You are on page 1of 3

Theng…theng…theng…theng, bagi semua siswa SMA I Makmur segera memasuki kelas

karena kegiatan belajar mengajar akan segera dimulai. Mangkono swara sing muni saka
speakere skolahan. Embuh swarane sapa, nanging saben dina lan saben bel muni mesthi swara
wong wadon kuwi uga muni. Unine beda-beda, nalika masuk jam pertama, istirahat, masuk
sawise istirahat, lan wektu mulih.

BABAK 1.
Bu Eli mlebu ruwang klas X-B. bocah-bocah padha meneng, lan siyap nampa plajaran basa
jawa. Ananging ana sing beda dina kuwi.
Bu Eli : “Bocah-bocah,, ayo meneng kabeh. Aja ana sing rame. Budi..hayo kancane
diwarahi supaya meneng kabeh.”
Budi langsung meneng lan lungguh sinambi nyawang sandhinge bu Eli.
Bu Eli : “Bocah-bocah,, menawa sampeyan kabeh padha pitakon sapa bocah sing ana
sandhinge ibu iki.”
Murid-murid : “Inggih Bu..”
Bu Eli : “Dina iki kelas X-B ketekan murid anyar. Ayo mas tepangna menyang kanca-
kanca.”
Totok : “Inggih Bu. (maju rada mangarep, banjur nepangne ). Sugeng enjing kanca-
kanca, kenalna jenengku Totok Pambudi, asalku saka Lampung.”
Bu Eli : “Kanca sampeyan iki pindhahan saka SMAN Lampung, bapake entuk surat
tugas neng kabupaten kene saengga Totok kudu melu pidhah wong tuwane.
Amarga Totok during nate ing jawa mula ibu nyuwun tulung, kancanana Totok
kanthi apik lan aja marai sing ala.”
BABAK 2
(bel skolahan muni) Theng…theng…theng..theng,, saatnya istirahat. Murid-murid metu saka
klas. Totok lungguh meneng ing bangkune. Budi lan anggreini nyedhaki.
Anggreini : “Tok… ayo melu neng kantin.”
Budi : “Iya, ayo dakjak tumbas sega, weh dakjamin seneng sampeyan.”
Totok : “Maturnuwun, nanging aku wis digawani ibuku bontot.”
Budi : “Waah,, apikan temen ibukmu iki. Makku wae ora nate nyepakne sarapan.”
Totok : “Lak ngono ora usah tumbas sarapan neng kantin. Lak gelem maem bareng
aku wae.”
Budi : “Ya gak kepenak aku tok, lhawong kuwi jatahmu kok.”
Totok : “Ora apa-apa. Ibuku gawanine rada akeh, cukup cukup.”
Budi : “Kepriye Ren??”
Anggreini : “Aku tak metu wae, tak nyusul Gita neng kantin. Isin aku yen maem kembul
karo bocah lanang-lanang. Ya wis tak dhisik ya.”
Totok lan Budi kembul mangan bontotan sing digawakne ibuke Totok.
Budi : “Kok enak ngene masakane ibumu?”
Totok : “Ya iya mas,, ibukku pinter masak kok. Saben dina mesthi gonta-ganti
masakan, ibuku senengane njajali resep anyar mas. Sawise masak saka resep
anyare, anak-anake mesthi sing bageyan dhisik dhewe niliki.”
Budi : “Lak ngono kuwi saben dina aku ya betah dikon neng omah wae. Lha mangan
terus je. Eh sik to,, sampeyan umure pira ta kok nyeluk aku mas. Garai ngetoki
lak aku tuwa. “
Totok : “Lha piye maneh mas, wong aku during kenal sampeyan.”
Budi : “Ealah..mbok ya muni ta ngono kuwi. Haha ( ngguyu kekel) ngomong ngalor-
ngidul tibakno during ngerti jenenge. Ya wis kenalna jenengku Budi Laksono.
Biyasa dicelok Budi. Lan bocah wadon mau jenenge Anggreini ning biyasa
diceluk Reni.”
Totok : “Oalah iya mas Bud”.
Budi : aja nyeluk aku mas. Budi wae, ben ketok raket.
BABAK 3
Bel muni, wayahe plajaran basa jawa. Murid-murid padha nyiapake buku PRe.
Gita : “Wadhuh, aku durung nggarap PRe bu Eli, piye iki ngko lak didukani..” ( rada
wedi)
Anggreini : “Lha sampeyan mau bengi nyapo ae ta Git, kok nganti durung nggarap?.”
Gita : “Aku lali lak ana PR.”
Bu Eli mlebu klas. Banjur nulis ing papan.
Bu Eli : “Ayo sapa sing bisa mangsuli pitakon iki?”
Murid-murid meneng kabeh, ora ana sing wani maju.
Bu Eli : (gethem-gethem) “hmm… kok ora ana sing maju? Ibu dhek wingi maringi PR
ya. Lak ngono amarga ora ana sing maju, ibu sing nunjuk wae. saiki tanggal 25.
Ayo absen 25 maju, sinambi gawa buku PRe.”
Anggreini : “Git, kuwi lak absenmu.”
Gita : (ndhingkluk banjur maju) “Ngapunten bu, kula dereng …” (rada wedi)
Bu Eli : “Durung apa mbak, durung nggarap ta? Sapa maneh liyane sing durung
nggarap PR?” (nyawang sakabehing murid)
Murid-murid meneng, kabeh wus garap kajaba Gita. Gita diutus nggarap, ning ora ana sing
bisa digarap babar blas. Bu Eli ngelus dhadha.
Bu Eli : “Sapa sing bisa ngewangi Gita ngrmpungke soal iki? Totok,”
Totok : (kaget)
Bu Eli : “Kepengin nyoba? Salah ora apa-apa penting wus nyoba.”
Totok maju lan nggarap soal kanthi cepet lan bener.
BABAK 4
Wayah istirahat. Budi, Totok, Anggreini, lan Gita lungguh ana emperan klas. Ngomongake
kadadeyan sing nembe mau.
Anggreini : “Kepriye lho Git sampeyan iki. Wis ngerti bu eli ora bisa duka banjur
sampeyan nggampangne tugas-tugase kanthi cara ora nggarap PR?”
Gita : “Ora ren, aku lali tenan yen ana PR saka bu Eli.”
Budi : “Lha ngerti durung nggarap, mau sadurunge masuk kok ora digarap?”
Gita : “Garai PRe nulis aksara jawa. Sampeyan-sampeyan rak ngerti ta aku iki ora
pinter yen nulis aksara jawa. Apal 20 wae ora.”
Budi : “Ning lak ya bisa ndelok neng Pepak, utawa liyane.”
Gita : “Angel, Budi,,,, (gregeten) tulisane mlungker-mlungker gawe mumet.” ( mikir)
“Kepriye ya supaya aku bisa apal aksara jawa kanthi cepet.”
Anggreini : “Ya kudu sring-sring nulis nganggo aksara jawa ta Git.”
Gita : “Mesthi wae ren, wong sampeyan anake dhalang mula wis pinter yen masalah
ngono kuwi.”
Budi : “Ya lak kepengin cepet, dibong wae tulisane banjur diombe utawa dipangan.
Engko lak cepet.” (sinambi nyemplungne driji limane menyang tutuk)
Gita : “Cepet apa bud?? Mesthi cepet apale?”
Anggreini : “Sampeyan iki kok ya ngeh men Git-Git, apa ya mokal mung ngombe utawa
maemi tulisan kuwi banjur cepet apal. Cepetne urip iku ho’oh ( godheg-godheg).
Akuwa ya ora sepira bisa yen nulis aksara jawa dadi ora mesthi anake dhalang
utawa sapa wae mesthi ngerti bab-bab kuwi.”
Totok : “Bener apa sing diomongne reni, Git. Sanajan anake dhalang utawa sindhen
utawa sapa wae durung mesthi ngerti, yen ora nate nyinaoni. Mula yen
sampeyan kepengin bias ya kudu sring sinau aksara lan nulis nganggo aksara.”
Budi : “Ngendikane ibuku, Git. Wong yen kepengin isa utawa ngerti kuwi kudu
sregep ngedhepi lan nyinaoni. Ora malah dipinggirne.”
Anggreini : “Luwih becik sinu-sinau sethithik nanging tlaten.”
Totok : “Iya Git, ibuku wae saben kepegin gawe resep anyar supaya kasil anggone
njajal resep kuwi ora mung pisan, pindho, ning bola-bali. Mula mesthi berhasil,
mung ya kudu tlaten.”
Gita : “Dadi amarga dakdohi ya, mula aku ora bisa-bisa apal aksara jawa.”
Anggreini : “Dudu ora bisa, ning durung bisa git.”
Gita : “Ya wis lak ngono aku tak sring-sring sinau nulis aksara jawa, ben bisa.
Sampeyan-sampeyn lak gelem ta sinau bareng-bareng karo aku? Dadi ora prelu
ngombe awu kertas bong-bongan mau ya.”
Bocah telu : (godheg) “yaa…”
Budi : “Wis-wis ayo ndang mlebu. Wis bel.”
Banjur bocah papat mlebu klas. Lan bu guru uga melu mlaku ing burine.

1. Judul apa sing trep gawe drama kasebut?


2. Sebutno paraga sing ana sakjrone drama!
3. Jlentehne piye watak tiap – tiap paraga ana drama kasebut!
4. Pesen apa sing disampekno teko drama kasebut?
5. Sebutno tumindhak – tumindhak apa sing perlu di tumindhake dening paraga sadurunge
meragakaken drama?

You might also like