You are on page 1of 11

PERKORO LALI, ATI MODYAR

Tema : LALI PACAR ATI MODYAR

Sinopsis : Film LALI SIJI MODYAR ATI nyritakake babagan Joko, sing kondhang minangka nom-
noman sing sregep nyambut gawe lan tansah kepengin munggah pangkat ing pakaryane. Nalika kekasihe
Farah ninggal jodhone Joko, ing rasa sedhih iki, Takdir isih mesem lan nggawa Joko bebarengan karo
kanca-kancane sing tansah nyengkuyung Joko.

Kosok baline, masalahe Joko, wong tuwane Joko, ora seneng nalika Joko putus karo Farah amarga Bu
Bandi wis ngarep-arep duwe mantu kaya Farah sing jarene (sampurna).

Dialog & Naskah

• Cuplikan pas jaman smp

Riki : Awak dewe kudu bareng terus yo rekk, ojok lali karo konco ket cilik iki opo wae kahanane

Fadly : Yo gak ngarah rek

Joko : Kabeh lahyo gak ngarah aku lali karo kon kabeh

• Cuplikan Joko golek kerjo

Bu Bandi : Jeng celukno mas mu

Ajeng : Mas ning endi Bu?

Bu Bandi : Nang kamar e bee

Ajeng Budal Ning kamar e Joko, Ajeng ngeriwuk i Joko Kebiasaan e Ajeng gudo Joko

Joko : Opo seh jeng ngeriwuk i ae

Ajeng : Pean di golek i ibuk Iko loh

Joko : Dungaren se ibuk golek i, Kate lapo?

Ajeng : Gak ngerti mas wis ta ndang rono nang ibuk

Joko langsung ngadek Marani Bu Bandi Ning Ruang Tamu, Bu Bandi ketok Joko langsung di saut
omongan e

Bu Bandi : Yokopo jok wis oleh kerjoan ta?

Joko : Yo sek talah buk sabar titik poo


Joko langsung mbalik kamar mergo Joko gak seneng nek ibuk e mbahas kerjoan, marine Joko Ning
Kamar Joko langsung nelfon Riki

Joko : Hallo Rik

Riki : Lapo Jok

Joko : Ning kerjoan mu wis onok lowongan kerjo a Rok?

Riki : Onok jok

• Awal Drama

Joko ngoco ning kamar e sak durung e budal kerjo, terus Joko metu kamar

Joko : Bismillahirrahmanirrahim

Joko mbengok Bu Bandi sing ning pawon arep pamit budal kerjo

Joko : Buk Buk

Bu Bandi: Wis siap ta jok (Mlaku teko Pawon Marani joko)

Joko : Uwes buk, Joko pamit budal kerjo disek Yo Buk

Bu Bandi : Iyo Jok Ati - Ati, nek kerjo sing sregep

Joko : Iyo buk, Joko budal

Joko Salim ning Bu Bandi langsung Joko nguripno motori lan langsung Budal. Jokowi teko kerjoan
langsung Joko nggarap garapan kantor e. ning sela - sela waktu Joko garap garapan e, Joko ngajak Riki
ngomong

Joko : Rik moleh kerjo ngopi-ngopi ayo

Riki : Yo ayo telfonen Fadly

Joko : Yoo

Joko langsung jukuk hp ne sing nang pinggir e di gae nelfon Fadly

Joko : Hallo dly

Fadly : Hallo, Lapo Jok

Joko : Bengi engko ayo ngopi-ngopi neng omahku dly

Fadly : Yo ayo ayo ojo lali suguane jajane sing enak-enak

Joko : Walah iyo Yo

sama Rini jago nelpon Fadli Joko langsung nelpon pacare yoiku Farah
Joko : Hallo

Farah : Assalamualaikum yang

Joko : Waalaikumsalam sayang

Farah : Wis balik kantor ta?

Joko : Iyo, iki mau mari nggarap kerjoan

Farah : Wis maem Tah?

Joko : Uwis sayang aman, awakmu sisan aja lali loh yo

Farah : Iyo Sayang

Joko : Yo wis sayang tak tutup disik yo kate ngeringkesi mejo kantor

Farah : Iyo yang wassalamualaikum

Joko : Waalaikumsalam

tutup telepone Farah lan Joko mati, Joko senyum-senyum margahane mari teleponan karo Farah, Joko
langsung mulih ning omah

Joko : Assalamualaikum

Ajeng : Waalaikumsalam wis mulih tah mas? (Salim ning Joko)

Joko : Yo wis jeng, Ibu nang ndi jeng

Ajeng : Ning Pawon mas

Joko langsung Ning Pawon Salim nang Pak Bandi lan Bu Bandi tibakno Pak Bandi nang meja makan
karo Bu Bandi

Joko : Buk Pak (Salim ning Pak Bandi & Bu Bandi)

Bu Bandi : wis mulih Jok ndang resik-resik o kono

Joko : iyo Bu, arek-arek engko Rene Buk

Bu Bandi : iyo babah jarno cek rene cek omahe tambah rame

• Pas Bengi

Fadly : Wis rodo suwe yo gak tau ngumpul ngene iki tambah sibuk ae rek opo maneh Joko kate munggah
pangkat

Riki : Lahyo arek e kate munggah pangkat rek arek e

Joko : opo ae seh, dungakno cek aku munggah pangkat, bayaranku gede cek iso ngerabi Farah
Fadly & Riki : Aamiin

• Ning Kerjoan Joko

Bos e Joko : Jok (Marani mejo ne Joko)

Joko : Yaa Pak

Bos e Joko : Iki garapen gae presentasi sesok ya

Joko : Looh Pak iki kan wes Kate jam pulang pak

Bos e Joko : Moleh? lapo moleh wong sesok Yo mbalek Rene neh

Joko : Loh tapi kan Pak -

Bos e Joko : Kerjakan, Sekali Tap Tap

Joko : Aduh rek (emch 😒)

Joko ndelok garapan sing dikei Bos e, Joko rodo mangkel tapi Joko gaisok opo - opo isok e yo mung
garap kerjoane sing dikei Bos e akhire Joko garap garapane sing dikei Bos e mau sampe lali gak mbuka
hp gae ngabari Farah, Farah bolak balik nelfon joko tapi gak diangkat mbek Joko mergo Joko garap
garapan ndang mari ndang moleh sampe bengi Farah tambah khawatir Mbek Joko telfon gak di angkat
chat gak di bales

Farah : (Nelfon Joko sing berujung pancet gak di angkat mbek Joko)

duh Nandi seh arek iki, tak nelfon ayu sopo ero ayu due nomor e Fadly

Farah telfon gak di angkat chat gak di bales, Farah takok Ning Ayu mumpung Ayu nginep Nang omah e
Farah.

Farah : Yu, due nomor e Fadly ta Riki Tah?

Ayu : Duwene Fadly Far

Farah : Yawes gapopo Yuk, njaluk tulung telfon o Fadly Yuk, takok o Joko Ning endi, ket mau gak
ngangkat telfon teko aku Yuk, Aku khawatir.

Ayu : iyo (Nelfon Fadly)

Ayu : Hallo dly

Fadly : Hallo yu, Lapo dungaren bengi - bengi telfon

Ayu : Igak, Iki Farah takok dly joko Ning ngendi Yo?

Fadly : Iku mau aku ketemu Riki Yuk aku yo goleki Joko tapi adak no Joko onok garapan yuk ning
kantor palingan yo Joko durung moleh teko kantor
Ayu : Oalah ngunu ta dly, yawes suwun dly, sepurane ganggu bengi - bengi dly

Fadly : Iyo ( Fadly mateni telfon e)

Ayu ngekei informasi Ning Farah nek Joko ning kantor, mari dikei Bos e garapan akeh

Ayu : Far, jare Fadly sik nang kantor Joko mari dikei garapan akeh karo Bos e

Farah : Oalah ngunu tah Yuk, Yowes suwun yo Yuk, Aku tak turu disek

Ayu : Iyo Far (sinambi nyawang Farah)

Farah turu keadaan gak tenang mergo mikirno Joko mbasian wes dikandani mbek Ayu tapi atine Farah
sek gak tenang. Sampe isuk Farah tangi langsung delok hp tibakno Joko ngechat Farah akeh (spam)

Joko : Yang

Yang

Sepurane yang aku wingi gak sempet ngabari

Yang

Ayu Mbuka Hp ne delok teko notif hp ne adakno Joko ngebales pesan e Ayu, Ayu nggondok Ning Joko
mergo mambengi Farah di tinggal mbek Joko. Farah ngebales pesan e Joko

Farah : Wis tangi Tah yang?

Joko : Sayangg sepurane yang wingi gak sempet ngabari gak sempet blass yang buka hp

Farah : Iyo Yang, Aku ngerti, Ndang adus yang, Ndang budal kerjo selak awan

Joko : Iyo yang...

Kedadean iku terus terus an Joko ngelalekno pacar e terus mergo Joko fokus Nang kerjoan sampe 3 bulan
cek Munggah pangkat, Farah bendino digae mencucu karo joko soal e Farah di lalekno terus sampe
hubungan e Joko mbek Farah renggang, Farah Wis males nakok - nakok i Joko, Wis males ketemu Joko.
pada akhir e Farah curhat Ning Ayu

Farah : Yuk, Joko sue-sue berubah Yuk ning aku, opo joko tak culno ae yo Yuk?

Ayu : Joko gak tau ngejak ketemu awmu blas ta far? gae ngomongno iki

Farah : Igak blas Yuk, aku lho jarang ketemu Joko Yuk

Ayu : Ojok jukuk keputusan cepet - cepet far, pikirno apik - apik, opo maneh awmu wes kenal mbek Bu
Bandi mbek Pak Bandi wes di restui Sampek mene nikah

Farah : Wis embuh Yuk aku ngelu


Farah seminggu iki ngechat Joko singkat sing di takokno mek iku iku tok jawaban e Joko Yo Sik podo
"Yo" "durung yang" mek iku tok terus terus an, akhir e Farah gak kuat mbek Joko, Farah mek pengen
waktu ne Joko tapi Joko mesti gak isok, podo akhir e Farah moro-moro ngechat Joko njaluk marikno
Hubungan e

Farah : Jok, awak dewe wis mari ae Yo?

suwun sing akeh Jok

Joko sik kerjo moro - Moro entok pesan ngunu Joko kaget Joko rasane kepingin Marani Farah tapi Joko
sik onok garapan sing kudu mari dino iki, akhir e Joko gak mbales chat teko Farah, Joko ngemarikno
garapan e disek baru Farah.

Joko : jiangkrek onok ae masalah Iki

Riki ndelok teko adohan ketok nek Joko koyo lagi onok masalah

Riki : Lapo Jok? wajah mu kok gaenak nek di delok, mencureng ae

Joko : aku wes mari mbek Farah Rik, wes emboh aku ngelu

Riki Mung godek godek tok mergo ngerti lapo Farah medotno Joko mergo Joko gatau ngabari Farah,
Akhir e Riki ngejak ketemu Fadly gae ngomong no Joko

Riki : Dly

mengko ng warkop babe yo

Fadly : Lapo?

Riki : Mbahas Joko dly

Fadly : Siap

• Warkop Babe

Fadly wes tutuk disek sak durunge Riki teko, Fadly ero Riki teko adohan Fadly nyeluk Riki

Fadly : Rik

Riki : Oii

Cepet e rek wes tutuk dilik i

Fadly : Lapo Joko Rik?

Riki : Joko pedot mbek Farah dly

Fadly : genah ae
Riki : Iyo kok, ero dewe kan pasti Farah medotno Joko gara - gatau Joko wes koyo lali ning Farah, awmu
Yo ngerasakno iku kan dly?

Fadly : Iyo, tak kiro dee lali ng awak dewe tok adakno ng gendaan e sisan, Yo yokopo Yo mbasian aku
dadi Farah Yo aku ngeculno Joko Rik

Riki : Ngesakno aku mbek Joko tapi Joko e Yo sing Salah, wes enak e ngene Iki piye gak mungkin lah
kene ngejarno konco sijine kene galau dewe, gak di kei solusi

Fadly : Mene nek dee gaonok garapan jak en ng kene ae, Warkop Babe gak adoh - adoh

Riki : Hadehh

• Joko ketok ane galau akhir e Joko melbu omah langsung melbu Kamar, Ajeng sing Nang Ruang Tamu
delok joko kok koyo nesu langsung takok Ning mas Joko

Ajeng : onok masalah tah mas? kok ketok ane pean nesu

Joko : pedot mbek Farah jeng, ojok ngomong ibuk loh yo

Ajeng : Loh temen Tah?

Joko langsung melbu kamar gak jawab pertanyaan teko Ajeng sing terakhir. Joko ngecek hp ne ngewoco
Chat e Farah, tapi gak di bales mbek Joko. Joko sek kaet mateni hp ne Fadly Nelfon Joko.

Fadly : Hallo Bro

Joko : Hallo

Opo dly

Fadly : Engko rinio Nang warkop Babe

Joko : Yo (Joko mateni telfon e karo Fadly)

Bengi wes tiba Fadly mbek Riki wes ng warkop babe dilik i sak durunge Joko teko, Teko adohan Riki
delok Joko akhir e Riki mbisik Nang Fadly

Riki : Arek e teko arek e

Fadly reflek delok arahan sing di delok mbek Riki, nyatane ncen bener onok Joko Fadly delok wajah e
Joko ncen ketok wajah wajah galau sing pengen di hibur, Joko mulai idek nang warkop babe di susul
mbek Fadly

Fadly : Wee jok

Joko sek tetep meneng mbek nyawang hp ne, Fadly langsung ngarahno Joko Ning lungguhan, Fadly
ngongkon Joko longgoh

Fadly : Lungguh sing enak


Nek wes ng kene kudu enjoy kudu happy, wis lalekno kabeh Farah? aduh buak

Riki : Gausah galau galau jok, Wis nikmati ae dalane Gusti Allah

Joko meneng tok karo delok hp ne Ket mau delok fotone Farah, adakno Joko di gae kaget mbek Farah,
Farah masang Foto karo Tunangan e

Joko : Lololoh Farah upload Foto karo Tunangan e rek

Riki : HAHH!??!

Riki delok hp ne Joko nge zoom fotone Farah karo Tunangan e

Riki : ELLOHH, Iki larang Iki mas mas an e pirang gram iki

Fadly : Blok kok malah mbahas mas mas an toh, Jok wis toh Jodoh iku wes onok sing ngatur nah sopo
ngerti jodohne Farah kui ncen arek iku

Riki : Heh, kok ngomong ngunu se cok

Fadly : Sek tohh, Mugo Mugo Joko Yo onok jodohne dewe sing luweh sakkabehane ketimbang Farah
Aamiin ora?

Riki : Aamiin

Joko : Aamiin

Podo akhir e Riki mbek Fadly krungu Lagu "LARA ATI - DENNY CAKNAN" Fadly mbek Riki
langsung ninggal no Joko mergo pengen menikmati lagu iku, seiring lagu iku di setel Joko melok nyanyi
titik titik lan mendalami lirik lagu iku

Riki : Jok awmu lak butuh waktu Dewe kan ya? aku tak mbek Fadly mengarep nek butuh opo opo
langsung maju ae ya, yo kon dewean ng kene gapopo ta?

Joko : Yoh wes maju o

LAGU LARA ATI - DENNY CAKNAN di stel ng warkop babe, Joko ketok sedih krungu lagu iku,
Marine Lagu iku di stel Joko langsung moleh, mergo di telfon mbek Ajeng di kongkon moleh, Joko gak
ngerti ae nek Ajeng keceplosan ngandani Bu Bandi nek Joko pedot Karo Farah

• Ning omah sak durunge Ajeng nelfon Joko ngongkon moleh

Pak Bandi : Buk nek mijet i iku sing genah di sayang ngunu Lo rek

Loh malah di getno, remek geger ku Iki ngko

Bu Bandi : emch babah cek remek

Ajeng metu kamar langsung ng mejo makan gae garap tugas

Bu bandi : Mas mu kok durung teko? gowo kunci Dewe tah


Ajeng : Anu mau metu mbek konco2 ne jarno buk cek gak kepikiran mari di tinggal mbek mbak Farah

Bu Bandi krungu iku langsung kaget langsung nyaut omongan e Ajeng

Bu Bandi : Di tinggal? di tinggal pindah?

Ajeng : Aduh igak buk maksut e iku di tinggal anu

Bu Bandi : awmu Ket mau ngomong ana anu sing genah ta jeng, onok opo mas mu mbek Farah

Ajeng : emmm putus

Bu Bandi : PUTUS??

Bu Bandi sing mau mijet i Pak Bandi, Pak Bandi langsung di buak

Pak Bandi : Aduh jamput protol awak ku engkok

Bu Bandi : Putus??? kok isok mas mu putus mbek Farah, wes saiki telfon en Mas mu kongkonen Moleh
saiki

Ajeng : Iyo Iyo buk, Aduh goblok e aku

Ajeng langsung nelfon Joko

Ajeng : Masss mulih o mas di kongkon ibuk moleh

Joko : lapo se jeng

Ajeng : mulih o disek mas

Joko : iyo Yo wadah

Joko langsung mangkat budal moleh Ning omah, marine Tutuk omah Ajeng Ning ngarep e Lawng
ngandani Joko

Ajeng : Mas sepurane mas aku keceplosan ngomong Nang ibuk

Joko : Aduh, mati aku

Joko melbu omah wajah wajah rodo Wedi bakalan di seneni Karo Bu Bandi

Joko : Assalamu'alaikum

Pak Bandi & Bu Bandi : Waalaikumsalam

Bu Bandi : JOK

kon iku isok mikir ta gak karep mu iku yokopo kok ISO putus Karo Farah mikir o jok Farah
iku kurang opo arek e Yo ayu atek Yo wes jelas bibit, bebet lan bobot, aku wes mbayangno due mantu
koyo arek ngunu, lah saiki mbok lepasno, mikir o jok Kon iku wes umur piro ha? terus kapan rabi mu,
deloken wong tuwo ngomong gatau di reken karep e Dewe tok ae, koen iku ncen e ngerepotno wong tuwo
gak tau nutut dadi anak

Joko : Buk tak ngasuh buk, aku pegel buk

Bu Bandi : pegel pegel tok ae nek di omongi, karep e dewe

Joko langsung melbu Ning kamar e nutup Lawang kamar e

Bu Bandi : Tambah di tutup Lawang e, aku Iki Kate ngomong

PAK

Pak Bandi : opo

Bu Bandi : Iku loh kandanono anak e sampean

Pak Bandi : Anak mu

Bu Bandi : Anak e sampean

Pak Bandi : Anak mu

Bu Bandi : Anak e wong loro

wes emboh tak turu ae

Marine Bu Bandi nyeneni Joko, Joko langsung ganti klambi lan langsung mengarep Marani Pak Bandi

Joko : Pak, Joko arep Takon

Pak Bandi : Takok opo

Joko : Bien bapak sak durunge mbek Ibuk due mantan gak se?

Pak Bandi : kon Iki yokopo rumangsamu aku bien gak payu ta? ehm ncen gak payu

Bapak bien tau gendaan peng Pindo le sing pertama pedot sg nomor loro iku Yo ibuk mu

Joko : Lah terus alasan e bapak nguberi ibuk opo?

Pak Bandi: Lah aku ancen tresno yokopo maneh, Bapak bien keras kepala le mangkane gendaan e bapak
gak tahan barang ketemu ibuk mu wis sabar, ngerungokno, ngerteni, mangkane langgeng Sampek saiki

Joko : Oalahhh adakno kene kudu ngerti sifat e kene Dewe yo pak Yo

Pak Bandi : iyo lek Kon gak ngerti sifat mu Dewe Nang wong lio ngerti o koen

Joko meneng mendalami kata2 Pak Bandi iku gak kesuen Joko Marani Ning omah e Farah bengi bengi,
Joko pengen ero penjelasan e Farah lapo Farah medotno Joko
Joko langsung Nang omah e Farah

Joko : Far Alasan mu medotno aku opo Far?

Farah : Awmu loh ngilang, telung ulan awak dewe jarang chat chat an jokk, opo meneh ngebel, opo
meneh ketemu, tak kiro awmu wis gak gelem Karo aku

Joko : Tapi aku temenan sayang Karo awmu Far

Farah : Kok ratau ngomong kok ora tau di tunjukno Karo tindakan nek perasaan mu onk ng Dodo yokopo
carane aku paham

Joko : Far rungokno awak dewe telung ulang wingi jarang chat chat an jarang kontek an soal e aku
nguber penggawean Far, Ben aku iso Munggah pangkat, Abah loh tau ngandani aku bayaran ku kudu
sesuai disek nek Kate ngerabi awmu, tak Uber Far Ben aku Munggah pangkat, pas kedadean aku
Munggah pangkat dadakno awmu wis Karo sing liyo

Farah : Jok nek awmu njelasno ngene Ket awal aku bakalan ngenteni, sepurane, saiki wis ora iso aku wis
onk arek

Joko mantuk mantuk sangking loro e jawaban e Farah, Akhir e Joko moleh, Joko galau Nang kamar e,

Joko : Wis Cukup far suwun sakkabeh e, Sepurane wes ngelarani

• Selesei...

NAMA ANGGOTA :

• ACHMAD ZAINURI GHURFON (01) • RAFFA DUDE ARDIANSYAH (24)

• ANDINI RAHMAWATI (03) • SABYLA JENNY CHARISMA (28)

• FARAH AGSA FEBRIANTI (09)

• FARDAN TEGUH MAHARDIKA (10)

• LILI WIJIYA ANANTA (16)

• MUHAMMAD NAUFAL AFKAR IDLAN (18)

You might also like