You are on page 1of 5

12/26/2017 NGAMBAH ALAM SUNYA RURI | alangalangkumitir

NGAMBAH ALAM SUNYA RURI

MAS KUMITIR ♦ JUNE 1, 2008 ♦ 9 COMMENTS

i
7 Votes

Merema Sing Ndipet

Manawi miturut pamanggih kula, ingkang tumindakipun sarwa-sarwi sruwat-sruwut, srengkat-


srengkot, rupak ing pangerti (manawi ginagas tansaya ngranuhi), rungsit (rekaos marginipun), tur
remit (bebasan madosi susuhing angin), werit (tebih sarta awrat kajangka gegayuhanipun),
wedharanipun rerumpakan “merema (mripat) sing ndhipet” punika mengku suraos bilih nalika
laku patrap semedi, meleng cipta, manembah lan memuji asmaning Hyang Suksma Kawekas,
tiyang kedah resik ing pangangen-angenipun, nora kasisiban ing pangajeng-ajeng, ateges estu
kedah suwung tanpa paminta punapa-punapa.

Sanadyan ta gelenging pikir namung angesthi kanugrahaning Gusti, punika sayegtosipun teksih
saged kinaran minangka salah satunggiling patrap ingkang taksih ngemu pamrih. Manawi taksih
jelalatan gicu, pamawasipun saged benten kaliyan panggraitanipun, ingkang sami winejang
meksa taksih badhe wonten bundhel nalaripun, temahan sami salang-surup dereng saged
hanampeni sasmitaning ngelmi ingkang winedhar.

Patrap mesubrata utawi mesuraga kedah estu-estu namung sumarah wasesane Hyang Kang
Akarya Jagad ngantos weninging jiwa karaos wus nyep ubaling napsu kekajenganipun, sucining
jiwa akarya nyawiji mring Hyang Widdhi, kawastanan Loroning Atunggal. Tentreming batin
dumunung ana ing sireping karep. Manawi hardhaning karep wus kinekes, ing pangajab sageda
manjing ing alam Sunya-ruri. Wonten pepenget mrih samya waspadha kang dinulu, amargi
jejering Suksma Murba, inggih dzat ora kasad mata, ora sipat, ora asma, tan kena kinaya ngapa,
punika anglimputi sabarang kalir ingkang gumelar ing jagad raya.

Ngeremake mripat sadhipet tamtu mboten ateges nglirwakaken kawaspadhan (kawaos: sureming
wawasan ingkang bener lan pener), amargi icaling kawaspadhan mahanani sirnaning wawasan
jroning batin. Hewadene wawasan ingkang sampurna pandulunipun mboten mangro tingal,
teguh tumuju arah sawiji tan mulad ing jiwa lan raga, kandheg makartining karep kang bener,
wus asikep kawaspadhan pamawase mring Hyang Widdhi Wasa wonten ing salebeting alam
Sunya Ruri. Kaserat ing Pustaka Centhini VIII, rinakit ing salebeting pupuh 536:

Tinggal jati anirnakake liring,


Liring awas murciteng paningal,
Sun sinun ketingal mangke,
Tingal jati andeh tan liring,

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/06/01/merema-sing-ndhipet/ 1/5
12/26/2017 NGAMBAH ALAM SUNYA RURI | alangalangkumitir

Katingal kang sun tingal,


Muhung kang kadulu,
Inggih ugi awakira,
Kang kadulu yen dinulu tan kekasih,
Layap paraning tingal,
Sampurnaning tingal tanpa pamrih,
Tan mulad ing jiwa raga,
Tingale wus brasta kabeh,
Kebeh luyut tan emut,
Kandhek tingale karsa jati.

Kawontenan alam Sunya-ruri kasanepakaken kadya “urubing geni kang kinurung”–murub


manther tan obah, tan mosik, nanging urip. Kapratelakaken ing Bhagawad Gita VI sloka 19,
kirang langkung jarwanipun mungel makaten: “Kaya uribing agni manther ora obah ana ing
papan kang wis samirana. Mangkono uga Sang Yogi, ubaling pikir kanepakake patrap
nyawijekake jiwa manunggal mring Atma.” Ing Pustaka Centhini VII, rinakit ing salebting
kidung pupuh 389-520, mungel: “Suksma datan adoh saka dhiri, manggon ing kahenengan,
ramening asamun, tebih yen tinebihna, inggih celak yen cinelakna ugi.” Temen. Temenanan.
Tinemu.

Advertisements

Report this ad

Report this ad
POSTED IN: NGAMBAH ALAM SUNYA RURI
TAGGED: AJARAN, ALANG, ALANG-ALANG, ALANG-ALANG KUMITIR,
ALANGALANGKUMITIR, ASMARADANA, BABAD, BALABAK, BUDAYA JAWA, BUDI,
DHANDHANGGULA, DURMA, FALSAFAH, FILOSOPI, GAIB, GAMBUH, GIRISA.,
HAHEKAT, JAVANESE CULTURE, JAVANESE MANUSCRIPTS, JURUDEMUNG, KAUTAMAN,
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/06/01/merema-sing-ndhipet/ 2/5
12/26/2017 NGAMBAH ALAM SUNYA RURI | alangalangkumitir

KAWRUH, KEJAWEN, KEKAWIN, KIDUNG, KINANTHI, KITAB, KUMITIR, LAYANG.,


LUHUR, MACAPAT, MAKRIFAT, MANTRA, MASKUMAMBANG, MEGATRUH, MIJIL,
MISTIK, MITOLOGI, NASKAH KUNO, NGELMU, PANGKUR, PEKERTI, PEMUT, PITUTUR,
PIWULANG, PRANATA, PRASASTI, PRIMBON, PUCONG, RAMALAN., RASA, RENUNGAN,
SASTRA, SASTRA JAWA, SEJARAH, SEJATI, SERAT, SINOM, SULUK, TAFSIR, WAHYU,
WEDARAN, WIRANGRONG, WIRID

9 Comments

1. Besi Pipa Kotak


DECEMBER 31, 2015 – 10:47 AM
tulisan keren tentang besi kontruksi ini sangat menarik sekali.
keren banget dan diketahui. setiap mereka yg pakai maupun sedang cari pengetahuan tentang
besi bangunanan harus baca tulisan ini.
kunjungi juga situs ane ya sis banyak artikel manarik yang semoga bermanfaat buat para
kontraktor memerlukan keterangan lebih pol mengenai besi konstruksi terimakasih.

2. WINARNO
APRIL 16, 2011 – 5:27 PM
intinya menundukkan hawa nafsu….coba latihan sehari
nggak marah…sehari nggak ngrumpi….sehari nggak
bohong…..coba bisa nggak….jangan pinginnya doang
jadi superman

3. Rudi
DECEMBER 17, 2010 – 10:24 AM
jangan terlalu vulgar gitu,iya kalau yang ngerti’in kalau nggak waaow bz2 berabe,plis dg sdikit
tenang tentu akan lebih baik ne cuma soal wkt jd Q berharap yang terbaik dr Mas’x,Trim’s ya….

4. Rahmat Giling
FEBRUARY 16, 2010 – 12:34 PM
Wis wis para sedulur ayo enggal mlaku, dimen enggal tekan kang tinuju…..

5. Juru Mertani
JANUARY 6, 2010 – 4:16 AM
wah saya salut dengan alang alang kumitir, padepokannya dimana ya? saya ingin sekali
mempelajari ajaran jawi yang sangat adiluhung. sementara ini saya hanya baca2 buku tentang
ilmu jawa sambil mencari guru yg mumpuni tentang ajaran jawi.

6. Ki Waskito Buwono
JUNE 8, 2008 – 3:43 AM
umpama rumah saya ada di dekat padepokan alang-alang, saya pasti akan datang dan ngangsu
kawruh ke padepokan yang padat dengan ngelmu rasa sejati ini….
kapan ya saya bisa ketemu para sesepuh padepokan alang alang????

7. Rumpoko
JUNE 8, 2008 – 3:40 AM
hebat..naskah jawa ini sangat hebat. ini sangat perlu untuk manusia modern yang sudah
kehilangan arah tujuan hidup. salut untuk alang alang!

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/06/01/merema-sing-ndhipet/ 3/5
12/26/2017 NGAMBAH ALAM SUNYA RURI | alangalangkumitir

Trackbacks

1. NGAMBAH ALAM SUNYA RURI Merema Sing Ndipet | sastrajawagaul


2. NGAMBAH ALAM SUNYA RURI | sastrajawagaul












































https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/06/01/merema-sing-ndhipet/ 4/5
12/26/2017 NGAMBAH ALAM SUNYA RURI | alangalangkumitir







https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/06/01/merema-sing-ndhipet/ 5/5

You might also like