulida
Penjebar Semangat No.21
21 Mei 2011. Hlm.40

Omah
Rikala Aku lelungan…….
Adoh ……… tumuju papan liyan
Sing dakeling-eling kapan aku
Bali mulih menyang omah……….

Omah …..
Papan panggonan kanggo mulih
Papan panggonan kanggo ngenam penggalih
Papan panggonan kanggo ngarih-arih
Sakehing penggayuh kang lagi digalih
Omah …….
Sanadyan wujude amung prasaja
Sing baku bisa kanggo nata ayeming nala
Ora kudu mewah, njegregeg magrong-magrong
Kang bisa gawe merining liyan

Omah ……..
Digawe ora kudu nganggo dredah
Ora kudu nganggo sawiyah-wiyah
Apa maneh kudu nganggo njarah rayah
Apa iya bisa digawe berkah?

Omah ……..
Sing digawe ora kudu mewah
Berkah amarga dadi lambang kamulyan
Berkah amarga bisa njunjung drajat
Ora nglelara atine rakyat

Romaluatis
Panjebar Semangat No.21
21 Mei 2011, Hlm.40
AKSARA REKAN LAN AKSARA MURDA

A. Aksara Rekan
Ginanipun aksara Rekan
1. Kangge nyerat aksara konsonan saking basa ngamanca ingkang taksih
kaginakaken kados aslinipun
2. Aksara rekan saged dados pasangan lan saged dipunsukani pasangan, aksara reka
ugi saged diparingi sandhangan
3. Aksara rekan gunggungipun wonten gangsal, inggih menika k+ (kha) f+ (dza)
p+ (fa/va) j+ (za) g+ (gha).
Cak-cakanipun wonten seratan inggih menika :
Jeneng Wujud Wujud Tuladha
Aksara Aksara Aksara
Rekan Rekan Pasangan
kha k+ K+ Husnul khatimah
ausNulK+timh
dza f+ F+ Dzikir ing wulan Dzulhijah
f+iki/ai=wulnFu+lHijh
Fa / va p+ P+ Vitamin iku penting
p+tminHikupenTi=
Za j+ J+ Nabi Zakaria
!bij+kariy
Gha g+ G+ Ahmad Ghazali
AhmfG+j+li

B. Aksara Murda
Ginanipun aksara murda inggih menika kangge tata prungu utawi pakurmatan,
tuladhanipun kangge nyerat namaning Gusti, Ratu, Wali, Pusaka, Nagari, Asma, gelar,
papan panggenan, lembaga pamarentah lan Kitha. Aksara murda boten dipun-ginakaken
minangka panutuping wanda (suku kata).
Aksara murda gunggungipun wonten 7, inggih menika ! (na) @ (ka)# (ta) $ (sa) %
(pa) & (ga) * (ba).
Menika cak-cakanipun seratan aksara murda :
Jeneng Wujud Wujud Tuladha
Aksara Aksara Aksara
Murda Murda Pasangan
Na ! ! Natanagara
!tngr
Ka @ @ Kraton Ngayogyakarta
@][ton\ b[yo&-k/t
Ta # ° Temanggung
#em=gu=
Sa $ $ Sultan Agung
$ulTn\Agu=
Pa % ² Panembahan Senapati
%nembahan\![$npti
Ga & & Gunung Agung
&unu=Agu=
Ba * * Bale Pustaka
*[l%usTk
BEDANIPUN PASANGAN LAN SANDHANGAN

A. Pasangan
Pasangan menika dipunginakaken kangge nyigeg (mateni) wanda saderengipun supados
nggandhengaken kaliyan wanda salajengipun, kejawi wanda ingkang ngangge sandhangan
panyigeging wanda (wignyan, layar, lan cecak), dados pasangan menika ginanipun kangge
ngicali aksara swara ing satunggaling wanda lajeng dipunlajengaken wanda lajengipun.
Dene wujudipun pasangan aksara Jawi kados makaten :

H N C R K
F T S W L
P D J Y V
M G B Q Z

Cak-cakanipun wonten ing tembung

mangan bakwan mznBkWn


numpak sepur numPkSepu/
Jangan gori jz[nGori
mangkat sekolah m=ktSe[kolh

B. Sandhangan
Sandhangan inggih menika tandha ingkang kaginakaken kangge ngewahi swantenipun
aksara ingkang dipun-sandhangi. Sandhangan wonten ing paugeran tata tulis aksara Jawa
kaperang dados 3 warni, inggih punika:
1. Sandhangan Swara, kangge ngewahi swanten aksara miturut ungelipun vocal [i],
[u]. [è], [é], [e] lan [o]
nama wujudipun ungelipun Ing tembung waosipun
wulu ……..i i sisW siswa
suku ………u u sukun\ sukun
pepet ……….e ê sepet\ sêpêt
taling [………. é/è [t[mP témpé
Taling tarung [……….o o [sopn\ sopan

2. Sandhangan Sesigeg, minangka gantosipun aksara sigeg ha, ra lan nga nalika angsal
pasangan utawi pangkon.
nama wujudipun Ginanipun Ing tembung waosipun
Pangkon/ ……..\ Kangge bkWn\ bakwan
pangku panyigeg
wignyan ………h Ungelipun [h] gjh gajah
layar ….……/ Ungelipun [r ps/ pasar
cecak ……….= Ungelipun [ng] lw= lawang

3. Sandhangan Wiyanjana, minangka gantosipun aksara ra, re, saha ya nalika madeg
dados pasanganing aksara punika gadhah sipat wyanjana utawi lebur kaliyan tembung
ingkang dipunpasangi.
nama wujudipun Ginanipun Ing tembung waosipun
cakra ……..] Ungelipun [-ra] s]wu= srawung
cêrêt ………} Ungelipun [-re] k}teg\ krêtêg
pengkal ….……- Ungelipun [-ya] k-yi kyai
Omah
dening: Romaluatis

Rikala Aku lelungan


Adoh, tumuju papan liyan
Sing dakeling-eling kapan aku
Bali mulih menyang omah

Omah
Papan panggonan kanggo mulih
Papan panggonan kanggo ngenam penggalih
Papan panggonan kanggo ngarih-arih
Sakehing penggayuh kang lagi digalih

Omah
Sanadyan wujude amung prasaja
Sing baku bisa kanggo nata ayeming nala
Ora kudu mewah, njegregeg magrong-magrong
Kang bisa gawe merining liyan

Omah
Digawe ora kudu nganggo dredah
Ora kudu nganggo sawiyah-wiyah
Apa maneh kudu nganggo njarah rayah
Apa iya bisa digawe berkah?

Omah
Sing digawe ora kudu mewah
Berkah amarga dadi lambang kamulyan
Berkah amarga bisa njunjung drajat
Ora nglelara atine rakyat

Panjebar Semangat No.21


21 Mei 2011, Hlm.40
A. Purwakanthi
 Purwakanthi guru swara
a. Rikala Aku lelungan
Adoh, tumuju papan liyan
b. Papan panggonan kanggo mulih
Papan panggonan kanggo ngenam penggalih
Papan panggonan kanggo ngarih-arih
Sakehing penggayuh kang lagi digalih
c. Sanadyan wujude amung prasaja
Sing baku bisa kanggo nata ayeming nala
d. Digawe ora kudu nganggo dredah
Ora kudu nganggo sawiyah-wiyah
Apa maneh kudu nganggo njarah rayah
Apa iya bisa digawe berkah?
e. Berkah amarga bisa njunjung drajat
Ora nglelara atine rakyat
 Purwakanthi guru sastra
a. Konsonan l
Rikala Aku lelungan
b. Konsonan h
Sakehing penggayuh kang lagi digalih
c. Konsonan d
Digawe ora kudu nganggo dredah
d. Konsonan r
Apa maneh kudu nganggo njarah rayah
Ora nglelara atine rakyat
 Purwakanthi Lumaksita
a. Tembung omah
Rikala Aku lelungan
Adoh, tumuju papan liyan
Sing dakeling-eling kapan aku
Bali mulih menyang omah

Omah
Papan panggonan kanggo mulih
Papan panggonan kanggo ngenam penggalih
Papan panggonan kanggo ngarih-arih
Sakehing penggayuh kang lagi digalih

Omah
Sanadyan wujude amung prasaja
Sing baku bisa kanggo nata ayeming nala
Ora kudu mewah, njegregeg magrong-magrong
Kang bisa gawe merining liyan

Omah
Digawe ora kudu nganggo dredah
Ora kudu nganggo sawiyah-wiyah
Apa maneh kudu nganggo njarah rayah
Apa iya bisa digawe berkah?

Omah
Sing digawe ora kudu mewah
Berkah amarga dadi lambang kamulyan
Berkah amarga bisa njunjung drajat
Ora nglelara atine rakyat
b. Tembung papan panggonan kanggo
Papan panggonan kanggo mulih
Papan panggonan kanggo ngenam penggalih
Papan panggonan kanggo ngarih-arih
Sakehing penggayuh kang lagi digalih
c. Tembung berkah
Apa iya bisa digawe berkah?
Berkah amarga dadi lambang kamulyan
Berkah amarga bisa njunjung drajat
B. Dudutan/ amanat saking geguritan ing inggil inggih menika omah menika papan ing
pundi kita wangsul nalika saking kesah ing pundi kemawon. Omah minangka papan
kangge kempal kaliyan kulawarga, menggalih sedaya ingkang badhe katindakaken.
Mboten ngrampas lan ngrugekaken liyan. Menapa malih tumrap para pejabat lan wakil
rakyat, omah ingkang mewah menika mboten badhe berkah bilih ngrampas hakipun rakyat,
damel kuciwaning rakyat. Ingkang nama omah mboten kedah ingkang ageng lan mewah.
Ananging omah ingkang nentremaken menika omah ingkang prasaja, kadamel saking arta
ingkang halal, menika ingkang nama berkah.

Miturut pamanggih kula, teknik maos aksara jawa inggih menika langkung rumiyin
dipun-apalaken aksara carakanipun, kaliyan pasangan saha sandhangan, supados
samangke mboten perlu mbikak cathetan. Salajengipun nyobi maos tembung, frasa,
ukara lajeng teks. Anggenipun medhot tembung ing salebeting teks ugi kedah leres.
Titikanipun menika satunggal tembung inggih menika tembung kasebut wonten
tegesipun. Menawi mboten wonten tegesipun ateges pamaos menika klentu. Ingkang
baken, supados lancar anggenipun maos aksara jawa kedah asring gladhi utawi latihan
maos supados langkung apal kaliyan karakter-karakter panyeratipun aksara jawa.

You might also like