You are on page 1of 1

SERAT RANGSANG TUBAN

Anggitan Padmasusastra

           Nyritakake ana pangeran loro saka Negara Tuban jenenge pangeran Warihkusuma lan
pangeran Warsakusuma, putra raja Sindupati saka kerajaan Tuban. Pangeran loro kuwi sing
asale apik malah dadi mungsuh, amarga pangeran Warihkusuma sing arep nikahi Endang
Wresti, wong wadon sing ayu kaya widadari kahyangan. Wektu kuwi pangeran
Warsakusuma dadi raja Tuban nggenteni bapake sing wis seda, ngeterake kakange sing arep
nglamar Endang Wresti. Banreng ngerti yen Endang Wresti ayu bangt, pangeran
Warsakusuma malah tresna marang Endang Wresti. Dheweke iri marang kakange, malah
duweni kekarepan supaya bisa nduweni Endang Wresti. Sawise Warhkusuma mboyong
Endang Wresti, Warsakusuma fitnah kakange sing dadikake Warihkusuma diusir saka
kerajaan Tuban. Bareng wis bisa ngusir kakange, dheweke banjur nikahi Endang Wresti.
Kawi paksa lair anak sing jenenge Udakawimba.
            Warihkusuma banjur lunga menyang alas lan nemoni kerajaan jenenge Banyubiru.
Ing kono Warihkusuma ngabdi marang prabu Hertambang, raja kerajaan Banyubiru. Sang
prabu malah duweni niat arep nikahke putrid tunggale sing jenenge Dewi Wayi karo
Warihkusuma. Akhire Warihkusuma lan Dewi Wayi nikah, nanging sawise nglahirake
putrine sing pertama, Dewi Wayi tinggal. Permaisuri lan raja malah nudhuh yen
Warihkusuma sing nyebabke putrine tinggal, akhire Warihkusuma diusir lan anake
dikenterke ing kali. Amake bakal ditemu dening Kyai Bulud Wulusan, lan dijenengi Rara
Sendang, sing akhire bakal dadi garwane Udakawimba.

            Warihkusuma ngimpi kepethuk Endang Wresti, ngimpi kuwi saing nyebabke
dheweke mbalik ing kerajaan Tuban. Jebul raja Tuban Warsakusuma yaiku adhine malah wis
tinggal. Kerajaan sing asale dicekel Toyamarta, banjur diserahke marang Warihkusuma, lan
akhire Warihkusuma ketemu maneh karo ending Wresti. 

You might also like