You are on page 1of 2

IKRAR HALAL BIL HALAL

Assalamu’alaikm wr.wb.
Bismillahirahmanirrahim

Kanthi ikhlasing manah, lahir tandhesing batos


Lan namung mligi ngupados ridhanipun Gusti Allah,

Kula ingkang dhawah anem,

Sepisan,
Ngaturaken sugeng riyaya ‘idul fitri setunggal syawal 1440 Hijriyah sinartan
ngaturaken salam ta’lim dhumateng ingkang dhawah sepuh, mugi-mugi karahayon
tansah kajiwa kasarira dhumateng kita sedaya

Angka kalih,
Ngaturaken sembah pangabektos, katur wonten ngarsanipun para pinisepuh,
sesepuh, saha ingkang dhawah sepuh

Angka tiga,
Awit sedaya kalepatan, sae ingkang kalair utawi mboten, ingkang sinejo utawi
mboten, ingkang ageng utawi alit, kula nyuwun agunging pangapunten.

Sak lajengipun,

Kula ingkang dhawah sepuh,


Sepisan,
Nampi atur kasugengan lan salam taklim saking ingkang dhawah anem, kanthi
atur matur nuwun, mugi-mugi Gusti Allah hanekseni lan paring rindho
dhumateng kita sedaya

Angka kalih,
Pangabektos ingkang panjenengan aturaken kula tampi kanti bingahing manah,
mugi-mugi mahanani dhateng langkung raketipun silaturahmi kita sedaya

Angka tiga,
Nglenggana bilih kula ugi namung titah sawantah, namung dados lantaran awit
saget lunturipun sedaya kalepatan, kula maringi pangapunten dhumateng
panjenengan ingkang dhawah anem, mugi-mugi wiwit saat punika kula lan
penjenengan wangsul dhateng kesucian awit nugrahanipun Gusti Allah.
Seklajengipun, kula ndherek ndedonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah
mugi-mugi menapa ingkang penjenengan sedya sageda sembada, sedaya
ingkang penjenengan gayuh sageda jumbuh kanthi ridhanipun Allah SWT.

Amin, ya Robbal ‘Alamin.

You might also like