You are on page 1of 6

12/26/2017 ISARAT NYEBAR WIJI | alangalangkumitir

ISARAT NYEBAR WIJI

MAS KUMITIR ♦ DECEMBER 19, 2009 ♦ 3 COMMENTS

i
Rate This

Yen wis dietung jenjem dina lan pasaran


upamane ketemune ana 15, etungane : tikus,
wiyu, kadal, ula, tikus, wiyu, kadal ula lan
sapiturute tekan 15 iku tumiba kadal, upama
dina Jum’at 6, Pahing 9 = 6 + 9 = 15 = yen
nyebar pari utawa jagung, ora dipangan tikus
utawa wiyu, yen nyebar miliha dina lan
pasaran kang tumiba kadal utawa ula, iku
adate bisa wutuh, nanging samubarang
angkat-angkatan apa wae supaya nyingkiri
dina na’as tegese dina kang wis tau kanggo kesusahan utawa kapesa.

Isarate gawe celengan, wadah-wadah utawa lumbung, upama dina Senen 4


Wage 4 = 8 iku itungane : cucuk, waduk, sikil, buntu, cucuk, waduk, sikil,
buntu, yen dina Senen Wage = 8 ketemu buntu, iku bisa wutuh, yen ketemu
cucuk, iku ora bisa kumpul, sebab entek dicucuki, utawa dipipil.

Isarate gawe panggonan utawa omah, candi, yasa, rorgoh, sempoyang,


kang apik yen ketemune nang jenjem candi dadi ora sempoyongan.

Isarate gawe kala, wuwu, jaring, warung dasaran. Itung dina lan pasaran
ketemu pira, nuli diitung saka otek, ogleng, contra, iwak sapiturute kang
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/12/19/isarat-nyebar-wiji/ 1/6
12/26/2017 ISARAT NYEBAR WIJI | alangalangkumitir

apik yen pungkasane ketemu jontra dadi ora oklak-aklik.

“Isarate kanggo golek sandang pangan (medayoh)”

Kliyek, mentek, joto, kemil, sapiturute kang apik yen ketemu kemil utawa
mentek.

Yen nenandur miliha dina :

Senen = soma = somawah = nandura kang dipurih wohe.

Selasa = anggara = anggarambang = nandura kang dipurih kembange.

Rebo = budha = budaron = nandura kang dipurih godonge.

Kemis = respati = respatiwit = nandura kang dipurih kayune.

Jum’ah = sukra = sukrayot = nandura kang dipurih oyode.

Saptu = tumpak = tumpaklek = nandura kang dipurih peklekane.

Ahad = dite = dite rip = nandura kang dipurih uripe.

Kanggone pitungan Naga

Yen boyong, pindah lelungan adoh iku yen bisa ora kenane temuju ing
dumununging Naga.
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/12/19/isarat-nyebar-wiji/ 2/6
12/26/2017 ISARAT NYEBAR WIJI | alangalangkumitir

Kasangsarane yen dicaplok Naga.

Naga dina 40 dina ing panggonan iku.

Naga sasi 40 sasi ing panggonan iku.

Naga taun 40 taun ing panggonan iku.

Itungan Naga iku yen apal, dadi yen ana pitakonan ora nggragap, aja
ngimanake buku, kitab, tegese kudu apal, dadi yen lelungan utawa dolan-
dolan ora mikul buku, kitab, catetan.

Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang
Adhi).
————————————
Alang Alang Kumitir

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/12/19/isarat-nyebar-wiji/ 3/6
12/26/2017 ISARAT NYEBAR WIJI | alangalangkumitir
Advertisements

Report this ad

Report this ad
POSTED IN: BUKU WE YOGA DHI
TAGGED: AJARAN, ALANG, ALANG-ALANG, ALANG-ALANG KUMITIR,
ALANGALANGKUMITIR, ASMARADANA, BABAD, BALABAK, BUDAYA JAWA, BUDI,
DHANDHANGGULA, DURMA, FALSAFAH, FILOSOPI, GAIB, GAMBUH, GIRISA.,
HAHEKAT, JAVANESE CULTURE, JAVANESE MANUSCRIPTS, JURUDEMUNG, KAUTAMAN,
KAWRUH, KEJAWEN, KEKAWIN, KIDUNG, KINANTHI, KITAB, KUMITIR, LAYANG.,
LUHUR, MACAPAT, MAKRIFAT, MANTRA, MASKUMAMBANG, MEGATRUH, MIJIL,
MISTIK, MITOLOGI, NASKAH KUNO, NGELMU, PANGKUR, PEKERTI, PEMUT, PITUTUR,
PIWULANG, PRANATA, PRASASTI, PRIMBON, PUCONG, RAMALAN., RASA, RENUNGAN,
SASTRA, SASTRA JAWA, SEJARAH, SEJATI, SERAT, SINOM, SULUK, TAFSIR, WAHYU,
WEDARAN, WIRANGRONG, WIRID

3 Comments

1. Ekin-Cabean
FEBRUARY 5, 2010 – 9:48 AM
Nyuwun ngapunten sak derenge kagem Dimas Kumitir, nderek nyimak..mawon,
Soale kulo mboten saget basa jawi…
Matur suwun…
Wilujeng Rahayu

2. Subi
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/12/19/isarat-nyebar-wiji/ 4/6
12/26/2017 ISARAT NYEBAR WIJI | alangalangkumitir

JANUARY 4, 2010 – 6:50 AM


Nyuwun sewu, wekdal sakmeniko taksih wonten piyantun engkang gebengan petagan jawi, kulo
sejutu bileh budoyo jawi meniko adhi luhung, sahenggo pantes menawi dipun uri2….
kulo gadah gambar petangan jawi kagungan bapak kulo, namung kulo dereng saged manggihi
rumus ipun,,, maturnuwun….salam monggo budoyo jawi kito uri2… nuwunn

3. Hary Peniwen
DECEMBER 24, 2009 – 9:06 AM
wah ada gak ya yang jualan buku kaya gini









































https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/12/19/isarat-nyebar-wiji/ 5/6
12/26/2017 ISARAT NYEBAR WIJI | alangalangkumitir










https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/12/19/isarat-nyebar-wiji/ 6/6

You might also like