You are on page 1of 5

BAHASA JAWA 1

Prolog

Setane kok temenan

Ing sawijining dina ana 5 boca sohib saka cilik sing jenenge Bertha, Arin, Aldo, Retno, lan
Faul. Bocah kui pada sakelas. Ing wektu jam pelajaran Aldo lan Faul keruan gurune lak omong
– omongan.

Orientasi

Aldo :”he ul awakmu ngerti a lak ono penghunine nak sekolah iki”
Faul : “iyo a jare sopo awakmu”

Aldo :”aku mari moco jur…”


Bu Ani :”Aldo karo Faul maju yen kate ngoong kene ing ngarep!”

Aldo lan Faul kenek hukum gurune ngadek nak ngarep sampek jam istirahat.

Aldo :”ledeh awakku ul kongkon ngadek mulai maeng”

Faul :”gara – gara awakmu iki aku kenek sisan wes gak usah ngersula, lanjutno cerita mu
mau!”

Bertha lan Arin :”cerita apa?”

Faul :”mboh aldo jarene sekolah iki akeh penghunine”


Bertha :”ha penghuni jare sopo awkmu do, ngarang yah”

Aldo :”ngene loh aku wingi maca jurnal sekolah lak ono kakak kelas sing due indra keenam
Jare kakak kelas sekolah iki akeh penghunine”

Retno :”ha penghuni”


BAHASA JAWA 2

Bertha :”awkmu wedi yah..”

Arin :”oh.. yo aku iling lak tau ono wong ireng tuntheng payungan nak gudang sekolah”
Bertha :”ono pocong sisan nak karangan sekolah”

Retno :”ojo ngunu a aku ngkok gak iso turu loh mbok ceritani ngunu”

Aldo :”wes-wes ojo tukaran aku due ide”

Faul :”opo idene do?”


Aldo :”kepriye yen awakdhewe nyoba ngevlog pas sekolah peteng”

Faul :”ide mu apik do, aku setuju. Sing liyane ya opo?”

Retno :”moh wedi aku, barekan yo sekolah lak bengi ditutup”

Faul :”gak opo, ono aku sing kenceng tekade”

Bertha :”terus cara melbu sekolahe yo opo?”

Faul :”gampang iku urusane, satpam e gampang dibujuki”

Bertha :”yoes tapi mek separo jam, lak separo jam gak ono opo-opo awakdhewe mulih”

Aldo :”siap, mene minggu jam songo bengi ngarep gerbang sekolah”

Komplikasi

Aldo lan kanca-kancane nyepakno alat gawe ngevlog dino minggu. Dino minggu wengi dekne
kabeh budhal ing sekolah.

Aldo :”He delok en retno cilik atine, gurung lapo lap owes pucet”

Bertha :”haa…”(teko mburi ngageti Retno)

Retno :”aaahh.. He ojo ngunu a kaget aku”

Faul :”wes-wes ojo tukaran ayo melbu”

Aldo :”awakmu wes gowo barang gae satpam a Ul?”

Faul :”tenang, iki wes nak kresek”

Aldo :”encene faul iki bau tengen kok”

Aldo lan kanca-kancane tumuju ing gerbang sekolah gae izin nak satpam

Satpam :”he bocah-bocah lapo peteng peteng mrene”

Faul :”niku kulo kale kanca-kanca badhe ngevlog”

Satpam :”gak oleh wes bengi ngkok lak ono opo-opo satpam e sing salah”
Faul :”Kulo kagungan donat”
BAHASA JAWA 3

Satpam :”melbu o wes gak opo tapi ojo suwe-suwe”

Aldo lan Kancane :”Ngge pak”


Aldo lam kamcane melbu sekolah lansung ngevlog

Aldo :”halo gais ketemu again karo aku lan kanca kancaku! Awakdhewe ana ing sekolah,
untunge verril gowo lightning cek gak petheng dhedet,”
Retno :”He iku kok ono putih-putih nak cideke wit gedang iku”

Aldo :”ndi she puteh-puteh iku palig yo mek batin mu ae”

Faul :”he do aku due ide yo opo kene mblayu ninggalno retno”

Aldo :”tapi mbalik maneh yo, saaken Retno”

Faul :”Loh iku genderuwo temenan, mblayu”

Retno :”aaahhh…”

Aldo lan Faul delok genderuwo temenan sing gara’no kancane melayu kabeh lan mencar
Verril :”loh arin endi ?”

Retno :”dimaling genderuwo paling, hadeh tambah wedi iki awakdhewe, mulih ae loh”

Aldo :”kene gak oleh mulih sampe arin ketemu”

Tambah suwe ing sekolah tambah Emprit abuntut bedhug. Gak suwe Aldo kepreset kulit
gedhang lan ono sing narik, faul sing arep lapor ing satpam ngglundung ing ondo lan semaput
ora tangi-tangi

Retno: ber terno aku ing jamban aku pingin pipis

Bertha: yawes ayo ta terno tapi ojo kesuen yo


Veril:aku melu Yo aku Wedi dewean, wedi di petuki sing aneh aneh

(Sak wis e ing jamban)


Retno: aku mau krungu swara ing jejere jamban,suarane medeni

Veril:wis wis gausa di reken

(Ing ngarep kelas)

Veril:ret cekelno kamera ku tali sepatu ku coplok

Retno: Iyo ril(Retno durung mari ngomong veril koyo ditarik wong sampe mlebu kelas lan
kekunci)

Retno:yoopo Iki ber verril(pas noleh ndelok Bertha ternyata Bertha kesurupan lan blayu adoh)

Retno: yaapa ini aku wedi wes aku ta mbalek nang nggone faul pingsan

Retno:loh faul Nandi kok gak onok aduhhh


(Retno mblayu terus mlebu Nang salah satu kelas kan mlebu nang lemari)
BAHASA JAWA 4

Retno:yoopo Iki aku pingin mulih tapi aku Wedi Hikss..hiksss...

(Retno nangis sampe keturan,mene isuk e ndek Jero kelas)


Bu guru: suarane sopo iki cah

Buguru goleki swarane lan ternya ing jero lemari

Guru: lapo koe ing kene Retno

Retno ora njawab langsung mlayu ing Bertha


Retno: kowe wes sadar ber Untung kowe ing kene aku wedi ber

Bertha: iya wes mending saiki kowe adus lan ganti kelambi

(Akhire Retno adus lan ganti kelambi , sawise iku)

Klimaks

Kanca-kancane Retno: happy birthday happy birthday happy birthday to you


Retno:(nangis)sing koe kabeh tindakake iku ala rek , nanging suwona awakdhewe ndemek

• Tema : Horor, komedi


• Alur : Maju
• Latar suasana : Menegangkan, menyenangkan
• Latar tempat : Sekolah, kelas, depan sekolah
• Latar waktu : Siang dan malam

• latar belakang pangripta : Drama”setane kok temenan” ditulis Adit

• Latar belakang karya : Penulis drama kasebut (Adit) kepingin nggawe crito drama
kang nyenengke nanging wonten unsur horror. Carane penulis meniko ngangkat
kekancan teng njero drama.

• Latar belakang Masyarakat: Nyeritaake limo konco yaiku Bertha, Arin, Aldo, Retno, lan
Faul seng mbahas setan seng Ono sekolahan sampe arek arek Kuwi nekat teko Nang
sekolah lan ngevlog ing sekolah ing Dina Minggu bengi Sampek keweden Kabeh terus
akhire ketahuan guru, lan meniko muleh teko sekolah arek arek ngewenehi kejutan
gawe retno
BAHASA JAWA 5

• Aldo : Gampang percoyo rumor utawa omongan e uwong, wani, tanggung jawab,
seneng crito ning kancane, ketua nipun.
• Retno : Wedian, mboten nggadah nyali, nangisan/gembeng.
• Faul : Seneng nggudo kancane/jahil, saget di andalaken, seneng ngarang crito.
• Satpam : Gampang dibijuki lan dipengaruhi
• Bertha : Apikan

• Ojok gampang di bijuki omongan e wong liya


• Tetep percoyo marang sang kuoso Gusti Allah
• Ojok melok I rasa penasaran marang crito seng gak jelas
• Yen menehi kejutan sak pantese mawon

You might also like