You are on page 1of 6

KHUTBAH IDUL ADLHA 1434 H/2013 M

Oleh Misbahus Surur

‫اخلطبة األوىل لعيد األضحى‬

‫وسبحان اهلل بكرة‬. ‫ اهلل أكرب كبريا واحلمد هلل كثريا‬3 ‫ اهلل اكرب‬3 ‫ اهلل أكرب‬3 ‫اهلل أكرب‬
.‫وأصيال‬

.‫ وأتوكل عليه إنه ثقة املتوكلني‬.‫ أمحده محدا يفوق محد احلامدين‬.‫احلمد هلل رب العاملني‬
‫ اللهم صل‬.‫ وأشهد أن سيدنا حممدا عبده ورسوله‬.‫وأشهد أن الإله إال اهلل وحده الشريك له‬
.‫على سيدنا حممد صلى اهلل عليه وعلى أله وصحبه أمجعني وسلم تسليما كثريا اىل يوم الدين‬

‫ واعلموا ان هذا اليوم يوم عظيم شرفه‬.‫ فياأيها الناس أوصيكم ونفسي بتقوى اهلل‬.‫أما بعد‬
‫ فعظموا ما عظمه اهلل من حرمة يومكم هذا باإليثار لطاعته‬.‫اهلل وعظمه ومساه يوم احلج األكرب‬
. ‫ ومن يعظم شعائراهلل فإهنا من تقوى القلوب‬: ‫ قال اهلل تعاىل‬. ‫والنزوع عن مساخطته وخمالفته‬

Jama`ah shalat `Iedul Adlha ingkang minulya..

Kanthi nyebat asma Allah Ingkang Maha Mirah tur Ingkang Maha Asih.
Alhamdulillah, sadaya puji namung kagungan Allah swt, dene sakmenika kita saged
nemahi Riyaya Idul Adlha. Enjang punika, kita kempal malih perlu sesarengan
ngagungaken Asmanipun Gusti Allah, mligi adreng kita piyambak amargi kepangin
pikantuk ridlanipun Allah Swt.
‫اهلل اكرب اهلل اكرب اهلل اكرب وهلل احلمد‬
Mangga, kita dingklukaken jiwa lan manah kita, wonten ngersanipun Allah Ingkang
Maha Agung. Kita bucal tebih sifat angkuh lan sombong ingkang sifat kolo wau bade
ndadosaaken kita tebih saking Allah swt. Keagungan kita ingkang kados menapa
kemawon, kita punika alit wonten ngersanipun Allah. Kados menapa kemawon kiat kita,
kita tetep apes wonten ngersanipun Allah. Kadoso menapa kemawon kekuasaan lan
wibawa kita, kita mboten wonten menapa-menapanipun menggah Allah. Pramilo monggo
kulo lan panjenengan sedoyo tansah berusaha ningkataken ketaqwaan kito, inggih meniko
kanti ngelampaih dawuh-dawuhipun soho nebiih awisan-awisannipun Allah swt, sehenggo
akhiripun mangke kito saged dados tiyang ingkang soleh, tiyang ingkang bade bejo dunyo
soho akheratipun, Allahumma, Amin.

1
Jama`ah shalat `Iedul Adl-ha ingkang minulya..

Kanti takbir, kito umat Islam menghiasi hari raya idul fithri lan idul adha, kanti takbir
kito ngawiti shalat, kanti takbir kito ngawiti adzan, kanti takbir kito ngawiti iqomah, kanti
takbir kito ngawiti gesang kito, sebab naliko tesih bayi, kito dipun adzani kanti kawitan
Allahu Akbar, naliko bade shalat kito ngucap Allahu Akbar, naliko nyembelih hewan kito
ngucap Bismillahi Allahu Akbar. Kito tahlil lan takbir, kito ngertos bilih syi’ar kito umat
Islam inggih meniko “Allahu Akbar”.

“Allahu Akbar” bukanlah sekedar naming sekedar kalimat yang terucap, bukan
sekedar syi’ar agama yang dikumandangkan, ananging ma’nanipun inggih meniko: Bahwa
dunia sa’isinipun alit lan ino menggah kito dibandingkan Allah Swt. Sehenggo naliko
harta, pangkat ataupun seluruh dunia ditawaraken supados dadi milik kito kanti syarat
medal saking agami Islam, kito tetap mboten goyah nyepengi agami Islam, soho ngucap:
Allahu Akbar, Allah maha agung dari harta dan kekayaan, Allah maha agung dari pangkat
dan kedudukan.

Jama`ah shalat `Iedul Adl-ha ingkang minulya..

Enjing menika, jutaan tiyang Islam kempal wonten tanah suci Mekah lan sekitaripun,
perlu nglampahi ibadah haji sak ubarampenipun. Sedaya sami rawuh saking pundi- pundi,
klebet saking negari kita Indonesia, namung nderek timbalanipun Allah, sami ninggalaken
kenikmatan duniawi, ninggalaken kempal kaliyan sanak sederek lan kanca srawungipun,
ngorbanaken arta bandha ingkang dipun sayangi, malah wonten ingkang seda wonten
mrika.
Ngagem ageman ihram, sami kempal wonten Arafah, kanthi pengajeng-ajeng,
sedaya sami eling, bilih mangkenipun, tanpa pilih-pilih, kita sedaya sami pejah, lan
umumipun dipun bungkus lawon pethak. Ugi supados sadar bilih tiyang menika
saestunipun sami kemawon, ingkang mbentenaken namung takwanipun.

‫اهلل اكرب اهلل اكرب اهلل اكرب وهلل احلمد‬


Jama`ah shalat `Iedul Adl-ha ingkang minulya..

2
Dinten riyoyo umat Islam meniko wonten kalih keistimewaan, sepindah ‘id Rabbani,
kaping kalihipun ‘id insany. ‘Id Rabbany maknanipun bilih ‘Id niki sanes dinten pesta
makan minum, sanes dinten menuruti hawa nafsu, ananging merupakan hari kangge
nyaketaken hubungan dating Allah Swt. ‘Id insane maknanipun bilih Islam mboten
menghendaki seorang muslim bungah piyambak utowo urip piyambak.

Oleh sebab meniko, wonten Riyoyo Fithri kito dipun wajibaken zakat Fitrah.

Menawi sampun sadar, kita sedaaya kados mekaten, mila patut sanget, wonten riyadi
Qurban punika, riyadi kangge ngeling-eling korbanipun Nabi Ibrahim sak garwa putra -
`alaihimus salam- . Kanti keimanan ingkang kiat, Nabi Ibrahim as rela ngorbanake putrane

3
ingkang sanget dipun sayangi, sehenggo akhiripun Allah Swt ngganti kalian wedus gibas
ingkang. Kita Lajeng gragapi awak kita, menapa kemawon ingkang sampun kita
korbanaken supados kita klebet tiyang ingkang takwa, minangka syarat, supados kita saged
wilujeng lan mlebet suwarga. Wonten surah Ali `Imran 142 Allah ngendika mekaten :

ِ َّ ‫اه ُدواْ ِمن ُكم وي ْعلَم‬ ِ َّ ِ ْ ْ‫أ َْم َح ِسْبتُ ْم أَن تَ ْد ُخلُوا‬
َ ‫الصاب ِر‬
‫ين‬ َ ََ ْ َ ‫اْلَنَّةَ َولَ َّما يَ ْعلَم اللَّهُ الذ‬
َ ‫ين َج‬
“Apa sira kabeh padha ngira yen arep mlebu suwarga?, ing mangka durung
cetha tumrap Gusti Allah, sapa ing antaramu sing berjuang -ana dalane Gusti
Allah – lan uga durung cetha sapa-sapa sing sabar narima.”

Ayat menika maringi piwucal, supados dados tiyang sae, takwa, hengga pantes
mlebet suwarga menika setunggaling tiyang kedah berjuang, lan berjuang mesthi korban.
‫اهلل اكرب اهلل اكرب اهلل اكرب وهلل احلمد‬
Jama`ah shalat `Iedul Adl-ha ingkang minulya.

Mila, mangga kita korban sawetawis arta banda kita, tenaga lan pikiran kita,
sawetawis kesagedan kita, sawetawis kepentingan pribadi kita, supados kita dados tiyang
sae. Mila mangga, kita korbanaken sawetawis wekdal lan kesempatan kita kangge bergaul
lan ngabdi dateng masyarakat. Sampun ngantos kita gesang wonten tengah masyarakat,
tapi kita malah mboten srawung kalih masyarakat. Mangga kita korbanaken sawetawis eca
lan nikmatipun kita tilem kangge ngibadah dateng Allah, lajeng kangge tafakkur, saking
pundi asal kita, sak leresipun kangge menapa kita dipun paringi gesang, lajeng bade dateng
pundi kita menika. Mangga kita sami ngangen-angen, sepinten lepat lan dosa kita, mboten
usah ngeling-eling ngamal kita ingkang ketingale sae.
Malaikat Jibril pernah berpesan dumateng Rasulullah Saw ingkang kasebat wonten
ing hadits :

‫ جاء جربيل عليه السالم إىل النيب صلى اهلل عليه و سلم‬: ‫عن سهل بن سعد قال‬
‫ يا حممد عش ما شئت فإنك ميت و احبب من أحببت فإنك مفارقه واعمل‬: ‫فقال‬
‫ يا حممد شرف املؤمن قيام الليل و عزه استغناؤه عن‬: ‫ما شئت فإنك جمزي به مث قال‬
. ‫الناس‬
Sahl bin Sa`d ngendika, “Jibril as sowan Kanjeng Nabi saw lajeng matur,
“Muhammad, mangga gesang sak kersa panjenengan, toh mangkenipun
panjenengan bade seda. Mangga panjenengan asihi tiyang ingkang
panjenengan asihi, toh mangke bade pisah kaliyan panjenengan. Mangga

4
panjenengan ngamal sak kersa penjenengan, toh panjenengan bade pikantuk
piwales ngamal wau. Lajeng malaikat Jibril matur malih, “Muhammad,
kamulianipun setunggaling tiyang mu`min menika ngibadah ndalu, dene kiyat
lan prakosanipun menika gumantung sepinten anggenipun tiyang wau mboten
ngendel-endelaken tiyang sanes.” Riwayat Al-Hakim lan Al-Baihaqi.

Lajeng kita mboten kenging supe, kita ugi kadhawuhan njagi anak turun kita supados
dados tiyang sae lan mboten kecemplung neraka..

‫قُوا أَن ُف َس ُك ْم َوأ َْهلِي ُك ْم نَ ًارا‬


“Jaganen awakmu lan kawulawargamu saka neraka.”

‫اهلل اكرب اهلل اكرب اهلل اكرب وهلل احلمد‬


Dados, wosipun, Jama`ah shalat `Iedul Adl-ha ingkang minulya, supados angsal
kesaenan, kita kedah berjuang, berjuang kedah purun korban, punika mesthi, kados
ingkang sampun dipun contoaken panjenenganipin Nabi Ibrahim sak garwa putra -
`alaihimus slam- .

‫ وتقبل‬.‫ ونفعىن وإياكم مبا فيه من اآليات والذكر احلكيم‬.‫بارك اهلل ىل ولكم ىف القرآن العظيم‬
‫ص ِّل‬ َ َ‫ إِنَّا أ َْعطَْي ن‬:‫ بسم اهلل الرمحن الرحيم‬.‫مىن ومنكم تالوته إنه هو السميع العليم‬
َ َ‫) ف‬1( ‫اك الْ َك ْوثََر‬
ِ
َ َ‫) إِ َّن َشانِئ‬2( ‫ك َو ْاْنَْر‬
) 3 ( ‫ك ُه َو األَبْتَ ُر‬ َ ِّ‫لَرب‬

‫اقول قوىل هذا واستغفر اهلل العظيم ىل ولكم ولسائر املسلمني واملسلمات واملؤمنني واملؤمنات‬
. ‫األحياء منهم واألموات فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم‬

‫الخطبة الثانية‬

5
‫اهلل أكرب ‪ 3‬اهلل أكرب ‪ 3‬اهلل أكرب ‪ .‬اهلل أكرب كبريا واحلمد هلل كثريا وسبحان اهلل بكرة‬
‫وأصيال‪ .‬أشهد أن الإله إال اهلل وأشهد أن حممدا عبده ورسوله ‪.‬اللهم صل وسلم على سيدنا حممد‬
‫وعلى أله وصحبه أمجعني ‪.‬‬

‫أما بعد‪ .‬فيا أيها الناس اتقوا اهلل والزموا الصالة على خري خلقه عليه الصالة والسالم‪.‬‬
‫فقد أمركم اهلل بذلك إرشادا وتعليما‪ .‬فقال إن اهلل ومالئكته يصلون على النىب ‪ .‬يا أيها الذين أمنوا‬
‫صلوا عليه وسلموا تسليما‪ .‬اللهم صل على سيدنا حممد وعلى أله وصحبه أمجعني ‪ .‬وعلى‬
‫التابعني ومن تبعهم بإحسان اىل يوم الدين‪ .‬وارمحنا معهم برمحتك يا أرحم الرامحني‬

‫اللهم اغفر للمؤمنني واملؤمنات واملسلمني واملسلمات األحياء منهم واألموات إنك على كل‬
‫شىء قدير‪ .‬اللهم أعز اإلسالم واملسلمني‪ .‬وأهلك الكفرة واملبتدعة والرافضة واملشركني‪ .‬ودمر‬
‫أعداء الدين‪ .‬واجعل اللهم واليتنا فيمن خافك واتقاك‪ .‬ربنا أتنا ىف الدنيا حسنة وىف األخرة حسنة‬
‫وقنا عذاب النار‪ .‬ربنا اغفر لنا وإلخواننا الذين سبقونا باإلميان وال جتعل ىف قلوبنا غال للذين أمنوا‬
‫ربنا إنك رؤوف رحيم‪ .‬واحلمد هلل رب العاملني‪.‬‬

‫ان َوإِيْتَ ِاء ِذي الْ ُق ْرََب َويَْن َهى َع ِن الْ َف ْح َش ِاء َوالْ ُمْن َك ِر‬ ‫اإلحس ِ‬ ‫ِ ِ ِ‬ ‫ِ ِ ِ‬
‫عبَ َاد اهلل! إ َّن اهللَ يَأْ ُم ُر بالْ َع ْدل َو ْ ْ َ‬
‫ضلِ ِه ي ع ِط ُكم ولَ ِذ ْكر ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫اهلل‬ ‫اسأَلُْوهُ م ْن فَ ْ ُ ْ ْ َ ُ‬ ‫َوالْبَ ْغ ِي‪ ،‬يَعظُ ُك ْم لَ َعلَّ ُك ْم تَ َذ َّك ُرْو َن‪ .‬اذْ ُك ُروا اهللَ الْ َعظْي َم يَ ْذ ُك ْرُك ْم َو ْ‬
‫أَ ْكبَ ُر‪.‬‬

‫‪6‬‬

You might also like