You are on page 1of 3

BEGAL KESREKAL

Sang bagaskara wus sawetara wektu angslup ing jagad kulon, ratri kang peteng ngganti
padhanging dina sing dawa. Gundhul isih lungguh ana ngarepe Kawak. Cakruk tuwa pinggir
desa iku dadi pos pungkasan sadurunge durjana loro iku golek memangsan. Sinambi udud kebal-
kebul lelorone crita ngalor ngidul sing ora ana bongkot pucuke. Wengi kang kebak pengarep-
arep, kekarone wis duwe rantaman bakal golek kurban anyar. Wis teka jamane begal ngumbar
akal, sapa lena bakal kena dayane durjana.
“Wak, kira-kira wengi iki arep entuk buron apa ora?” pitakone Gundhul karo nyeceg udude
sing wis mepet lambe.
“Optimis wae, Ndhul! Buron pirang-pirang kok nganti ora entuk, ya kebangeten,”
wangsulane Kawak karo nyawang mengarep.
“Yoh... yen aku tansah optimis. Nanging saiki bang mandhor saya sregep patroli je.”
“Ora susah wedi, sing baku kene kudu tansah waspada! Eling ta piwulange wong pinter
kae, sing eling Ian waspada ha ha ha,” kandhane Kawak cengengesan.
“Eling yen awake dhewe iki begal, waspada yen ana pulisi? Rak ya kaya ngono kuwi ta
karepmu?”
“Pinter, kowe Ndhul. Ngono kok wingenane emoh ndhaptar caleg.”
“Caleg kae sejatine ya ora beda begal kaya awake dhewe ngene iki, Wak. Mung bedane
kana maine alus, awake dhewe kasar. Rak iya ta?”
“He eh. Bener kowe timbangane wong kenthir.”
Wengine wis saya nggremet. Hawa adhem wis ora dirasakake. Awake Gundhul karo Kawak
krubutan jaket kulit sing wis pecah-pecah, gulune diubel-ubeli sarung, sirahe ditutupi kethu kandet.
Wancine wis kuwat bocah mapan turu nalika wong loro iku ninggalake Cakruk tuwa. Boncengan
motor lanang tuwa, kekarone budhal tumuju dalan pengapesan sing nyambungake desa-desa iring
kidul wetan tlatah pesisir kidul karo dalan-dalan gedhe tumuju kutha Yogya.
Ana punthuk dalan munggah. Bubar iku dalane mudhun. Dalan ciyut, angel yen kanggo
simpangan mobil. Dalan iku kondhang angker ora merga ana setan sing tunggu, nanging jalaran
asring ana kacilakan. Saperangan merga kurang pangati-atine sing liwat, ana uga kang merga
kena rekadayane begal. Nadyan angker ewadene ora tau sepi wong liwat. Wong-wong mau
kepeksa ngliwati dalan mbebayani kuwi yen arep padha mulih lan mangkat tumuju papan
makarya utawa kuliyah ing Yogya.
Gundhul menek wit trembesi, dheweke sesingidan amping-amping pang sinambi migatekake
kahanan ing kadohan kana. Kawak wis siyaga. Tangane nyekeli tampar dhadhung. Dhadhung sing
memper tambang iku wis ditaleni ana wit gedhe ing sabrang dalan. Tambang iku digeret nganti
nugel dalan, dhuwure tali kira-kira pas sagulune wong sing lagi numpak pit motor. Pamrihe yen
ana motor liwat, tali iku pas nyanthol gulune sing numpak. Wong sing apes kaya ngene iki bakal
dadi memangsane Gundhul Ian Kawak, begal paling diwedeni ing laladan kono.
“Wak, Kawak, siyap Iho ya!” pambengoke Gundhul sawise nyawang saka arah lor kulon
katon sorote lampu motor.
“Oke Bos!”
“Ana buron liwat. Kae lampune wis katon saka kadohan. Kalodhangan iki aja nganti lobs,
Wak!” kandhake Gundhul rada banter.
“Tenang Bos! Percaya wae karo aku”
Ditunggu sedhela, motor iku mlakune saya nyedhaki dalan pengapesan. Tali loroban sing
maune kendho wis ditarik kenceng. Kari nunggu aba-aba, tali iku bakal disendhal munggah.
Nalika motor iku wis cedhak, Gundhul menehi aba- aba supaya Kawak enggal tumandang.
Dhadhung disendhal. Pawongan kang numpak motor iku kaget. Ora ana wektu kanggo ngerim.
Gulu nyanthol tambang, awake kebanting ing aspal. Motore nylonong dhewe, wusana keprungu
swara grobyag. Motor ngguling sawise nampeg perengan Ian nggobig kecemplung kalen. Begal
loro iku nyekakak, rumangsa bakal entuk-entukan gedhen.
Rekadayane Gundhul kasil njalari kurbane mencelat saka sadhel. Kanthi kebat, Gundhul
nututi tibane motor, ora arep tetulung kurban. Wong pancen tujuwane ngrayah motore. ci.mdhul
or peduli kepiye nasibe wong sing tibakuw embuh mati apa urip. Sing wigati ana motor
gumlethak sing bisa digondhol mlayu. Motor tiba ana kalen terus diunggahake, dislah Ian digawa
mlayu. Kawak enggal medhot dhadhung Ian age-age ngeblas nututi Gundhul.
Kurban begal kuwi jenenge Amandaru mahasiswa saweneh universitas swasta ing Yogya.
Kurban nandhang gegar otak Ian ngathang-athang ana tengah ratan. Lagi dikonangi uwong
kurang Iuwih telung jam sawise kedadeyan. Nalika ditemokake, kahanane kurban sengsara
banget. Helm pecah, getih ndlewer saka sirahe. Pulisi bisa cepet nglacak alamat kurban saka
kertu mahasiswa sing tinemu ing dhompete.
Byar padhang, jagad bang wetan katon maya-maya. Esuk umun-umun kuwi Gundhul lagi
mulih menyang omahe ing Karang Puncu. Teka dhog, Jinem, bojone Gundhul, sing sewengi ora
bisa turu, mbukakake lawang. Wong wadon setengah tuwa iku kaget nalika nyumurupi bojone
teka nunggang motore anake.
“Pakne, Iha Amandaru ana ngendi? Motore kok mbok tumpaki mulih kuwi kepiye?
Sampeyan mau ketemu Amandaru ana ngendi? Gek iki motore sajake ana sing bundhas-bundhas
mentas tiba,” pitakone Jinem gumun.
“Hah? Dadi iki mau...eh...eh...,” wangsulane Gundhul grathulan.
“Piye Pakne? Ana apa kok malah bingung? Endi bocahe?”
„Eh... eh... eh..., iki lelakon apa? Ah mumet aku Mbokne. Sirahku kliyeng-kliyeng,”
kandhane Gundhul karo klumah ana dhipan.

Gundhul ora bisa nerusake omongane, panone sumrepet, rasane kaya mentas disamber
bledheg. Ora ngira yen sing dibegal mau bengi pranyata Amandaru, anake lanang dhewe.
Kahanane peteng ndhedhet, Gundhul ora kober nyetitekake kurbane. Mahasiswa semester pitu
iku lagi ngadani panaliten ing tlatah Gunung Kidul. Yen rancag kudune kurang saka setaun
Amandaru wis nggondhol gelar sarjana. Gundhul nangis ngaruara.
Durung ilang gumune nyumurupi sing lanang lemes, Jinem kaget dene ana pulisi Ian
perawat rumah sakit gumrudug mara.
“Menapa leres menika dalemipun Amandaru?” pitakone polisi.
“Inggih Pak. Kula biyungipun Amandaru. Anak kula kenging menapa?” pitakone Jinem
selak ora sranta.
“Ngaturi pirsa bilih dalu menika wau Amandaru dipunpanggihaken gumlethak wonten pinggir
mergi. Sajakipun nembe kacilakan. Samenika piyambakipun dipun rawat wonten rumah sakit.”
“Anakku, Ngger! Anakku Amandaru... Gek piye kowe Ngger?”
Yu Jinem jerit-jerit kekitrang. Tangga teparo padha gita-gita mara mertakake apa sing
kedadeyan. Pulisi kaget jalaran motore Amandaru ditemokake ana omah kono kanthi kahanan
bundhas Ian blesret. Kahanan saya umyeg awit Warsono Gundhul ujug-ujug semaput.
Kanthi nalurine kang tajem pulisi wis bisa aweh dudutan lamun Amandaru dadi kurban
begal kang ditindakake bapake dhewe. Paseksene tangga teparo saya mikuwati yen Gundhul
pancen asring lunga bengi tanpa kinawruhan apa sing dilakoni ing njaba kana.
Sawise diupakara, Gundhul pungun-pungun tangi. Nanging dumadakan lambene perot, awake
mati separo. Gundhul kena serangan stroke. Dheweke enggal diplayokake menyang rumah sakit.
Sauntara kuwi kahanane Amandaru ora saya becik. Rong ndina sawise dirawat ing rumah
sakit Amandaru tinggal donya. Warta dhuhkita iku enggal sumebar. Pawarta ngenani Amaridaru
sing dibegal bapake dhewe iki saya nuduhake yen para begal wis saya wangkal, laku durjana
saya ndadra. Sambang dalan ngambra-ambra ing sadhengah papan. Dina-dinane Jinem sangsaya
peteng. Ngadhepi kasunyatan iki dheweke mung bisa pasrah mring kahanan.

You might also like