You are on page 1of 3

IKRAR HALAL BIHALAL

Assalamu’ alaikum Warahmatullahi Wabarokaatuh

Ashaduala illaha’ilallah wa’ ashadu ana muhammadan abduhu warasuluh.

Allahumma sholli ala Muhammad wa ala ali Muhammad

Amma ba’du.

Dumateng Keluarga Ageng Trah Kromodimejo ingkang dipun mulyakaken Allah SWT

Kepareng kula matur minangka sulih sarira saking kadang kaneman Keluarga Ageng Trah
Kromodimejo, inggih menika :

1. Sepisan ngaturaken sugeng riyadi 1 syawal 1440 H

2. Kaping kalih Dumateng Bp/ibu/pakde/bude ngaturaken Sungkem Pangabekti Kula, Minal


aidzin wal fa’idzin, sedaya kalepatan nyuwun pangapunten lan nyuwun pangestunipun
anggenipun sedaya gegayuhan mugi Gusti Allah ngijabahi. Aamiin

3. Kaping tiganipun, Kula minangka sulih sarira saking putra wayah keluarga Ageng Trah
Kromodimejo anggadahi kalepatan ingkang dipunsengaja, lan mboten dipun sengaja, dukho
saking kula pribadi utawi keluarga, lesan ugi tulisan ing mriki kula Minangka wakil Keluarga
Ageng Trah Kromodimejo kanthi sanget Nyuwun pangaputen sedaya kalepatan lahir trusing
batos, dumateng Keluarga Ageng Trah Kromodimejo Sumambrahipun parakadang keluargo.

4. Kaping Sekawan, Mangga sareng-sareng nyenyuwun dumateng ngarsanipun gusti Allah SWT,
nedhahaken dumatheng kaleresan, kasaenan saget nindakaken sedaya dhawunh-dhawuhipun
gusti Allah SWT, saha saget nebihi awisan-awisanipun. Ing pangajab dadasa golonganipun
tiyang-tiyang beja ndonya dumugi akhirat.

Makaten ingkang saged kula aturaken, Kathah lepating atur subasita ugi trap sila kula nyuwung
agunging samudra pangaksami.

Billahitaufik walhidayah

Wassalamu’ alaikum warahmatullahi Wabarakatuh.


PANAMPI IKRAR

Assalamu’ alaikum Warahmatullahi Wabarokaatuh

Alhamdulillah, alhamdulillahiladi ashdu ala illaha ilallah wa ashadu ana


muhammadarosulullah.

Amma ba’du.

Para kadhang werdha mudha Keluarga Ageng Trah Kromodimejo ingkang


tansah manggih rahayu, kula minangka sulih sarira saking tiyang sepah Pinaringan
matur ing ngarso para kadang meniko sesambetan kaliyan adicara halal bihalal,
ananing sakderengipun mangga sami ngaturaken puja dalasan puji syukur konjuk
Gusti ingkang maha Agung Ingkang sampun paring karaharjan satemah saget
makempal ing sasana menika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal
punapa.

Salajengipun kanthi raos ingkang bingah badhe kula aturaken


wangsulanipun ikrar halal bi halal saking kadang kaneman, ing antawispun :

1. Dumatheng para kadang Keluarga Ageng Trah Kromodimejo, kula


ngaturaken sugeng riyadi ingkang kaping 1440 H

2. Ngaturaken panuwun dumateng para kadang Keluarga Ageng Trah


Kromodimejo ingkang sampun angadani adicara menika

3. Kula minangka slih sarira tiyang sepah, hananggapi atur saking kadang
pramuda kala wau , kula tiyang sepah nglenggana katah kalepatan ingkang dipun
sengaja lan mboten, pramila ing dinten riyoyo menika lumantar adicara halal
bihalal mugi sedaya dosa lan kalepatan kita sedaya dipun lebur utawa muspra ing
dinten riyaya kang suci menika. Allahumma Aamiin

Makaten anggenipun kula matur kathah lepating atur nyuwun agunging


pangaputen.

Billahi taufik walhidayah

Wasalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatuh.


RANTAMANING ADICARA HALAL BIHALAL KULAWARGA AGENG TRAH KROMO DIMEJO

1. PAMBUKA

2. PANDUNGA (ABDUL SHOMAD)

3. PAMBAGYAHARJA (PAK SUDAR)

4. IKRAR (DIAN RESPATI)

5. PANAMPI IKRAR (PAKDE WIJI)

6. TANGGAP WACANA SAKING TIYANG SEPAH (PAK NARTO)

7. ATUR PASUGATAN

8. PANUTUP

9. TANGKEP ASTA

You might also like