You are on page 1of 2

Liron kembang mayang

Kekalih calon penganten tukar kembang mayang, gadahi teges manunggalaken cipta,rasa, lan
karsa kangge sareng-sareng mujudaken kabahgyan kaliyan kawilujengan.
II.      Gantal
godhong suruh dipungulung alit dipuntaleni bolah putih ingkang dipununcalaken kaliyan
piyambak-piyambak penganten, kanthi pangajab mugi sadaya godha bakal musna keno uncalan
punika.

III.      Ngidak endhog


Penganten kakung ngidak endhog pitik ngantos pecah kagem simbol seksual kekalih penganten
sampun pecah pamoripun. 

4.      Sukunipun temanten kakung dipun wijiki dening temanten putri


Wijik ginakaken toya sekar setaman gadhahi amakna supados winih ingkang dipun kasilaken
resik saking tindakipun ingkang reged.
5.      Ngunjuk toya degan
Toya menika dipun anggep kangge lambang toya gesang, toya ingkang suci lan toya nai
(manikem)

6.      Dipun kepyok ginakaken sekar warna warni


Ngandhut angen-angen supados keluwarga ingkang dipun bina saged raos suka lair  lan
batinipun.

7.      Mlebet ing pasangan


Maknanipun pinanganten ingkang sampun dados pasangan gesangipun kedah siap makarya
nindakake kuwajibanipun.
8.      Sindur
Sindur utawi isin mundur, tegesipun boten cepet gela ngadepi tantangan  pagesangan.
9.      Timbangan
Bapa saking temanten putri lenggah wonten ing antaranipun pasangan temanten kakung, suku
ingkang kiwa dipun lenggahi temanten putri.  Isinipun pacelaton singkat antarane bapa lan ibu
temanten putri  inggih punika temanten sampun imbang.
10.  Kacar-kucur
Temanten kakung ngucuraken asilipun dhumateng temanten putri ingkang awujud arta receh lan
kelengkapanipun. Ngandhut artos temanten badhe tanggung jawab nyaosi nafkah dhateng
keluwarganipun.
11.  Dulangan
Temanten kakung lan temanten putri pada dedulangan . wonten maknanipun tutur adilinuwih
dipun lambanganken ngangge sanga tumpeng ingkang nggadahi makna:
a.       Tumpeng tunggarana             : supados kedah eling dhumateng Gusti.
b.      Tumpeng puput                       : wanton piyambak.
c.       Tumpeng bedhah Negara        : nyatunipun kakung lan putrid
d.      Tumpeng sangga langit           : bektos dhumateng tiyang sepuh
e.       Tumpeng kidang soka            : dados ageng lan alit.
f.       Tumpeng pangapit                  :  raos seneng lan duka inggih punika saking Gusti Ingkang  
Maha Kuwaos
g.      Tumpeng manggada                : wonten donya punika boten wonten ingkang abadi.
h.      Tumpeng pangruwat                : kedah bektos dhumateng mara sepuhipun.
i.        Tumpeng kesawa                    : wejangan supados sregep makarya.
3.      Sungkeman
Sungkeman ungkapan bektos dhumateng tiyang sepuh, lan nyuwun donga pangestu. Caranipun
jongkok, nyepeng dengkulipun tiyang sepuh temanten putri, dipun wiwiti saking temanten putri
dipun dherekaken temanten kakung, lajeng dhumateng tiyang sepuhipun temanten kakung.

You might also like