You are on page 1of 7

SOAL PAT

BAHASA JAWA
KELAS XI

1. Basa kang digunakake sajrone pariwara kajaba ….


a. Gampang ditampa
b. Ora ngapusi
c. Sipate pangajak
d. Ora mranani
e. Cekak aos

2. Satitekna pariwara ngisor iki!


1) Posyandu
2) Ambal warsa
3) Kantor pos
4) Global warming
5) 3M
Jinise pariwara layanan masyarakat dituduhne nomer ….
a. 1, 2, 3
b. 1, 4, 5
c. 2, 3, 4
d. 2, 3, 5
e. 3, 4, 5

3. Pariwara bisa mangerteni prodhuk tartamtu, wujud pelayanan jasa apa dene
kabutuhan yaiku pariwara nduweni fungsi ….
a. Ekonomi
b. Komunkasi
c. Pendidikan
d. Pemasaran
e. Sosial

4. Ukara kang ora mbutuhake wangsulan diarani ukara ….


a. Respositoris
b. Retoris
c. Rumpang
d. Majemuk
e. Tunggal
5. Kanggo narik kawigatene para konsumen, mula saka pihak produsen migunakake
fakta saka produk utawa jasa kang ditawarake. Bab iki diarani ….
a. Blaka
b. Persuasive
c. Opini
d. Nggungah
e. Informative

6. Basa kang ora trep sajrone pariwara yaiku ….


a. Gampang ditampa
b. Migunakake basa rinengga
c. Ukarane cekak aos
d. Isine ora goroh
e. Sipate pangajak

7. Pariwara ing radio kang dadi kawigaten yaiku bab ….


a. Artis
b. Gambar
c. Acting
d. Swara
e. Animasi

8.
O1 “Eh Pak, pirsanana iki coba, bumbung saomah kok bolong kabeh, marai
: panjenengan iki yen nyimpen dhuwit sembarangan kok, yen nganti ilang
pripun coba?”
O2 : “Lha piye bune? Apa ditukokne mas-masan bae? Suk yen butuh dhuwit
sawayah-wayah iso didol maneh.”

O1 ing pethilan teks rekaman pariwara kasebut nggunakake ragam basa ….


a. Krama alus
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Ngoko lugu
e. Krama madya

9. Mas, aku tulung jipukna sapu kuwi! Ukara ing dhuwur klebu ukara ….
a. Andhahan
b. Pitakon
c. Panjaluk
d. Pakon
e. Pituduh
10. Pariwara kang becik yaiku pariwara kang ora kena ….
a. Nawakake dagangane
b. Masarake prodhuk liya
c. Ngajak supaya tuku prodhuke
d. Nduweni daya pangribawa
e. Blaka lan bisa dibuktikake

Bapak : “Aduh Bune awakku kok padha pegel kabeh”


Ibu : “punapa ta Pakne?”
Bapak : “Ora ngerti aku, apa jalarane rasane kok kaya masuk angin.”
Ibu : “Oalah Pakne masuk angin ta?”
Bapak : “Iya Bu awit wingi bengi bali saka Semarang ngeterke barang
dagangan.”
Ibu : “Niku Pakne mesthi kekeselen.”
Bapak : “Iya Bune, ben cepet mari diapakne ya, dipijeti wae piye bune?”
Ibu : “Oalah gampil yen soal pijet, niki tak damelake unjukan riyin,
supados ical pegel-pegele”
Bapak : “Apa iki Bune?”
Ibu : “Niki lho Pakne jamu Manjur, Komplit, obat herbal kangge masuk
angin, mendhake weteng kembung, weteng lara, nglegakake
tenggorokan, jaga kasarasan awak serta apik diunjuk nalika
lelungan, awak sayah lan kurang turu. Obat iki didamel saka
bahan alami kayata minyak adas, kayu ules, godhong cengkeh,
meniran, jae, lan madu. Ayo Pakne diunjuk saniki supados enggal
waras.”
Bapak : “Wah enak tenan Bune, awak krasa seger buger kaya bubar
dipijeti wae.”
Ibu : “Bener ta omongku, awak dadi seger buger amarga ngunjuk
Manjur Komplit.”

11. Jinis pariwara ing dhuwur yaiku ….


a. Komersial
b. Leladi jasa
c. Kulawarga
d. Kasarasan
e. Layanan masyarakat

12. Ngisor iki pigunane produk kang ditawakake, kajaba …..


a. Jaga kasarasan
b. Nambani awak kesel
c. Kanggo padharan begah
d. Obat watuk
e. Sakit padharan

13. Carane migunakake produk yaiku …..


a. Dioleske
b. Diombe
c. Dipangan
d. Dimut
e. Diambu

14. Ing ngisor iki legenda kang asale saka Jawa wetan yaiku ….
a. Candi Prambanan
b. Tangkuban Perahu
c. Rawa Pening
d. Dumadine Banyuwangi
e. Tlaga Sarangan

15. Puncake konflik sajroning tataran plot diarani ….


a. Eksposisi
b. Klimaks
c. Komplikasi
d. Dredah
e. Rampungan

Amarga para prajurit Bupati Semarang isih nguber dheweke, Kentiri isih mlayu
terus lan ndelik ing tlatah Blora. Kanggo nyambung uripe, ing papan panyigidane iku
dheweke nyolong. Nanging dheweke mung nyolong duweke wong-wong sugih. Asil
antuke nyolong kasebut ora digunakake dhewe, nanging uga diwehake marang
wong-wong mlarat kang urip ing desa. Wiwit saka iku, dheweke diarani maling
Kentiri utawa maling gentiri.
Amarga pakulinane Kentiri kang seneng nemulung wong-wong mlarat kang lagi
nandhang kasusahan, mula warga desa uga padha ngasihi maling Kentiri. Dheweke
ora dianggep minangka won gala, nanging dianggep minangka ratu adil kang teka
ing bumi. Minangka dewa kang jilma dadi manungso kanggo nylametake wong-
wong desa kang mlarat sengsara, wong-wong desa kang ditindes para prajurit
kadipaten. Maling Kentiri kerep didelikake dening penduduk desa saka uberane
prajurit kadipaten kang arep nangkep dheweke.
16. Ngisor iki ukara kang ora trep karo wacan ing dhuwur yaiku ….
a. Asli colongane Kentiri didumake wong mlarat.
b. Sasarane maling Kentiri yaiku wong sugih
c. Tumindake Kentiri ditindakake dhewe
d. Kentiri asring dauber prajurit
e. Kentiri omahe ana Semarang

17. Pitakonan ngisor iki kang ora ana wangsulane ing wacan yaiku ….
a. Kenang apa Kentiri dadi uberane prajurit?
b. Kepiye carane Kentiri nyambung urip?
c. Genea Kentiri urip karo wong mlarat?
d. Kenang apa warga desa padha ngasihi Kentiri?
e. Sapa kang dicolong bandane dening Kentiri?

18. Paribasan kang trep kanggo Kentiri yaiku ….


a. Ana catur mungkur
b. Jalukan ora wewehan
c. Kadang konang
d. Kadya mangan simalakama
e. Keplok ora tombok

19. Unsur intrinsic kang paling katon sajrone wacan yaiku ….


a. Wewatek
b. Amanat
c. Alur
d. Paraga
e. Latar kahanan

20. Ing ereng-erenge Gunung Bromo ana kulawarga sing rukun banget lan tentrem
uripe, yaiku Kyai Seger lan Nyai Anteng. Esuk umun-umun dheweke wis padha
tangi, metu saka omahe saprelu golek angin seger. Sesawangan kang edipeni ing
saindenging ereng-ereng Bromo nuwuhake rasa kang ngresepake tumrap wong
sakloron, sanajan wis ora enom meneh. Kahanan kang ngresepake iku pranyata ora
langgeng. Wong sakloron rumangsa kaganggu solahe kahanan. Nalika iku srengenge
lagi bae muntub-muntub ing gegere Gunung Bromo. Sunaring bagaskara numusake
anget ing saranduning badan.
Pethilan crita rakyat ing dhuwur nuduhake unsur intrinsic ….
a. Amanat
b. Latar
c. Alur
d. Sudut pandang
e. Tema

21. Ing crita rakyat ngandhut kearifan, pituduh supaya ngunggulake kabudayan kanggo
bangsa lan negara. Bab kasebut ateges crita rakyat nduweni nilai ….
a. Adat
b. Kepahlawanan
c. Moral
d. Historis
e. Agama

Si Lancang wis wiwit bosen karo panguripan kang sarwa kakurangan. Dheweke
nggresula. Katon riweng. Wis bola-bali ibune menehi wewaler marang si Lancang
supaya putrane setiti nyambut gawe. “Sabara, Nak! Aja sliramu nggresula terus!
Awake dhewe pancen kudu sengkut nyambut gawe kanggo nyukupi kabutuhan urip
saben dina. Aja riweng lan aja gampang nyerah.” Mangkana ibu si Lancang menehi
piwejang marang putrane
(saka: Kumpulan Crita Rakyat)
22. Ing ngisor iki watake si Lancang, kajaba ……
a. Seneng nggresula
b. Gampang riweng
c. Setiti nyambut gawe
d. Ora sabar
e. Ora syukur marang kanugrahan Gusti

23. Alur pethilan crita rakyat kasebut yaiku ….


a. Maju
b. Mundur
c. Campuran
d. Gabungan
e. Mundur maju

24. Amanat kang bisa kajupuk saka pethilan crita rakyat kasebut yaiku …
a. Nikmatana urip iki kanthi hura-hura
b. Urip iku kudu kerep nggresula
c. Bosen iku sipat kang manusiawi
d. Aja gampang riweng lan gampang nyerah
e. Panguripan iku kang ngatur Gusti kang maha Kuasa

25. Sipate crita rakyat kuwi fiktif, tegese ….


a. Nyata
b. Kedadeyan
c. Imajinasi
d. Lumaku
e. Ora ana pengarange
KUNCI JAWABAN

1. D
2. B
3. A
4. B
5. C
6. B
7. D
8. B
9. D
10.B
11.A
12.D
13.B
14.D
15.C
16.E
17.C
18.D
19.A
20.B
21.A
22.C
23.A
24.D
25.C

You might also like