You are on page 1of 6

“LOMBA MENDONGENG BERBAHASA JAWA”

“CANDHI PRAMBANAN”

KAREPTA DENING
TRI HARYATI, S.Pd.

CATURTUNGGAL DEPOK SLEMAN


YOGYAKARTA
2017
CANDHI PRAMBANAN

Kanggo ngisi dina prei ing semester ganjil, kelasku ngenengake karya wisata ing
wewengkan ngayogyakarta yaiku Candhi Prambanan jam 06.30 aku lan kanca-
kanca wis padha kumpul ing sekolahan, sadurunge munggah ing bis, ibu guru
maringi dhawuh marang para siswa bab-bab sing mengko di tindakake ing papan
wisata. Sawise rampung, aku lan kanca-kanca di dhawuhi munggah ing jero bis,
lungguh ana palunggihan sing wis di tata. Sabanjure ibu guru ngabsen siji-siji para
siswa, kabeh wis komplit ora ana sing kliwatan.
Bu guru man-garsani pandonga. Rampung padonga, nuli bis mangkat tumuju ing
papan wisata, wiwid saka Cangkringan ngliwati kutha Yogya lan kutho
Kalasan.kira-kira jam 09.00 teka ing papan wisata yaiku Candi Prambanan aku lan
kanca-kancaku mlebu kanthi tertib.
Ing papan kono para siswa ndelok sesawangan kang ana sakiwo tengene candi Roro
Jongrang, kang miturut katrangan minangka Candhi Hindhu Yasane Wongso
Sanjaya. (Bu Guru nyritake marang bocah-bocah)
Ing Jawa Tengah ana zaman biyen ana kerajaan kang aran Pengging. Raja kuwi
dhuwe anak siji kang aran Joko Bandnung. Jaka Bandung kuwi cah enom sing kuat,
kaya dhene bapakne ya dhuwe aji-aji sing dhuwur malah aji-aji ne luwih dhuwur
saka bapakne, amerga Joko Bandung seneng meguru.
Joko Bandung wis ngancik gedhe durung gelem omah-omah. Sak mbanjure sang
raja ngundhang marang Joko Bandung.
“Joko Anakku” ngertio kowe kenapa aku ngundang kowe?” pitakon sang raja.
“Nyuwun pangapunten Rama Prabu….dalem dereng mangertos menawi badhe
dhipun timbali (ature Joko Bandung)
“Aku arep mangerteni nganti kapan anggonmu dhewekan, apa kowe ngenteni
nunggu aku mati, lagi bebrayan?”
“Nyuwun pangapunten Rama, derengwonten ingkang saktrep kaliyan manah kula”.
“Kula mboten badhe omah-omah sak derengipun Prambanan dawah wonten nagari
kawula.”
“Nanging tentarane dewe ora bisa ngalahke prajurit Raja Boko.”

1
“Menawi prajurit Pengging mboten saget kula piyambak ingkang badhe majeng
perang.”
“Sing nguwasani negari Prambanan kuwi ora sembarang raja.”
Deweke raja sing sekti mandraguna. Awake gedhe dhuwur koyo raksasa. Dalem
mboten wedi rama, kula badhe bidal wonten negari Prambanan saperlu nyusul Patih
Sindoro. Raja sing awake gedhe miwiti nyerang dhisik, mbanjur mlayu bantu ing
ngarep.
Raja Boko nangkap siji-siji tentara Pengging terus di uncalke. Tentara mau mati
mergo tibo neng lemah.
Dumandakan Joko Bandung, ngadang Raja Boko. Raja Boko nguncalke tangan
tengen sak perlu arep nekak gulune Bandung Bandawasa, nanging ora iso malah di
cekel lengene Raja Boko di uncalke ing prajurit Prambanan. Awake Raja Boko di
uncalke nganti lemes mbanjur mati.
Bandung Bandawasa nendang uga nglumpati awake, mbanjur Raja Boko muntah
getih lan mati ambruk ing lemah.
Ngerti rajane sing kuat mati dipateni marang Bandung Bandawasa, mula prajurit
Prambanan nrimo pasrah. Joko Bandung di terke ana ing istana, lagi mlebu istana
kaputren weruh Roro Jonggrang ayu banget.
Joko Bandung kasengsem mbanjur tresno lan pengin bebrayan marang Roro
Jonggrang.
“Dalem purun di pun dadosaken garwa nanging panjenengan paduka kedah saget
ndamel sewu candhi ugo sumur kanthi jero wektune sewengi (ature Roro
Jonggrang).
Mboten kanyono-nyono Joko Bandung nyanggupi penjaluke Roro Jonggrang
kaget, mergo candhi sing akeh wis arep rampung, Roro Jonggrang bingung,
mbanjur ngundang kepala dayang istana.
Roro Jonggrang bingung lan susah, mbanjur ngundang prawan-prawan deso
Prambanan saperlu numbuk pari lan nuthuki alu ing lesung, nganti krunggu swara
kang semrawut.
Nom-noman dusun di kongkon mbakar kayu lan tumpukan damen anak sisih wetan
Prambanan. Mergo swara lesung di thuthuki pitik lanang kabeh padha kaget,
lelembut padha mandeg gegawean dikiro wayah esuk weruh warno abang kaya

2
srengenge ing sisih wetan. Bandung Bandawasa ninggalke nom-noman, kudu
marani candhi cacahe kurang siji, dadi sewu. Nanging tekan nggone dino wis isuk
srengenge wis padhang jingglang.
Sawijine dina Roro Jonggrang teko ing ngarep Bandung Bandawasa.
“Raden Paduka saestu mboten saget nyekapi penjaluku”
“Kulo mangertosi menawi mboten wonten ingkang prayogi”.
(Ature Bandung Bandawasa)
Raden punika tiyang enem ingkang ngugemi janjinipun, sakmenika wayah enjang,
srengengene wis padhang njingglang.
Raden mboten saget nglaksanakaken ndamel sewu candhi.
Bandung Bandawasa ngadheg ana ing ngarep Roro Jonggrang (untune gemreget
arep nesu).
Roro Jonggrang keweden, terus mundur memburi, Bandung Bandawasa nyeraki
prawan sing di tresnani lan ngendika “Roro Jonggrang” kowe iku mung golek
alesan, nek ora gelem dadi bojoku kenopo kowe ora jujur.
Sak banjure Roro Jonggrang maleh dadi reco watu gedhe ana ing Prambanan.
Bandung Bandawasa marani bocah prawan ana sakiwo tengene Prambanan
ngonekake lesung.
Kanthi nesu prawan mau padha di sebratke marang Bandung Bandawasa “Kowe
kabeh padha ngrewangi Roro Jonggrang, tumindhak ora bener ngapusi. Saiki tak
sebratke kowe kabeh dadi prawan tuwo, kowe kabeh ora bakal bisa bebrayan nganti
tuwo”.
Kabeh mau critane asale Candhi Sewu utowo Candhi Roro Jonggrang.
Candhi pancen dudu mung tumpukan watu tinggalan jaman kuno, nangging
mujudake bangunan kuno sing ngemu makna lan minangka bukti sejarah peradaban
lan kebudayaan sing ora keno sirna, apa meneh musna di jarak.
Candhi Prambanan minangka salah sijining situs purbakala, Candhi Prambanan
mujudake potensi obyek wisata budhaya sing pantes yen di tata lan di mekarake
kanthi tetep nggatekake keasliane kahanan alam ing sakiwo tengene.
Sawise padha marem ana ing Candhi Prambanan ora krasa wis meh wanci sore. Bu
guru paring sasmita menawa para siswa supaya age-age munggah ana bis. Bis mulih
nuju Cangkringan.

3
Para siswa kaya-kaya wis ora duwe daya. Saking padha kesele, para siswa kaya ke
sirep banjur padha turu kabeh. Ngerti-ngerti bis wis tekan Cangkringan. Para siswa
mudhun saka bis, mulih marang omahe dhewe-dhewe.

DONGENG BOCAH KASIGET


CONDONG CATUR LOR MALIOBORO
KELADUK ING ATUR NYUWUN PANGAPURO

4
TEMBANG BOCAH

“RAMBUTAN”

Rambutanku wis genep


Wolu godhonge
Sesok mesti ngepang
Cawang-cawang
Angrembuyung
Sesok tak undhue
Sesuk tak bagehi
Bapak Simbok Mbakyu
Kakang sopo-sopo
Tak wenehi

You might also like