You are on page 1of 14

12/26/2017 BABAD KADHIRI | alangalangkumitir

BABAD KADHIRI

MAS KUMITIR ♦ AUGUST 7, 2009 ♦ 8 COMMENTS

i
5 Votes

Crita sawijining krajan ing wewengkon fiksi lan sujarah

Naskah Babad Kadhiri karyane MNg


Poerbawidjaja lan dirampungake dening
MNg Mangoenwidjaja ing Wonogiri lan
dibabar dening Boekhandel Tan Khoen
Swie Kediri taun 1932 mujudake naskah
kang ngandhut sujarah lan uga
ngandhut crita kang asipat fiksi.

Taun 2008 kapungkur, naskah Babad Kadhiri dibabar maneh dening


Boekhandel Tan Khoen Swie. Ing buku weton anyar iki perangan ngarep
tinulis ing aksara Latin nganggo basa Indonesia, dene ing mburi sinartan
naskah sing tinulis ing aksara Jawa.

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/07/babad-kadhiri/ 1/14
12/26/2017 BABAD KADHIRI | alangalangkumitir

Buku weton taun 2008 iki tetep tinulis minangka anggitane MNg
Poerbawidjaja lan MNg Mangoenwidjaja. Ing buku iki diriwayatake, MNg
Poerbawidjaja nampa prentah saka panguwasa pamarentah kolonial
Walanda supaya nglacak sujarah hadege Kutha Kediri utawa Nagari
Kadhiri.

Kanthi pambiyantune Ki Dermakandha, sawijining dhalang wayang klithik,


lan panabuh gamelan sing jenenge Sondhong, MNg Poerbawidjaja kasil
nyathet wawangunem antarane Ki Dermakandha lan Ki Buta Locaya (Kyai
Daha) sing mrasuk ing ragane Sondhong.

Asil wawangunem antarane Ki Dermakandha lan Ki Buta Locaya sing


mujudake titah alus kuwi mau sabanjure disampurnakake dening MNg
Mangoenwidjaja lan dianggit dadi naskah Babad Kadhiri.

Yen njingglengi kawitan panganggite naskah Babad Kadhiri sing


nggunakake sumber andharan saka sawijining titah alus sing jenenge Ki
Buta Locaya, tumrap nalar jaman modheren pancen bakal nuwuhake
pambiji yen naskah Babad Kadhiri iki kapetung naskah sing ora tinemu
nalar.

Prof Dr Edi Sedyawati, guru besar Fakultas Sastra Universitas Indonesia,


ing purwakaning buku Babad Kadhiri weton Boekhandel Tan Khoen Swie
taun 2008 nelakake yen naskah sing dianggep minangka “sujarah” hadege
Kutha Kadhiri iki pancen ngemot bab sing wor suh, kepara cengkah karo
nalar.
Naskah iki bisa dianggep minangka karya sujarah sing kudu didunungake
minangka karya fiksi. Nanging bisa uga didunungake minangka cathetan
kedadeyan lan pangeling-eling jaman kawuri sing temen-temen kedadeyan.

Kanthi mangkono tumrap saperangan paramaos, naskah Babad Kadhiri


bisa dianggep minangka crita fiksi, asil karangan. Ananging tumrap
saperangan pamaos liyane bisa dianggep minangka kronik sujarah.
Panganggep iki bisa wae tuwuh saka tembung “babad” ing irah-irahane
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/07/babad-kadhiri/ 2/14
12/26/2017 BABAD KADHIRI | alangalangkumitir

naskah.
Nanging ing kolofon teks naskah iki nyebut minangka crita pedhalangan. Iki
nuduhake yen apa sing dicritakake pancen mung wates rekan utawa
karangan. Dene sumber critane uga bisa dianggep minangka wates rekan
utawa karangan.

Ngemot crita kang wus kababar ing naskah sing luwih tuwa

Yen ditliti kanthi permati naskah Babad Kadhiri cetha yen asumber budaya
lisan. Nanging ing isine naskah uga katon yen njupuk sumber saka naskah
utawa teks liya.
Ana sesambungan antarane teks siji lan sijine ing Babad Kadhiri.

Ing antarane naskah utawa teks sing sinebut minangka sumber yakuwi
Serat Aji Pamasa, Serat Jangka Jayabaya lan Babad Tanah Jawi. Uga ana
liyane sing kasebut, yakuwi Serat Jayakusuma. Serat Sastramiruda uga
sinebut ing Babad Kadhiri kanthi paraga sing duwe gelar Panji.

Ing pungkasan karyane, Mangoenwidjaja nelakake yen Babad Kadhiri lan


buku sambungane, Kalam Wadi, minangka “cariyos pedhalangan”.
Saengga ing kana kene bisa ora cocog kalawan naskah sing wus luwih
dhisik dimangerteni bebrayan agung, yakuwi Pustaka Raja, Babad Tanah
Jawi lan Babad Demak.

Maca Babad Kadhiri kudu tanpa sinartan karep kanggo ngudi bebener asal
usule papan kadidene pangerten ing ilmu sujarah. Babad Kadhiri mung bisa
ditegesi minangka perkara wewangunan budaya. Utawa bisa uga kanggo
ndhudhah perkara ing wewengkon budaya.

Ing perangan liya ana panganggep yen Babad Kadhiri tetep bisa
didunungake minangka tilasing sujarah sing ditinggalake dening bebrayan
agung Jawa kanthi basa lan cara mikir sing mligi, kebak cangkriman lan
kadhangkala cengkah kalawan nalar wong sing urip ing jaman modheren.

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/07/babad-kadhiri/ 3/14
12/26/2017 BABAD KADHIRI | alangalangkumitir

Kanthi mangkono, naskah Babad Kadhiri pancen karyane MNg


Poerbawidjaja lan MNg Mangoenwidjaja, nanging intine crita sing dibabar
wus ana lan lestari ing crita pedhalangan sing wus dudu barang aneh
tumrap para “kawula”.

MNg Poerbawidjaja bisa ditegesi mung wates ngimpun lan nulis tilasing
sujarah hadege Kadhiri sing wus direkam ing kalangan “kawula” ing wujud
crita asal-usule sawijining desa (aetiologi), dhudhahan sawijining aran
utawa jeneng (hermeneutika), legenda, mitos, crita rakyat lan crita babad
sing sabanjure diracik dadi Serat Babad Kadhiri.

Paraga Buta Locaya sing sinebut minangka sing njaga lan ngreksa tlatah
Kediri kanyata ora mung kasebut ing Babad Kadhiri. Jeneng Buta Locaya
uga sinebut ing naskah kuna Kidung Purwajati sing ngemot jeneng-jenenge
ratu jin panguwasa Pulo Jawa.

Kanthi mangkono ana dudutan yen jeneng Buta Locaya kuwi dudu
karangane MNg Poerbawidjaja, amarga wus dikenal ing naskah sing luwih
tuwa. Crita babagan Krajan Medhangkamulan sing dikuwasani dening
Prabu Sindhula kang nurunake Dewata Cengkar uga ora mung kaemot ing
Babad Kadhiri.

Lelakon uripe Sri Jentayu memper lelakon uripe Airlangga

Crita babagan Krajan Medhangkamulan sadurunge wus kaemot ing Serat


Kandha, Babad Tanah Jawi, Babad Sangkala lan naskah-naskah kuna
Cirebonan.

Mangkono uga babagan critane leluhuring para raja kang lair saka limang
sedulur Prabu Among Tani, Sandhang Garba, Karung Kala, Petung Malaras
lan Sri Sendayu mujudake jeneng-jeneng kuna sing cinathet ing tradhisi
naskah raja-raja Jawa lan Sunda, kayadene kang bisa diprangguli ing

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/07/babad-kadhiri/ 4/14
12/26/2017 BABAD KADHIRI | alangalangkumitir

naskah kuna Carita Parahyangan, Babad Tanah Jawi, Sejarah Dalem, Serat
Kandha lan sapiturute.

Sing kapetung narik kawigaten ing Serat Babad Kadhiri yakuwi gegayutan
Prabu Sri Jentayu sing duwe anak cacah lima. Yakuwi Rara
Suciwanungsanya, Raden Lembu Amiluhur, Raden Lembu Amerdadu,
Raden Lembu Pangarang lan Raden Lembu Amerjaya.

Rara Suciwaningsanya ngucap sumpah ora gelem urip bebrayan karo priya
lan luwih seneng mertapa. Raden Lembu Amiluhur jumeneng nata ing
Jenggala jejuluk Prabu Dewakusuma.Raden Lembu Amerdadu jumeneng
nata ing Daha jejuluk Prabu Pujaningrat. Raden Lembu Pangarang
jumeneng nata ing Ngurawan jejuluk Prabu Pujadewa lan Raden Lembu
Amerjaya jumeneng nata ing Panaraga jejuluk Prabu Pujakusuma.

Perangan iki narik kawigaten jalaran Sri Jentayu kuwi jeneng enome
Airlangga nalika mundur saka dhampar keprabon lan madeg pandhita. Anak
wadon pambarepe Sri Jentayu sing jenenge Rara Suciwanungsanya, sing
uga madeg pandhita lan ora urip bebrayan kalawan priya, padha karo anak
wadon pambarepe Airlangga sing dadi Biksuni Kilisuci, yakuwi
Sanggramawijaya Dharmaprasada Utunggadewi.

Dene anak nomer lorone Sri Jentayu sing jenenge Raden Lembu Amiluhur
lan jumeneng nata ing Jenggala jejuluk Prabu Dewakusuma, memper karo
anak nomer lorone Airlangga sing jumeneng nata ing Jenggala, yakuwi Sri
Samarakarma Mapanji Garasakan.

Dene anak nomer telune Sri Jentayu sing jumeneng nata ing Daha jejuluk
Prabu Pujaningrat, memper karo anak nomer telune Airlangga sing
jumeneng nata ing Daha, yakuwi Sri Samarawijaya Dharmasuparnawahana
Tguh Uttunggadewa. Anak nomer papate Sri Jentayu sing jumeneng nata
ing Ngurawan jejuluk Prabu Pujadewa memper anak nomer papate
Airlangga sing jumeneng nata ing Gelang-gelang, yakuwi Sri Maharaja
Alanjung Ayes sing sabanjure dadi raja ing Jenggala.

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/07/babad-kadhiri/ 5/14
12/26/2017 BABAD KADHIRI | alangalangkumitir

Lan anak nomer limane Sri Jentayu sing jumeneng nata ing Panaraga
jejuluk Prabu Pujakusuma, memper anak nomer limane Airlangga sing dadi
raja ing Wengker, yakuwi Sri Jayawarsa Digjayasashtraprabhu. Mempere
jeneng lan kedadeyan kang tinulis ing Babad Kadhiri ora mung wates
mbeneri, ananging bisa dipindeng minangka perangane ”tilas sujarah” sing
bisa dilacak saka adate kawula sing kerep nyampur antarane kedadeyan
sujarah, legenda, dongeng asal-usule papan, mitos, gugon tuhon sing
adhakan lelandhesan othak-athik gathuk.

Ana telung jinis Serat Jayabaya utawa Jangka Jayabaya

Ing andharan bab legenda Kediri sing dadi perangan kawitan ing Babad
Kadhiri dicritakake menawa Buta Locaya mbabar andharan babagan
dumadine tlatah Kediri.

Miturut Bota Locaya sing micara lumantar ragane Sondhong lan banjur
wawangunem kalawan Ki Dermakandha sing memba-memba dadi MNg
Poerbawidjaja, ya dheweke kuwi sing ngawiti mbabat alas mbukak tlatah
Kediri.

Sadurunge dadi titah alus sing nguwasani tlatah Kediri nganti saiki, Buta
Locaya kuwi manungsa lumrah sing jenenge Kyai Daha. Kyai Daha duwe
sedulur sing jenenge Kyai Daka. Wong loro iki bebarengan mbabat alas ing
cedhake Kali Kediri utawa Kali Brantas kanthi tujuwan arep didadekake
papan dunung.

Sabanjure wong loro iki ditekani Sang Hyang Wisnu kang medhar sabda
arep ngejawabtah dadi manungsa lan arep jumeneng nata ing papan ding
digawe dening Kyai Daha lan Kyai Daka kuwi. Wusana Sang Hyang Wisnu
ngejawantah lan jumeneng nata ing Kediri jejuluk Prabu Sri Aji Jayabaya.

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/07/babad-kadhiri/ 6/14
12/26/2017 BABAD KADHIRI | alangalangkumitir

Nalika kuwi Sang Hyang Wisnu paring jejibahan marang Kyai Daha supaya
ngreksa tlatah Kediri saklawase. Yen Kyai Daha wus tumekaning janji,
dheweke bakal moksa lan malih wujud dadi titah alus sing bakal njaga tlatah
Kediri saklawase lan salin jeneng dadi Buta Locaya. Dene sedulure, Kyai
Daka, sinengkakake ngaluhur dadi senapati kanthi jejuluk Kyai Tunggul
Wulung. Jeneng Kyai Daka wusana didadekake arane desa, yakuwi desa
Daka.

Miturut katrangan ing Kitab Ajipamasa sing sepisanan dadi raja ing
Mamenang (Kediri) yakuwi Prabu Gendrayana. Raja Kediri sepisanan iki
duwe anak Prabu Aji Jayabaya, panjilmane Bathara Wisnu, dadi dudu
Wisnu sing ngejawantah.

Dununga Krajan Kediri kuwi ing sawetane Bengawan lan sinebut


Mamenang utawa Daha. Mamemang kuwi arane sawijining krajan. Dene
Daha kuwi arane sawijining tlatah, dhaerah utawa nagari. Sinebut
Mamenang jalaran nalika kuwi pancen mujudake negara sing tansah
menangan. Prabu Jayabaya kondhang ing tanah Jawa lan gedhe
perbawane tumrap raja-raja ing Jawa.

Prabu Aji Jayabaya duwe anak wadon sing jenenge Mas Ratu
Pagedhongan. Sang Prabu lan anake wadon kerep nglelipir dhiri ing
pesanggrahan Wanacatur. Saben tumeka ing Wanacatur, Sang Prabu
Jayabaya ora tau mangan sega, nanging mung wates mangan bubur pathi
kunir lan temu lawak. Dene para abdi dalem mangan sega jagung. Sang
Prabu uga ora tau mangan daging kewan lan iwak loh apadene iwak laut.

Hamula kuwi ing kidul wetan Kutha Mamenang ana desa sing arane Desa
Kunir lan Desa Lawak jalaran desa kuwi ngasilake pametu sing dadi
kekaremane Sang Prabu Jayabaya, yakuwi kunir lan temu lawak. Miturut Ki
Buta Locaya, Sang Prabu Jayabaya iki sing nganggit Jangka Jayabaya
utawa Serat Jayabaya.

Tilas Krajan Mamenang musna jalaran kurugan lahar


https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/07/babad-kadhiri/ 7/14
12/26/2017 BABAD KADHIRI | alangalangkumitir

Serat Jayabaya ana telung jinis. Sepisan, anggitane Syeh Sebaki utawa
Syekh Subakir, utusane Sang Prabu Ngerum utawa Hadramaut kang
menehi tumbal tanah Jawa lan dipasang ing Gunung Tidar, Magelang.

Kaloro, Serat Jayabaya anggitane Prabu Jayabaya sing uga kondhang


kanthi sebutan Serat Jayabaya utawa Jangka Jayabaya.

Lan sing katelu, anggitane Pangeran Banjaransari, ratu Jenggala sing


sabanjure pindhah ing Krajan Galuh. Anggitane Pangeran Banjaransari iki
sinebut Surat Jayabaya, jalaran antarane Prabu Jayabaya lan Pangeran
Banjaransari kuwi sejatine padha. Pangeran Banjaransari kuwi titisane
Prabu Jayabaya.

Sawise ganti ratu kaping pitu, sing jumeneng nata yakuwi Raja Sindhula.
Raja iku moksa lan diganti Prabu Dewata Cengkar. Sabanjure digenteni
dening Ajisaka, raja sing ora ana sesambungan trah kalawan raja-raja
sadurunge.
Ajisaka nguwasani Krajan Mendang Kamulan sasuwene telung taun. Krajan
iki banjur dikuwasani dening Raden Daniswara, anake Dewata Cengkar,
sing sabanjure jejuluk Prabu Kaskaya utawa Prabu Maha Punggung.

Sabanjure digenteni dening anake, Prbau Kalapa Gadhing. Sing nggenteni


Prabu Kalapa Gadhing yakuwi Prabu Mundingwangi, digenteni maneh
dening paneruse, Prabu Mundingsari. Nalika umure krajan Mendang
Kamulan 120 taun, ditelukake dening Prabu Prawatasari, raja negara
Prambanan sing isih ana sesambungan trah kalawan Prabu Mundingwangi.

Krajan banjur dipindhah menyang Prambanan. Ing Mamenang (Kediri)


mung ana adipati sing dedunung ing Panjer. Krajan Mamenang ora
ninggalake tilas jalaran, miturut Ki Buta Lacaya, nalika wawangunem
kalawan Ki Dermakandha, wus kurugan lahar sing asale saka Gunung
Kelud.

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/07/babad-kadhiri/ 8/14
12/26/2017 BABAD KADHIRI | alangalangkumitir

Tilas Krajan Mamemang sing bisa kawruhan hamung candhi cacah papat
asil karyane Prabu Jayabaya. Candhi cacah papat kuwi yaiku candhi ing
Desa Prundung, candhi ing Desa Tegowangi, candhi ing Desa Surawana
lan candhi Arcakuda ing Desa Bogem. Candhi Arcakuda ing Desa Bogem
iki ngemot pralambang tinamtu.

Prabu Jayabaya nggawe candhi arupa patung jaran sing endhase loro
minangka pralambang negara Jawa. Bogem ateges papane mas-masan lan
inten barlean. Patung jarane diwenehi plangkan under kang ateges
larangan, pepacuh. Jaran tanpa dlamakan sikil ateges tanpa wewaton.
Endhas loro ateges ora jumbuh, karepe ing dina tembe wong-wong wadon
ing papan kono ora setya marang priya sisihane. Mangkono uga para
priyane.

Saka lelakone Dewi Sekartaji nganti madege krajan Islam Demak

Babagan kadipaten Panjer dicritakake nalika adipati Panjer sepisanan


mrentah ing Panjer, duwe kekareman adu pitik. Sawijining dina nalika rame-
ramene kalangan adu pitik ing pendhapa kadipaten, ana salah sijine pasarta
sing jenenge Gendam Asmarandana, asale saka Desa Jalas.

Gendam Asmarandana sing pancen bagus rupane kuwi wusana ndadekake


para wanita kayungyun, kalebu Nyai Adipati Panjer. Nyai Adipati sing weruh
baguse Gendam Asmarandana uga melu-melu kayungyun. Kuwi
ndadekake nesunya Adipati Panjer. Nalika Adipati Panjer sing nesu kuwi
arep merjaya Gendam Asmarandana kanthi kerise, Gendam Asmarandana
kasil endha lan suwalike kasil nyabetake pedhange ngenani bangkekane
Adipati Panjer.

Adipati Panjer sing kelaran banjur mlayu tumuju Sendhang Kalasan sing
duwe kasiyat bisa nambani kabeh lelara. Nanging durung nganti tekan
sendhang kasil disusul dening Gendam Asmarandana lan wusana mati.
Gendam Asmarandana sing weruh Adipati Panjer mati banjur mlayu tumuju

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/07/babad-kadhiri/ 9/14
12/26/2017 BABAD KADHIRI | alangalangkumitir

omahe nanging dioyak dening wong akeh. Gendam Asmarandana sing


keweden banjur njegur ing Sendhang Kalasan.

Wong-wong sing padha melu njegur ing sendhang, kepara ana sing nyilem
barang, tetep ora kasil nyekel Gendam Asmarandana. Wong-wong ngira
yen Gendam Asmarandana wus malih dadi danyang sing manggon ing
sendhang kuwi. Sabanjure kanggo ngeling-eling kedadeyan kuwi digawe
pepethan saka watu sing ditengeri kanthi aran Smaradana, mapan ing Desa
Panjer.

Negara Daha sing dumunung ing sisih kulone Kali Brantas, ing wetane
Desa Klotok lan Geneng banjur salin aran dadi negara Kediri. Miturut
andharane Ki Buta Locaya, nalika kuwi sing dianggep dadi sesepuhe tlatah
Pulo Jawa yakuwi Pandhita Rara Suciwanungsaya utawa Dewi Kilisuci.

Dewi Kilisuci mujudake wanita sing ora ngalami nggarapsari utawa sinebut
kedhi. Lan Dewi Kilisuci uga mujudake wanita sing mandhireng lan kuwawa
ngrampungake jejibahan lan gaweyan apa wae tanpa pitulungane liyan. Ing
budaya Jawa pawongan sing mangkene iki sinebut dhiri.

Wanita ing tlatah Kediri, miturut gotheking wong akeh, padha niru pribadine
Dewi Kilisuci. Akeh wanita Kediri sing rumangsa dhiri, rumangsa kuwawa
ngrampungi jejibahan lan gaweyan apa wae. Kalebu gaweyan lan
jejibahane priya. Nanging sing ditiru mung wates sikep dhiri-ne, yakuwi
sikep angkuh, adigang, adigung lan adiguna.

Sing ditiru dudu pribadine Dewi Kilisuci sing luhur, lila legawa ngorbanake
kadonyan lan dadi pandhita kang suci lair batin. Sabanjure sing seneng niru
tumindak lan pribadine Dewi Kilisuci kuwi ora mung para wanitane, nanging
ora sithik priya Kediri sing uga tiru-tiru dadi umuk, angkuh dan dhiri, nanging
dhiri-ne wanita.

Hamula, saben ana paprangan, yen sing nantang perang kuwi wong Kediri,
wong Kediri mesthi menang. Nanging yen wong njaban Kediri sing
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/07/babad-kadhiri/ 10/14
12/26/2017 BABAD KADHIRI | alangalangkumitir

ngrabasa utawa nantang luwih dhisik, wong Kediri lumrahe bakal kalah.

Sabanjure dicritakake lelakon antarane Dewi Kilisuci, Dewi Sekartaji, Raden


Panji Inu Kertapati lan kaanan Krajan Kediri lan Jenggala. Crita roman iki
wus menjila dadi crita klasik ing budaya Jawa. Kepara nganti saiki isih
lestari ing wujud wayang beber, kacihna wayang bebere dhewe prasasat
wus nyedhaki musna.

Ing perangan pungkasan Babad Kadhiri dicritakake surute Krajan Majapahit


nalika dirabasa dening Raden Patah sing sabanjure jumeneng nata ing
Demak. Miturut andharan ing Babad Kadhiri, wiwit madege Krajan Demak
engga Pajang, panguwasaning krajan ora gelem nampa wulang agama
Budha. Kabeh buku kang isi wulang agama Budha mesthi diobong nganti
musna.

Nalika madeg Krajan Mataram, wulang agama Budha bisa urip maneh ing
madyaning bebrayan agung Jawa. Lan ing jaman kuwi, ana kupiya
nglumpukake naskah-naskah kuna kang banjur dipasrahake marang para
pujangga. Sabanjure para pujangga kuwi sing nganggit naskah-naskah
anyar lelandhesan naskah-naskah kuna sing banjur dadi pakem utawa
babad sing kawruhan dening generasi wong Jawa jaman saiki.

Alang Alang Kumitir

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/07/babad-kadhiri/ 11/14
12/26/2017 BABAD KADHIRI | alangalangkumitir
Advertisements

Report this ad

Report this ad
POSTED IN: BABAD KADHIRI
TAGGED: AJARAN, ALANG, ALANG-ALANG, ALANG-ALANG KUMITIR,
ALANGALANGKUMITIR, ASMARADANA, BABAD, BALABAK, BUDAYA JAWA, BUDI,
DHANDHANGGULA, DURMA, FALSAFAH, FILOSOPI, GAIB, GAMBUH, GIRISA.,
HAHEKAT, JAVANESE CULTURE, JAVANESE MANUSCRIPTS, JURUDEMUNG, KAUTAMAN,
KAWRUH, KEJAWEN, KEKAWIN, KIDUNG, KINANTHI, KITAB, KUMITIR, LAYANG.,
LUHUR, MACAPAT, MAKRIFAT, MANTRA, MASKUMAMBANG, MEGATRUH, MIJIL,
MISTIK, MITOLOGI, NASKAH KUNO, NGELMU, PANGKUR, PEKERTI, PEMUT, PITUTUR,
PIWULANG, PRANATA, PRASASTI, PRIMBON, PUCONG, RAMALAN., RASA, RENUNGAN,
SASTRA, SASTRA JAWA, SEJARAH, SEJATI, SERAT, SINOM, SULUK, TAFSIR, WAHYU,
WEDARAN, WIRANGRONG, WIRID

8 Comments

1. Ravie Ananda
MAY 18, 2011 – 5:15 AM
sae sanget mas kumitir,
sedikit diskusi aja….menurut piwulang dan kawruh sangkan antara lan paraning dumadi, kang
den sebuk moksa / muskwa iku ilang sak ragane dadi titah alus, ya alusing kasar, dadi sak lawase
ora bakan bisa ngrasuki manjing mlebu ana ing ragane wong. Buta Locaya / Kyai Daha rak
moksha to…dadi kudune panjenengane sang linuhung buta locaya ora bakal bisa ditarik mlebu
ana ing raga manungsa sebab raga kasare taksih wutuh.nuwun
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/07/babad-kadhiri/ 12/14
12/26/2017 g g g g BABAD KADHIRI | alangalangkumitir

2. Herwasono Soedjito
APRIL 30, 2010 – 7:51 AM
Sebagai anak Kediri saya merasa tambah pengetahuan tentang kota kelahiran saya. Walaupun
masih ngerti bahasa Jawa, tapi merasa sulit untuk menuliskannya. Bangsa Indonesia seharusnya
sadar bahwa kekayaan budaya dalam kebhinekaan kita perlu “dileluri” diambil kearifannya dan
diimplementasikan di jaman moderen. Makin lama makin kentara manfaat budaya ini. Matur
nuwun sanget.

3. Suro Goib
OCTOBER 16, 2009 – 10:00 AM
nuwun

kula tiyang pati, gadhah seratan tangan babad pathi pesantenan ingkang pun serat (wekdal
karampungaken seratan menika 28 januari 1908)

Namung taksih kula sadur, amargi pun digrigiti rayap, buku menika tingggalanipun bu dhe kula.

Lan kula inggih nembe ngracik ‘pitutur’ babad pati.

Nuwun.

4. Melati
OCTOBER 10, 2009 – 6:54 AM
mas… pengen baca artikel ini tapi ga bisa bhasa jawa… :)…

klo berkenan di terjemahkan,, senang sekali.

trimakasi..

5. Ptisna
SEPTEMBER 13, 2009 – 7:47 AM
Mas Kalo berkenan Tulisan/artikel yang bahasa jawa tolong diterjemahkan juga ke dalam bahasa
Indonesia, Supaya saya dan kawan2 lain yang nggak mudheng boso jowo bisa juga menikmati,
memahami dan menjalikan budaya jawa benang merah ikatan tali persaudaraan dalam merajut
persatuan dalam ke Bhinekaan

salam persaudaraan jabat erat

6. Agus Parto
SEPTEMBER 10, 2009 – 4:51 AM
Mugi taksih kathah ingkang saged bagi ilmu budaya Jawi. Salam. Agus-balikpapan

7. Mas Sarmo
SEPTEMBER 8, 2009 – 3:05 AM
kawula enggal nyinau babagan jawa. nyuwun tatanan lan tuntunan, suwun

8. Kukuh
SEPTEMBER 1, 2009 – 12:44 AM
wah……. kula nembe nemokaken blog ingkang saestu nguri-nguri budaya Jawi. matur Nuwun.
nuwun sewu bilih wonten kalodhangan pun paringi carios babad Pati pesantenan. matur nuwun

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/07/babad-kadhiri/ 13/14
12/26/2017 BABAD KADHIRI | alangalangkumitir

















































https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/07/babad-kadhiri/ 14/14

You might also like