You are on page 1of 7

6) Urip

 Sabar
Iku kabuktekake nalika ngadhepi Jemini sing ora gelem turu dadi siji karo bojone.

Kutipan :

Urip ora cumuwit maneh. Kudu sabar, mantene isih giras...(halaman 69).

7) Radian
 Kasar
Iku kabuktekake nalika Jemini dadi muncine tansah disiya-siya lan diseneni.

Kutipan:

Kaya Raden Gathutkaca wayang wong ndhupak buta Rambutgeni patrape Radian ndhupaki

Jemini. Jemini tiba kelumah-lumah... (halaman 95).

 Seneng blenjani janji


Iku kabuktekake nalika arep nikahi Jemini yen ana ing Betawi ananging nganti suwe Jemini ora
di nikahi.

 Gemi
Iku kabuktekake nalika ngatur dhuwit kanggo kabutuhan tansah diiwit-iwit.

Kutipan:

Bener kandhane Kadinah. Radian pancen gemi. Mula durung suwe anggone manggon neng

Betawi wis bisa tuku radio merk Erres. Yen bengi distel klenengan Solo. Lemarine anyar.

Wekkere iya anyar, mula sadurunge kebribenan unine slomprat wayah esuk, Jemini wis digugah

jam weker (halaman 87).

8) Siti
 Gemati
Iku kabuktekake nalika Jemini isih dadi muncine Den Radian ana ing Betawi, dheweke niliki
Jemini.

Kutipan:

Mengkono uga Siti, bojone Oom Slompret sing teka niliki mboklike, dadi welas weruh kahanane

Jemini...(halaman 90).
 Welas
Iku kabuktekake nalika nuweni Jemini ana ing Betawi, welas karo kahananipun Jemini sing di
siya-siya sarta panganggone sing kurang trep miturut adat Jawi.

Kutipan:

“Ah, nanging yen kaya sampeyan ngono kuwi, Lik, aku ya ora betah nglakoni. Dupeh lanang.

Dupeh pangkate dhuwur..!”


“Lik. Sampeyan neng ngomah kok nyandhang kaya ngono kuwi? Apa ora isin, awakmu katon

ngengla ngono?”

(halaman 91).

9) Kadinah
 Ora dendam
Iku kabuktekake nalika arep babaran jaluk ditunggoni karo Siti, sisan mangestoni antarane Den
Sutras karo Siti.

Kutipan:

“Yu Siti. Den Sutras isih tresna kowe, Yu.”

“Aja mikir kang mengkono, Nah. Awakmu isih ora kepenak.”

“Kowe uripa neng kene maneh, ya, Yu. Awor aku.!”

(halaman 171).

10) Ngadinem
 Seneng godha
Iku kabuktekake nalika godha bojone wong liya, dijak ketemuan ing wayah bengi.

Kutipan:

“La kowe mengko bisa metu, ta, Mas?”

“dak pamit main sekak neng nggone Oom Slompret.”

“Jam sanga theng, ya? Yen kenthong penjagan ditabuh, aku budhal mrene. Kowe aja kasep.”

“Tenan, ya. Aja lali. Saiki dak mulih dhisik. Kowe arep adus?”

“Iya.”

“Aku melu mlebu, ya?”

“Sssst! Aja saiki, ah, isih padhang. Sapa ngreti, ana wong sing kasep adus maneh. Blai awake

dhewe, konangan!”

(halaman 16).

f. Setting
 Latar Panggonan
1) Kompleks Tangsi Surabaya :
 Omah Dines Wagiman
Kutipan:

Kaya serdhadhu kumpeni liyane, Wagiman saanak bojo urip ing tangsi kono oleh kamar

sacumpleng..(halaman 10).
 Kampung Landa
Kutipan:

...Jemini nutugake golek codhotan menyang Kampung Landa, yakuwi lojiloji gedhe dalah

paviliyune, sing madeg dadi pagere tangsi sisih kidul lan wetan. (halaman 22).
 Dapur Umum
Kutipan:
Geger! Pawon Umum ing tengahe tangsi kuwi dadi rame..(halaman 4).

 Kamar Mandi Umum


Kutipan:

Jemini tangi, terus mlayu menyang kamar mandhi. Sing disebut kamar mandhi, kanggo bapak-

bapak karo keluwargane ora padha. Bapak-bapak kaum priya sisih wetan. Wong wadon karo

bocah-bocah ing sisih kulon (halaman 15).

2) Tangsi Sambongan
Kutipan:

Kocapa Jemini. Bubar gawe banjur diboyong menyang Tangsi Sambongan, panggonane Urip

(halaman 63).

3) Tangsi Betawi (Jagalan)


Kutipan:

Ing Betawi tangsine luwih gedhe. Luwih amba...(halaman 86).

4) Stasiun Pasar Senen


Kutipan:

... Sawise diurut, lakune tekan stasiun Pasar Senen. Kahanane sepi mamring. Alon-alon dheweke

nyedaki lawang, arep mlebu. Diendhek sing jaga lawang (halaman 104).

5) Stasiun Padalarang
Kutipan:

Mudhun ing stasiun Padalarang wis sore (halaman 106).

6) Tangsi Batujajar
Kutipan:
“Teng Tangsi Batujajar gelem, Pak?” (halaman 106).

7) Omahe Raden Kdhuwitkusumah


Kutipan:

“Kula madosi wong sing namine Kdhuwitkusumah,” omonge Jemini takon marang wong nom-

noman sing dhines piket tangsi.

“Ngga, kula terke teng nggene Raden Kdhuwit,” ujare prajurit jaga sing sepisanan dijak

ngomong Jemini kuwi (halaman 107).

8) Kantin Ibu Semi


Kutipan:
Sore-sore sumuke eram. Wong-wong lagi appel. Trompet asyar lagi wae keprungu. Ing kantin
sepi...(halaman 120).

9) Kampung Gatotan
Kutipan:
Sawise nikahan, Piet karo bojone golek omah liya. Oleh omah pethak ing kampung Gatotan, ora
adoh saka Greja (halaman 173).

10) Blawuran, Tunjungan, Gemblongan, Pasar Turi


Kutipan:
Yen mulih saka Tunjungan utawa mlaku-mlaku neng Gemblongan, padatan mampir Pasar Turi
(halaman 174).

11) Tangsi Batujajar


Kutipan:

Manggon ing sewan omah Gatotan pranyata ora suwe. Ketungka dipindhah dhines menyang

Batujajar! (halaman 178).

12) Pelabuhan Tanjung Priuk


Kutipan:
Sidane mung Piet Coertszoon sing budhal menyang Negara Landa. Linda lan Jemini ngeterake
tekan pelabuhan Tanjung Priuk (halaman 181).

 Latar Wektu
1) Tanggal selawe
Kutipan:

“Lo, Wak Talib! Mangga, mangga. Tanggal pira, ta, ki kok....!? e, iya. Tanggal selawe. Beneran,

telat mangan niki wau. Durung leyeh-leyeh...(halaman 12).

2) Jam sanga
Kutipan:

“Jam sanga theng, ya? Yen kenthong penjagan ditabuh, aku budhal mrene. Kowe aja kasep.”

3) Karotengah jam
Kutipan:

Let karotengah jam Jemini bali. Krenggosan. Dheweke ora tau lunga bengi ijen..(halaman 21).

4) Sawulan Suwene
Kutipan:

Wis meh sesasi Jemini neng omahe Raden Kdhuwitkusumah. Bocahe katon

krasan..(halaman112).

5) Jemini ing omahe Raden Kdhuwitkusumah


Kutipan:
Sarimin teka maneh. Saiki meh ajeg-ajegan mertamu menyang omahe Raden Kdhuwitkusumah.
Ora njujug ngarepan, nanging mlipir-mlipir liwat ngiringan omah, njujug tunggone Wak Talib.
“Dhik Jemini teng pundi, Wak?”
“E, Nak Sarimin! Manggak-manggak. Jemini, embuh iki mau menyang endi. Sakesuk kok
sengkut olehe nyambutgawe. Ya nyapu, srebet-srebet prabot, ngepel jogan..(halaman 111).

6) Sewulan pisan pendhak tanggal enem likur


Kutipan:

Sewulan sepisan, saben tanggal nemlikur, serdhadu kompeni sing wis omah-omah nampa

rangsum bahan panganan (halaman 28).

7) Dina minggu ana ing acara matinéé

8) Ing sawijining dina


Kutipan:

Ing sawijining dina, Jemini dolanan ijen ing urung-urung mburi tangsi..(halaman 42).

9) Wulan Oktober ing sasi ketiga.

10) Karo tengah taun


Karo tengah taun manggon saomah karo Piet Coertszoon ing loji Kampung Landa Jemini disebut
munci...(halaman 172).

11) Ing wayah bengi


Kutipan:

Wis bengi. Kliwat jam loro. Urip sing nungggoni neng ngarep kamar gragapan tangi...(halaman

180).

 Latar Swasana
1) Meriah nalika dina nikahe Jemini karo Urip
Kutipan:
a
2) Tegang karo panas nalika bengi kapisan nikahe Jemini karo Urip.
3) Sedhih nalika Jemini disiksa karo Radian.
4) Bingung nalika Jemini ninggalake tangsi Betawi (Jagalan), lan wusanane lunga menyang
Padalarang.
5) Sedih nalika Jemini diseneni karo Wagiman amarga ninggalake Radian tanpa pamit.
6) Sedhih nalika Oom Piet Coertszoon pedhot karo tunangane Marie Wevers.
7) Sedhih nalika Oom Piet Coertszoon durung enthuk izin nikah karo Jemini.
8) Sedhih nalika Siti ditakoni Jemini babagan anak-anake sing digawa Oom Slompret bali ing
Belanda.
9) Swasana sedhih nalika Kadinah arep babaran, jaluk tulung karo Jemini nyeluki Siti supaya
nunggu lairane.
10) Swasana seneng nalika Oom Piet Coertszoon enthuk izin nikah karo Jemini banjur digawa
menyang Gereja.
11) Swasana bingung nalika Jemini nunggu tekane Oom Piet Coertszoon saka Belanda.
12) Swasana haru nalika weruh Oom Piet bali saka Belanda ana ing Pelabuhan Tanjung Priuk.

g. Sudut Pandang
Sudut pandang ana ing novel Jemini gunakake wong katiga utawi gaya serba tahu. Pengarang
nyebutake jeneng-jeneng tokoh sing ana ing novel Jemini. Saengga pengarang bisa jelasaken
cerita kanthi mardika.

h. Gaya Bahasa
Gaya bahasa sing digunakake ana ing novel Jemini yaiku:
1) Repetisi
Kutipan:

‘Jemini ngenteni. Ngenteni nganti wong wadon mau gebyur.’ (halaman 16)
Miturut kutipan iku ngandarake yen Jemini ngenteni, ngenteni wong sing lagi adus. Kutipan
kuwi kalebu repetisi jenis anafora amarga wujud penanda ngentenikuwi dadi tembung kapisan
ing ukara kapisan sing dadi tembung kapisan kanggo ukara candhake.
2) Sinonim
Kutipan:
’Padatan sing diomongake crita-crita nalika ana padesan. Critane kaum pamili lankabar anyar

saka kampung. Kuwi wae ora tau kentekan warta.’ (halaman 19)
Miturut kutipan iku nuduhake yen masyarakat tangsi biyasane nyritakake cerita-cerita nalika ing
desa. Tembung sing padha-padha duweni teges padha yaiku kabar lan warta.

3) Antonim
Kutipan:

‘Bengi kuwi, merga awan mau keturon neng ngisor longan, Jemini ora ngantuk’

(halaman 19)
Wujud penanda ing dhuwur duwe oposisi mutlak, yaiku pertentangan teges sing mutlak antarane
tembung bengi karo tembung awan.

4) Hiponimi
Kutipan:
‘Ora mung wong Jawane, dalah Landa-landane sing manggon neng Kampung Landa, padha
melu repot ngatur patroli, piket lan liburan. Kanca-kanca para serdhadhu tangsi liya kayata
Tangsi Dinaya, Tangsi Gatotan, TangsiWonokromo, kabeh diulemi.’ (halaman 58)

Miturut kutipan kuwi nggambarake yen kabeh prajurit Jawa lan Landa, kabeh melu repot ngatur

patroli, piket, lan prei. Kanca-kanca ing asrama sing diundang kayata sing ana ing

asrama Dinaya, asrama Gatotan, asrama Wonokromo.


Kutipan kuwi duweni penanda hiponimi.Wujud pananda ing dhuwur sing dadi hipernim
yaiku tangsi liya lan sing dadi hiponime yaiku Tangsi Dinaya, Tangsi Gatotan,
Tangsi Wonokromo.

5) Kolokasi
Kutipan:

‘Yen manten metu, dilungguhake ing kursi manten. Kursine direngga kembangkembang

kertas maneka maneka warna. Sandhangane manten ganti-ganti.’(halaman 59)


Miturut kutipan ing dhuwur nggambarake nalika manten metu dilungguhake ing kursi manten.
Kursine dihias kembang-kembang kertas manekawarna. Pakaian mantene gonta-ganti.
Ing kutipan kuwi ana tembung manten, kursi manten,lan sandhangan mantensing berkolokasi
lan melu dukung jangkeping wacana kuwi.
6) Ekuivalensi
Kutipan:

“Niku wau putrane mrika,” ujare bapake Jemini nalika dicukur Wak Talib. Wiwit ngarepake

pensiun iki Wak Talib nyambi dadi tukang cukur, mlebu tangsinyukuri para prajurit gentenan.

Wagiman kena giliran saben tanggal selawe.’(halaman 13)


Miturut kutipan kuwi nggambarake yen bapake Jemini dipotong rambute dening Wak Talib.
Wak Talib nyambi dadi tukang cukur wiwit dheweke pensiyun. Ora mung nyukur Wagiman,
ananging uga para prajurit tangsi. Kutipan kuwi kalebu ekuivalensi. Wujud pananda dicukur,
cukur, nyukuri kuwi asale saka tembung cukur sing entuk imbuhan di- ing tembung dicukur lan
imbuhan ny- ing tembung nyukuri.

i. Pesen/amanat ana ing sajroning novel Jemini yaiku:


1) Pentinge pendidikan kanggo wong tuwa karo anak.
2) Luwih apik menawa wong tuwa ora meksa anake nindakake kawin peksan.
3) Sanajan elek tindak tandhuke anak, wong tuwa bakal ngapurani, gelem narima lan bimbing ana
ing kabecikan.
4) Apik lan eleke wong ora gumantung karo warna kulit.
5) Ngelingake supaya jaga jeneng apike wong tuwa.
6) Ngelingake supaya dadi anak sing ngabekti karo wong tuwane.
7) Rodaning urip tansah muter, kadhang kala ana ing dhuwur, kadhang kala ana ing ngisor.
8) Sawise kasusahan bakal nemoni kasenengan kanthi sabar lan tawakal.
9) Tresna sejati iku bakal teka ing wayah sing apik lan wis pesthi.
10) Ngelingake supaya ora ngumbar hawa nepsune.

You might also like