You are on page 1of 1

DIALOG DASAR BASA KRAMA SEHARI -HARI

SAAT BERTAMU

Dina : Assalamualaikum Kula nuwun.

Bu Lika : Waalaikum salam. Nggih, sugeng enjang. Ngapunten, wonten kerso


menapa, nggih?

Dina : Sugeng enjang, Bu. Kula madosi Pak Agus, menapa wonten?

Bu Lika : O nggih, wonten. Mangga mlebet rumiyin.

Dina : Nggih, matur nuwun, Bu.

Bu Lika : Ngapunten, Pak Agus nembe siram, ditenggo rumiyin nggih. Kula d
amelke unjukan.

Dina : Mboten usah repot-repot, Bu.

Bu Lika : Niki tehipun kalian roti. Mangga diunjuk lan didahar.

Dina : Nggih, matur nuwun sanget , Bu.

Bu Lika : Nggih, niki Pak Agus sampun wonten.

Pak Agus : Wonten kersa menapa, Mbak?

Dina : Kula nyuwun konfirmasi ulang kerawuhanipun bapak wonten acara ra


pat muda-mudi RT 05.

Pak Agus : Kapan kuwi, Mbak?

Dina : Mbenjang Sabtu malam, Pak.

Pak Agus : Nggih, aku iso teka.

Dina : Nggih, matur nuwun, Pak. Kula badhe pamit wangsul. 

Assalamualaikum , Pak

Pak Agus : Waalaikum salam , nggih, Mbak. Ati-ati.

Pemeran :

1. Dina
2. Bu Lika
3. Pa Agus

You might also like