You are on page 1of 5

‫‪Shiyam Minangka Perang‬‬

‫‪Riyaya Minangka Kemenangan‬‬


‫اَلسََّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اهللِ وَ بَرَ كَا تُهُ‬

‫هلل‬
‫اَهللُ أَكْبَر – اَهللُ أَكْبَر – اَهللُ أَكْبَر – اَهللُ أَكْبَر – اَهللُ أَكْبَر – اَهللُ أَكْبَر – اَهللُ أَكْبَر – اَ ُ‬

‫أَكْبَر اَهللُ أَكْبَر‪ .‬اَهللُ أَكْبَر كَبِيْرًا َوالْحَمْد لِلَّهِ كَثِيْرًا وَسبْحَانَ اهللِ بكْرَةً وَأَصِيْالً‪َ .‬ال‬

‫ب‬
‫إِلَهَ إِالَّ اهللُ وَحْدَه‪ ,‬صَدَقَ وَ ْعدَه ونَصَرَ عَبْدَه‪ .‬وَأَعَزَّ جنْدَه‪ ,‬وَهَزَمَ ْاألَحْزَا َ‬

‫هلل وَ َال نَعْبد إِ َّال إِيَّاه مخْلِصِيْ َن لَه الدِِّيْن و َلوْ كَرِهَ الْكَافِروْنَ‪ .‬اَلْحَمْد‬
‫وَحْدَه‪ ,‬الَ إِلَ َه إِ َّال ا ُ‬

‫لِلَّهِ‪ ,‬اَلْحَمْد لِلَّهِ الَّذِي أَتَمَّ لَنَا شَ ْهرَ الصِّيَامِ‪ ،‬وَأَعَانَنَا ِفيْهِ عَلَى الْقِيَامِ‪ ،‬وَخَتَمَه لَنَا بِ َيوْ ٍم‬

‫هوَ مِنْ أَجَلِّ الْ َأيَّامِ‪ ،‬و َنشْهَد أَنْ الَ إِلَهَ إِالَّ اهللُ وَحْدَه الَ شَرِيْكَ لَه‪ ،‬الواحِد األَحَد‪ ،‬أَهْ ُل‬

‫الْفَضْلِ وَالْإِنْعَامِ‪ ،‬ونَشْهَد أَنَّ سَيِّدَنَا ونَبِ َّينَا محَمَّدًا رَسولُ اهللِ إلَى َجمِيْعِ الْأَنَامِ‪ ،‬صَلَّى‬

‫اهللُ وَسَلَّمَ وَبَارَكَ عَ َليْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ التَّوْقِيْرِ وَالْ ِاحْ ِترَامِ‪ ،‬وَمَنْ تَبِعَه ْم‬

‫هلل حَقَّ ُتقَاتِهِ وَالَ تَم ْوتُنَّ ِإالَّ‬


‫بِإِحْسَانٍ إِلَى يَ ْومِ الزِحَامِ‪ .‬أَمَّا َبعْد ‪ :‬فَيَا أَيُّهَا النَّاس ِاتَّقُواْ ا َ‬

‫وَأَنْتُمْ مسْلِموْنَ‪ ,‬وَاعْلَموْا أَنَّ يَوْ َم ُكمْ هَذَا َيوْ ٌم عَ ِظيْمٌ وَ ِعيْدٌ كَرِيْمٌ‪َ ,‬أ َحلَّ اهللُ لَكُمْ فِيْ ِه‬

‫‪Khutbah PCNU Bantul‬‬ ‫‪3‬‬


ٍ‫ فَهوَ َيوْم َتسْبِيْ ٍح وَ َتحْمِيْدٍ َوتَ ْهلِيْلٍ وَتَعْ ِظيْم‬,‫ وَحَرَّمَ عَ َليْكُمْ فِيْهِ الصِِّيَا َم‬, ‫الطَّعَا َم‬

‫وَتَمْجِيْ ٍد فَسَ ِبِّحوْا رَبَّكُمْ وَعَظِِّموْاه وَتُوْبوْا إِلَيْهِ وَاسْتَغْفِروْاه‬

Para Jama’ah,
Kaum Muslimin lan Muslimat Rahimakumullah
Mangga kita tansah netepi ta’at lan taqwa dateng ngarsa
dalem Allah, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun
saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan awisaipun.
Para Jama’ah,
Sewulan natas kita sami netepi kwajiban ibadah
shiyam, kanti sak warnining panandang kita lampahi,
inggih ngelak lan luwe sampun mesti, lungkrah lan
loyo, lemes, lesu, lan sak panunggalanipun.
Sedaya jejibahan kita tindakaken kanti ikhlas namung
murih karidhan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala.
Estunipun kita sanget kuciwa ing saat punika kita kedah
pepisahan kaliyan Ramadhan, sinaoso kanti raos awrat
lan owel, kita kedah legawa nglepas bidalipun wulan
Ramadhan. Panyuwun kita mugi Allah maringaken
panjang yuswa, saget pinanggih malih kaliyan
Ramadhan ing tahun ingkang bade dateng. Amiin.

Para Jama’ah,
Kaum Muslimin lan Muslimat Rahimakumullah
Dinten menika kita mahargia dinten kamenangan kita
ingkang kebak kebahagiaan lan kabingahan. Jalaran
jejibahan awrat sampun kaleksanaaken kanti sampurna.

4 Khutbah PCNU Bantul


Wulan Raamadhan nembe kemawon bidal nilaraken
kita sedaya. Sak lebetipun sewulan kita kedah ngampet
lan memper dateng kanepson lan pepinginan ingkang
saget ngrisakaken shiyam kita, kepara tasih kasambet
sak warnining amal ibadah sanesipun ing wanci
dalunipun.
Kaum Muslimin lan Muslimat Rahimakumullah
Merangi hawa nafsu punika satunggaling perjuangan
ingkang awrat. Mila nglawan hawa nafsu punika
dumunung satunggaling perang jihad lan perjuangan
ingkang ageng. Mila wonten wigatosipun kita
renungaken malih menapa kakekat lan maknanipun
ibadah shiyam kita wekdal kapengker. Ibadah shiyam
estunipun, ngajak dateng umat Islam kangge nggayuh
kamardikan ingkang hakiki, kanti shiyam saget nahan
saking penghambaan dateng kebiasaan ingkang mboten
sae, lan ugi saking pengajakipun nafsu lan syahwat.
Nafsu kedah kita tundukaken mboten malah kita
ingkang tunduk dateng pengajak lan pikajenganipun.
Jalaran nafsu menawi mboten dipun tundukaken, tentu
ٌۢ
tansah ngajak lampah awon, kados dawuh Al Qur’an :
ۚ ‫لسٓوِء إََِّّل َما َرِح َم َرِِِّٓب‬
ُّ ‫ِِب‬ ِ ِ ُ ‫ومآ أُب ِر‬
َ ‫ئ نَ ْفس ٓى ۚ إ َّن النَّ ْف‬
‫س ََل ََّم َارة‬ َِّ َ َ
‫إِ َّن َرِِِّب َغ ُفور َّرِحيم‬
“Aku ora tahu mbebasake nafsuku sangka kesalahan, kerana
sejatine nafsu iku tansah perintah tumindak ala,kejaba nafsu
kang di paringi rahmat sangka Pangeranku, temenan
Pangeran iku yekti Dzat kang akeh pangapurane lan akeh
kawelasane”(QS. Yusuf :53).
Khutbah PCNU Bantul 5
Kaum Muslimin lan Muslimat ingkang minulya,
Pramila shiyam Ramadhan minangka tarbiyatun nafsi,
ndidik lan merangi dateng nafsu, supados saget lulut
lan jinak mboten ganas lan buas. Mekaten ugi nafsu kita
kanti shiyam supados tunduk dateng akal kita.
Kewajiban shiyam hakikatipun minangka rahmatipun
Allah supados manungsa mboten kecalan sifat
kamanungsan lan uwal saking kamulyanipun. Jalaran
manungsa punika makhlukipun Allah ingkang paling
mulya. Allah dawuh ing Al Qur’an :
‫َح َس ِن تَ ْق ِو مي‬ ِْ ‫لََق ْد َخلَ ْقنَا‬
ْ ‫اْلنْ َسا َن ِِف أ‬
“Yekti temen temen wis Ingsun titahake manungsa kelawan
luwih becik becike titah” (QS. At Tiin : 4 ).

Sahingga kita shiyam bade merdika aken jiwa kita


saking srakah lan rakusipun hawa nafsu lan syahwat.
Menawi jiwa kita sampun merdika, tentu angel dipun
reh lan dipun perhamba dening nafsu syahwat.
Kaenakan dunya mboten bade memperdaya dateng kita
saking marginipun Allah. Jiwa ingkang merdika bade
dados panguasa atas pribadinipun, minulya lan
rinengga kanti akhlaq lan bebuden ingkang minulya.
Jumbuh kaliyan dawuh Nabi :
ِ ‫ض َولَ ِك َّن الْغِ ََن غِ ََن النَّ ْف‬
‫س‬ ِ ‫لَْيس الْغِ ََن َع ْن َكثْ َرةِ الْ َعَر‬
َ
“Sugih iku ora kerana akehe banda, nanging sejatine sugih
iku rasa cukupe ati “. (HR. Bukhari lan Muslim ).

6 Khutbah PCNU Bantul


Ananging kosok wangsulipun menawi manungsa
gesangipun tansah nguja hawa, tundonipun lajeng
tumindakipun ngawur mboten metang halal haram,
leres lepat, awon sae, hak lan bathil, sing penting
keturutan kekarepane. Menawi sampun mekaten
gesangipun manungsa ateges sampun dados budakipun
nafsu, lan kecalan sifat kamulyanipun, kejlomprong
wonten ing juranging kanistan, derajatipun kelorot
dateng derajat ingkang asor, hewan rumangkang
langkung mulya katimbang tiyang ingkang nguja hawa.
Kados ingkang kadawuhan dening Gusti Allah :
‫ي‬ ِِ
َ ‫َس َف َل َسافل‬
ْ ‫ُُثَّ َرَد ْد ََنهُ أ‬
“Nuli Ingsun balekake manungsa marang derajat kang luwih
asor asoring derajat kang asor” (QS. At Tiin : 5).

Kaum Muslim lan Muslimat ingkang minulya


Pramila sepinten labetipun shiyam tumrap gesang kita,
bade kita buktekaken wonten ing lelampah wekdal
wekdal sak lajengipun pasca Ramadhan. Ing wasana
mugi mugi kita tansah pinaringan pitedah lan
rahmatipun Allah saget netepi pranatan agamanipun
kanti Istiqamah, pungkasan manggih khusnul khatimah.
Amin Ya Rabbal ‘Alamin.
ِِ ِ ِِ ِ
‫ َو أ َْد َخلَنَا‬, ‫ي‬ َ ْ ‫َج َعلَنَا هللاُ َو إِ ََّّي ُك ْم م َن الْ َعآئديْ َن الْ َفآئ ِزيْ َن ْاْلمن‬
‫ب ا ْغ ِفْر‬ ِِّ ‫ َو قُ ْل َر‬. ‫ي‬
ِِ
َ ْ ‫ي الْ ُم ْوقن‬
ِِ ِ
َ ْ ‫َو َّإَّي ُك ْم ِِف ُزْمَرةِ الْ ُمتَّق‬
َ ْ ‫ي الْ ُم ْؤمن‬
‫ي‬ ِِ َّ ‫و ارحم و أَنْت خي ر‬
َْ ‫الراِح‬ َُْ َ َ ْ َ ْ َ
Khutbah PCNU Bantul 7

You might also like