You are on page 1of 1

Bismillahirrahmanirrahim

Assalamualaikum wr. wb

Alhamdulillah wasyukurilah wala khaula wala quwata illa billah.


Panjenenganipun Ibu Kepala Desa ingkang kulo hormati.
Panjenenganipun Almukarom Bp …………… ingkang kulo hormati soho tansah kulo tenggo
dawuh miwah nasehatipun.
Bapak-bapak RT, Bapak RW soho bapak ibu wargo RW 04 Banjar Etan meniko ingkang kulo
mulyaaken.
Langkung rumiyen sumonggo kulo derekaken ngaturaken pujo lan puji syukur kunjuk
dateng gusti ingkang moho suci, awit namung karono ridho lan hidayahipun kulo panjenengan
saget makempal wonten papan meniko kanthi manggeh karahayon ing samudayanipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati, kulo pinongko talanging boro saking rencang-rencang
panitia Halal bi halal ingkang di adani dening ibu-ibu darwis RW. 04 Banjaretan meniko.
Ongko 1 ngaturaken sugeng rawuh soho ngucapaken maturnuwun dateng bapak/ibu
miwah tamu undangan sedoyo ingkang sampun nglonggaraken wekdal miwah tenaganipun
saperlu ngrawuhi kegiatan siang puniko.
Kaping kalih ngaturaken maturnuwun dateng pemerintah desa Ringinlarik ingkang
sampun paring idipalilah kangge ngadani kegiatan meniko.
Kaping tugo ngaturaken maturnuwun dateng Bp. Sumali sak keluargo ingkang sampun
kepareng nyiapaken panggenan miwah uborampenipun sahinggo kegiatan meniko saget
kalampahan kanthi lancar.
Soho ugi mboten kesupen ngaturaken maturnuwun dateng Bp …………………. Ingkang
mangkih kulo tenggo nasehatipun.
Poro rawuh ingkang minulyo
Kegiatan meniko nggadai tujuan kangge ngraketaken tali silaturahmi antar warga ing
dukuh Banjaretan soho kangge ajang halal bi halal sak sampunipun kito sedoyo rampung
nindakke siam Ramadhan.
Saklajengipun mesti kewolo kathah kekirangan ingkang sedoyo kolowau dadosaken
kirang mranani panggalehipun poro rawuh kulo ingkang nyuwunaken pangapunten.
Saklajengipun semonggo kulo derekaken ikrar halal bihalal sareng-sareng kulo rumiyin
Bapak Ibu lajeng niroaken.
Ikrar Halal bi halal :
Bismillahirrahmanirrahim
Asraghfirullah hal adzim 3x
Ya Allah ya rahmanu ya ghofur, kawulo ingkang sami rawuh ing papan meniko. Nglenggono
anggadahi kalepatan dateng sesami ingkang rawuh meniko kanthi tulusing manah kawulo
ingkang kapernah sepuh maringi pangapunten dateng ingkang kapernah enem lan ingkang
kapernah enem ikhlas caos pangapunten dateng ingkang kapernah sepuh. Mugi doso kulo
panjenengan di lebur wonten wulan Riyadi puniko soho sedoyo Ibadah kito katampi dening gusti
ingkang moho mirah amin, amin, amin ya rabbal alamin.
Para rawuh ingkang kulo hormati
Mekaten lan semanten ingkang dados …………… Katah lepat nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum wr. wb

You might also like