You are on page 1of 9

Nama : Yeni Tri Murdaningrum

NIM : 2601419019

Rombel : PBSJ A 2019

Lakon Gatotkaca Gugur (5.42.20 - 6.43.20)

TEGAL KURU. YA KURU KASETRENGERENGETAN. ANA PASANGGRAHAN KANG WINANGUN PRASAJA


NANGING SANTOSA. DUMUNUNG ING PAKUWANING PARA PANDHAWA KANG NEMBE NGAYIS PERANG
SUCI MINGGIH HARWIDAJAYA DINANGUN WONG TUMATA HARANGIN PUTIH ING NGINGGIL WONTEN
BANJIR KUMLEBET KANG GINAMBARAN PUTUT SEMEDHI TUHUNG MENIKA PAKUWANING PRABU
PUNTADEWA. LEBET ING PAKUWAN SAMPUN LENGGAH PRABU PUNTADEWA JENAJARAN ING NGROKO
TU NGROKO NENGGI PUJANGGANING BRATHAYUDHA PRABU SLIPAR LARA KRESNA UGI SAMPUN
SUMIRI RADEN RAMA ADHI MENAPA DENE RADEN NAKULA LAN SADEWA. HAMUNG RADEN
WERKUDHARA INGKANG DERENG KETINGAL NGADEP MERGA TAKSIH NGAYAHI PERANG TANDHING
MUNGSUH PRABU GHATOPATI ING GISIKING SAMUDRA KIDUL. NADYAN SAMPUN LEMPAK ING
PAKUWANING SANG YUDHISTIRA EWADENE DERENG KATINGAL INGKANG DADYA SABARE PRABU
PUNTADEWA. TEKA NANG KANA DHAWUHING PRABU KRESNA DHAMUKA MARANG WIWARENGE
KANDHA

(IMAM REWONG LAN SELANGSATE WONG PADANG)

(JAH MIYAH NING PALAGA KADI LANGIT MAMBANG TAN PAS WULANG RUPA MANEKA WIN BANTU
LIWA KUSUMA YUS LUMAWU LUMAMRIKA SEKAR KADI JALADHA… )

Bathara Kresna : Kula nuwun... Mangkito Yai Samiaji... Menika dungkap lingsire dalu teka Padhuka Yai
Aji dereng kapareng sare? Kepara Yai Aji animbalipun kakang kadhawung dherek tugurenuwung linebut
nata pandhawa yek menika, wonten kersa menapa Yai? Mumpung menika Yai Arjuna ugi sampun
ngadyantara menapa saking tumurung wonten dhawuh saking pandhawa Yai Samiaji?

Puntadewa : Nun inggih Kakang Prabu Sri Bathara Kresna mawantu-wantu kula nyuwun pangapunten
dene Padhuka Kakang Prabu kula suwun lenggah wonten ing pakuwan kula, boten wonten ingkang kula
manah namung kajawi lekasipun Yai Werkudhara Kakang Prabu, kula raos Dhimas Werkudhara sampun
wilar dhumateng manah ing tata krami. Buktinipun Werkudhara namung nuruti harganing napsu,
ngantos supe bilih bapala riyin menika wonten senopatinipun. Yai Dhresta Jumeno ingkang sampun
pinilih minangka senopati. Sedaya para satriya menawi badhe tilar paperangan kedhah wonten lilanipun
sang senopati langkung rumiyin. Hawit kula wenaning para prajurit bapala riyil menika sampun wonten
ing ngastaning sang senopati. Kasunyatanipun rikala semanten Yai Werkudhara dalah Yai Ajuna sami
supe para duksuna, kadang kula kekalih sami nilar palagan ingkang boten sarembag kaliyan sang
senopati wekasanipun pandawa kuwi calon anak kula abimanyu. Ing mangka ing mriki boten wonten
pawartos anggenipun werkudara ngladosi perang prabu Gardapati wonten ing gisiking samudra kidul
Bapa Prabu.

Bathara Kresna : Inggih kaluhuran yai bapa aji. Lakar werkudura wekdal menika dereng wewangsa
saking dateng pasanggrahan duparawiro. Namung kula suwun, yai aji boten perlu nguwatesaken kadang
kula dimas Werkudara. Awit menapa, kula kinten yai Werkudara sampun saget ngukur menggah
sepinten kekiyatan mangsah ingkang dipun adepi yai aji.

Arjuna : Duh bapa prabu sesembahan kula ing madya padha. Mawang tuwam turipadhu Arjuna nyuwun
pangapunten. Dene kula semanten, dumateng Bandhayudha, ngantos boten ngimut bilih wekdal menika
kula winengku ing prenataning senopati. Ingkang menika duh bapa prabu lelampahing ingkang sampun
kawuhing boten badhe kula ambali malih bapa prabu.

Puntadewa : Sokor bage soyento siyadi wis nglandara ngaleh tuntutanmu yai.

Bathara Kresna : Yoyo dimas kaipe, tak jaluk kabeh para kadang jroning ngayahi badhayudha iki aja
nganti padha pegat ing kaprayetna menaja alas kaprayadan awit elinga, para kurawa kang wis kebajut
rusak pikirane, mesti ora duwe isin nindakake opo wae ingkang mrajang marang pranatan bakune
dheweke ungguling bandhayudha iki yai.

Puntadewa: Inggih kaluhuran bapa kakang prabu Dwarawati.

Bathara Kresna : Tak jaluk tumindak kang ngisin ngisini mau, aja nganti ditumindakake para pandawa
sak barisane pisan yai. Kaparajroning padha ngayi baratayudha iki dadiya sarana padha bisa ngukir
marang asmane dewe-dewe ingkang ngarung lan keno kanggo patuladaning bebrayan ingkang tumuju
marang kautaman lan kaluhuran ing bubudan opo dene watak kang utama lan prawiro yai.

Puntadewa : kula nuwun inggih bapa prabu.

(Ler kartiko panjer esuk, sumilak watana kengis, ooooommm ungasadi kusuma, wuladaning mling tep
tun kasimpatan ngingsir)

DERENG NGANTOS TUTUK DARING PRABU KRESNA KATUWESNING TAMBAKGANGGENG KALEH


SUMENGKO

(Lenglenging driya mangu mangu mangungkung kang duwan limeng. Eeeeng )

Puntadewa : Arya Tambakganggeng kang sowan ing ngarsaning ingsun ana parigayung koswengko
nggonmu sowan Tambakganggeng.

Tambakganggeng : Paring unjuk menika kanjeng ing dalu menika ugi kurawa sampun ngebalaken
senopati ingkang inggih dipunpandikane prabu Basukarna. Sluring gendingpitu prabu Garudawinata
Balaparaputra ingkang matahaken namung dawanipun dumateng mangsa ingkang datengipun wanci
dalu boten kanyana, mila atur tilasan siwiwin sang Prabu Garudawinata tuwin sedaya para putranipun
sami kapaguding pupuh gugur madyaning rananggono tegane buru, kawimbuh kathahing prajurit
gending pitu ingkang dados tepaning penjen.
(Duh setyaning sun gusti, welaso taksih kasweseh eengg)

Puntadewa: Kakang Prabu Kresna pujangganing para pandawa, awamusi dasos paduka kakang prabu
paman Prabu Garudawinata dalah para putra dados bebanting ing paperangan. Ingkang menika kula
namung cemadong daosaken prabu ingkang paningal sewu. Bapa prabu, menapa arjuna kaliran magut
ing palagan metukaken yudanipun kakang Basukarna bapa prabu.

Bathara Kresna : Mengko ndisik yai. Siati aja sumengko, pangrasaku durung wanci siadi metukaken
yudaning rakanunggung.

Puntadewa : Inggih.

Bathara Kresna: Yai AjiPuntadewa : Wonten dawuh prabu.

Bathara Kresna : Saking pangraos kula yai, para panjebluk menika kados boten wonten ingkang
ngungkuli wanci dalu, namung kejawi ingkang putra pringgondani anak garwaca yai.

Puntadewa : Bilih mekaten sawetawis kula sumangga paduka kakang prabu Dwarawati.

Bathara Kresna : Tambakganggeng.

Tambakganggeng: Nuwun wonten dawuh.

Bathara Kresna : Mara melbua marang ngurta pralelaning putraku gatotkaca, ingsun timbali sun lan
marang kene,Tambakganggeng.

Tambakganggeng: Nyuwun pamit.

Bathara kresna : Sing ngati-ati.

Kadya tri sang kapirang. Renangkung winong kecempil.

Gatotkaca : Kula nuwun Prabu Batara Kresna kang putra harwaja cemadeng dawuh paripun hanimbali
kula prabu.

Bathara Kresna : Kula duka wonten timbalan narawupunwa lan kunden penda kati nimbali marang sira
kuluk kuru hangnana kaki. Bengi iki ana selopatining kuoro kanagut ing palagan rena wong nganggono
yeyahing basukarno. Angsahing wong ngawonggo nganthi bisa ngedani marang latu mriwitu prabu
grenata sak anake kabeh pada bugor ing palagan ger. Ana rasa citik pra prejet ingkang ngabad dening
pupuh. Kangge prabu, gandeng wunpa pirsa yen ten ta sire satria ingkang mumpuni perang ing wanci
bengi . Apa sekirane ora, abot sira kulup saguh ngandani pupuh .nandingi parahawangga mau hadeduka.

Irikarta sing kang wekaca kinurmatan areka suka pramila tresna hartana hangrupsi sati nira. Sanginu
sarnawang wang narsu garjito harsa marat mawarsana babrayan ana patik nopradi ing kocap kacarita.

Nalika semana sanggaring kaca wus nampi dhawuh sakinghangwa Prabu Kresna sakpanggirat njegerr
datan sabawa . ing batos emot jroning pusriro kang sinung kayuukestu bok rangkaning jemparing
kuntawijaya copo. Lamun magut ing ngayuda mangka rinempasan sanjata kunta . ing kono margane
pusaka kunta nanjing marang wadah jelantiwasi. Nanging bawaning sanggarwaca prahing satriyatama
dasar gemblengan kalah candradumuka ugi wus ngandemi marang jyo kasatriyane. Milo mboten mokal
santuka lilo mati labuh nusuh bangsa lan nagara. Sakala mesem ing werdaya esmu gembila kasing
hangwaca. Sigeren rah sami matur kang tinatak tuwin panggon.

Rinata sanggargatotkaca tinon mapat arpa supaing

Gatotkaca : Woo Prabu Kresna semban kula ing madya bodo . yayah kadya guru kang plaparan samudra
padugi kang manah kula dubin nampi dhawuh saking prabu padu nduwarapati. Lakar dhawuh menika
ingkang kula wantos siyang pangapiratri wo. Inggih kanthi kula pinatah ngadoni pupuh ngangsah
basukarno mangge. Mujudaken pakurmataning ingkang kaparengaken dumateng kula wo . seslane kulo
gesang pakur,atan menika mboten badhe saged kawangsulaken malih wuh prabu. Ingkang menika kula
namung saged nabuh sagadering kasilak mbok menawi saged kula ngayit zipan luhur menika prabu.
Dening minangka lintuning pakurmatan ingkang kula tampi. Kanggo pro Gatotkaca namung saged
ngaturaken bondho winalis piyambak inggih menika jiwa raga kula. Pareng remuk minangka
sauruputung hatungsawat kula luh kemayu jer estining manah kula namung mungkung tasih saged
lelabuh dumteng saba muksa tuwin negari prabu.

Bumi gonjang ganjing langit kelap kelap katon rering incang ig sang maweh gandrung ing yeye kula
tetuka.

Prabu Puntadewa : Punwa hamung magestu marang apa kang dadi gayuh mau ngger kang luhur banget
kangge prabu. Yeye kaki.

Prabu Kresna : Punwa guara namung bisa paring pepiling wanten teteken tekun mesti tekan gehaymu
mau ngger harwatawa.

Gatotkaca : Nggih sembah nuwun nadyan pupun paman semana uga.

Arjuna: Sira kulup ngangsir ramaja koe lagi umur wolulas taun kaki nanging aku wis percaya marang
munggahing rajaa.

Gatotkaca : Sembah nuwun paman sampun trawaca punwa prabu sepunden puluk kula nyuwun pamit
saha nyuwun pangestu muri naget ing palagan badhe nyret rawuhipun prabu walanggu prabu.

Prabu Puntadewa : Sesandiku marang sira kulup jaya wijaya jayanti ya ngger...

Puntadewa : Sesantiku marang sira puluh jaya wijaya jayanti ya ngger.

Bathara Kresna : Pangestuku ingkang lir marang sira kaki muga koe lan prajurit mlada ing karya ya ngger.

Permadi : pamujiku marang anakku lanang, sinajaya ing palagan bisa ngarumake asmaning darah barata
ya ngger.
Gatotkaca : bungahing atiku tanpa upama, dene aku pineracaya pepundhen pandawa kiningadoni pupuh
lumawan prabu basukarna. Iki dadi sarana nggonku padhang wukir jenengku ing madaning tegal guru.
Ya, Sadurunge aku budhal nyang palagan ora ketang mung sak gebyaring thathit aku bakal bali ngadhep
kanjeng ibu nyuwun pangestu luwih dhisik.

/o/ palagan lakuning lekas lukita linuding kidung. Katon katonan ha ngomong

Gatotkaca : Ibu.

Dewi Arimbi : Kepiye?

Gatotkaca : Ketingalipun badhe kawujudan ingkang dados kersa padu kanjeng Ibu.

Dewi Arimbi : Kok sira bisa matur kaya mengkono kepiye nalare ngger?

Gatotkaca : Kula konjuk menika Ibu. Katemben kula tinimbalan pepundhen panuwun ting pakuwonipun
prabu puntadewa. Boten kanyana dene kula tampi pakurmatan saking pepundhen pandawa, lumantar
pujangganing baratayuda prabu kresna. Ibu, kula kautus dados senopati, ngaturi utus mangsah prabu
basukarna ing dalu menika ugi.

Dewi Arimbi : Anakku lanang.

(Lir kartika panjerisun, sumilak watono kengis )

Dewi Arimbi : Anakku lanang Gatotkaca, oleh kang tan pepindhan dene Gusti kang nyipta jagad wis
nglurusake apa kang dadi penyuwun ku siyang tanapi ratri yungyun. Ketitik siraku wis winisuda
minangka senopati upalawiya minurka.

Pancen kuwi kang tak idam-idamake kulup, ing rah kuncaraning darah pring gondani anakku lanang
kalakon pinunjul mathuk senopacul Barathayuda iki ya ngger.

Gatotkaca: Dados kanheng ibu sampunila lahir batos ibu.

Dewi Arimbi : Aku ya la lahir batos kulup aku wis ikhlas lahir batin.

Gatotkaca : Sukur becik penayangan pinaringan jowahing palagan. Nanging sautunge kula dukung
palagan dados pundi. Menapa ibu mboten werna sekecalan?

Dewi Arimbi : Pangibu ngarsani pangeran muga suraja ing palagan bali kang ningga kamenangan ning
upangane sura kapagut ing pupung ing ronanggono. Nadya mesthi wae pangibu rumangsa kelangan
anak kang tak tresnani nanging pangibu rumangsa bagya mulya selawas urip demi anakku lanang gugur
ing palagan dadi pahlawan kusunane bangsa kang wus mbela lan adil. Anakku tembung macan mati
ninggal lulang, gajah mati ninggal gading, yang wong sa mati ninggal jeneng. Jeneng kang kungas arum
sepet terkir kang dilabuhan memarang bangsa negara mung ngawi ya ngger. Nadyan jasad mesthi lebur,
nanging jeneng iseh tetep menangnang ing saendahe bawana lan tumekara tumoro iseh kaangkat
manganda arum jenengmu ya ngger.
Gatotkaca : Waduh Ibu sesembahan kula bagya mulya gesang kula dene gadhah ibu semantun
bektinipun.

Praja Wikalpa : Wong paman ya mawi bungah atiku ya ngger. Ing ngatase ana bocah 18 taun ewah dene
wis pinaringan kapercayan dadi senopati ngadepi musuh pasukan kang wis daok ing kapeterangan ya
ngger.

Gatotkaca : Inggih paman wikalpa. Ing menika ibu lembada nyuwun pamit suwun pangestu kula bidal
sakmenika dhateng pabaratan ngayahi darma ngginakaken mung saha kanjeng ibu. Menawi kula taksih
gesang saged mimpang saged ngadhep ibu malih. Namung mawi kula kepagut ing pupuh ibu. Menika
sembah ing kalokasanku kanjeng ibu.

Dewi Arimbi : Iya, ya kulup aku wis dukung mulyamu ngger. Tak suwunake ngarsane gusthi muga sura
kulap ing ngayoman dening panjenengan ing satemah lebur ing karya kang dadi aku weling perangmu ya
ngger.

Praja Wikalpa : Ngger putuku.

Gatotkaca : Kula paman.

Praja wikalpa : Para paman praja moh keri ngger. Bakal melu sabiyantu marang sira kulup magup
marang ing ranggono para paman wis pretap prastya remuk rempuh dirempung dilakoni bakuh bisa
mewuh gumering angsale paterangan ndereke pangampuh kalungsu kalungsuhe melu durit.

Gatotkaca : Ngaturake kenginan panguwun kula pemahaman dwi dhumathe kula paman.

Praja Wikalpa : Kakanda Arimbi kula sakadang nyuwun pamit badhe sabitantu anak menika kakanda.

Dewi Arimbi : Iya, ya para kadang praja tak pepaji lek gawe yayi. Le Gathotkaca.

Gatotkaca : Wonten dhawuh ibu.

Dewi Arimbi : Sakdurunge sira budal. Ayo ngger sira tak paringi udet tak sabet akehing pusermu gunane
saka bebaya ya ngger.

Gatotkaca : Nggih ngastokake dhawuh Ibu.

Praja Wikarta : Yayi Aji Prajaan Abang.

Praja Abang : Ana apa kakang Praja Wikarta?

Praja Wikarta : Ora nyana semingit tumanggaping gati pradya, pradya ing gondhang lidi. Ing ngatasipun
kakang durung paring weda marang pradya para yeksa. Jebul wis njabeg dhewe mradya bebodho kang
bagasatya mbantu dhumateng para putra panuwun yayi.
Praja Abang : Kepara nata kakang oraja wikarta. Gunung tumeleh tampana sing ngatak, ewadene pradya
para jebul padha miranti geganan lan golek obor dhewe dhewe kakang.

Praja Wikarta : Iya yayi, kanthi manak kur cawis paring tetaring buda kang tumala yayi. Ya ing bathin
muga wadya para nrima nansah dieli-eli. Dene gelaring bathin, gelaring lair, kita kabeh ngayahi perang,
perang marang angkara murka kang sumambang para rahayu kang dak dherekake kakang.

Dityaka : Nadyan ana buta niki dudu buta ngalemban ngakuwasa dhewe.

Praja Wikarta : kepara nata, aku buta saka mringgondhani kanthi jeneng buta praja wikarta kuwi sapa.

Dityaka : Sopakrawuh niki denneg prabu basu karna jenengku dityaka ngalembana.

Praja Wikarta : Lembana apa?kepara ngapa?

Dityaka : Inggih senopati ing kalawiya

Praja Wikarta : Aja ngatak mesem karo aku, tandhingana

Dityaka : Lakon lebur dening aku

Praja Wikarta : ajur tandhangana

Ya jagat dewa bhatara, paman karingin pawekan ketuku habiri parat.

Bumi gonjang-ganjing, langit kelap-kelap katon, narikin canging sang malik Gandrung.

Ing....ketukung orang toto, mantrap kuwe.

Siro kagem mantan ingkang gorong-gorong wong wolung doso saksenur

Wisacarek dinding balamu, Wani kro konco podho karo ngeselna wong ra maeki uripe, kae ratu
ngalangga, mara adepana kaca yen pengen nesu-nesu.

E ladalah ing ngene margane pareg.

Ya jagat dhewa bhatara.

Bathara Kresna: nadyan prang batatarama mung nibaake marang dada kang nyestapa nanging ya atiku
marang pringgadani. Ayo aja ndadak sumbar, majua yo yo yo aku durung kalah, aku ora ngalrang kowe
bocah bagus. Sepisan maneh yen kena tak eman kowe mundur a he bocah bagus. Oalah aku tak mundur
sejangkah. Mumpung aku durung tega. Minggir o

Menungso ora kena dieman, ora eling yen pengapasan mu ana tanganku par. Mustagakno iki sedulurmu
kuntawijaya kang bakal bales.
Kocap kacarita narendra pringgadani wus lila. Lamun ora arep cung ngawarke senjata kunta. Nadyan
tetuka pirsa yen pusaka iku kang dadi pengapesane. Iwodene ngedapke sanggar waca, kapara mabur
mbedhul nggayuh ngangkasa. Sari mata aji ngrentaka pepareng nadyan seto mburi. Wus kawatek padha
sanalika saking sarang nduri mbaten nedhalaken gegaman awangen tumbak cendhak mlibu cacahe.
Sami cumlarat manganggep pindho jawah teles ningali pejah kasoleh.

Wayang2 numpak kreta: Aduh2 mati aku.

Nadyan kaperang pinangguh pinengpit kempit

Bima ( werkudara ): oaladalah anakku ngger gatotkaca. Mlanger pusaka ora enggal tak lepasake pancen
aku banget ngeman marang kowe. Ngelingi kowe bocah kang durung ilang pupuk lempuyeng mu.
Senjata kunta iki kanggo nggegiring kowe supaya kowe gelem mundur. Ning malah saya cedhak marang
pringgadani. Kowe ngubal - ngubal gegaman saka ngantariksa, Satemah padha mati.Gatotkaca, wahyu
ne wes ora eman kowe ? Kepeksa aku kudu masangke jemparing senjata kunta iki. Kanthi senja kunta
dadi saranamu bocah bagus.

Tangisang marapaning suksma, sinedya nuwih ngasepi. Eee la dalah wes sawetara suwe aku nunggu
anak ku gatotkaca ing alam antara.

Jane aku ya wis dioyak-oyak karo malaikat, ndang kon melbu marang swarga, aku wis dicepaki papan
kang nikmat jare panggonanku pinggir kali sing banyune mili susu, sing bakal ngladeni kebutuhanku
widadari sing ayu-ayu, laning piye aku wis prasetya kok, kowe melbu ngonmu durung melbu swarga
waton bebarengan karo anakku sing tak tresnani yaiku si gatotkaca.

Jroning aku ngudarasa, aku weruh kae kok ana panah mlaku bingung yen nitik bidare sung usung ora
pangkling karo senjata kuntawijaya capa gamane basukarna mangka wewengin sunaning gaman jare yen
Baratayudha penging ngurpaske, lah kae kok panah kuntha kok jalan-jalan dhewe, iki apa baratamudha
wis dadi ta ya, iya tengah nguber malang kae ora panglung anakku Gatotkaca sing mabur kekiter, o yen
ngono pangah mesti nggoleki anak e Gatotkaca, e lha dalah e Kuntawijaya cap pangeh lamun kowe bisa
nemokke anakku tetuka yen ora taktuduhke ayo tak bantu Kuntawijaya capa

Gatotkaca: Ora pangling imaman Kalabendana.

Kalabendana: Iya aku anak mu pamanmu ngger, pamanmu kalabendana kok kowe weruh tekaku ta
ngger.

Gatotkaca: iya paman, aku nggeruti jengandika paman Kalabendana kanthi terwaca

Kalabendana: lho, ingatase aku ana alam alus, mangka sira ingsun ngalam keluarga kok weruh apa ya
wis titiwanci yen kowe tak pethuk bebarengan karo aku manjing ing alam antara

Gatotkaca: Paman umpane mungguhmu aku wis sumadya ndherekake jengandika paman kulabendana
pun alam antara paman kalabendana, sapat wus ketekan kang dadi dam idamanku pratesnya Patih
Senopati Jayabinangun, lan wis menggak mangsa tiga leburing marang ngadya paman
Kalabendana: Oh yaya ngger, aku uga lingsir lelabuhanmu kuwi kok kulut, gulo iki pangah Kuntawijaya
kekiter nggoleki wadahe.

Gatotkaca: yaya paman aku nglenggana yen rangkamit saka busurku mengko dhisik paman tutug sewala
sabuk, tak utarakke dhisik ya paman wis ya bar jemparing kula lebokne rangkane dadya marga aku
manjing marang kardi ndherekake paman kalabendana, kepareng karo pangeran, kula handaku Prabu
Basukarna dadi basa sampur lan prambasuwarna.

Kalabendana : Watu maneka mau wus tumancep ponang senjata pesona Gatotkaca saben saking
kalabendana.

Kocap kacarita panguripaning sang Bimasuta ingkang lumayang saking Antariksa kadi temuntun dening
angin ketitik dumalahing kuwanda marang permain kreta, titik marang Prabu Hasugarna nyelak sang
Basukarna, duh pipih saking leyange kuwanda kang mener marang kreta liyane. Sigra Basukarna
mencolot saking kreta senajan tangguh kang sumedya. Dene tumapaning sang ngaruta kana buri kereta
sak jarane. Kreta kiyayi Basukarna remuk rempu katut sak kusire.

Semar: Prabu Anom Raden Harya Gatotkaca wus gugur ing pangakan kusumaning ya wus ngerti yen ta
Basukarna iku sing gawa pengapesane, ewadene tingaring ngandika Basukarna iki. Ngampangake setya
budi ing prajurit marang pangarsane, wataking satriya tama silik yen ta karta marang paring maeng
pangarsa, lan ameh nemuku. Nadyan ta wus ngerti yen bakale gugur ing palagan dadi senjata kuntaning.
Dalange wus saguh, belani marang bebener, belani marang jejering adil, bela marang nusa bangsa lan
negara. Raden Gatotkaca ora ngeman marang bandha dunya kang larang dhewe yaiku jiwa lan ragane.
Nadyan seda nanging sedane kang muspra, seda gugur ing palagan dadi kusumaning bangsa satemah
arum mangambar asmaning Raden Gatotkaca. Ragane wus dikubur nanging asmane taksih diiling-iling
marang para brayan nganti turun-temurun awit saka labuhane kanti ikhlas mau, tegese Raden Gatotkaca
janji ora mandek ana pangucap nanging pancen wus diwujudi kanti nyata ngabdi nusa lan bangsane
nganti ditatahi pati.

You might also like