You are on page 1of 1

IKRAR HALAL BI HALAL

Bismillaahirrahmaanirrakhiim.

Kula sedaya, warga persaudaraan setia hati Terate sedaya ingkang lenggah, ing
papan menika, kanthi eklasing manah, keparenga ngaturaken, ikrar halal bi halal.

Atur ingkang sepisan, dhumateng ngarsanipun, ingkang kaleres sepuh, saha


ingkang kasepuhaken, kula ngaturaken, sungkem pangabekti. Shumateng sesami-
sami, kula ngaturaken, salam ta’lim. Dhumateng ingkang kaleres enem, kula
ngaturaken, sih katresnan saha donga pangestu.

Atur kaping kalih, kula ngaturaken, Sugeng Riyadi Fitri 1440….. Hijriah, kairing
atur, taqobbalallohu minna wa minkum, taqobbal yaa kariim, minal aidzin, wal
faidzin.

Atur kaping tiga, kula ngaturaken, sedaya kalepatan kula, lampah setindak, wiraos
saklimah, ingkang kasengaja, saha ingkang taksih kabatin, ingkang sedaya wau,
boten pikantuk, idining sarak agami, mugi-mugi panjenengan sedaya, kersa paring
pangapunten, dhumateng kula.

Kosok wangsulipun, mbok bilih panjenengan, kagungan kelepatan dhumateng


kula, kula lega lila, caos pangapunten, sedaya kelepatan panjenengan, ingkang
tumanduk, dhumateng kula. Mugi-mugi Gusti Alloh, ngijabahi panuwun kita.
Aamiin.

Alhamdulillaahi rabbil a’lamin

You might also like