You are on page 1of 6

SOAL PAT

BAHASA JAWA
KELAS X

1. Ringkesan awujud cekak aos saka wacan kang dawa kaaran ….


a. Synopsis
b. Memo
c. Glosarium
d. Indeks
e. Biografi

2. Unsur pandhapuk crita wayang kang paling dhasar yaiku ….


a. Irah-irahan
b. Tema
c. Diksi
d. Alur
e. Paraga

3. Lampu minyak kang mligi digunakake sajrone pagelaran wayang arane ….


a. Kelir
b. Debog
c. Cempala
d. Kelir
e. Blencong

4. Kocapa, dupi mulat kusuma Wara Sembadra wis bisa direbut dening Raden Janaka,
Kapi Anoman enggal manjing jrone kancing gelunge sang Begasuksma. Ngira lamun
Wara Sembadra aman jroning kancing gelung. Raden Begasuksma daya-daya bablas
tumuju Kutharaja Tawang gantungan kang uga sinebut praja Swarga bandhang.
(Penyebar Semangat No. 38 17 September
2011)

Pethilan lakon wayang ing dhuwur nuduhake kahanan kang ….


a. Lagi perang
b. Nggegirisi
c. Tuwuh dredah
d. Lelimangan
e. Mrantasi dredah

5. Ngisor iki kaluwihan saka pagelaran wayang, kajaba ….


a. Swasanane regeng
b. Lakone narik kawigaten
c. Swara dhalang kang membat mentul
d. Dagelan dhalang kang ngregengake
e. Tiket pagelaran larang

6. Lakon Bima Bungkus dijupuk saka serat Mahabarata. Ngisor iki parwa kang ora ana
sajrone Serat Mahabarata yaiku ….
a. Adiparwa
b. Aranyakandha
c. Wirathaparwa
d. Bhismaparwa
e. Santikaparwa

Bathara Guru banjur ngutus Gajah Sena kanggo mbedhah bungkus. Tumurune Gajah
Sena didherekake dening Bathara Narada. Sang Gajah Sena sawise tekan alas
Setragandamayit, nuli nubruk bungkus mau banjur diidak-idak. Bungkus kang
diidak-idak mau malah saya gedhe lan sentosa. Pungkase bungkus mau digadhing lan
diudat-udat banjur bungkus bisa bedhah. Saka bungkus kang bedhah mau mijil
kasatriya gagah prakosa. Gajah Sena kang nubruk lan mbedhah buntel mau rumangsa
ngganggu bayi kang ana sajrone bungkus. Bayi bungkus nuli ngepruk sirahe Gajah
sena. Gajah Sena ambruk lan sirahe pecah. Nandhang tatu kaya mangkono Gajah Sena
gugur lan wadhate muksa, dene sukmane ngrasuk ing badane bayi sing lagi lair mau.

7. Kang nduwe gagasan mbedhah bungkus yaiku ….


a. Bathara Guru
b. Gajah Sena
c. Bathara Narada
d. Pandu
e. Dewi Kunthi

8. Ukara kang ora trep karo isi wacan yaiku ….


a. Gajah Sena pejah jalaran Bratasena
b. Gajah Sena menyang alas dikancani Pandu Dewanata
c. Bayi bungkuse ana ing alas Setragandamayit
d. Gajah Sena among nindakake dhawuh Bathara Guru
e. Jalaran tatu ing sirahe Gajah Sena pejah

9. Kang kasil mbedhah bungkuse Bratasena yaiku ….


a. Pandu
b. Kurawa
c. Sengkuni
d. Hesti Sena
e. Barata Narada

10. Papan dibuwange Bratasena nalika isih bayi ana ing alas ….
a. Danalaya
b. Dhandhaka
c. Sentragandamayit
d. Kurusetra
e. Roban

11. Paraga kang kawentar minangka otot kawat balung wesi yaiku ….
a. Ghatotkaca
b. Puntadewa
c. Arjuna
d. Werkudara
e. Sadewa

12. Pandu Dewanata yaiku …. Destarasta


a. Kangmase
b. Adhine
c. Ponakane
d. Pakdhene
e. Sedulure

13. Nalika mlaku nuju omah, kowe ngerti ana mbah-mbah arep nyabrang dalan.
Tumindak kang trep kanggo kahanan kasebut yaiku ….
a. Mbah punika lho nyabrang wonten zebra cross kemawon
b. Ati-ati nggih mbah
c. Pak pulisi tulung mbahe menika panjenengan sebrangaken
d. Mangga mbah kula dherekaken nyebrang mergi
e. Mbah mangga entosi rumiyin supados lampune abrit

14. Cara kang ora trep nalika menehi panyaruwe yaiku ….


a. Ngurmati kang diwenehi tanggepan
b. Waton omong
c. Duweni landhesan
d. Wani nanggung omongane
e. Ngenteni lawan micara rampung guneman

Sawise dadi mahapatih ing negara Astina, pangeran Sri Gantalpati nduweni rencana
arep nyingkirake bayi bungkus. Miturut pamikire, mbesuk yen bayi bungkus lair,
bisa gawe dredah ing tembe mburine. Mula Raden Sri Gantalpati ada-ada marang
Kurawa supaya gelem merjaya bungkus kasebut, satekane ing alas, Kurawa padha
cuwa jalaran bayi bungkus dadi satriya. Mula Kurawa sawadya balane ngamuk ing
alas Setragandamayit, nanging karusuhan kasebut bisa diprantasi dhewe dening
Bratasena. Sawise kisruh bisa diprantasi, kabeh sentana dalem padha kumpul klebu
Arya Widura.
15. Unsur intrinsic kang ora katon sajrone pethilan crita yaiku ….
a. Latar papan
b. Latar wektu
c. Alur
d. Irah-irahan
e. Amanat
16. Ukara kang trep karo wacan, kajaba….
a. Sengkuni nduweni watak cubriya
b. Kurawa perang klawan Bratasena
c. Sengkuni dadi pawadane dredah
d. Bratasena bakal dadi satriya
e. Kurawa mati sajrone nglawan Bratasena

17. Tegese tembung cuwa yaiku ….


a. Kuciwa
b. Nemoni
c. Percaya
d. Gumun
e. Duka

18. Ngisor iki paraga ing lakon Mahabarata kajaba ….


a. Anoman
b. Karna
c. Subali
d. Duryudana
e. Abimanyu

19. Agengipun lelabuhan para ibu menika sampun ketingal wiwit bangsa kita ngandani
perang lumawan penjajah. Ibu sampun siyaga wonten ngajeng, semanten ugi
wonten ingkang mbiyantu wonten ing palang merah. Tumut ngrawat prajurit-
prajurit ingkang sami nandhang tatu. Pethilan sesorah ing dhuwur kanggo mengeti
dina ….
a. Kartini
b. Ibu
c. Pahlawan
d. Kamrdikaan
e. Sumpah pemuda

20. Keparengga sagunging para ingkang sami rawuh kasuwun tansah lelenggahan
kanthi mardikaning penggalih, kanthi suka mangun suka sukaning nala sinambi
angrahabi sedaya pasugatan ingkang sampun kaaturaken dumugi paripurnaning
pawiwahan ing siyang menika, lan tansah paring puji pandonga dhumateng sri
penganten sarimbit.
Perangan sesorah ing dhuwur klebu ….
a. Pambuka
b. Purwaka
c. Wigatine atur
d. Pangajeng-ajeng
e. Atur pangapura

Para asung bela sungkawa kakung putri ingkang kula bekteni. Upacara kaping tiga
inggih punika tatap pasuryan. Ingkang punika katur para sanak kadang, para warga
wandawa ingkang badhe amirsani pasuryanipun swargi Bapa Joko ingkang
pungkasan, minangka tandha asih tresna lan raos katresnan keparenga tindak
mlebet anyaketi kendhaga layon.

21. Pratelan pranatacara kasebut ing adicara ….


a. Surge
b. Sarasehan
c. Kesripahan
d. Pengaosan
e. Tingkeban

22. Tembung swargi ing teks ngemu teges ….


a. Surga
b. Praupan
c. Sesepuh
d. Almarhum
e. Almarhumah

Sagunging para tamu kakung putri ingkang tansah kula bekteni, kangge paring
pangestu miwah puji pandonga dhumateng penganten sarimbit ingkang nambut
silaning akrama, sumangga kula dherekaken jumeneng sawatawis. Panggihing
penganten kinurmatan engeling gendhing kodhok ngorek kalajengaken ketawang
larasmaya pelog barang.
23. Pranatacara kasebut ing perangan ….
a. Pasrah panampi penganten
b. Krobongan
c. Panggih
d. Atur pambagya raharja
e. Kirab penganten

24. Tembung jumeneng tegese ….


a. Meneng
b. Donga
c. Jeneng
d. Ngadeg
e. Lungguh

25. Metode pranatacara kang digunakake nalika pambirawa durung prigel anggone
medharake wigatine pawiwahan yaiku ….
a. Naskah
b. Apalan
c. Impromptu
d. Ekstemporan
e. Spontanitas
KUNCI JAWABAN

1. A
2. B
3. E
4. C
5. E
6. B
7. A
8. B
9. D
10.C
11.A
12.B
13.D
14.B
15.D
16.E
17.A
18.C
19.B
20.D
21.C
22.D
23.C
24.D
25.A

You might also like