You are on page 1of 5

KHUTBAH IFTITAH MUSYAWARAH

RANTING NU KALURAHAN DONOMULYO KAPANEWON


NANGGULAN
2022
30 Desember 2022 M/ 7 Jumadil Tsani 144 H Komplek Masjid Al-Mustaqim, Sorogaten,

30 Desember 2022 M/ 7 Jumadil Tsani 144 H Komplek Masjid Al-Mustaqim, Sorogaten,


KHUTBAH IFTITAH

ROIS SURIYAH NAHDLATUIL ULAMA


DESA DONOMULYO KECAMATAN NANGGULAN
Masa KHIDMAH 2018 – 2023
Disampaikan dalam Musywarah Ranting Nahdlatul Ulama
Malam Setu Legi, 30 Desember 2022

Assalamu Alaikum wr wb

Bismillahirrahminrakhim

Alkhamdilillahirabil alamin. Washolatu wassalamu ala asrofil mursalin wa ala


alihi waashabihi ajma’in.

Hadratal muhtarominDumateng poro kyai ingkang kulo hurmati.

Dumateng pengurus MWC Nahdlatul Ulama Kecamatan Nanggulan sae saking


jajaran Suriyah lan Tanfidiyah ingkang kulo hurmati.

Dumateng pengurus Ranting Nahdlatul Ulama se-kecamatan Nanggulan sae


suriyah ugi tanfidiyah ingkang kulo hurmati.

Langkung-langkung Dumateng pengurus Ranting NU Donomulyo ingkang saat


meniko ngadani musyawarah Ranting minongko forum permusyawaratan
tertinggi organisasi ingkang kulo hurmati. Kanti pandungo musyawarah sak
mangke ngasilaken keputusan ingkang manfangat dumateng warga NU
khususipun lan ugi manfangat dumateng warga masyarakatipun.

Ama ba’du.

Wonten kesempatan ingkang sae puniko kulo awit namining Rois Suriyah
Nahdlatul Ulama Desa Donomulyo supados caos atur minangkani adat tradisi
bilih wonten Musyawarah Ranting meniko selaku Rois suriyah kedah
ngaturaken Khutbah iftitah. Pramilo wonten kesempatan ingka sae puniko
kepareng kulo ngaturakan :
1. Dumateng sedoyo warga NU langkung-langkung pengurus NU kulo
ngajak, monggo ingkang manteb lan istiqomah lan cetho anggenipun
ngaku lan khidmah dumateng NU. Sahinggo kito sedoyo estu diaku
dados santrine Mbah Hasim Asy’ari, terusanipun kito kecipratan
dungane mBah Hasim Asy’ari supados kito sedoyo, anak putu kito
keparingan khusnul Khotimah.
2. Kito sedoyo sampun yakin lan percoyo menawi NU niku gede, malahan
NU meniko organisasi paling gede, mboten namung sak Indonesia
ananging paling ageng sak ngalam dunyo. Buktinipun Cabang NU
minongko struktur organisasipun sampun sumebar roto wonten wonten
luar negeri. Miderek info saking PBNU, 5 benua sak ngalam dunyo niki;
awit saking Australia, Eropa, Asia, Afrika lan Amerika negaranipun
sampun wonten NU cabang Istimewa.
Ananging saat meniko panjenengan sedoyo mboten cekap bangga mergo
gedene NU. Dumateng sedoyo warga NU kedah ngadahi tekad
mbuktekaken menawi NU meniko mboten namung saget dingo bangga-
banga nanging ugi saget dipun raosaken manfangatipun, kanti
nglampahi program-program ingkang dadi kebutuhanipun warga NU.
Dumateng pengurus Ranting NU Donomulyo, sumonggo program
ingkang sampun lumampah sae pun lajengaken kanti langkung sae.
Kados Lapanan setu leginan saget istiqomah ila yaumil qiyamah, RA
Masithoh biso saget langkung majeng lan ngremboko, lajeng program
Infaq Qoin saget langkung gede tur langkung manfangat. Dumateng
pengurus NU ingkang bade nerusake kepengurusan sak mangke masa
khidmah 2023-2028 ugi saget damel trobosan program ingkang enggal,
ingkang langkung sae lan maslahah. Miderek prinsip al-Muhafdlatu alal
qadimissholih wal akhdzu bil jadidil aslah. Prinsip ahdzu bil jadidil
aslah ; Mbok menawi Donomulyo iring lor mbetahaken sekolah RA/TK
monggo dipenggalihke. Sukur-sukur sak mangke Donomulyo duwe
lembaga pendidikan wujud sekolahan sinaoso ming tingkat SD/MI. Niki
kulo aturaken minongko harapan kulo selaku pribadi, ugi selaku Rois
Suriyah NU Donomulyo lan ugi sak niki kulo diamanahi sampiran Rois
Suriyah NU Kecamatan Nanggulan. Nyuwun dongo pangestunipun
3. Saksampunipun kulo ngajak supados manteb lan istiqomah dadi wong
NU, kulo tambahi dadi wong NU kanti kafah lan total. Maksudipun,
Ngaku dadi tiyang NU meniko mboten cekap nglampahi tahlil,
solawatan, manaqiban, mujahadahan, moco qunut, toriqohan, ziarah
kubur lan maulidan. Ananging menawi nderek ngendikane Mbah Kyai
Ali Maksum Krapyak dadi wong NU niku kudu netepi patang perkoro
minongko dasar pondasi ; (1). Amaliah 2), Fikroh 3) Harokah lan Nomer
4) Ghiroh (Semangat).
Pondasi nomer siji amaliah. Qunut, tahlil, shalawatan dan lin-lain
meniko pancen cirri khas amaliah wong NU. Ngaku NU pancen amaliahe
kudu ngono.
Lajeng pondasi nomer kalih Fikroh (pemikiran). NU nggadahi fikroh
utawi pemikiran cara beragama kanti nilai-nilai utawi ajaran ingkang
saget kangge sangu sesrawungan, inggih puniko : Tasamuh (toleran),
Tawasuth (tengah-tengah), Tawazun (seimbang) lan Mu’adalah (adil).
Nomer tiga Harokah (gerakan). Dadi wong Niku kedah obah gerak
khidmah dumateng NU. Anggenipun khidmah saget dadi pengurus
wonten jalur Struktural utawi kultural ingkang cetho lan jelas-jelas NU.
Pramilo mboten bener menawi onten tiyang ngaku NU nanging malah
mlebu perkumpulan utawi organisasi ingkang bertentangan/nulayani
lan musuhi NU. Contone ; ngaku NU nanging kok malah melu
perkumpulan, organisasi, sekolah, Bank, Koperasi, pesantren termasuk
partai sing ber-afiliasi (bersekutu) kaliyan Wahabi.
Lajeng Nomer sekawan Ghiroh utawi semangat.
Dumateng sedoyo warga NU… monggo kito tingkataken Iman lan Islam
kito. Kito yakini kanti manteb aqidah kita ahlussunah wal jama’ah. Kito
mantebi perkumpulan organisasi kito inggih puniko Nahdlatul Ulama.
Kito yakini bilih kito lahir dumugi sedo tetep NU. Ampun ragu lan
mamang anggenipun nderek lan khidmah wonten NU.
NU meniko omah kito sedoyo
Sedoyo ingkang sae, bener lan maslahah kito pertahanaken…
Ingkang dereng sae… kirang pener.. kito dandani… amargi NU meniko
omah kito…
Ya Jabar…. ya Qohar …. Siapa datang mengancammu… kan binasa
/hancur dibawah dulimu. Hasbunallah wani’mal wakil.. ni’mal maula wa
ni’mannasir.

Siapa Kita ……… 3 x Jawab : NU (3 X)


Pancasila ………. Jawab : Jaya
NKRI Jawab : Harga Mati
Aswaja Jawab : Aqidah Kita.

Hadirin peserta Musyawarah Ranting NU Donomulyo ingkang kulo hurmati

Mbok bilih mekaten khutbah iftitah ingkang saget kulo aturaken. Mugi-mugi
manfangat. Selamat bermusyawarah… mugi ngasilaken keputusan ingkang
manfangat lan maslahah… mugi-mugi khidmah panjenengan sedoyo won NU
pinaringan kekuatan saking Allah SWT, pinaringan ridlonipun. Amin.

Wallahul Muwafiq ila Aqwamithoriq

Wasalamu alikum Wr. Wb.

Donomulyo, 22 Desember 2022


7 Jumadil Tsani 1444
Rois Suriyah NU Donomulyo

KYAI AHMAD ALIM

You might also like