You are on page 1of 8

SOAL BAHASA JAWA

UASBN Tahun Pelajaran 2020/2021

1. Gatekna tembang ing ngisor iki!


Mingkar-mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
Kang tumprap ing tanah Jawa
Agama ageing aji

Pitutur luhur kang kamot ana ing tembang dhuwur yaiku ….


a. Nalika ndhidhik anak kudu nyingkiri tumindak angkara
b. Manungsa kudu milih agama sing becik
c. Nalika mulang anak kudu nganggo kidung
d. Manungso kudu sregep nyambut gawe
e. Manungsa kudu gelem sinau

2. Gatekna tembang ing ngisor iki!


Nuladha laku utama
Tumrape wong Tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senopati
Kepati amarsudi
Sudane hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyasing sasama

Tembang Sinom ing dhuwur dumadi saka …. Gatra


a. 6
b. 7
c. 8
d. 9
e. 10

3. Gatekna tembang ing ngisor iki!


Ngelmu iku kalokone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara

Setya budya pangekese dur angkara nduweni teges ….

a. Golek ngelmu diwiwiti kanthi tenanan


b. Golek ngelmu iku kalakone kudu rekasa
c. Sipat kanga la bakal ilang kanthi ngelmu kang becik
d. Yen golek ngelmu iku kanthi tenan, bakal bisa kagayuh
e. Golek ngelmu iku kudu temen lan ngedohi sipat ala supaya bisa kasil

4. Tembang kang jumbuh kanggo nggambarake mangsa nalika manungso iku wus bale
wisma (rabi), urip rukun lan tentrem ayem karo kulawargane yaiku tembang ….
a. Mijil
b. Sinom
c. Durma
d. Kinanthi
e. Asmaradhana

5. Gatekna tembang ing ngisor iki!


Upamanae wong lumaku
Marga gawat den liwati
Lamun kurang ing pangarah
Sayekti karedhet ing ri
Apese kesandhung padhas
Babak bundhas anemahi

Pitutur kang kamot ana ing tembang dhuwur yaiku ….


a. Yen kurang pangati-ati
b. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban
c. Bakal enthuk kacilakan ing sadalan-dalan
d. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe
e. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene

6. Gatekna tembang ing ngisor iki!


Lire lelabuhan tri prekawis
Guna bisa saniskareng karya
Binudi dadya unggule
Kaya sayektinipun
Duk bantu prang manggada nagri
Amboyong putri dhomas
Katur ratunipun
Purune sampun tetela
Aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji
Suwanda mati ngrana

Ukara kang tegese lelabuhane Patih Suwanda bisa mratasi gawe, yaiku ….
a. Bisa mati ngrana
b. Binudi dadya unggule
c. Bantu prang manggada
d. Purune sampun tetela
e. Bisa saniskareng karya

7. Gatekna tembang ing ngisor iki!


Wonten malih tuladhan prayogi
Satriya gung nagri ing Ngalengka
Sang Kumbakarna arane
Tur iku warna diyu
Supradene gayuh utami
Duk wiwit prang Ngalengka
Dennya darbe atur
Mring raka amrih raharja
Dasamuka tan teguh ing atur yekti
De mung mungsuh wanara

Miturut tembang ing dhuwur, paraga kang gugur mbelani negarane saka amuke
wadyabala Prabu Ramawijaya yaiku ….
a. Satriya
b. Sugriwa
c. Sumantri
d. Dasamuka
e. Kumbakarna

8. Ukara aprang rame Karna mati jinemparing ing serat Tripama pada 6 iku ngemu
teges ….
a. Karna perang tandhing klawan buta
b. Karna gugur kena panah ing perang Bratayudha
c. Karna minangka prajurut utama
d. Karna manggala yudha prajurut Ngastina
e. Karna perang mungsuh kadange dhewe

Jam 06.00 esuk, Jono wis nganggo klambi rapi amarga dina iki arep mangkat kerja. Ana ing panggonan kerj

9. Pitutur luhur kang kamot ana ing pethilan teks cerkak ing dhuwur yaiku ….
a. Dadi wong iku kudu sabra lan narima
b. Dadi wong iku kudu sregep sinau
c. Dadi wong iku kudu seneng tulung tinulung
d. Dadi wong iku kudu kurmat marang liyan
e. Dadi wong iku kudu kurmat marang guru

10. Miturut pethilan cerkak ing dhuwur, watak wantune Jono yaiku ….
a. Sregep, seneng makarya, lan bisa dipercoyo
b. Sregep, seneng tulung tinulung, lan kudu sabar
c. Sregep, seneng tulung tinulung, lan seneng crita
d. Sregep, seneng tulung-tinulung lan bisa dipercaya
e. Grapyak, seneng tulung-tinulung lan sregep makarya
Sawijining usaha jroning piranti music , yaiku gawe lan adol drum. Manut ngrembakane music sing sangsay
Priya sing jeneneng jangkepe Arto Subiyanto iki wis usaha gawe drum awit taun 1990-an. Sadurunge taun
(Kapethik saka Panjebar Semangat, 17 Februari 2018)

11. Manut wacan ing dhuwur Arto Subiyanto mbuka usaha gawe drum amarga ….
a. Ngrembaka music sing sangsaya rame
b. Kasengsem marang piranti music drum
c. Kabutuhan marang piranti music drum sangsaya akeh
d. Juragane nutup usaha home industry gawe drum
e. Nggawe drum kuwi gampang lan adol drum bathine akeh

APLIKASI OJEKKOE DADI PESAING GOJEK


Wis sesasi diluncurke, aplikasi ojek online iki wis katampa kanthi antusias, becik saka driver arepa panggun
Sejatine, Ojekkoe ora njupuk persen saka asile driver. Nanging system sing mayoake neng Ojekkoe saka pe
kapethik saka (http://pawartabahasajawa.blogspot.co.id/aplikasi-Ojekkoe-dadi-pesaing-gojek.html)

12. Miturut wacan ing dhuwur, tim Ojekkoe nganakake pendaftaran driver tanggal …..
a. 12 Februari 2016
b. 13 Februari 2016
c. 14 Februari 2016
d. 15 Februari 2016
e. 16 Februari 2016

13. Pendhapa dumunung ing ngarep dhewe, perangan iki tansah dibuka tanpa ana wates
ruwangan. Wujud ruwangan iki ora tanpa ngemu teges, iki aweh pralambang luruhe
pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan.
Salah siji piguna pendhapa yaiku kanggo ….
a. Nampa tamu
b. Nyimpen pari
c. Nggelar wayang
d. Nyimpen pusaka
e. Ngumpul kulawarga
14. Ing Ngastina, Dewi Kunthi nglairake bayi kang awujud bungkus. Dhawuhe Dewa,
bungkus kudu di buang ing alas Kredawahana. Ing pertapaan, Raden Permadi njelasake
kahanan Bima Bungkus marang Retawa Begawan Abiyasa. Amarga si bungkus
ngegerake donya, Batara Guru ngutus Gajah sena kanggo mecah si bungkus lan uga
ngutus Dewi Umayi kanggo ngajari babagan apik marang si bungkus. Sak sampunipun si
bungkus pecah, si bungkus mateni Gajah Sena. Banjur Batara Narada nerangake awake
si bungkus lan maringi asma Bratasena. Ratu Tasikmadu nyuwun tulung Bratasena
kanggo mateni Raja Raseksa lan patihipun. Sawise Raja Raseksa lan patihipun mati,
kekiyatanipun mlebu ing awake Bratasena.
Amanat kang bisa dijupuk saka crita Bima Bungkus kasebut yaiku ….
a. Kudu ati-ati marang apa kang ditindakake marang liyan.
b. Aja gampang nesu sakdurunge ngerti perkarane.
c. Sedhulur iku wong bisa dipercaya.
d. Kudu manut marang guru.
e. Guru ora mesthi pnter.

15. Nuwun para sesepuh, para pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan. Para pengembating
praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapa-bapa, ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putri
ingkang dahat kinurmatan. Pethilan teks pranatacara ing dhuwur minangka perangan ….
a. Salam pembuka
b. Ancasing gati
c. Surasa basa
d. Wasana basa
e. Purwaka basa

16. Gatekna gambar ing ngisor!

Gambar ing dhuwur iku tuladha panganan tradisional Jawa sing padhatan akeh
ditemokake ana ing tlatah Wonogiri sing bahan bakune saka pohung. Panganan
tradisional iku jenenge ….
a. Urap
b. Thiwul
c. Sega megana
d. Sega jagung
e. Gendar pecel

17. Ing sawijining dina nalika Rudi lan Rukidi lagi ngrembug bab kanggo siap-siap menyang
industry, nalika kuwi kanca-kancane uga takon “kepiye, persiapan neng industry wis
siap durung Rud?” pitakone kancane marang Rudi.
“wis siap kabeh, muga-muga ora ana alangan apa-apa”. Wektu sansaya sore wis wayahe
bali neng omahe dhewe-dhewe, Rudi, Rukidi lan kancane kuwi kang lagi kumpul neng
warung kopi Mak Cor.
Latar panggonan pethilan novel ing dhuwur yaiku ….
a. Sekolahan
b. Dalan
c. Omah
d. Warung kopi
e. Warung Tegal

18. Wektu iku ana siswa kang lagi wae rampung praktek saka industry. Dheweke diutus
guru maju sesorah bab industry, ora ana persiapan apa-apa, banjur gelem ora gelem
dheweke kudu maju. Miturut pethilan crita ing dhuwur, metode sesorah kang
digunakake siswa kasebut ....
a. Maca teks
b. Ekstemporan
c. Impromptu
d. Ngapalake teks
e. Maca sithik
19. Mangga para pamiyarsa menawi betahaken winih jagung ingkang top markotop kula
aturi mundhut jagung Bisi 2
Iklan kang ana ing dhuwur iku kalebu iklan sing ana ing ngendhi ….
a. Kala wari
b. Ariwarti
c. Baliho
d. Radio
e. TV
20. Wayang wong menika salah satunggaling jinis pagelaran tradisional Jawa. Wayang wong
menika gabungan saking seni drama ingkang ngrembaka ing negri Eropa kaliyan seni
pagelaran wayang ingkang ngrembaka ing tanah Jawa. Pagelaran wayang menika
ngrembaka ing Kraton kangge hiburan golongan priyayi utawa bangsawan.
Ana ing pethilan teks eksposisi ing dhuwur ana tembung ngrembaka kang nduweni
teges yaiku ….
a. Tumbuh
b. Rintisan
c. Bersemi
d. Berkembang
e. Kelestarian
21. Gatekna gambar ing ngisor iki!

Gambar ing dhuwur iku kalebu ana ing perangan pakaian adat Jawa, apa jenenge
perangan ing ndhuwur iku ….
a. Beskap
b. Blangkon
c. Selop
d. Jarik
e. Keris
22. Perangan pakaian adat Jawa kanggo nutup sirah sing digawe saka bahan batik. Lumrahe
sing ngaggo wong lanang biasane ana mondholan ing mburine.
Perangan pakaian adat apa sing dikarepake saka wacan ing dhuwur ….
a. Selop
b. Jarik
c. Keris
d. Beskap
e. Blangkon
23. Setitekna gambar gamelan ing ngisor iki!

Piranti gamelan ing dhuwur iku diarani ….


a. Rebab
b. Saron
c. Kempul
d. Kenong
e. Gambang
24. Setitekna gambar gamelan ing ngisor iki!

Piranti gamelan ing dhuwur iku diarani …..


a. Rebab
b. Saron
c. Kempul
d. Gambang
e. Kenong
25. Kendhang yaiku salah sijining piranti gamelan kang digawe saka kayu lan kulit.
Kendhang ditabuh nganggo kombinasi dlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh.
Kedhang diselehake ing wadhah penyangga saka kayu sing wujude memper huruf Y,
kendhang ing music gamelan fungsine kanggo mimpin lan ngarahake music
Teks ing dhuwur iku kalebu teks eksposisi ….
a. Analisis
b. Ilustrasi
c. Definisi
d. klasifikasi
e. Kosok balen
SOAL URAIAN :

1. Sebutna busana adat jawa priya


2. Apa bedane iket karo blangkon?
3. Jlentrehna bedane beskap lan kebaya
4. Apa kang diarani narasumber?
5. Apa ana wong sing gelem nolak rejeki? Apa tegese ukara sanepa ing ngisr iki?
Ing kelas polahe Badrun antheng kitiran gawe gurune bludreg

You might also like