You are on page 1of 2

Assalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh

Puji lan syukur wonten ing Ngarsa Dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala, ingkang sampun
paring katah kanikmatan dumateng kita sedaya.

Shalawat saha salam mugi tansah Allah tetepaken dumateng Rasulullah Muhammad
Shalallahu ‘ailaihi wa salam, para keluarga, para sahabat, lan penderekipun ingkang
tansah mituhu ajaranipun.

Ibu/Bapak/sederek sedaya ingkang kula hormati, keparenga kula ing mriki marak
sowan ing ngarsa panjenengan sami, ingkang supados nderekaken panjenengan
sedaya ngaturaken ikrar halal-bihalal wonten ing wekdal punika.

Kita maos sesarengan ikrar Syawalan lan kita awiti kanthi waosan basmalah, kula
derekaken:

"Bismillaahirrahmaanirrahiim.

Asyhadu alla ilaaha illallah.

Wa asyhadu anna Muhammadarrasulullah.

Kepareng matur, dumateng Ibu/Bapak lan sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula
ngaturaken sungkem pangabekti mugi katur ing ngarsa panjenengan.

Dumateng ibu/bapak sederek sedaya ingkang langkung enem lan sesami-sami, kula
ngaturaken salam taklim mugi katur ing ngarsa penjenengan.

Ing dinten riyaya Idul Fitri punika, kula ngaturaken sugeng riyadi, taqabalallahu minna
wa minkum. Mugi Gusti Allah nampi sedaya amal kesaenan kita ing wulan Ramadhan.

Salajengipun kula ngaturaken sedaya kalepatan kula, lahir trusing bathos, kanti
tandesing manah, saestu nyuwun pangapunten mugiya panjenengan paring
pangapunten dumateng kula.

Mekaten ugi, mbok bilih panjenengan kagungan kelepatan dhumateng kula, kanthi
ikhlasing manah kula nyaosakaen pangapunten dumateng panjenengan sedaya.

Mugi-mugi Gusti Allah ngijabahi saha paring maghfirah dumateng kita sedaya.

Amin, amin, Ya robbal ‘alamin."

Mekaten lan semanten ikrar syawalan ingkang kita aturaken. Katah lepat saha kirang
mranani ing penggalih, kula nyuwun agungin pangaksami.

Wabilahittaufiq wal hidayah

Wassalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh.


SUSUNAN ACARA TRAH MBAH PAWIRO DREYO
1. PEMBUKAAN ACARA
2. TAHLIL
3. IKRAR HALAL BI HALAL TRAH
4. PRAKATA KETUA TRAH
5. SALAM-SALAMAN SUNGKEM DARI KELUARGA YANG TERTUA
6. LAPORAN BENDAHARA
7. PEMBACAAN SILSILAH TRAH
8. LAIN – LAIN
9. PENUTUP

You might also like