You are on page 1of 7

12/26/2017 KAPITAYAN JATI | alangalangkumitir

KAPITAYAN JATI

MAS KUMITIR ♦ OCTOBER 21, 2014 ♦ 2 COMMENTS

i
4 Votes

Karipta dening :
Drs. Chunaidi Soleh Masrum

DHANDHANGGULA

1. Amiwiti sekar dhandhang endhisa, angleluri ciptaning Jeng Sunan, kalijaga kang asmane,
amurwa kani iku, piwulang kapitayan jati, tedhakan pangriptanya, Bisri Musthofa gung, nama
Rowihatul Aqwam, anggennya paring gampil amangertosi, mring Aqidatul Awam.
2. Slawat salam kunjuk Kangjeng Nabi, janma linuwihing sasama, anggenna nyawijekake, Gusti
Allah puniku, raharja katetepna mugi, sakehing pra krabatnya, myang pndherek tuhu, margining
agami nyata, sanes margining kang nalisir sami, kanthi pitaya bid’ad.
3. Sun wiwiti nyebut asma Gusti, kang paring welas asih kawula, kang langgeng kebagusane,
mangka memuji ingsun, maring Allah kang sipat Qadim, nora purwa wusana, ingkang langgeng
iku, datan gingsir nora owah, mula sira padha mangerteni kaki ing kapitayanira.

KINANTHI

1. Sigeging pambuka niku, ginantos sekar kinanthi, anggitaning Wali Sunan, Giri ing dhusun
Geresik, Jaka Samudra alitnya, Raden Paku sami ugi.
2. Temen sira padha weruh, sipating Allah kang wajib, cacahing ana dwi dasa, kang wajib den
mangertosi, sipat ingkang wus tetepa, datan kena den selaki.
3. Allah ingkang dzatNya Wujud, tegese “Ana” kang sayekti, datan wonten amuraka, inggih nama
sipat Qodim, sipat Baqok salajengnya, tan wonten kanfg angakhiri.
4. Lan sipat Mukhlafatu, Lil hawaditsi kang werdi, datan sami maklukNya, Qiyamuhu binafsihi,
dzat kang jumeneng diriNya, adeg mring dhiri pribadi.
5. Myang sipat Wahdaniyatu, sawiji saha ngijeni, salajengnya sipat Qodrat, makna ingkang
nguwasani, Irodat werdinya kersa, sipat ilmu angawruhi.

MEGATRUH

1. Agantos salajengnya pupuhe megatruh, inggih kang karya puniki, Sunan Mas Pratikal Ratu, ugi
nama Prapen Giri, nglajengaken caos ngertos.
2. Mutakaliman dzat ingkang paring dhawuh, inggih ingkang amungkasi, sipat dwidasa rumuhun,
wajib kita angawruhi, supadya teguh ing batos.
3. Kawruhana ugi sipat jaizu, Allah wenang ing sayekti, kalamun paring bebendu, iku krana sipat
adil, paring ganjar iku fadhol.
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2014/10/21/kapitayan-jati/ 1/7
12/26/2017p gg j KAPITAYAN JATI | alangalangkumitir

4. Hayat gesang Samak tegesnya angrungu, Bashor liripun miarsi, Kalam maknanya adhawuh,
Qodiran dzat nguwasani, Muridan puniko artos.
5. Dzat ingkang ngersakaken Aliman niku, dzat ingkang amirsani, Hayyan dzat kang midhangeti,
dzat kang miarsi Basiron.

ASMARADANA

1. Kasmaran mring para nabi, sinartanana nyekara, asmaradana pupuhe, Jeng Sunan Giri kang
karya, ing samangke punika, amicara sipat Rasul, wajib dalah mustahilnya.
2. Catur sipat ingkang wajib, Fathonah werdinya limpat, Sidiq punika temene, Tabligh paring
pawarta, inggih wahyuning Allah, sipat amanah puniku, temen-temen pinercaya.
3. Dene sipat mustahili, werdinya asipat datan, Baladatun iku purwane, cubluk puniku tegesnya,
Kidzbun puniku dora, Kitman nyingitaken iku, khiyanat alampah cidra.
4. Pra muslim kang sejati, den wajib kalamun pirsa, pacadasa wilangane, dwidasa wajibing allah,
dwidasa mustahilnya, sifat wajib nabi catur, catur ugi mustahilnya.
5. Dene cacahe sipat jaiz, tumrapipun Gusti Allah, satunggal kang wilangane, sipat jaiz Roasulullah,
inggih naming satunggal, kados dhahar ugi ngunjuk, nggih sipat janma sawantah.

SINOM

1. Den eling heh pra kanoman, maring kidung sinom iki, Sunan Giri ingkang karya, minangkanya
anyarengi, Nabi Rosul kang name, lawan den wilis selangkung, kang wajib kinawruhan, tumrap
para muslim sami, Nabi Rosul pradaning sagung janma.
2. Baopa Adam ingkang purwa, salajengnya Nabi idris, Nuh Hud Sholih salajengnya, Ibrohim Lud
lan Ismail, Ishaq lan Y’kub nuli, Yusup Ayub Syueb Harun, Musa Dzulkipli Yasa’, Dawud
Sulaiman nuli, Ilyas, Yunus, Zakariya Yahya Isa.
3. Sae ugi kawruhana, kang sinebut ulul azmi, gesnya ageng ing rubeda, nggennya sami anemahi,
Muhammad kang sawiji, Ibrahim Musa Isa Nuh, Rosul Nabi lelima, tansah rineksa mring Gusti,
pantes tinuladha tumraping umatnya.
4. Nabi kita Muhammad, pungkasaninfg Rosul Nabi, data nana nabi liya, kalamun sira miyarsi,
kang ngaken-aken nabi, yekti iku nabi palsu, mula den singkirana, satemah anyilakani, mring
ngagesang kita akherat lan donya.

DURMA

1. Sekar durma kang badhe prapta punika, yasa Makdum Ibrahim, nggih Jeng Sunan Bonang,
ingkang sampun kaloka, anggenipun olah ringgit, kinarya dakwah, Islam ingkang agami.
2. Wilangan malaikat iku sadasa, kapisan nama Jibril, Mikail kapindhonya, Isrofil salajengnya,
Izzroil Munkar lan Nakir, Roqib atid lan, Ridwan kalawan Malik.
3. Sekar durma kinarya ambabar nama, pra malaikat suci, samya makarya datan, kasinungan ing
pakarti, dhahar lan nendra, tan bapa biyung ugi.

PANGKUR

1. Sekar pangkur kang winarna, Kanjeng Sunan Muria kang yasani, Raden Prawata satuhu,
minangka ingkang asma, anyartani nama-nama kitab Rosul, ingkang captur wilangannya,
minangka pandaming janmi.
2. Poma-poma tan sawala, kang jinejer ing kitab para nabi, tansah sami setya tuhu, anindakaken
printahnya, murih tebih saking lampah kang binendu, ing pangajab gesang mulya, lahir
dumugining batin.
3. Sapisan kitab Taurat, pinaringna Musa ingkang nabi, Kapindhonya kitab Zabur, Nabi Dawud
kang nampa, kitab Injil maring Isa kang katelu, caturnya kirab Al-Qur’an, Muhammad ingkang
terami.

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2014/10/21/kapitayan-jati/ 2/7
12/26/2017 KAPITAYAN JATI | alangalangkumitir

MASKUMAMBANG

1. Sinareng sekar mas kumambang niki, Maja Agung Sunan, pangriptaning sekar niki, arsa asung
pariwara.
2. Kalamun sintena ingkang amakarti, ing lelampahira, dating kadurjanan yekti pinaringan siksa
nraka.
3. Mila dumateng pra umat muslim sami, ambudi daya, ing lampah ingkang utami, tebih king
lampah culika.
4. Wontenipun dinten qiyamat ing benjing, tan bisa sawala, dateng sedaya pakarti, yekti den katiti
pirsa.
5. Allah ingkang sampun aparing cecawis, sinten kang makarya, ing kesaenan sayekti, pinaringan
swarga loka.

MIJIL

1. Kekidungan sekar mijil niki, Kanjeng Syekh Nurullah, mila minangka kang pangriptane, nggih
sinebut Sunan Gunung Jati, kinarya ngertosi, Muhammad kang Rosul.
2. Eyang asma Abdul mutholib, bapanya Abdulloh, Aminah Zahroh ingkang ibune, Halimah
Sa’adiyah kang nyesepi, kutha Mekah lahir, Madinah alayu.
3. Nabi Muhammad den utus yekti, aparing pangertos, mring umat manungsa sedayane, samya
nuju ing lampah utami, gegulang ing budi, pakerti kang luhung.

PUCUNG

1. Sekar pucung ingkang ngripta Sunan Gunung, Jati ingkang asma, lahir wonten nagri Pasai, wafat
dateng Cirebon dusun Astana.
2. Mango wangsul carios Muhammad Rosul, yuswa swidak tiga, warsa anggennya palastri, tampi
wahyu ing yuswa sekawan dasa.
3. Putranipun pitu cacahipun, kakungnya tiga, ingkang sekawannya putrid, dene kita kedah pirsa
ingkang asma.
4. Qosin iku ingkang asma bajengipun, myang Sayid Abdullah, putra kakung kaping kalih, Ibrahim
putra ingkang kaping tiga.
5. Putrid nipun sekawan sedayanipun, Zaenab kang asma, bajengipun ingkang putrid, kang
kalihnya asma Sayidah Ruqoyah.
6. Ummu Kaltum putrid kang katiganipun, jangkepnya sekawan, Siti Fatimah kang name, mugia
Gusti Allah paring nugraha.
7. Garwanipun wonten sanga cacahipun,kang katilar seda, ibunipum pra mukmin, mugi tansah
pinaringan beja mulya.
8. Aisyatun ingkang sapisanan, kang kapindo Khofsah, salajeng Saudah nuli, Shofiyah Maimunah
Zainab Romlah.
9. Nama Hindun kaping wolu jangkepipun, Juwariyah sanga, sadaya dipun ridhoi, dening Allah
Gusti ingkang Maha Kwasa.
10. Khadijatun garwa kang paling rumuhun, nalikane seda, taksih sugeng Kanjeng Nabi,
panyengkuyung dakwah Nabi kanti dana.

GAMBUH

1. Mungkasi sekar gambuh, nggennya caos pangertosan iku, kapitayan tumrapiun para muslim, ing
pamrih sami atuhu, anuladha Rosululloh.
2. Ing riwayat rmuhun, nalikaninfg sungkawa ing kalbu, kang kasandhang ing oanggalihnya jeng
Nabi, paman lan garwa alayu, Allah paring isrok Mi’roj.
3. Isrok lampah ing dalu, Mekah dugi Baitul Maqdisu, wondene kang ingaran Mi;’roj puniki,
minggah langit lapis pitu, sareng Jibril nitih Buroq.

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2014/10/21/kapitayan-jati/ 3/7
12/26/2017 KAPITAYAN JATI | alangalangkumitir

4. Nabi atampi dhawuh, sholat wajib gangsal siang dalu, Subuh Dhuhur Asar Isak niki, den estokna
kang satuhu, minangkanya unjuk bektos.
5. Sinten kang sami tuhu, lampah sholat genep gangsal wektu, pesthi pinaringan nugrahaning
Gusti, tinebihna ing bebendu, ayem tentrem lahir batos.
6. Kanthi muji Alhamdu, Lillah Robbil Alamin tumuju, amungkasi kidung piwucal puniki,
sinarengan anyenyuwun, dados muslim kang sayektos.

@@@

Advertisements

Report this ad

Report this ad
POSTED IN: MACAPAT

2 Comments

1. BANGKIT
NOVEMBER 22, 2014 – 4:12 AM
Reblogged this on Obeeth.

2. Muride Mas Kum


OCTOBER 30, 2014 – 5:57 AM
Blog-blog bernuansa spiritualisme bermunculan di jagad maya. Salah satunya adalah blog
alangalang kumitir yang dibidani oleh seorang anak muda yang gandrung terhadap sastra Jawa.

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2014/10/21/kapitayan-jati/ 4/7
12/26/2017 KAPITAYAN JATI | alangalangkumitir

Mas Kumitir –demikian dia dipanggil oleh antar blogger– dikenal memiliki minat luas terhadap
budaya, falsafah dan sastra Jawa. Sebelum dia mengenal blog, dia lebih suka untuk menulis
renungannya di kertas seadanya, bahkan di kertas rokok dan sobekan koran. Setelah kini ia punya
blog, dia menumpahkan perenungannya di jagad maya tersebut dan hasilnya, banyak blogger
yang terbantu dengan kehadiran alangalang kumitir.

Yang aneh, mas Kumitir termasuk buta kampus, sama sekali ia tidak terbiasa dengan karya-karya
ilmiah, makalah maupun skripsi. Ia lebih cenderung mengenal puisi, suluk dan kekidungan yang
bentuk nya lebih bebas, tidak kaku dan kering.

Itu sebabnya, ia lebih suka untuk diam dan mendengarkan bila kebetulan ada diskusi tentang hal-
hal yang berbau spiritual yang dihadirinya. Sambil sesekali memberi komentar. Itupun bila
diminta oleh yang lain. Sebab, bahasa, menurut mas Kumitir, sebenarnya mereduksi kekayaan
realitas menjadi sekedar representasi belaka. “Bahasa itu hanya simbol dan simbol tidak mewakili
apa yang sesungguhnya. Yang spiritual itu ya RASA. Bukan kata-kata dan bahasanya,” terang
mas Kumitir.

Ia kini menetap di sebuah gubuk di tengah sawah yang sunyi berbaur dengan kodok dan kadal.
Mungkin, kandang kambing di sampingnya lebih bersih. Tapi ia mencuri perhatian dunia budaya
Jawa. Barangkali Mas Kumitir lebih cocok bila disebut sebagai pekerja budaya spiritual Jawa
ketimbang hanya sebagai pengamat pasif saja.

Itu gara-gara ia rajin mengumpulkan serat, babad, suluk dari buku-buku bekas yang
diperolehnya di berbagai kota dan kampus. Kadang ia juga sedikit mencoret-coret kertas untuk
menulis laku dan perjalanan spiritualnya. Coretannya kadang berbentuk puisi sederhana tapi
”magis” dan menyentuh.

Hasil tulisan para pujangga jawa kuno itu diketik lagi, dan juga coretannya sendiri selanjutnya
diupload diblog. Sejak pertengahan tahun 2008 mas Kumitir rutin mendokumentasi kegiatan
spiritual yang pernah dilakoni. Sebelum kenal blog, dia lebih banyak menyimpan pengalamannya
di ingatan saja.

Rekan-rekan dan kenalan yang kebetulan membuka blog tersebut rupanya iseng-iseng memberi
komentar. ”Tadinya saya khawatir karena terkadang agak menyinggung perasaan Mas Kumitir.
Namun ternyata dia menanggapinya dengan bijaksana,” tutur sang teman mengenang.

Isi blog mas kumitir banyak yang berbentuk macapat dan kekidungan. Alur logikanya melompat
ke depan. Kadang memang seperti diluar akal sehat sepadan dengan hidup sehari-hari Mas
Kumitir yang meskipun senang dengan kesederhanaan, namun mengesankan, nyeleneh dan unik.
Yang mengesankan dari seorang Mas Kumitir adalah melakoni pencarian jati diri dan sangkan
paraning dumadi secara total. Tidak ingin pikirannya terlena oleh urusan dunia yang fana ini,
Mas Kumitir bahkan rela untuk memilih hidup yang merdeka.

Waktunya dihabiskan dengan berkelana di tempat tempat yang sunyi dan bila tidak sedang
melakukan perjalanan ke luar kota, dia biasanya ada di gubuknya hingga larut malam. Di depan
komputer yang mengalunkan gending-gending jawa, Mas Kumitir mengerutkan kening dan jari
jemarinya mencakar-cakar tuts. Membuka blog dan mengupload artikel. Itulah ritualnya.

Mas Kumitir punya kebiasaan bersepeda gunung seorang diri. Bila sedang bersepeda, akunya, ia
bisa menikmati hidup. “Ternyata kita ini bukan siapa-siapa. Kita ini kecil dihadapan alam raya
yang luasnya tidak kita ketahui,” ujarnya pemilik sepeda gunung warna hijau ini.

Namun, kita akhirnya terheran-heran karena kesukaannya untuk bersepeda itu ternyata
menghasilkan karya yang bisa diakses orang banyak.
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2014/10/21/kapitayan-jati/ 5/7
12/26/2017 KAPITAYAN JATI | alangalangkumitir

Ini gara-gara ternyata ada peminat atas karya-karyanya. Seorang pengelola website pernah
menawatinya menjadi nara sumber rubrik budaya jawa. Apa komentar Mas Kumitir? “Biar rekan-
rekan blog lain saja yang jadi narasumber. Saya tidak bisa berargumentasi dan berdebat,” ujarnya
sambil menghisap kretek bercangklong.

Hidup memang harus dinikmati, dan setiap individu memiliki caranya masing-masing untuk
memayu hayuning bawono. Begitu pula dengan Mas Kumitir yang lebih memilih untuk
mengabdi dan melukis di kanvas jagad mayapada ini dengan caranya sendiri. “Kebenaran milik
Gusti Kang Murbeng Jagad. Tidak ada yang tidak mungkin bagi Dia. Apabila Dia berkehendak
semuanya menjadi mungkin. Bisa-bisa hukum alam tidak berlaku,” ujarnya.

Malam semakin larut, jarum jam menunjuk ke angka 12.30 WIB. Saya mencoba membuka blog
alang-alang kumitir. Ternyata ada salah satu karya yang baru saja diupload. Saya akhirnya
membayangkan di kegelapan malam, remang-remang, disinari hanya cahaya bulan Mas Kumitir
biasanya duduk sendirian di luar gubuknya. Tangan kanannya memegang bolpen, tangan kirinya
menimang-nimang buku jawa lawas. Terlihat serius, ia menulis.

Mas Kumitir, selamat malam.

Wong Alus































https://alangalangkumitir.wordpress.com/2014/10/21/kapitayan-jati/ 6/7
12/26/2017 KAPITAYAN JATI | alangalangkumitir




















https://alangalangkumitir.wordpress.com/2014/10/21/kapitayan-jati/ 7/7

You might also like