You are on page 1of 1

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan bapak ibu guru

Sedoyo konco-konco seperjuangan ingkang kawulo tresnani.

Langkung rumiyin monggolah kito sesarengan ngunjukaken takwa lan syukur dumateng Allah,
ingkang sampun amaringi sedoyo kanikmatan dumateng kito, lan sehinggo kito saged makempal
sesarengan wonten ing ruangan meniko.

Sholawat ugi salam mugiyo kaunjuk dumateng nabiyullah Muhammad SAW ingkang kito ajeng-
ajeng syafaatipun mbenjang wonten dinten kiyamat.

Hadirin ingkang kawulo hormati, jumenengipun kulo ten mriki badhe nyampeaken pidato utowo
sesorah kanti judul pentingipun pendidikan. Micoro episode pendidikan iku pembahasane ombo
sanget, pramilo ing sesorah meniko kulo persingkat mawon.

Pendidikan niku identik kaliyan forum sekolah, pondok pesantren, bimbel lan sak piturute.
Wonten ing sekolahan para siswa diwenehi pendidikan ugi wawasan pemerintahan, wawasan
ilmu alam, wawasan ilmu sosial, ilmu agama lan sak piturute. Ananging pendidikan niku mboten
ing sekolah formal mawon koyo SD/MI SMP/MTS SMA/MA lan sak piturute. Sebab menungso
urip meniko kedah selalu berguru wonten ing pundikemawon tempat, ora mung nanging ning
sekolah.

Hadirin ingkang kinurmatan

Pendidikan ingkang penting sanget inggih puniko wawasan ugi budpekerti akal pekerti, lantaran
sang soyo majune zaman generasi penerus bangsa Indonesia niki soyo amburadul, soyo rusak
mergo kurang benteng ilmu agama ugi ilmu budpekerti tata krama. Mulo kiprah para guru saha
wali murid kudu nemeni anggene ndidik para puta-putri terutamanipun ndidik budpekerti
supadoos bener lan pinter.

Contonipun kemerosotan budpekerti akal pekerti niku katah sanget mulai saking griyo kalih
tiyang sepahipun. Sakniki sampun jarang kito mireng putra-putri matur kaleh tiyang sepah
ngagem bahasa krama, sing katah nggih ngagem ngoko. Padahal bahasa ingkang sae kangge
tiyang sepah inggih meniko bahasa krama luwih-luwih krama inggil.

Hadirin ingkang berbahagia

Manfaat pendidikan kagem generasi muda niku katah sanget, inggih puniko ndidik supados poro
siswa saged mangertosi ilmu umum, saget mangertosi ilmu agama, saget mangertosi ilmu etika
lan ugi tatakrama. Mulo bocah-bocah sing ora podo gelem sekolah ayo podo diajak supoyo
gelem melbu sekolah maning, lantaran menawi putra-putri generasi penerus mboten purun
sekolah mangke saged ngrasakke piyambak gelone ora sekolah lan rugi sanget.

You might also like