You are on page 1of 1

Assalamu'alaikum Wr.

Wb

A’udubillahiminasyaitonirrojim, bismillahirohmanirrohim, Alhamdulillahirobbil 'alamin, wabihi


nasta'in 'ala umuriddunya waddin, washsholatu wassalamu'ala asrofil ambiyaa iwal mursalin
wa'ala alihi washohbihi ajma'in. wakola Robbisrohli sodri, wayassrili amri, wahlul
uqdatammilisani yafqohu qouli, amma ba'du.

Wonten Pangarsanipun poro alim ulama alladi warosatul ambiya ingkang tansah kawulo ajeng-
ajeng - barokahipun.

Dumateng Ibu Ariyanti selaku Ibu Kepala Desa soho perangkatipun ingkang kawulo hormati.

Dumateng Bapak Kyai Muchaeniselaku Imam Mushola Al Barokah ingkang kawulo hormati.

Dumateng Ibu Sumidah, selaku ketua Muslimat NU Ranting Desa Kalibagor ingkang kawulo
hormati.

Dumateng Ibu Titik Rakhmawati, selaku ketua Fatayat NU Ranting Desa Kalibagor ingkang
kawulo Hormati.

Lan ugi kanca-kanca fatayat ingkang rawuh wonten majlis mriki ingkang kawulo mboten
saged sebat asma satunggal lan satunggalipun ingkang kawulo hormati.

Ingkang saklajengipun kawulo minangka wakilipun saking panitia pengajian rutinan fatayat nu
lan halal bihalal ingkang manggon wonten ing rt 01 rw 03 desa kalibagor. Sepindah
peparingo kawulo ngunjuaken raos tasyakur kito dumateng ngarso dalem Alloh SWt
ingkang sampun paring makpinten-pinten kenikmatan rohmat taufik hidayah soho
inayahipun dumateng kito sedoyo, sahinggo kito sedoyo ing wekdal sonten meniko
saged makempal bermuwajah bil wujuh wonten ing mriki majlis , ingkang insyaAlloh
penuh barokah puniko kanti mboten wonten alangan satunggal punopo. Monggo raos
syukur kito, kito ikroraken sesarengan bikaulina Alhamdulillahi robbil ‘alamin.

Mboten kesupen kawulo nyuwun agungin panuwun dumateng pambagi wekdal ingkang sampun
maringi wekdal lan panggonan kangge kawulo ing mriki.
Para rawuh ingkang kinurmatan !

Kawulo mewakili rencang rencang sedoyo ngaturake sugeng riyadi minal ngaidzin wal faidzin
wal makbulin wal maghfulin, Kanthi Wulan syawal menika sinaoso sampun keliwat mbok bilih
anggenipun kawulo sak konco sesrawungan kalih ibu Lan rencang sedoyo kathah kelinta
kelintunipun atur, kathah kirang sopan santunipun saking kawulo mewakili rencang sedoyo
nyuwun samudro pangaksami. Mugi-mugi kanthi wulan syawal menika sinaoso sampun keliwat,
dosa kula tuwin panjenengan sedaya saged lebur, tuwin saged dados tiyang ingkang fitri
malih. amiin

Cekap semanten atur kawulo, mbok bilih atur kawulo kathah kelinta-kelintunipun atur saking
awal dumugi akhir kawulo nyuwun agunging pangapunten ingkang kathah.

Wallohulmuwafiq illa akwamiittoriq, Wassalamu'alaikum wr.wb

You might also like